tugas analisis teori vladimirr propp

35
BAB I PURWAKA A. Pawadaning Prekawis Ngrembag babagan sastra ateges ngrembag kebiasaan-kebiasaan, adat, lan kondisi satunggaling masyarakat. Depdikbud (1998:1) sastra mujudaken pencerminan situasi, kondisi, lan adat-istiadat satunggaling masyarakat. Pangrembakaning sastra ing satunggaling masyarakat, minangka gambaran pangrembakaning basa lan budaya masyarakat kasebat. Sastra kanthi jangkep boten lepas saking prekawis kesusastraan daerah, khususipun sastra lisan. Sastra lisan punika kesusastraan ingkang nyakup ekspresi kesusastraan warga. Satunggaling kebudayaan ingkang dipunsebar luasaken kanthi turun-temurun utawi mulut ke mulut (Hutomo, 1990:1). Saben daerah padatanipun gadhah sastra lisan ingkang langkung dipunjagi. Sastra lisan punika salah satunggaling perangan budaya ingkang dipunlestantunaken dening masyarakat pendukung kanthi turun-temurun. Prekawis punika ateges, sastra lisan mujudaken perangan saking kabudayan masyarakat ingkang kedah dipunjagi lan dipunlestantunaken. 1

Upload: uprrismg

Post on 03-Feb-2023

0 views

Category:

Documents


0 download

TRANSCRIPT

BAB I

PURWAKA

A. Pawadaning Prekawis

Ngrembag babagan sastra ateges ngrembag

kebiasaan-kebiasaan, adat, lan kondisi satunggaling

masyarakat. Depdikbud (1998:1) sastra mujudaken

pencerminan situasi, kondisi, lan adat-istiadat

satunggaling masyarakat. Pangrembakaning sastra ing

satunggaling masyarakat, minangka gambaran

pangrembakaning basa lan budaya masyarakat kasebat.

Sastra kanthi jangkep boten lepas saking prekawis

kesusastraan daerah, khususipun sastra lisan.

Sastra lisan punika kesusastraan ingkang nyakup

ekspresi kesusastraan warga. Satunggaling kebudayaan

ingkang dipunsebar luasaken kanthi turun-temurun

utawi mulut ke mulut (Hutomo, 1990:1). Saben daerah

padatanipun gadhah sastra lisan ingkang langkung

dipunjagi. Sastra lisan punika salah satunggaling

perangan budaya ingkang dipunlestantunaken dening

masyarakat pendukung kanthi turun-temurun. Prekawis

punika ateges, sastra lisan mujudaken perangan

saking kabudayan masyarakat ingkang kedah dipunjagi

lan dipunlestantunaken.

1

Sastra lisan daerah gadhah nilai-nilai luhur

ingkang prelu dipunrembakakaken lan dipun-ginakaken

salebeting hubungan usaha pembinaan sarta penciptaan

sastra. Pelestarian sastra lisan punika dirasa

wigati sanget, amargi sastra lisan namung kasimpen

salebeting emutan tiyang sepuh utawi sesepuh ingkang

saben dinten sansaya suda. Sastra daerah gadhah

fungsi minangka penunjang pangrembakaning basa

daerah, lan minangka pengungkap alam fikiran sarta

sikap lan nilai-nilai kebudayaan masyarakat

pendukungipun. Sastra lisan ugi mujudaken budaya

ingkang dadosaken basa minangka media, lan erat

gegayutanipun kaliyan kemajengan basa masyarakat

pendukung kasebat, saengga prelu kawontenaken

penyelamatan supados boten ical, lan generasi ke

generasi saged tepang sarta nikmati maneka werna

budaya daerah kasebut.

Salebeting studi sastra wonten sajumlah

pendekatan adhedhasar teori struktural ingkang saged

dipunterapaken dening penelaah sastra. Pendekatan

karya sastra punika piyambak mujudaken cara ingkang

dipuntindakaken kangge “nyaketi” utawi “mandang”

karya sastra. Pangrembakaning pendekatan sastra ing

Barat ingkang ugi wiwit semarak ing Indonesia

2

sasampunipin taun 1980-an, sansaya maringi

kemungkinan sanes ingkang langkung beragam saking

pendekatan struktural.

Teori struktural ingkang badhe dipunrembag

salebeting makalah punika teori saking vladimir

propp ingkang mujudaken strukturalis wiwitan ingkang

ngrembag kanthi cetha struktur naratif. Objek

penelitian Propp punika cerita rakyat, lan ingkang

wigati dipunselidiki salebeting dongeng boten tokoh,

ananging fungsi tokoh salebeting cariyos. Cerita

rakyat ingkang dipuntliti punika minangka gejala

sosial sebab musabab langsung ingkang gegayutan

kaliyan norma-norma lan adat istiadat masyarakat ing

wekdal tertamtu. ( Luxemburg, 1986: 23). Cerita

Rakyat “ Ki Ageng Jaka Tarub” tasih diprecaya

kaleresanipun ing bebrayan masyarakat bebrayan Dusun

Tarub, Kecamatan Tawangharjo, Kabupaten Grobogan.

Saking andharan punika panaliti nyobi naliti kangge

ndungkap srtuktur fungsi cariyos kasebat. Pramila

makalah punika kasebat Struktur Naratif Cerita

Rakyat Ki Ageng Joko Tarub Kanthi Kajian Teori

Vladimir Propp.

B. Momotaning Prekawis

3

Adhedhasar Pawadaning prekawis kasebat, saged

dipunpundhut momotaning prekawis “Kadospundi

Struktur Naratif Cerita Rakyat Ki Ageng Joko Tarub

kanthi Kajian Teori Vladimir Propp?”

C. Ancas Panaliten

Adhedhasar Momotaning Prekawis kasebut, ancas

panaliten makalah inggih punika :“Kangge mangertosi

analisis cerita rakyat Ki Ageng Joko Tarub kanthi

teori struktural Vladimir Propp.

D. Metodhe Panaliten

Kangge pikantuk asil ingkang sae, kita

ngginakaken metodhe wawancara salebeting panaliten,

saengga kabentuk Makalah “Struktur Naratif Cerita

Rakyat Ki Ageng Joko Tarub Kanthi Kajian Teori

Vladimir Propp”

4

5

BAB II

LANDHESAN TEORI

A. Selintas Teori Vladimir Propp

Propp asma jangkepipun Vladimir Jakovlevic

Propp, lair 17 April 1895 ing St. Petersburg,

Jerman. Propp punika panaliti sastra ing masa 1920-

an kathah ingkang tetapangan kaliyan tokoh-tokoh

Formalis Rusia. Senajan kathah tetepangan kaliyan

kaum formalis, Propp punika boten panaliti formalis

(bdk. Eagleton, 1988:115; Jefferson, 1988:54).

Kapratelakaken bilih wekdal Formalisme Rusia ngalami

krisis (njelang taun 1930), Proff justru nuwuhaken

semacam poetika enggal salebeting hal pengkajian lan

penelitian sastra. Samukawis punika saged

kabuktekaken lumantar buku Morphology of the

Folktale (1975).

Saged kapratelakaken bilih buku punika arupi

asil dekonstruksi Propp tumrap teori-teori ingkang

ngrembaka saderenge. Propp (1975:3--18) gadhah

pamanggih bilih para peneliti saderenge kathah

ingkang nindakaken kalepatan lan asring damel

simpulan ingkang tumpang tindih. Sanes punika,

sekedhik kathah teori Propp ugi dekonstruksi teori

6

formalis. menawi Formalisme nekanaken prihatisanipun

tumrap penyimpangan (deviation) lumantar unsur naratif

fabula lan suzjet salebeting karya-karya individual

kangge nggayuh nilai kesastraan (literariness)

sastra, Propp langkung nitikberataken perhatian

dening motif naratif ingkang wigati, punika

tindakan utawi perbuatan (action), ingkang salajengipun

kasebat fungsi (function).

Propp nyadari bilih satunggaling cariyos

dhasaripun gadhah kontruksik. Konstruksi punika

kaperang dados motif-motif ingkang kapantha

salebeting tigang unsur, inggih punika pelaku,

perbuatan, lan penderita ( Junus, 1983:63). Propp

ugi ningali bilih tigang unsur punika saged dipantha

dados 2 perangan, inggih punika unsur ingkang ajeg

lan unsur ingkang ewah. Unsur ingkang ajeg punika

perbuatan, menawi unsur ingkang ewah punika pelaku

lan penderita. Propp, ingkang wigati punika unsur

ingkang ajeg. Minangka tuladha, ingkang wigati

salebeting konstruksi "raksasa nyulik prawan" punika

perbuatan utawi tindakan, punika "nyulik", amargi

tindakan punika saged mbentuk satunggal fungsi

tertamtu salebeting cariyos. Umpama tindakan punika

dipun-gantos kaliyan tindakan sanesipun, fungsinipun

7

ewah. Boten kados mekaten menawi dipun-gantos punika

unsur pelaku utawa penderita. Penggantian unsur

pelaku lan penderita boten mrebawani fungsi

perbuatan salebeting satunggaling konstruksi

tertamtu. Katingal saking tuladha kasebut, cetha

bilih teori Propp diilhami dening strukturalisme

salebeting ilmu basa (linguistik) semanten ugi

dipunkrembakakaken dening Saussure (bdk. Selden,

1991:59).

Adhedhasar penelitianipun tumrap satunggalatus

dongeng Rusia, ingkang dipunsebat fairytale, Propp

(1975:21--24) pikantuk dudutan (1) anasir ingkang

mantap lan boten ewah salebeting dongeng boten

motif utawi pelaku, sanesipun fungsi, lepas saking

sinten pelaku ingkang nduduki fungsi punika, (2)

jumlah fungsi salebeting dongeng winates, (3) urutan

fungsi salebeting dongeng sami, lan (4) saking segi

struktur sedaya dongeng namung anyulihi satunggal

tipe (Teeuw, 1984:291; Scholes, 1977:63). Gegayutan

kaliyan dudutan (2), Propp mratelakaken bilih

langkung kathah satunggal dongeng kadiri saking 31

fungsi. Nanging, Propp ugi mratelakaken bilih saben

dongeng boten terus ngandut sedaya fungsi punika

amargi kathah dongeng ingkang kanyatan namung

8

ngandut pinten-pinten fungsi. Fungsi-fungsi punika,

pinten jumlahipun, ingkann mbentuk cengkorongan

pokok cariyos.

Tigang dasa setunggal fungsi ingkang dipunmaksud

dening Propp punika kadosta ing ngandhap punika.

Kangge nggampilaken damel skema, Propp maringi tanda

utawi lambang khusus tumrap saben fungsi.

B. Daftar Lambang Fungsi Teori Vladimir Propp

Lambang Defini

si Situasi

awal ketiada

an

laranga

n pelanggar

an pengintai

an Penyampaian informasi

penipua

n musliha

t

9

A kejahat

anA kekuranga

nB Perantara peristiwa

penghubungC Permulaan tindak balas

↑ Keberangkatan atau

kepergianD Fungsi pertama donor

E Reaksi pahlawan

F Penerimaan alat sakti

G Perpindahan di antara dua

ruangH pertarung

anJ penandaa

nI kemenanga

nK Kekurangan terpenuhi

↓ Kepulanga

nPr Pengejar

anRs Penyelamat

anO Kepulangan tidak

dikenaliL Tuntutan palsu

M Tugas

sulitN Penyelesaian tugas

Q Pengakua

10

Ex Pengungkapan

T Penjelamaa

nU hukuman

W pernikah

anX akhir

Fungsi-fungsi lan lambang-lambang ingkang

dipuncantumaken punika namung winates tumrap

ingkang pokok kemawon.

Miturut Propp (1975:79--80), jumlah tigang dasa

setunggal punika saged dipundistribusikaken

salebeting lingkaran utawi lingkungan tindakan

(speres of action) tertamtu. Wonten pitu lingkungan

tindakan ingkang saged dpunlebeti dening fungsi-

fungsi ingkang ginabung kanthi logis, punika (1)

villain 'lingkungan aksi penjahat', (2) donor,

provider 'lingkungan aksi donor, pembekal', (3)

helper 'lingkungan aksi pembantu', (4) the princess

and her father 'lingkungan aksi seorang putri lan

ramanipun', (5) dispatcher 'lingkungan aksi

perantara (pemberangkat)', (6) hero 'lingkungan aksi

pahlawan', lan (7) false hero 'lingkungan aksi

pahlawan palsu' (Hawkes, 1978:91; Scholes, 1977:104;

11

Schleifer, 1987:96). Lumantar pitu lingkungan

tindakan (aksi) punika frekuensi muncul pelaku

saged dideteksi lan cara kadospundi watak pelaku

dipuntepangaken saged dipunmangertosi.

Makaten selintas babagan teori (naratologi)

struktural (is) versi Vladimir Propp. Kendati

salebating pangrembakaning salajengipun Propp kathah

dikecam dening peneliti sanes, antawisipun dening

Guipen saking Belanda (Teeuw, 1984:293), sebagian

saking konsep teorinipun ajeg dados pegangan

salebeting nemtokaken cara analisis sastra ingkang

enggal. Kedah kanyatan para ahli kados Bremond,

Greimas, Levi-Strauss, Souriau, Todorov, lan Roland

Barthes, kathah ngginakaken konsep ingkang sampun

diasilake dening Propp. Ananging, salebeting

pangrembakaning pungkasan, Propp boten konsekuen

tumrap prinsip piyambak. Propp wiwitan nolak

kawontenaken pendekatan historik, ananging

salajengipun balik ing orientasi historik. Prekawis

punika saged dipunbuktekaken lumantar buku Theory

and History of Folklore (1984) ingkang arupa

kumpulan karangan menjelang akhir hayat (1970).

12

13

BAB III

ANALISIS FUNGSI STRUKTUR NARATIF

CERITA KI AGENG JOKO TARUB KANTHI TEORI VLADIMIR PROPP

NARA SUMBER

Nama : KRT Hastono Adipuro SM

TTL : Grobogan, 25 Maret 1966

Pekerjaan : Juru Kunci Makam Ki Ageng Tarub

Alamat : Dsn. Tarub RT. 03/ RW. III, Kec.

Tawangharjo, Kab. Grobogan

No. Hp : 081390770569

Kondisi : Keluarga sederhana

PENELITIAN

Hari/ Tanggal : Minggu, 19 Januari 2014

Jam : 15.10- 17.00

Alamat : Dsn. Tarub RT. 03/ RW. III, Kec.

Tawangharjo, Kab. Grobogan

A. Ringkasan Cariyos Ki Ageng Joko Tarub

Kirang langkung taun 1300 M wonten utusan

( Mubaligh ) saking Arab inggih punika Syeh Jumadil

Kubro. Panjenenganipun gadhah putri asmane Thobiroh.

Thobiroh gadhah putra Syeh Maulana Maghribi. Ing

14

wekdal punika panjenenganipun pikantuk wejangan kangge

ngrembakakaken Syiar agama Islam ing Tanah Jawa. Syeh

Maulana Maghribi wiwit mlebetaken syariat Islam ing

tengahing bebrayan Jawa salebeting khalwat kangge

nyaketaken dhiri dhumateng Gusti ALLAH kanthi cara

tapa saenggga kados mekaten budaya bebrayan Jawa

ingkang tasih gadhah agama budha kanthi maksud kangge

narik kawigaten bebrayan jawa kangge mlebet agama

Islam. Ananging cara tapa ingkang dipuntindakaken

dening Syeh Maulana Maghribi sanes kaliyan cara

ingkang dipuntindakaken kaliyan bebrayan Jawa, Syeh

Maulana Maghribi salebeting tapa kanthi cara minggah

ing dhuwur wit kanthi nggelantung badanipun kados

kalong. Cara masyarakat kasebat tapa Ngalong (Kalong)

salajengipun salebeting tapa Syeh Maulana Maghribi

kepanggih kaliyan putri Bupati Tuban I ingkang

asmanipun Dewi Retno Roso Wulan, adik pawestri saking

R. Sahid (Sunan Kalijaga). Ingkang sapunika Dewi Retno

Roso Wulan dipunutus dening Ramanipun Adipati

Wilatikta kangge nindakaken tapa Ngidang telangkas

kanthi cara mlebet alas sadangu 7 taun boten angsal

kondur lan boten angsal dhahar kajaba dhahar godhong-

godhongan ing wana. Wejangan tapa punika

dipuntindakaken dening Dewi Retno Roso Wulan supados

15

pangajab kangge kepanggih kaliyan raka Raden Sahid

saged kasembadan. Ananging salebeting proses pamadosan

R. Sahid lumaku, panjenanganipun Dewi Retno Roso Wulan

kepanggih kaliyan Syeh Maulana Maghribi ing sakidule

sendang, pepanggihan punika kedadosan wekdal tasih

nindakaken tapa, lan saking pepanggihan punika kekalih

kajalin raos tresna lan cocog, ing pungkasan dados

garwanipun.

Dewi banjur mijil/ nglairake Ki Ageng Tarub

Kidang Telangkas. Asline jenenge Kidang Telangkas,

merga iku jupuk saka lakone Ibune, rikala semana tapa

kidang telangkas mulane dipunwastani Kidang telangkas.

Rikala semana Dewi Roso Wulan nuntut ora pengin

nglairake lewat gua garba . dadi nglairake lewat

ampingan sisih tengen.

Bibar lair sawise Eyang Dewi Roso wulan balik ing

kadipaten Tuban. tutuk Tuban ditakoni Bapake, Bupati

Tuban Raden Tumenggung Wilatikta.,” Ngger Roso Wulan,

iki putramu Bapake sapa jenenge? Merga ora bisa jawab

Dewi Roso wulan bali maneh ing Alas mau, sendang

kidang. Kepanggih kaliyan Syeh Maulana Maghribi. Mbah

tarub cilik Kidang Telangkas dipasrahake dening Syeh

Maulana Maghribi kon ngemong, sarehning Maulana

Maghribi kuwi ulama sing nyebarake agama islam, ora

16

saguh ngemong banjur nitipake ning omahe Mbok Randha

Tarub. Ning bayi mau ora langsung diwenehke mbok

randha , ananging diwenehke ngarep omahe. Sawise

krungu bayine cenger ngunu, mbok randha ora duwe anak.

Bocah mau dipupu diemong nganti gedhe. Kamangka

jenenge Joko Tarub. Akhir Dewasa Seneng beburu, buru

kewan, buru kidang, buru manuk. Usahane beburu manuk

dibacutake kanthi krungu swara manuk saka arah kidul,

banjur dicedaki maneh alon-alon banjur diiberke maneh

anak tulup nuju arah manuk kasebut, ananging boten

ngenani malih lan kanyatan anak tulup justru ngenani

gagang wit jati wonten pundi manuk perkutut punika

menclok lan ngetoakake swara. Lan panggenan kang

ditilari manuk perkutut kalawahu dipunwastani “KARANG

GETAS“. Usahane beburu manuk gagal terus saengga Ki

Ageng Joko Tarub ngrasa sedhih, amargi sedhih mula Ki

Ageng Tarub maringi asma “DUKUH SEDAH“. Lan panggenan

manuk perkutut menclok ing wit asem kalawahu lan

panggenan ingkang dipuntilar diparingi “DUKUH

KARANGASEM“. Sinambi ngejar manuk perkutut sing miber

terus nuju arah kidul Ki Ageng Joko Tarub sinambi

ngrenungi manuk kasebut, mratelakaken yen manuk kuwi

wajar apa manuk sing arupa godaan? Lan panggenan Ki

Ageng Joko Tarub ngrenungaken manuk kasebut mila

17

diarani “DUKUH GODAN”. Sabibare ngrenung banjur Ki

Ageng Joko Tarub balik gegas kanggo ngejar manuk

beburune wau kang nuju arah kidul, lan panggenan arah

manuk miber nuju arah kidul Joko Tarub maringi asma

“DUKUH JENTIR”.

Salah sawijining dina wektu rikala beburu Ki

Ageng Tarub beburu nganti tutug sendang widodari,

saiki kalebu dukuh Sreman desa Pojok Kecamatan

Tawangharjo Kabupaten Grobogan. Tanah Sendang Telaga

Bidadari kasebut duweke Keraton Surakarta Hainingrat

utawi kasebut Tanah Perdikan, lan ngantos punika

lokasi Sendang Bidadari dening masyarakat tasih

dikeramatake kususipun ing malem 10 Muharam. Sendang

widodari kuwi papan panggonane Ki Ageng Tarub lan Dewi

Nawang Wulan ketemu. Rikala tutug sapinggiring

sendang, Ki Ageng krungu widodari adus reresik ing

sendang widodari. Ning sendang widodari banjur Ki

Ageng uga duwe Sifat manungsa banjur selendang Eyang

Nawang Wulan diumpetna ing lumbung ing tumpukan paling

ngisor. Rikala semana Dewi Nawang Wulan ngadakake

sayembara . sapa kang bisa nemokake selendangku, yen

lanang tak pek bojo yen wadon tak anggep sedulur

siroro wetan. Kamangka selendange diumpetke mbah tarub

wau. Banjur sarehning ora nana sawijining pawongan

18

sing bisa nemokake banjur dewi ora bisa mabur lan

boten saged balik ing kayangan merga selendange ilang.

Banjur diajak bali ing desa tarub banjur dadi garwane

ki Ageng Joko Tarub.

Rikala sawijining dina, rikala Dewi arep umbah-

umbah, ing kali. Mbah Tarub wis di wekas “kakang aja

nganti mbukak dandang/ kekep” sarehning asipat

manungsa. Tetep rasane “Kenapa kekepe ora kena

dibuka?” Ana perkara apa sajroning kekep kok ora ntuk

dibuka?” Karo nggendhong putrine Dewi Nawangsih karo

bukak kekep, banjur kaget. Kekep mau isine namung pari

sauli. Sasuwene iki Dewi Nawang Wulan masak ngliwet

sega kuwi namung nganggo pari sauli. Sawise dibuka

ditutup maneh. Dewi Nawang Wulan bali bukak kekep mau.

Loh kaget kok parine wutuh tetep Pari sauli, banjur

takon mring garwane. “Kakang apa kekep iki mau mbok

bukak?” Ki Ageng Tarub “ Ora!. Yen pancen boten

panjenengan bukak, kenging punapa parine tetep wujud

pari sauli?”. Mangka Ki Ageng Tarup lagi blakasuta yen

kekep mau pancen dibuka. Nah wiwit dina kuwi Dewi

Nawang Wulan kon gawekke lesung kanggo nutu, dadi

pari sing ning lumbung mau dijupuki banjur ditutu

amarga ilmu sektine wis ilang. Saben dina nutu, parine

ntek banjur ketemu selendange Dewi Nawang Wulan, iki

19

dadi geger. Gegere mangkene “Berarti panjenengan iku

ingkang ngumpetake selendangku kuwi?” Dewi Nawang

Wulan duka-duka mring garwane. Rikala semana Dewi

Nawangsih isih bayi. Dewi Nawang Wulan pamit ing

kayangan malih. Ki Ageng tarub banjur takon. Yen kowe

bali ana kayangan “piye putramu? Dewi nawangsih isih

bayi. Yen ponang jabang bayi Nawangsih menawi luwe

wetenge utawa ngelak, tulung gawa ning jaba gawekake

anjang-anjang mengko aku teko. Saben ponang jabang

bayi luwe dideleh ning anjang. Mula ning desa Tarub

ora kena gawe anjang-anjang, merga sapa wonge sing

gawe anjang-anjang bakal kena angin gedhe kang ora

bisa disirep. Merga anjang-anjang mau pancen mung

kanggo Ki Ageng Tarub, Dewi Nawang Wulan, lan Dewi

Nawang Sih kangge nusoni. Ora kena wong desa Tarub

gawe anjang-anjang nganti seprene.

Dewi Nawang Wulan punika mutusaken kangge minggah

kayangan malih lajeng ngagem rasukan. Anaging

sasampunipun dugi kayangan Dewi Nawang Wulan boten

dipuntampi malih dados widodari amargi sampun

kecampuran kaliyan manungsa. Nawang Wulan menika

lingsem lan boten purun jelma malih dados manungsa,

amargi rekaos gesangipun pramila Nawang Wulan nglalu

20

wonten segara kidul wonten segara kidul lan dados Ratu

ing Samudra kidul Jawi.

B. Unit- unit Carita Rakyat Ki Ageng Joko Tarub

Unit-unit salebeting Episode I :

1. Syeh Maulana Maghribi lan Dewi Roso Wulan jalin

kasih

2. Syeh Maulana Maghribi lan Dewi Roso Wulan gadhah

putra

3. Putra kekalih di buang, dipupu Mbok Randha

4. Putra asma Ki Ageng Joko Tarub

5. Ki Ageng Tarub Diwasa lan gadhah kasenengan beburu

ning alas

6. Ki Ageng Joko Tarub mlebet ing wana larangan

7. Ki Ageng Joko Tarub ningali widodari

8. Ki Ageng Joko Tarub ngintip widodari sing lagi

reresik sarira/ siram

Unit-unit salebeting Episode II :

1. Ki Ageng Joko Tarub jupuk salah siji selendang

duweke 7 widodari

2. Widodari ingkang kicalan selendang punika asmane

Dewi Nawangwulan

3. Dewi Nawangwulan kepanggih kaliyan Joko Tarub

21

4. Dewi Nawangwulan diajak kondur ing daleme Ki Ageng

Joko Tarub

Unit-unit salebeting Episode III

1. Dewi Nawangwulan gadhah raos tresna mring Ki Ageng

Joko Tarub

2. Ki Ageng Joko Tarub lan Dewi Nawangwulan krama

dados garwanipun

3. Kekalih gadhah putra naminipun Nawangsih.

4. Ki Ageng Joko Tarub nglanggar janji kanthi buka

kekep, tanpa ijin garwane.

5. Rikala semana punika garwane ( Dewi Nawangwulan) Ki

Ageng Joko Tarub kicalan kesaktian.

6. Dewi Nawangwulan masak sega kados wanita umume,

ningali persediaan wos winates.

7. Dewi Nawangwulan mbuka lumbung wos (wedet) lan ing

salebeting pikantuk selendang sing diduweni.

8. Dewi Nawangwulan duka lan kepanggih kaliyan Ki

Ageng Joko Tarub. Panjenenganipun tindak ing

Kahyangan lan janji menawi mandhap ing bumi,

kangge maringi perawatan tumrap putranipun kanthi

gawe anjang-anjang.

9. Dewi Nawang Wulan tidak diterima di kahyangan dan

menjadi Ratu ing Samudra Kidul Jawi

22

C. Fungsi Pelaku, Skema, lan Pola Cerita

a. Situasi Awal (lambang: µ )

Situasi awal salebeting cariyos Ki Ageng Joko

Tarub dipungambaraken wonten utusan ( Mubaligh )

saking Arab inggih punika Syeh Jumadil Kubro.

Panjenenganipun gadhah putri asmane Thobiroh.

Thobiroh gadhah putra Syeh Maulana Maghribi. Ing

wekdal punika panjenenganipun pikantuk wejangan

kangge ngrembakakaken Syiar agama Islam ing Tanah

Jawa. Syeh Maulana Maghribi wiwit mlebetaken syariat

Islam ing tengahing bebrayan Jawa salebeting khalwat

kangge nyaketaken dhiri dhumateng Gusti ALLAH kanthi

cara tapa saenggga kados mekaten budaya bebrayan

Jawa ingkang tasih gadhah agama budha kanthi maksud

kangge narik kawigaten bebrayan jawa kangge mlebet

agama Islam. Ananging cara tapa ingkang

dipuntindakaken dening Syeh Maulana Maghribi sanes

kaliyan cara ingkang dipuntindakaken kaliyan

bebrayan Jawa, Syeh Maulana Maghribi salebeting tapa

kanthi cara minggah ing dhuwur wit kanthi

nggelantung badanipun kados kalong. Cara masyarakat

kasebat tapa Ngalong (Kalong) salajengipun

salebeting tapa Syeh Maulana Maghribi kepanggih

kaliyan putri Bupati Tuban I ingkang asmanipun Dewi

23

Retno Roso Wulan, adik pawestri saking R. Sahid

(Sunan Kalijaga). Ingkang sapunika Dewi Retno Roso

Wulan dipunutus dening Ramanipun Adipati Wilatikta

kangge nindakaken tapa Ngidang telangkas kanthi cara

mlebet alas sadangu 7 taun boten angsal kondur lan

boten angsal dhahar kajaba dhahar godhong-godhongan

ing wana. Wejangan tapa punika dipuntindakaken

dening Dewi Retno Roso Wulan supados pangajab kangge

kepanggih kaliyan raka Raden Sahid saged kasembadan.

Ananging salebeting proses pamadosan R. Sahid

lumaku, panjenanganipun Dewi Retno Roso Wulan

kepanggih kaliyan Syeh Maulana Maghribi ing sakidule

sendang, pepanggihan punika kedadosan wekdal tasih

nindakaken tapa, lan saking pepanggihan punika

kekalih kajalin raos tresna lan cocog, ing pungkasan

dados garwanipun. Perkawis punika ingkang dados

penyulut awal pergerakan cariyos.

b. Ketiadaan ( lambang :

Syeh Maulana Maghribi lan Dewi Roso Wulan

gadhah putra. Putra kekalih dibuwang, dipupu Mbok

Randha. Putra asma wiwit Kidang Telangkas dipun-

gantos Ki Ageng Joko Tarub. Wonten ngriki kadadosan

ketiadaan tumrap lairipun Ki Ageng Joko Tarub. Rama

Ibu boten saguh ngemong piyambak. Miturut teorinipun

24

Proff, punika saking pambuangan putra minangka dados

kedadeyan ingkang arupi ketiadaan putranipun

piyambak.

c. Larangan (Lambang:

Ki Ageng Tarub Diwasa lan gadhah kasenengan

beburu ning alas. Ki Ageng Joko Tarub mlebet ing

wana larangan wejangan saking Mbok Randha ( Ibu) .

Ki Ageng Joko Tarub ningali widodari lan ngintik

widodari sing lagi reresik sarira/ siram ing

Sendhang Widodari,. Miturut teorinipun Vladimir

Proff, kedadeyan punika kawontenaken larangan mlebet

ing wana saking wejangan Ibune, ananging Ki Ageng

Jaka Tarub tetep nekad mlebet wana.

d. Perantara peristiwa penghubung ( Lambang : B)

Ki Ageng Joko Tarub jupuk salah siji selendang

duweke 7 widodari. Widodari ingkang kicalan

selendang punika asmane Dewi Nawangwulan. Dewi

Nawangwulan kepanggih kaliyan Joko Tarub. Dewi

Nawangwulan diajak kondur ing daleme Ki Ageng Joko

Tarub Rikala semana Dewi Nawang Wulan ngadakake

sayembara . sapa kang bisa nemokake selendangku, yen

lanang tak pek bojo yen wadon tak anggep sedulur

siroro wetan. Kamangka selendange diumpetke mbah

tarub wau. Banjur sarehning ora nana sawijining

25

pawongan sing bisa nemokake banjur dewi Nawang Wulan

ora bisa mabur lan boten saged balik ing kayangan

merga selendange ilang. Banjur diajak bali Ki Ageng

Joko Tarub. Saking punika miturut teori Vladimir

proff kalebet perantara prastawa, amargi wonten

ngiku. Antawis Ki Ageng Joko Tarub lan Dewi Nawang

Wulan saged kondur sesarengan, awit saking icaling

selendang Nawangwulan boten saged bali wonten

kayahngan malih.

e. Pernikahan ( lambang : W)

Sampun sadangunipun bebarengan, Dewi Nawang

Wulan lan Ki Ageng Joko Tarub nuwuhake raos tresna,

mila kekalih mutusaken kangge krama. Saking

toerinipun Vladimir Proff punika kawontenaken

pernikahan antawis tokoh cariyos.

f. Larangan (Lambang:

Rikala sawijining dina, rikala Dewi arep umbah-

umbah, ing kali. Mbah Tarub wis di wekas “kakang aja

nganti mbukak dandang/ kekep”. Wonten ngriki iturut

teori Vladimir Proff kawontenaken larangan supados

boten bikak kekep.

g. Pelanggaran ( Lambang :

Sarehning Ki Ageng Joko Tarub asipat manungsa.

Tetep rasane “Kenapa kekepe ora kena dibuka?” Ana

26

perkara apa sajroning kekep kok ora ntuk dibuka?”

Karo nggendhong putrine Dewi Nawangsih karo bukak

kekep, banjur kaget. Kekep mau isine namung pari

sauli. Sasuwene iki Dewi Nawang Wulan masak ngliwet

sega kuwi namung nganggo pari sauli. Sawise dibuka

ditutup maneh. Dewi Nawang Wulan bali bukak kekep

mau. Loh kaget kok parine wutuh tetep Pari sauli,

banjur takon mring garwane. “Kakang apa kekep iki

mau mbok bukak?” Ki Ageng Tarub “ Ora!. Yen pancen

boten panjenengan bukak, kenging punapa parine tetep

wujud pari sauli?”. Mangka Ki Ageng Tarub lagi

blakasuta yen kekep mau pancen dibuka. Nah wiwit

dina kuwi Dewi Nawang Wulan kon gawekke lesung

kanggo nutu, dadi pari sing ning lumbung mau

dijupuki banjur ditutu amarga ilmu sektine wis

ilang. Miturut teori Vladimir Propp punika minangka

pelanggaran ingkang sampun dados wejangan Dewi

Nawang Wulan supaya ora bukak Kekep ananging Ki

Ageng Joko Tarub meksa buka.

h. Kekurangan, kebutuhan ( lambang : a)

Rikala semana punika garwane ( Dewi

Nawangwulan) Ki Ageng Joko Tarub kicalan kesaktian.

Dewi Nawangwulan masak sega kados wanita umume,

27

ningali persediaan wos winates. Saking andharan

teori Vladimir proff punika kawontenaken kekirangan

tumrap kesaktianipun Dewi Nawang Wulan.

i. Penyingkapan (tabir) kepalsuan ( Lambang : Ex)

Saben dina nutu, parine ntek banjur ketemu

selendange Dewi Nawang Wulan, iki dadi geger. Gegere

mangkene “Berarti panjenengan iku ingkang ngumpetake

selendangku kuwi?” Dewi Nawang Wulan duka-duka mring

garwane. Saking punika miturut teori Vladimir prop

kawontenaken penyingkapan tabir kepalsuan, kanthi

tinilik saking kepanggih malih kaliyan selendang

kalawahu.

j. Tuntutan yang tidak mendasar ( Lambang : L)

Dewi Nawang Wulan duka-duka mring garwane.

Rikala semana Dewi Nawangsih isih bayi. Dewi Nawang

Wulan pamit ing kayangan malih. Ki Ageng tarub

banjur takon. Yen kowe bali ana kayangan “piye

putramu? Dewi nawangsih isih bayi. Yen ponang jabang

bayi Nawangsih menawi luwe wetenge utawa ngelak,

tulung gawa ning jaba gawekake anjang-anjang mengko

aku teko. Saben ponang jabang bayi luwe dideleh ning

anjang. Mula ning desa Tarub ora kena gawe anjang-

anjang, merga sapa wonge sing gawe anjang-anjang

bakal kena angin gedhe kang ora bisa disirep. Merga

28

anjang-anjang mau pancen mung kanggo Ki Ageng Tarub,

Dewi Nawang Wulan, lan Dewi Nawang Sih kangge

nusoni. Ora kena wong desa Tarub gawe anjang-anjang

nganti seprene. Saking punika kawontenaken tuntukan

ingkang mendasar, inggih punika tuntutan kangge

damel anjang-anjang kangge putra Nawangsih.

k. Kepulangan ( Lambang : ↓ )

Dewi Nawang Wulan punika mutusaken kangge

minggah kayangan malih lajeng ngagem rasukan.

Anaging sasampunipun dugi kayangan Dewi Nawang Wulan

boten dipuntampi malih dados widodari amargi sampun

kecampuran kaliyan manungsa. Nawang Wulan menika

lingsem lan boten purun jelma malih dados manungsa,

amargi rekaos gesangipun pramila Nawang Wulan nglalu

wonten segara kidul wonten segara kidul lan dados

Ratu ing Samudra kidul Jawi. Saking analisis punika

Dewi Nawang Wulan minggah wonten kayangan, dados

aslinipun malih.

Mekaten, pungkasan sampun cariyos Ki Ageng Joko

Tarub kanthi sad ending. Situasi pungkasan dening

Propp dipunparingi lambang (X).

Menawi cariyos babagan Ki Ageng Jaka Tarub

karantam kanthi bentuk skema, kerangka cariyos

kanthi mbentuk strukturipun kados mekaten :

29

( µ ) :W x L↓: (X)

D. Distribusi Fungsi di Kalangan Pelaku

Miturut Propp (1975:79--80), 31fungsi ingkang

dados kerangka pokok cariyos utawi dongeng rakyat itu

saged dipundistribusikakenn salebeting 7 lingkaran

tindakan (speres of action). Dados, saben lingkaran

(lingkungan) tindakan saged nyakup satunggal utawi

pinten-pinten fungsi. Wonten 4 lingkaran tindakan

salebeyos Ki Ageng Joko Tarub inggih punika :

a. lingkungan aksi pembantu.

b. lingkungan aksi seorang putri ( Dewi Nawang Wulan)

c. lingkungan aksi perantara.

d. lingkungan aksi pahlawan.

E. Cara-Cara Pengenalan Pelaku

Adhedhasar pengamatan tumrap cariyos Ki Ageng

Joko Tarub pikantuk pinten-pinten model utawi cara

pengenalan pelaku kadosta ing ngandhap punika. Pelaku

ingkang dipunmaksud inggih punika pembantu, perantara,

pahlawan, lan sang putri. Salebeting cariyos Ki Ageng

Joko Tarub, sedaya pelaku pembantu lan perantara

dipuntepangaken satunggal salebeting perjalanan

cariyos (salebeting arti ingkang fungsional salebeting

30

struktur). Salebeting cariyos punika pembantu

ditonjolaken boten minangka kebetulan. Wiwitan Syeh

Maulana Maghribi lan Dewi Roso Wulan jalin kasih.

Syeh Maulana Maghribi lan Dewi Roso Wulan gadhah

putra. Putra kekalih di buang, dipupu Mbok Randha.

Putra asma Ki Ageng Joko Tarub. Ki Ageng Tarub Diwasa

lan gadhah kasenengan beburu ning alas. Ki Ageng Joko

Tarub mlebet ing wana larangan, ningali widodari. Ki

Ageng Joko Tarub ngintip widodari sing lagi reresik

sarira/ siram lan jupuk salah siji selendang duweke 7

widodari. Widodari ingkang kicalan selendang punika

asmane Dewi Nawangwulan. Dewi Nawangwulan kepanggih

kaliyan Joko Tarub. Dewi Nawangwulan diajak kondur ing

daleme Ki Ageng Joko Tarub. Dewi Nawangwulan gadhah

raos tresna mring Ki Ageng Joko Tarub. Ki Ageng Joko

Tarub lan Dewi Nawangwulan krama dados garwanipun.

Kekalih gadhah putra naminipun Nawangsih. Ananging ing

perjalanan Ki Ageng Joko Tarub nglanggar janji

kanthi buka kekep, tanpa ijin garwane. Rikala semana

punika garwane ( Dewi Nawangwulan) Ki Ageng Joko Tarub

kicalan kesaktian. Dewi Nawangwulan masak sega kados

wanita umume, ningali persediaan wos winates. Dewi

Nawangwulan mbuka lumbung wos (wedet) lan ing

salebeting pikantuk selendang.

31

Mekaten ngrembag cara pengenalan pelaku lan

pinten-pinten unsur penghubung peristiwa salebeting

cariyos “Ki Ageng Joko Tarub”

32

BAB IV

PANUTUP

A. Dudutan

Saking sedaya pirembagan wonten inggil,

pungkasan saged dipunpundhut dudutan bilih

dipuntinjau saking sisi fungsi pelaku adhedhasar

struktur naratif teori Vladimir propp, cariyos

“Ki Ageng Joko Tarub” dpunbentuk dening

cengkorongan cariyos ingkang kasusun saking

sedasa fungsi. Jumlah sedasa fungsi punika

kabentuk saking satunggal pola kekarepan

(kekurangan, kabetahan), pola larangan lan

pelanggaran. Mila cariyos punika dipunpungkasi

kanthi sad ending utawi sedhih, namung ing

salebeting pola larangan lan pelanggaran bilih

cariyos punika ngandhut tema moral. artosipun,

sinten kemawon kedah njagi amanat saking sinten

kemawon supados saged diprecaya tiyang sanes.

Dipunpirsani saking distribusi fungsi ing

kalangan pelaku, saged kapratelakaken bilih tokoh

ingkang nduduki tokoh utama inggih punika Ki

Ageng Joko Tarub lan Dewi Nawang Wulan. Sanes

punika, sedaya pelaku salebeting cariyos

33

dipuntepangaken kanthi wajar lan logis,

salebeting makna boten wonten unsur kebetulan/

ndilalah.

B. Saran

Pungkasaning atur kedah dipunparingi catatan

bilih analisis cariyos “Ki Ageng Joko Tarub”

adhedhasar teori struktural ala Propp punika

nembe mujudaken satunggaling uji-coba teori Barat

tumrap cariyos rakyat Indonesia (Jawa) ingkang

asilipun mesthi tasih tebih saking sampurna.

Mila, uji-coba kados mekaten punika prelu

diputindakaken terus-tinerus saengga menawi

mungkinaken badhe saged dipuntemokaken ciri

khusus utawi keunikan piyambak salebeting

cariyos-cariyos rakyat Nusantara (Indonesia).

34

DAFTAR PUSTAKA

Luxemburg, Jan Van,dkk. 1986. Pengantar Ilmu Sastra.

Jakarta : Gramedia.

Teeuw, A. 1984. Sastra dan Ilmu Sastra. Jakarta: PT Dunia

Pustaka Jaya.

Sudikan, Yuwana Setya. 1993. Metode Penelitian Sastra Lisan.

Surabaya: Citra Wacana

35