unit kegiatan belajar mandiri (ukbm) teks deskriptif

9
UNIT KEGIATAN BELAJAR MANDIRI (UKBM) TEKS DESKRIPTIF PANGANAN TRADHISIONAL JAWA 3.4 Memahami isi teks deskriptif tentang makanan tradisional Jawa. 4.4 Menanggapi dan menceritakan kembali isi teks deskriptif tentang makanan tradisional Jawa. Lumantar kagiyatan, maos, rembugan, pitakonan, penugasan, presentasi, saha analisis, para siswa bisa mangerteni wosing teks deskriptif bab panganan tradhisional Jawa saha bisa menehi pamanggih saha nyaritakake maneh wosing teks deskriptif panganan tradhisional Jawa. Saengga para siswa bisa ngamalaken piwulang agama kang den anut, ngrambakakake tumindak jujur, peduli, saha tanggel jawab, sarta bisa ngrembakakaken kaprigelan menggalih kanthi kritis, komunikasi, kolaborasi, kreativitas (4C). 1. Identitas a. Jeneng Pasinaon : Bahasa Jawa b. Semester : Genap c. Materi Pokok : Teks Deskriptif Makanan Tradisional d. Wektu : 6 x 45 menit (3x pertemuan) e. Kompetensi Dasar : f. Ancasing Pasinaon: g. Materi Pembelajaran Semak lan gatekna Buku Teks Pelajaran (BTP) : Widaryatmo, Gandung dkk. 2013. Prigel Basa Jawa Jilid 1. Jakarta: Erlangga. Kaca 121-128. (Utawi BTP sanesipun ingkang magepokan kaliyan wosing pasinaon) 1. Para siswa nggatekna kanthi premati bab kang arep den sinaoni. 2. Wacanen lan mangertenana bab Pambuka (Apersepsi) kangge mbiyantu supaya saged nggarap apa kang arep den sinaoni. 3. Goleka buku-buku teks kang gayut karo apa kang arep den sinaoni. 4. Para siswa bisa golek kawruh lumantar internet supaya pikantuk kawruh tambahan. 5. Rembugen apa kang kok sinaoni, karo kanca utawi gurumu. Pitudhuh UKBM

Upload: others

Post on 27-Oct-2021

17 views

Category:

Documents


0 download

TRANSCRIPT

Page 1: UNIT KEGIATAN BELAJAR MANDIRI (UKBM) TEKS DESKRIPTIF

UNIT KEGIATAN BELAJAR MANDIRI (UKBM)

TEKS DESKRIPTIF PANGANAN TRADHISIONAL JAWA

3.4 Memahami isi teks deskriptif tentang makanan tradisional Jawa.

4.4 Menanggapi dan menceritakan kembali isi teks deskriptif tentang makanan

tradisional Jawa.

Lumantar kagiyatan, maos, rembugan, pitakonan, penugasan, presentasi, saha

analisis, para siswa bisa mangerteni wosing teks deskriptif bab panganan

tradhisional Jawa saha bisa menehi pamanggih saha nyaritakake maneh wosing

teks deskriptif panganan tradhisional Jawa. Saengga para siswa bisa ngamalaken

piwulang agama kang den anut, ngrambakakake tumindak jujur, peduli, saha

tanggel jawab, sarta bisa ngrembakakaken kaprigelan menggalih kanthi kritis,

komunikasi, kolaborasi, kreativitas (4C).

1. Identitas a. Jeneng Pasinaon : Bahasa Jawa

b. Semester : Genap

c. Materi Pokok : Teks Deskriptif Makanan Tradisional

d. Wektu : 6 x 45 menit (3x pertemuan)

e. Kompetensi Dasar :

f. Ancasing Pasinaon:

g. Materi Pembelajaran

Semak lan gatekna Buku Teks Pelajaran (BTP) : Widaryatmo, Gandung dkk. 2013.

Prigel Basa Jawa Jilid 1. Jakarta: Erlangga. Kaca 121-128. (Utawi BTP sanesipun

ingkang magepokan kaliyan wosing pasinaon)

1. Para siswa nggatekna kanthi premati bab kang arep

den sinaoni.

2. Wacanen lan mangertenana bab Pambuka

(Apersepsi) kangge mbiyantu supaya saged nggarap

apa kang arep den sinaoni.

3. Goleka buku-buku teks kang gayut karo apa kang

arep den sinaoni.

4. Para siswa bisa golek kawruh lumantar internet

supaya pikantuk kawruh tambahan.

5. Rembugen apa kang kok sinaoni, karo kanca utawi

gurumu.

Pitudhuh UKBM

Page 2: UNIT KEGIATAN BELAJAR MANDIRI (UKBM) TEKS DESKRIPTIF

Menawi sampun kalampahan anggenipun nyinaoni bab teks deskriptif panganan

tradhisional Jawa, para siswa saged nyuwn tes formatif utawi ulangan dhateng

bapak ibu guru kangge syarat saged nglajengaken UKBM salajengipun.

Semangaattttt!!!

6. Andharna kasil rembuganmu supaya bisa aweh

manpangat kanggo kanca liyane.

h. Kagiyatan Pasinaon

a) Pambuka

Saderenge sinau ing bab iki, sumangga gatekna gambar ing ngisor iki

kanthi premati!

Saben tlatah ing Indonesia mliginipun tlatah Jawa, mesthi

nduweni panganan tradhisional kang khas. Saben tlatah nduweni

panganan tradhisioal khas luwih kang siji, maneka warna jinise.

Ing dhaerahmu, tamtu uga nduweni panganan tradhisional

kang khas. Ana sing gawene saka beras, ketan, diwungkus godhong

gedhang, janur, lan liya-liyane. Wujud lan cara nggawene uga beda-

beda. Panganan tradhisional tartamtu uga nduweni filosofi utawa

sejarah kang becik. Kira-kira ing dhaerahmu, jenenge apa wae? Apa

wujud lan cara nggawene padha wae? Filosofine kepiye saka panganan

tradhisional kuwi?

Page 3: UNIT KEGIATAN BELAJAR MANDIRI (UKBM) TEKS DESKRIPTIF

TUMPENG

Tumpeng iku mujudake panganan kang digawe saka sega kanthi wangun

buncu, amarga saka kuwi banjur diarani sega tumpeng. Tumpeng biasane

disuguhake wektu kenduri utawa kanggo mengeti kedadeyan sing wigati. Tradhisi

gawe tumpeng satemene wis ana ing tradhisi kuna masyarakat Jawa minangka

sarana kanggo muja gunung kang dipercaya dadi papan paleremane para leluhur.

Dene ing kepercayan Hindhu wangun buncu utawa lancip ngentha wujude gunung

suci Mahameru, papane para dewa-dewi.

Jroning tradhisi masyarakat Jawa jaman saiki, tumpeng digawe kanggo

ubarampe upacara kang sipate seneng utawa suka uga sedhih. Ing acara ritual,

tumpeng direngga karo sayuran lan iwak kang nduweni teges sing sakral lan

nduweni pralambang sarta pangarep-arep. Tembung tumpeng mengku werdi yen

metu kudu sing mempeng. Lawuhe ana pitung werna kang ngemu teges pitulungan.

Surasane kuwi mau yaiku nyenyuwun marang Gusti kang Maha Agung supaya

tansah entuk pitulungan, cedhak ing kamulyan lan adoh saka sakehing bebaya. Dene

kuwi mau bisa digayuh kanthi mbudidaya tekad sing mempeng.

a) Peta Konsep

2. Kagiyatan Inti

Kagiyatan Pasinaon 1

Gatekna wacana ing ngisor iki!

Teks Deskripsi

Panganan Tradhisional

Jawa

Langkah-langkah

nulis teks deskripsi

panganan tradisional

Jawa

Karakteristik Teks

deskripsi makanan

tradisional Jawa

Ciri-ciri lan Strutur

Teks Makanan

Tradisional Jawa

Page 4: UNIT KEGIATAN BELAJAR MANDIRI (UKBM) TEKS DESKRIPTIF

Menawa disetitekake, satemene tumpeng iku kepara dadi telung trap. Ngisor

dhewe, tengah lan pucukan utawa ndhuwur dhewe. Kabeh ngandhut piwulang.

Perangan paling ngisor dhewe kang dipasangi gudhangan lan jajanan iku dadi

gegambaraning donyane manungsa. Trap kaloro utawa tengah iku dadi sarana

meneping rasa manungsa kanggo nuju marang kasampurnan. Dene pucuk dhewe dadi

symbol pangajabe manungsa mring Gusti kanggo nggayuh bagyan sejati, yaiku kang

diarani ilmu sangkan paraning dumadi ana ing pucuking tumpeng kuwi. Mula ing

pucukan ditancepi Lombok abang ngacung jejeg, iku kanggo pepeling supaya

manungsa kudu tansah eling marang Gusti kang Maha Tunggal.

Jaman biyen tumpeng wernane putih, nanging supaya katon endah tumpeng

banjur diwernani. Saiki tumpeng ana maneka warna jinise miturut wujud lan gunane.

Tumpeng Robyong yaiku tumpeng kang dipapanake ing wakul kanthi maneka

sayuran. Ing perangan pucuke tumpeng direngga endhog, trasi, brambang, lan

Lombok. Tumpeng iki biasane digunakake ing tatacara siraman nikahan adat Jawa.

Tumpeng Mitoni yaiku tumpeng kang wujude gedhe ing tengah lan diubengi tumpeng

cilik cacah enem. Biasane dipapanake ing tampah kang dilambari godhong gedhang.

Tumpeng iki digawe saka sega putih lan digunakake ing tatacara mitoni utawa

tingkeban. Tumpeng Pungkur yaiku tumpeng kang digawe saka sega putih jangkep

sayur salawuhe. Tumpeng iki digunakake ing tatacara lelayu priya utawa wanita kang

isih legan. Tumpeng putih yaiku tumpeng kang wernane putih digawe saka sega putih.

Putih werdine suci. Tumpeng iki digunakake nalika tatacara adat sacral. Tumpeng

Sega Kuning yaiku tumpeng kang wernane kuning digunakake ing tatacara syukuran,

kayata kelairan, nikahan, lsp. Tumpeng Sega Uduk kang diarani uga tumpeng

tasyakuran digunakake kanggo pengetan Maulid Nabi.

Adate, sesepuh kang mangarsani tatacara lumrahe ngudhar dhisik makna kang

kinandhut jroning suguhan tumpeng. Kanthi cara kang mangkono iku wong kang

melu ing tatacara adat mau bakal mangerteni makna tumpeng lan antuk wedharan

kang arupa piwulang urip sarta pepeling.

1. Wacanen teks deskripsi makanan tradisional Jawa kasebut!

2. Apa tema teks deskripsi makanan tradisional Jawa kasebut!

3. Coba critakna nganggo basamu dewe filosofi kang ana ing teks deskripsi makanan

tradisional Jawa kasebut!

4. Piwulang apa sing bisa dijupuk saka tumpeng kasebut?

5. Tulisna struktur teks dekriptif saka wacan ing dhuwur!

Pitakonan

Page 5: UNIT KEGIATAN BELAJAR MANDIRI (UKBM) TEKS DESKRIPTIF

Yen kowe wis bisa nggarap soal ing dhuwur kanthi pener, sumangga saged nglajengaken

dhateng kagiyatan ing ngisor iki.

Kegiatan Belajar 2

Mayuh padha nggatekake gambar-gambar ing ngisor iki!

A

B

C

D

E

F

G

H

I

1. Gatekna gambar ing dhuwur!

2. Sebutna jeneng lan asal dhaerah panganan tradhisional kasebut!

3. Kelompokna panganan tradhisional kasebut miturut bahan gawene, cara

nggawene, lan jinis wungkuse!

4. Sebutna panganan tradhisional kang ana ing dhaerahmu!

5. Kepiye filosofine panganan tradhisional kang wis kok sebutake?

6. Miturut pamanggihmu, kepiye relevansine utawa gegayutane filosofi

panganan tradhisional kuwi karo kahanan saiki?

Pitakonan

Yen kowe wis bisa nggarap soal ing dhuwur kanthi pener,

sumangga saged nglajengaken dhateng kagiyatan kang pungkasan

ing ngisor iki.

Page 6: UNIT KEGIATAN BELAJAR MANDIRI (UKBM) TEKS DESKRIPTIF

Pilihen wangsulan a, b, c, d utawa e minangka wangsulan sing paling bener, kanthi

menehi tandha ping ana ing lembar wangsulan!

1. Jenenge panganan ing Jawa Tengah yaiku ....

a. Bolang-baling

b. Kue maha

c. Cethot

d. Jakue

e. Dodol

2. Kang dudu panganan tradisional saka Jawa Tengah yaiku...

a. Jadah

b. Wajik

c. Kerak telur

d. Iwel-iwel

e. Oyol-oyol

3. Wujude bunder lan ana irisane gedhang ing tengahe. Rasane legi, kenyal. Panganan iki

digawe saka tela pohung kang diparut lan diwenehi gula sithik lan vanili. Pangnanan iki

jenenge yaku...

a. Mata kebo

b. Kaca mata

c. Mata sapi

d. Unthuk cacing

e. Gethuk

4. Gatekna gambar iki!

Kagiyatan Pasinaon 3

1. Gawea teks deskripsi panganan tradhisional sing ana ing

dhaerahmu miturut struktur teks deskriptif kang wis kok

mangerteni!

2. Ijolna gaweanmu marang kancamu, banjur koreksinen!

3. Wacanen garapanmu ing ngarep kelas!

4. Wangsulana pitakonan ing evaluasi!

Pitakonan

EVALUASI

Page 7: UNIT KEGIATAN BELAJAR MANDIRI (UKBM) TEKS DESKRIPTIF

Panganan iki digawe saka campuran glepung kanji lan tela sing diparut banjur didang.

Ujude bunder, cilik, dicawisake karo parutan klapa lan gula pasir. Lumprahe jajanan iki

wernane abang, ijo, lan kuning. Panganan iki jenenge...

a. Cenil

b. Lopis

c. Grotol

d. Gendar

e. Tiwul

5. Ukara deskripsi kanggo nggambarake panganan tiwul yaiku....

a. Panganan iki warnane soklat, brongkalan lan kagawe saka pohung garing.

b. Panganan iki warnane soklat, alus, lan digawe saka pohung lan digiling.

c. Panganan iki warnane ijo, bunder, ing tengahe ana gulane lan digawe saka glepung

ketan.

d. Panganan iki warnane ijo, bunder, ing tengahe ana gulane lan digawe sakaglepung

ketan.

e. Panganan iki warnane abang, bunde, ing tengahe ana irisan gedhange lan digawe saka

pohung.

6. Bocah-bocah lagi padha memangan ondhe-ondhe ing latar disambi padha nyenyawang

kahanan ing wayah isuk iku. Ing ukara kasebut kang minangka tembung rangkep

dwilingga, yaiku...

a. Bocah-bocah

b. Memangan

c. Ondhe-ondhe

d. Kahanan

e. Nyenyawang

7. Ing ukara no.6 kang minangka tembung rangkep dwilingga semu, yaiku...

a. Bocah-bocah

b. Memangan

c. Ondhe-ondhe

d. Kahanan

e. Wayah esuk

8. Bocah wadon kae tetelune padha lagi rerasan babagan jajanan awuk-awuk kang enak

rasane.

Ing ukara kasebut kang minangka tembung rangkep dwipurwa, yaiku...

a. Bocah-bocah

b. Jajanan

c. Awuk-awuk

d. Babagan

e. Rerasan

9. Panganan iki didadekake bahan kang digawa nalika penganten temon amarga nduweni

teges yaiku pengante sarimbit bisa tetep lengket kaya sifate panganan kasebut. Panganan

iku yaiku...

a. Arem-arem

Page 8: UNIT KEGIATAN BELAJAR MANDIRI (UKBM) TEKS DESKRIPTIF

Panutup

b. Jadah

c. Klepon

d. Cethot

e. Nagasari

10. Panganan kang dadi keremani raja Yogyakarta Sri Sultan Hamengkubuwono VII, yaiku...

a. Jadah manten

b. Lemper

c. Wajik klethik

d. Wajik coklat

e. Jadah tempe bacem

Sawise kowe sinau lumantar kagiyatan pasinaon 1, 2, 3, kanggo ngukur kowe marang bab

kang wis disinaoni, wangsulana pitakonan ing ngisor iki miturut pamawasmu kang wis gayut

karo UKBM kang wis kok garap.

Tabel Refleksi Diri Pemahaman Materi

No Pitakonan Nggih Boten

1. Apa kowe wis mangerteni struktur teks deskriptif

panganan tradhisional Jawa?

2. Apa kowe bisa nyebutake jeneng panganan

tradhisional Jawa lan asal tlatahe?

3. Apa kowe wis mangerteni filosofi panganan

tradhisional Jawa?

4. Apa kowe wis bisa menehi pamanggih saka wosing

teks deskriptif panganan tradhisional Jawa?

5. Apa kowe wis bisa nyaritakake maneh wosing teks

deskriptif panganan tradhisional Jawa?

Yen mangsuli “BOTEN” ing salah sawijining pitakonan ing ndhuwur, sumangga

disinaoni maneh pasinaon kasebut ing Buku Teks Pelajaran (BTP) lan disinaoni maneh

UKBM iki kanthi dibimbing dening gurumu utawa kancamu. Yen wis mangsuli “YA” ing

sakabehing pitakonan, sumangga kowe antuk ngajak kanca liyane kang wis siyap kanggo

melu tes formatif nyuwun marang gurumu supaya bisa nerusake menyang UKBM sateruse.

Jika menjawab “TIDAK” pada salah satu pertanyaan di atas, maka pelajarilah kembali

materi tersebut dalam Buku Teks Pelajaran (BTP) dan pelajari ulang UKBM ini dengan

bimbingan Guru atau teman sejawat. Jangan putus asa untuk mengulang lagi! Dan apabila

kalian menjawab “YA” pada semua pertanyaan, maka kalian boleh sendiri atau mengajak

teman lain yang sudah siap untuk mengikuti tes formatif agar kalian dapat belajar ke

UKBM berikutnya... Semangattttt.!!?

Page 9: UNIT KEGIATAN BELAJAR MANDIRI (UKBM) TEKS DESKRIPTIF

Kowe Mesthi Bisa.!