wajib koq di langgar - web viewkelas 9 smp/mts. semester 1. panyerat. drs. sujarno. guru bahasa jawa...

58
LKS GLADHI BASA JAWI KELAS 9 SMP/MTS SEMESTER 1 Panyerat Drs. Sujarno Guru Bahasa Jawa SMP 2 Patuk Kabupaten Gunungkidul HANYA UNTUK KALANGAN SENDIRI DILARANG KERAS MEMPERBANYAK/FOTOCOPY TANPA SEIJIN PENULIS LKS Gladhi Basa Jawi IX/1 Page 1

Upload: vukiet

Post on 31-Jan-2018

960 views

Category:

Documents


44 download

TRANSCRIPT

Page 1: Wajib Koq di Langgar - Web viewKELAS 9 SMP/MTS. SEMESTER 1. Panyerat. Drs. Sujarno. Guru Bahasa Jawa SMP 2 Patuk. Kabupaten Gunungkidul. ... WULANGAN 1. CERPEN KEGIATAN SEKOLAH. Nyemak

LKS GLADHI BASA JAWI

KELAS 9 SMP/MTSSEMESTER 1

PanyeratDrs. Sujarno

Guru Bahasa Jawa SMP 2 PatukKabupaten Gunungkidul

HANYA UNTUK KALANGAN SENDIRIDILARANG KERAS MEMPERBANYAK/FOTOCOPY TANPA SEIJIN PENULIS

KABUPATEN GUNUNGKIDULTAHUN 2011

LKS Gladhi Basa Jawi IX/1 Page 1

Page 2: Wajib Koq di Langgar - Web viewKELAS 9 SMP/MTS. SEMESTER 1. Panyerat. Drs. Sujarno. Guru Bahasa Jawa SMP 2 Patuk. Kabupaten Gunungkidul. ... WULANGAN 1. CERPEN KEGIATAN SEKOLAH. Nyemak

WULANGAN 1CERPEN KEGIATAN SEKOLAH

Nyemak

A. Indikator :

1. Menceritakan kembali isi cerkak kegiatan di sekolah dalam bahasa Jawa ngoko atau krama lugu

2. Menjawab pertanyaan seputar isi cerkak dengan santun bahasa Jawa krama lugu3. Mengartikan kata-kata penting dalam teks cerkak dengan tepat

B. Materi1. Contoh naskah cerkak kegiatan sekolah

OH …..SERTIFIKATKU

Dening : Pak Jarno

Kaya adat saben ngarepake subuh aku wis ngengrengake ceret kanggo gawe wedang

apadene gawe sarapan sarupa-rupane kanggo ganjel weteng. Pancen sajeg jumbleg wiwit aku

omah-omah karo Indri sisihanku sing dak nikah wis 17 taun seprene ora tau jenenge ngganggu

bojoku sing isih njintel turu karo ngeloni anakku ragil. Ora mung iku wae malah kepara aku ora

tau ngrepotake bab urusan umbah-umbah sandhangan apadene nyetlika, kabeh daktandangi

dhewe. “Yen bisa dilakoni dhewe kena apa ndadak prentah wong liya” iku prinsipku.

“Kula kepengin maringi conto dhateng ingkang wayah Nita menapa dene Citra Bu!” Kandhaku

mantep.

“Rak wonten pitutur luhur ta Bu: ‘Tuladha iku luwih aji tinimbang sewu pitutur’, nah Nita

kaliyan Citra menika rak sampun ngancik remaja ingkang mbetahaken sosok panutan ingkang

saged dipunconto boten namung prentah utawi pitutur kemawon. Kula boten kepengin ‘Lambe

satumang kari samerang” jlentrehku sajak ngguroni ibuku.

“Nah samenika rak sampun wonten buktinipun, Nita kaliyan Citra menika saben bibar

nedha mesthi ngesahi ajangipun, ugi purun ngumbahi sandhanganipun piyambak boten sisah kula

prentah”.

Mangkono iku wangsulanku nalika sawijining dina aku disendhu ibuku, geneya apa-apa

kok klethekan dhewe, kaya ora duwe bojo wae. Nanging panyendhune ibu mau ora tau

daktanduki, sebab aku kuwatir yen daktanduki mengko mundhak salin bubukan.

LKS Gladhi Basa Jawi IX/1 Page 2

Kompetensi Dasar :1.1 Menanggapi cerpen kegiatan di sekolah

Page 3: Wajib Koq di Langgar - Web viewKELAS 9 SMP/MTS. SEMESTER 1. Panyerat. Drs. Sujarno. Guru Bahasa Jawa SMP 2 Patuk. Kabupaten Gunungkidul. ... WULANGAN 1. CERPEN KEGIATAN SEKOLAH. Nyemak

Rampung sarapan agahan aku nyawisake ubarampe kantor. Montorku siji thil Legenda

tahun 2001 dak tuntun metu, daklapi lan dakpanasi. Nalika aku ngelapi montor iki aku mbatin

“Oalah sing jenengane guru, bisa duwe montor wae kok ndadak kredhit BPD limang taun, njur

kapan bisa ngiseni omah tanpa kudu kredhit kaya tanggaku sing katone ora nyambut gawe ning

kok paribasane “dikeruk ngetuk, disusruk mumbul” ngono, aku nyilih istilahe Bu Niya kancaku

guru. Limang menit aku manasi montor, age-age aku nyangklong tas lan tleser-tleser ninggalake

omah tumuju sekolahan ing laladan Gunungkidul sing adohe udakara 30-an kilometer. Iku wis

ajeg dak lakoni 20 tahun seprene. Jam pitu kurang limalas menit aku wis tekan sekolahan. Lagi

tekan ngarep ruang guru kancaku Demange Nglipar , Pak Wardaya takon:

“Duwe kerdhus pira Pak?”

“Ya ana yen mung 40, ning dilangi nole alias 4” Jawabku sakenane.

“ Wooo ditakoni tenanan!” Karo mecucu.

“Lha wong ora tau diklat kok ditakoni kerdus”. Wangsulanku

Pancen kanggone Pak Wardaya istilah “kerdhus” iku kanggo nyebut “sertifikat pelatihan”. Malah

istilah “kerdhus”iki wis akrab banget kanggone kanca guru ing sekolahanku.

“Ana apa to Pak kok njanur gunung nakokke sertifikat pelatihan?”, miterangku.

“Awake dhewe oleh panggilan portofolio taun iki!” jawabe Pak Wardaya manteb.

“ Trus kancane sapa wae!”, pitakonku.

“Wong enem: aku, kono, Pak Prap, Pak Tono, Pak Purwo, Pak Agus!”, jawabe. “Ngadhepa Pak

Kepala, nyuwun surat undhangan pembekalan neng Dinas Kabupaten!”

prentahe kaya bos. Sawise tas dak selehake aku age-age ngadhep Pak Kepala Sekolah.

“Selamat nggih Pak, panjenengan angsal giliran taun niki!” ngono ngendikane Pak Kepala

Sekolah karo ngulungake tangan tengen.

“Matur nuwun Pak!” jawabku.

“Rak pun angsal kabar saking Pak Wardaya ta Pak?”, panyuwun pirsane Pak kepala. “Sampun

Pak, nanging kula malah bingung Pak, menapa ingkang badhe kula lebetaken wonten ing

dokumen portofolio?” jawabku.

“Lha nggih sing njenengan gadhahi, napa sertifikat pelatihan, piagam kejuaraan lare-lare, rak

kathah to Pak?” ngendikane Pak Kepala Sekolah.

“Walah Pak, menawi gadhah kathah boten bingung!”

“Lho Pak Tegar rak sampun 20 taun mucal, ta Pak, mosok boten kagungan sertifikat

pelatihan?” Miterange Pak Kepala sajak ora percaya karo keteranganku.

LKS Gladhi Basa Jawi IX/1 Page 3

Page 4: Wajib Koq di Langgar - Web viewKELAS 9 SMP/MTS. SEMESTER 1. Panyerat. Drs. Sujarno. Guru Bahasa Jawa SMP 2 Patuk. Kabupaten Gunungkidul. ... WULANGAN 1. CERPEN KEGIATAN SEKOLAH. Nyemak

“Nggih menika Pak, kula nggih gumun, saben wonten diklat mesthi nggih namung kagem

Bapak ibu guru ingkang ngampu mata pelajaran ebtanas kemawon, kok boten nate

ngawontenaken pelatihan kangge para guru basa Jawi , ingkang dipun

Ubleg-ubleg kok namung guru-guru ingkang mata pelajaranipun kangge Ebtanas!” wangsulanku

sajak protes karo pemerintah.Sawise nampa undhangan pembekalan aku banjur nemoni Pak

Wardaya ana ruang guru.

“Duwe kerdhus pira Pak?” Pitakonku

“Ya, ana yen mung 25!” jawabe sajak pamer .

“Lha kok akeh temen, sajake ora tau diklat !” Panambungku sajak ora percaya.

“Lha ora akeh piye, lha wong layat wae takgolekake sertifikat kok!” Jawabe sakepenake karo

gleyah-gleyah ninggalake ruang guru tumuju kelas 7A.

“ Oooo, semprul, bola-bali demange Nglipar, Arya Bahak, Dirjo Tambur nek omongan mung

waton ngeyel!” Grundelku karo nututi Pak Wardaya saperlu mulang ing kelas 9B.

Jam katelu aku kosong ora mulang, mula kalodhangan iku dakpigunakake kanggo bongkar-

bongkar file ing lemari TU. Nanging Sertifikat Pelatihan taun 1994 lan 1995 ora daktemokake.

“Banjur neng ngendi lehku deleh ya” Grenengku.

“Pak Yanto, file PAK taun 96 napa tesih onten nggih Pak?” Pitakonku marang Pak Yanto staf TU

“Wah, nek taun semonten niku paling pun dirombengke!” wangsulane Pak Yanto

“Dirombengke?” pitakonku sajak ora percaya

“Nggih cobi jenengan podosi teng lemari gudhang nika!” pamrayogane Pak Yanto.

Aku banjur tumuju gudang lan ngorak-arik file PAK sing wis kumel kucem dening bledug malah

akeh saperangan file-file PAK mau wis kepangan rayap.

“Nah……..candhak!” Pambengokku karo jogedan kaya Petruk suwe ora ketemu karo Gareng.

Atiku rasane mak ces kaya nemu banyu wayu sewindu.

“Lumayan, iki sertifikat pelatihan taun 1994 pola 100 jam, bijine lumayan akeh!” Jawabku nalika

ditakoni Pak Yanto geneya aku kok jogedan.

“Banjur sing taun 1995 pola 150 jam neng ngendi ya? Apa neng ngomah?”Pitakone batinku karo

aku ngeling-eling anggonku simpen sertifat mau.

“Mbok menawa dadi siji karo SK Pembagian Tugas ing rak buku ngomah!” batinku karo

ngeyem-yemi atiku.

LKS Gladhi Basa Jawi IX/1 Page 4

Page 5: Wajib Koq di Langgar - Web viewKELAS 9 SMP/MTS. SEMESTER 1. Panyerat. Drs. Sujarno. Guru Bahasa Jawa SMP 2 Patuk. Kabupaten Gunungkidul. ... WULANGAN 1. CERPEN KEGIATAN SEKOLAH. Nyemak

Budhal Sekolah motor age-age dakblandhange sakayange kareben cepet tekan ngomah. Bubar

sholat Duhur lan mangan age-age rak buku dakudhal-udhal kanggo nggoleki Sertifikat Pelatihan.

Dakklumpukkake mung ana 7, wiwit taun 2000-nan. Sing tahun 1995 meksa durung ketemu.

“Bu, ngerti sertifat pelatihan ora bu?” Pitakonku marang Indri bojoku.

“Boten ngerti Pak, Lha le deleh wonten pundi?” Wangsulane Indri karo nonton TV

“Ya ketoke neng kene , neng rak buku dadi siji karo sertifikat liyane!”

“Lha biyasane jenengan nek nyimpen layang penting niku rak teng njero koper wesi niku

ta Pak?”.

Koper wesi tinggalane simbah banjur dakbukak, dakwetokake isine ana ijasah, BPKB, SK

Capeg, lan SK-SK liyane. Nanging sing dakgoleki ora ana, ora ketemu!!

“Bocah-bocah padha ngerti ora ya Bu?” Anakku Nita lan Citra daktakoni ora ngerti malah bojoku

lan anak-anakku wadon loro mau uga melu bingung nggoleki Sertifikat tahun 1995 mau

“Ana apa ta Pak kok sertifikate sajake penting banget!” Pitakone bojoku

“Nggo dokumen Portofolio, taun iki aku oleh panggilan sertifikasi, mangka dokumen A kuwi

kudu asli kalebu sertifikat-sertifikat pelatihan uga kudu asli, ora oleh poto kopy!” Aku nerangka

bojoku lan anak-anakku. Dumadakan nalika aku, Indri, Nita lan Citra ngethuprus ngandhakkake

bab sertifikasi, anakku ragil Gilang teka, tangan kiwa nggawa kertas tangan tengen nggawa

gunting karo omong:

“Pak gawekke topeng Batman!” Celathu mangkono karo ngulungake kertas sing wis diguntingi.

Kertas daktampani jebul……….Gandrik! putune Ki Ageng Sela Kertas sing wis diguntingi

Gilang anakku ragil mau jebul Sertikat Pelatihan sing dakgoleki setugel dina. Sirahku rasane

kaya ketiban lintang sayuta, sumrepet panonku, dhadha njebebeg, ati judheg uleng-ulengan dadi

siji. Cunthel.

2. Wangsulana pitakonan ing ngisor iki!a. Ringkesen cerkak kanthi irah-irahan “Sertifikatku” watara dadi 10-15 baris!b. Apa alesane cerkak iku kanthi judul “Sertifikatku?”Apa bisa diganti judul liya, yen

bisa apa?c. Temtokna: paragatama, tokoh protagonist, tokoh antagonis ing cerkak maud. Andharna watak-wataking tokoh-tokoh ing cerkak iku!e. Apa sing dadi tema cerkak mau?f. Kepriye alure cerkak mau? Buktine apa?g. Tulisna setting ing cerkak mau!h. Amanat apa wae sing tinemu ing cerkak mau? Tulisen!i. Apa sing dikarepake tetembungan: “Lambe satumang kari samerang?”j. Apa sing dikarepake tetembungan: “dikeruk ngetuk disusruk mumbul?”

3. Apa tegese tembung-tembung iki?

a. sajeg jumbleg :b. turu njintel:c. Tuladha iku luwih aji tinimbang sewu pitutur :

LKS Gladhi Basa Jawi IX/1 Page 5

Page 6: Wajib Koq di Langgar - Web viewKELAS 9 SMP/MTS. SEMESTER 1. Panyerat. Drs. Sujarno. Guru Bahasa Jawa SMP 2 Patuk. Kabupaten Gunungkidul. ... WULANGAN 1. CERPEN KEGIATAN SEKOLAH. Nyemak

d. panyendhu:e. salin bubukan :f. agahan :g. nyangklong :h. demange Nglipar :i. kerdhus :j. njanur gunung :k. portofolio :l. mucal :m. diubleg-ubleg :n. miterang :o. kumel kucem :p. panambungku :q. gleyah-gleyah :r. nemu banyu wayu sewindu :s. taiyengen :t. sumrepet panonku :

MicaraKompetensi Dasar :2.1 Praktik membaca cerita pendek

A. Indikator :

1. Membaca kreatif cerkak karya orang lain dengan wicara, wirama, wiraga, wirasa dan piranti yang sesuai dengan isi cerkak dengan penuh percaya diri

2. Melakukan penilaian terhadap teman sejawat atas pembacaan cerkak dengan cermat dan penuh kejujuran

B. Materi1. Gawea kelompok, saben kelompok 5 – 6 siswa. Saben kelompok matah wakile supaya

maca cerkak kanthi Wicara, Wirama, Wiraga, Wirasa , sarta piranti kang trep utawa kanthi cara simulasi (dramatisasi cerkak), dene kelompok liyane mbiji.

KATHOK KODHOK Dening : Tangkisan Letug

Ponakanku sing cilik dhewe lagi nangis. Tangise ora kaya biyasane. Iki gawe jengkele ibune sing lagi sibuk nyiapake mulang.Bojone durung mulih saka nyambut gawe. Dene anak-anakeliyane wis padha mlebu neng kamare dhewe-dhewe, njekutsinau nyiapake ujian komprehensif.

"Kang Letug, tulung ya, dijaga anakku iki.Dineng-nengi ben ora ngganggu. Aku jan lagi buneg tenan lho." Panjalukeadhiku wadon iki.

"Ya, dak neng-nengane." Aku banjur mlaku nyedhakiponakanku sing umure durung ana limang taun.

"Udah yah...Mama sedang sibuk tuh. Kan kasihan kalau adik nangisterus.." Aku omong

LKS Gladhi Basa Jawi IX/1 Page 6

Page 7: Wajib Koq di Langgar - Web viewKELAS 9 SMP/MTS. SEMESTER 1. Panyerat. Drs. Sujarno. Guru Bahasa Jawa SMP 2 Patuk. Kabupaten Gunungkidul. ... WULANGAN 1. CERPEN KEGIATAN SEKOLAH. Nyemak

nganggo basa Indonesia.

Pancen bocah jaman saiki basa jawa sing alus ora padha ngerti. Mulane ing kulawargane adhiku, basa padinane campur. Malah luwih akeh padha nganggo basa Indonesia. Rasane lucu yen aku nyoba nganggo basa jawa sing alus. Bocah-bocahe padha ora seneng. Banjur miwiti nganggo basa Indonesia.Bocah-bocah uga wis ora nyebut rama utawa ibu marang wongtuwane, nanging wis migunakake tembung Papa utawa Mama.

"Kenapa menangis terus Teta? Apa karena dinakali Mama?"

"We...weeee... Teta mau dibelikan baju baru...we...wee.."

Teta jenenge ponakanku mau, kepengin ditukokake klambi anyar. Mbokmenawa bapak ibune mung durung sempat wae.

"Besok Pak Dhe belikan ya...mau enggak?"Krungu jawabanku mau, dheweke banjur ketok lega.Ngusap luh nengpipine, senajan ta isih mimbik-mimbik manja banget.

"Besok Pak Dhe belikan yang namanya celana kodok ya?Tahu enggak kamu?"

Jawabane ponakanku mung gedhek-gedhek. Ora ngerti apakuwi sing jenenge kathok kodhok. Kamangka dhek jaman cilikanku, kathok kodhok kuwi istimewa banget. Saben bocah yen krungu tembung kathok kodhok bisa banjur senenge ora mekakat. Kathok kodhok dadi favorite bocah-bocah. Mergane yen dienggo anget tur ora mlotrak-mlotrok.

Aku banjur crita marang ponakanku ngenani kathok kodhok kuwi.Sawatara crita bab kathok kodhok, pikiranku kelingandhek jaman semana aku duwe kathok kodhok sing anyar. Aku dolanan ingkling karo kanca-kancaku neng ngomah. Nanging, blaik, ing tengah-tengahe dolanan ingkling, aku ngebrok (ngising neng kathok). Suara pret....preet....preeet.... banjur ambune wah...jan ora karuwan! Kanca-kancaku banjur padha bengok alok:"Oeeee, Letug ngebrok! Letug ngebrok!" Mboko siji kanca-kancaku padha mlayu nyingkiri aku karo nutup irunge.

Aku mung bisa nangis nggugug ditinggal kanca-kancaku. Aku nangis merga kathok kodhokku sing anyar dadi reged kena abyuran saka wetengku.

Ora let suwe, nanging, sing nyedhaki aku ora liya ya ibuku. Aku ora dinesoni. Ibuku malah mung gumujeng. Aku banjur dicandhak digawa menyang WC

Ibuku ora wegah ngresiki regedanku. Ibuku ora wegah nyedhaki ambune regedanku. Ibuku ora wegah nyandhak awakku lan nyawiki aku. Ibuku ora duka weruh kathok kodhok anyarku dadi reged. Lan aku banjur meneng anggonku nangis. Aku mandeng ibu sing isih gumujeng lan gawe tentreme atiku.

Kelingan pengalaman mau, aku mung bisa ngguyu dhewe. Kathok kodhokku sing anyar wis reged lan mambu. Nanging aku bisa nemu gumuyune ibu sing ora ilang saka rasaku.

Yen ing kulawarga isih ana ibu sing bisa gumuyu, ngresiki reregedaning anak, sepira begjane wong neng alam donya yen akeh sing isih padha bisa gumuyu uga ngresiki reregeding urip bebrayan.

www. cerkak -jawa.com/ceritacekak

LKS Gladhi Basa Jawi IX/1 Page 7

Page 8: Wajib Koq di Langgar - Web viewKELAS 9 SMP/MTS. SEMESTER 1. Panyerat. Drs. Sujarno. Guru Bahasa Jawa SMP 2 Patuk. Kabupaten Gunungkidul. ... WULANGAN 1. CERPEN KEGIATAN SEKOLAH. Nyemak

MacaKompetensi Dasar :3.1 Menanggapi naskah cerpen kegiatan sekolah

A. Indikator :

1. Memberikan tanggapan secara tertulis tentang crita cekak yang disajikan dalam santun bahasa Jawa krama

2. Membuat sinopsis isi crita cekak dengan bahasanya sendiri dalam santun bahasa Jawa krama

3. Mendiskusikan nilai budi pekerti disertai argumentasi yang terdapat dalam teks cerita cekak dengan tepat

4. Menirukan gaya tokoh protagonist atau antagonis dengan penuh percaya diri

B. Materi1. Teks Cerkak

Tuladha : SAPA GAWE NGANGGO

Dening : Sumarno

“Bubar upacara bendera, kowe diundang Pak Broto ana ruang kepala sekolah!” kandhane Antok minangka ketua kelas loro SMP Teladan marang aku.

Aku mung manthuk. Sabanjure, aku muter dalan nuju ruang kepala sekolah. Pikiranku kebak pitakonan, ana apa nganti kepala sekolah nimbali aku. Kamangka kepala SMP Teladan nggonku sinau iki wis kawentar wong kang disiplin, galak, lan ora wigah-wigih menehi ukuman marang guru utawa murid sing dianggep mbangkang prentahe.

“Apa merga telat mbayar SPP?” pitakonan jero atiku.Pancen wis telung sasi iki wong tuwaku ora bisa mbayar sekolahku. Ibu

wis tau diundang menyang sekolahan ngadhep wali kelas saperlu didhesek nglunasi bayaran sekolah sing ora sithik kuwi. Ruang kepala sekolah manggon ana tingkat siji sakulon ruang perpustakaan. Saka plataran sekolah terus lurus ngulon metu gang kidul plataran sekolah lan mentog ngarep kelas siji, terus ngalor ngliwati ngarep kelas siji ketemu gang ngarep lab bahasa. Sawise ngliwati lab bahasa, terus ana undhak-undhakan kanggo munggah lantai siji , ketemu ruang perpustakaan. Terus lurus nuju ruang kepala sekolah kang sisihan karo ruang guru. Aku mandheg saka lawang aku weruh kepala sekolah lagi ana tamu priyayi lanang loro. Udakara sepuluh menit aku nunggu ngarep lawang. Sawise tamu iku pamit metu, aku banjur ndhodhog lawang.

“Nuwun sewu, Bapak nimbali kula?” aku uluk suwara, wedi mengko mundhak ora dadi kersane.

“Bener, ayo mlebu lungguh kene!” ngendikane Pak Broto, asma komplite Broto Wicaksono. Aku banjur lungguh ing kursi adhep-adhepan karo Pak Broto.

“Jenengmu Ika Wulandari?” pitakone Pak Broto karo nggawa kertas kang kebak tulisan, tulisan apa aku ora ngerti.

“Inggih leres, Pak, wangsulanku karo manthuk.“Ngene, ya, Ndhuk kowe wis tau krungu jer basuki mawa beya?” pitakone

Pak Broto marang aku.Aku pancen wis tau krungu saka Pak Basuki, guru basa Jawa, nanging

durung patia ngerti maksude.“Sampun nalika wonten kelas, nanging kula dereng mangertos punapa

maksudipun,” wangsulanku blaka suta.

LKS Gladhi Basa Jawi IX/1 Page 8

Page 9: Wajib Koq di Langgar - Web viewKELAS 9 SMP/MTS. SEMESTER 1. Panyerat. Drs. Sujarno. Guru Bahasa Jawa SMP 2 Patuk. Kabupaten Gunungkidul. ... WULANGAN 1. CERPEN KEGIATAN SEKOLAH. Nyemak

“Kabeh pepinginan kuwi ana wragade. Menawa kepengin mukti, kuwi butuh wragad. Dadi, bocah sing pinter perlu wragad. Semono uga anggonmu sekolah. Apa maneh saiki sekolah diwajibake mandhiri golek wragad dhewe, ora gumantung wragad saka pemerintah. Sekolah wis menehi penget sepisan, penget kapindho, lan penget kapinbg telu nganti ibumu kedharang-dharang teka ing sekolahan, nanging ewasomono ibumu mung bisa sumaya. Mula dina iki penget sing pungkasan. Manawa sesuk kowe durung nglunasi tunggakan SPP telung sasi, Ika Wulandari wus dianggep nyuwun metu saka SMP Teladhan kene,” ngendikane Pak Broto Sora.

Dheg! Kaya ngapa kegetku krungu katrangane Pak Broto kaya swara gludhug ing tengah awan ora mendhung ora udan. Awakku dadi lemes kaya dilolosi bebayune. Eluhku tumetes ana rai. Lawang banjur didhodhog Pak Giyono, guru Biologi. Aku banjur metu pamit saka ruangan kepala sekolah kanthi pangrasa kang ora karu-karuan.

“Bu, mbokmenawi bapak taksih sugeng, gesang kula kalihan ibu boten sengsara kados makaten,” kandhaku marang ibu ing wayah bengi nalika ibu marut tela arep digawe gethuk.

“Ora kaya ngono, Ndhuk. Bapak wis tentrem ana lam kubur,” ujare ibu.“Bu, kula badhe matur.”“Arep matur apa, kok sajak wigati?” pitakone ibu nglereni anggone

oncek-oncek.“Kula wau dipuntimbali Pak Broto wonten ruanganipun. Piyambakipun

duka dhumateng kula amargi dereng lunas SPP. Menawi benjing enjing dereng nglunasi, kula dipunanggep medal saking sekolah,” aturku megap-megap ngampet pangrasa.

Ibu krungu aturku mung unjal ambegan.“Piye maneh ya, Ndhuk. Niate ibu mono, pancen sasi iki arep nglunasi

radag sekolahmu. Ibu njagagake sawah tinggalane bapakmu sing saiki digarap Lik Kismo. Nanging mbokmenawa pancen wis ginaris, jagung sing wis siap dipanen jebule wis dientekake tikus wektu sewengi. Ora mung garapane Lik Kismo sing muspra, nanging meh kabeh sawah lor desa kuwi ora bisa panen. Mula, jarene bengi iki para tani padha nglumpuk ing daleme Pak Lurah saperlu ngrembug carane mbrastha ama tikus mau. Tikus-tikus mau arep diobati apa digropyok rame-rame. Jarene uga karawuhan petugas PPL,” ibu ngendikakake lelakone, awan mau mentas ketemu Lik Kismo ana warung Mbak Ida.

“Bareng krungu Manawa Lik KIsmo ora panen, muspra uga rencanaku nglunasi ragad sekolahmu,” Ibu banjur leren anggone nyambut gawe, lungguh ana lincak.

“Nek mbukak celengan sing daksimpen ana gandhok mburi, ya ana dhuwit, asil saka anggone ibu bebakulan. Nanging, awake dhewe banjur mangan apa?” pitakone ibu sing ora mbutuhake wangsulanku. Ibu banjur metu saka pawon, nuju ana plataran. Latar kang ora patia jembar iku katon padhang njingglang kasorot cahyane rembulan kang lagi purmana sidi.

“Ibu arep usaha nyilih marang Pak Adi,” ngendikane ibu nentremake atiku. Pak Adi Sucipto omahe kira-kira rongatus meter saka omahku. Tanggaku kuwi sawijining juragan beras kang wis kawentar, ora mung ana ing dhaerah kene kepara malah tekan luar dhaerah anggone bebakulan.

Swara azan Subuh mecah sepining kahanan esuk kang isih nyenyet. Ibu kang wis dhangan kawit tabuh telu terus nggoreng pisang supaya bisa mruput tindak bebakulan. Ibu gage nggugah aku diajak salat jamaah. Kanggone ibu, salat mono kuwajiban sing ora bisa dianyang maneh. Kanggo tabungan amal Manawa sowan Gusti Allah. Sing kanggo sangu ana lam kelanggengan utawa asring kaasebut alam akhirat besuke dudu bandha donya mas picis raja brana, nanging amal keshalihan sing katindakake nalika urip ana alam donya.

“Ibu mangkat menyang daleme Pak Adi. Mug-muga piyambake bisa nyilihi dhuwit, Ndhuk. Gedhange isih salirang sing durung digoreng,” ngendikane ibu sawise salat. Aku banjur nerusake nggoreng gedhang ana pawon.

LKS Gladhi Basa Jawi IX/1 Page 9

Page 10: Wajib Koq di Langgar - Web viewKELAS 9 SMP/MTS. SEMESTER 1. Panyerat. Drs. Sujarno. Guru Bahasa Jawa SMP 2 Patuk. Kabupaten Gunungkidul. ... WULANGAN 1. CERPEN KEGIATAN SEKOLAH. Nyemak

“Ndhuk, wis rampung anggone nggoreng gedhang?” pitakone ibu saka jaban lawang mulih saka daleme Pak Adi, gawe kagetku.

“Taksih kalih tangkep. Pripun, Bu?” pitakonku ora sranta.“Pak Adi ora bisa nyilihi, jarene usahane rada bangkrut, berase ora payu,”

ujare ibu karo lenggahan ana lincak galar sing wis rada reyot. Kaya ngapa kagetku krungu ngendikane ibu. Tanpa dinyana-nyana luhku tumetes, mbrebes mili.

“Wis, Ndhuk rasah digetuni. Pancen wis garise awakmu ora bisa nerusake sekolah. Awake dhewe ora mung ndheweki, isih akeh bocah-bocah sing ora bisa sekolah merga ora nduwe rwagad. Sekolah jaman saiki pancen larang. Ora mung ragad sekolah, kabeh rega-rega saiki padha mundhak nyekik wong-wong sing kesrakat kaya awake dhewe iki. Nanging, awake dhewe kudu tetep syukur isih bisa mangan, wong-wong sing padha manggon ana ngisor-ngisor kreteg, ana emper-emperan took kae wis ora bisa sekolah uga anggone mangan kangelan.” Nendikane ibu ngeyem-yemi aku.

“Wis saiki siap-siap ngrewangi ibu dodolan menyang pasar, ayo mengko mundhak kawanen!”

Dina kuwi aku banjur melu ibu dodol gedheng gerong, growol, lemet, gethuk ana pasar. Aku wis ora mikir sekolah maneh. Sing penting bisa mbiyantu ibu golek pangan, gawe bungahe ibu. Ora mikir maneh Pak Broto sing tegel ngetokake aku. Ora mikir Pak Adi sing tegel ora nyilihi dhuwit marang ibu. Mbokmenawa urip ing jaman saiki pancen kudu tegelan. Yen ora tegelan, ora bisa mangan. Nanging ibu dudu wong sing tegelan. Nalika barang-barang mundhak, dodolane ibu ora ngundhakake. Ya, senajan bathine dadi sithik, kepara ora bathi. Nanging, ibu duwe keyakinan, Manawa rejeki kuwi wis digarisake Gusti Kang Maha Kawasa. Awake dhewe mung duwe kuwajiban ngupadi, tuna apa bathi, gedhe clike manut kersane Gusti Kang Maha Adil. Apa maneh saiki wis akeh swalayan, took-toko, restoran sing nyedhiyani dhaharan sing sarwa instant tahan suwe lan regane murah. Mula, dodolan gethuk, growol, lemet, sing digawe saka tela lan uga pisang goring sing mung tahan sedina rong dina akeh wong sing wis padha ora seneng, kalah karo panganan sing dipajang ana restoran swalayan, mal-mal uga super market iku.

Ora krasa wis sesasi anggonku metu sekolah, mbiyantu ibu dodolan. Mula, aku saiki wis rada lancer bab nawakake dagangan, rega-regane sarta langganan sing kepranan marang growol, gethuk, lemet lan gedhang-gorenge ibu.

………… (Djarot Heru Santosa, 2008 : 62 – 64)

2. Wangsulana pitakonan ing ngisor !a. Sapa jenenge ketua kelas loro SMP Teladan?b. Sapa asmane kepala sekolah kang kawentar galak lan dhisiplin?c. Sapa jenenge siswa sing ditimbali kepa sekolah?d. Geneya siswa kasebut ditimbali kepala sekolah?e. Apa pegaweane ibune Ika Wulandari?f. Geneya ibune Ika Wulandari ora bisa mbayar SPP?g. Apa karepe paribasan Jer basuki mawa beya iku?h. Kepriye wusanane nasibe Ika Wulandari?

3. Gawe synopsis isi cerkakRingkesen cerkak kasebut nganggo basamu dhewe ing ngarep kelas!

4. Rembugen karo kancamua. Ika wulandari ora bisa nglunasi SPP. Dening Pak Broto, Ika Wulandari

diparingi penget pungkasan, yen ora bisa nglunasi SPP bakal ditokake saka sekolah. Kepriye manut panemumu tumindake Pak Broto iku?

b. Miturut panemumu kadadeyan kaya ing cerkak “Sapa Gawe Nganggo” bisa kedadeyan tenan apa ora? Kepriye manut panemumu?

c. Miturut panemumu, tindakane Ika Wulandari sing narima marang kanyatan urip kuwi bener apa ora. Yen kowe sarujuk wenehana alesanmu. Yen kowe ora sarujuk geneya? Trus Ika Wulandari kudu kepriye?

LKS Gladhi Basa Jawi IX/1 Page 10

Page 11: Wajib Koq di Langgar - Web viewKELAS 9 SMP/MTS. SEMESTER 1. Panyerat. Drs. Sujarno. Guru Bahasa Jawa SMP 2 Patuk. Kabupaten Gunungkidul. ... WULANGAN 1. CERPEN KEGIATAN SEKOLAH. Nyemak

5. Wewarah luhur ing cerkakCoba terangna wewarah apa bae sing dikandhakake paraga ibu marang putrane ing njero cerkak “Sapa Gawe Nganggo” Apa wewarah mau migunani tumrapmu? Terangna!

6. Nirokake paraga ing cerkakIng cerkak “Sapa Gawe Nganggo” ana paraga Pak Broto, Ika Wulandari, lan Ibu. Coba, parakna ukara-ukara kang diucapake dening paraga-paraga mau ana ngarep kelas. Aja lali nalika ngucapake ukara uga dikantheni solah bawa sing pas!

NulisKompetensi Dasar :4.1 Menulis cerkak kegiatan sekolah

A. Indikator :

1. Menentukan tema cerkak dengan tepat2. Menentukan rincian unsure pembangun ( tokoh, alur, setting, dsb) cerkak

dengan tepat 3. Mengembangkan ide, pengalaman pribadi atau orang lain dalam bentuk karya

kreatif cerkak dengan memperhatikan unsur pembangun cerkak, pilihan kata, tanda baca, dan ejaan

B. Materi Pembelajaran1. Crita cekak mujudake crita gancaran kang duwe titikan mangkene:

a. Isine ngandharake sawijining lelakon utawa kadadeyanb. Ana paraga utamane lan paraga tambahanc. Nggambarake kedadeyan kang ana ing masarakatd. Ngemot pitutur, piwulang utawa pasemon

Nulis utawa ngarang crita cekak kuwi ora nganggo pathokan lan paugeran sing gumathok. Sing baku ana critane lan paragane. Dene susunane crita cekak (cerkak) kaperang dadi mangkene:1) Tetepungan Nggambarake swasana utawa kahanan paraga2) Masalah

Nggambarake masalah sing diadhepi dening paraga3) Cara ngluwari masalah

Nggambarake kepriye carane paraga uwal saka masalah4) Panutup utawa pungkasaning crita

Nggambarake pungkasane crita Dene bebakalaning crita cekak yaiku:

1) TemaYaiku sing dadi underane crita, upamane: kadurjanan, pendidikan, kabudayan, kasarasa, lsp.

2) ParagaYaiku paraga/pelaku sing melu mbangun crita. Kaperang ana paraga pokok (tokoh utama) lan paraga Bantu (tokoh pembantu)

3) WatakGegambarane wewatekane tokoh, wateke becik (protagonist) apa wewatekane ala lan tansah ngreridhu paraga pokok (antagonis)

4) SettingYaiku papan kedaedane crita lan wektune

LKS Gladhi Basa Jawi IX/1 Page 11

Page 12: Wajib Koq di Langgar - Web viewKELAS 9 SMP/MTS. SEMESTER 1. Panyerat. Drs. Sujarno. Guru Bahasa Jawa SMP 2 Patuk. Kabupaten Gunungkidul. ... WULANGAN 1. CERPEN KEGIATAN SEKOLAH. Nyemak

5) Alur/plotYaiku bakune crit wiwit saka lekas nganti pungkasan (perkenalan, konflik, penyelesaian)

2. Ngaranga sawijining crita cekak kang temane ana gegayutane karo kegiatan sekolah utawa kegiatan ing lingkungan masarakat. Gunakna tembung , basa lan ejaan sing trep. Kanggo luwih nggampangake anggonmu nulis, coba wangsulana pitakon-pitakon iki!a. Kowe arep nulis bab apab. Masalahe bab apa?c. Paragane sapa bae lan kepriye wewatekane?d. Kepriye anggone ngatasi masalah?e. Kedadeane ana ngendi, kapan?f. Kepriye wusanane crita?

3. Tuladha cerkak kang kamot ing Blog Kompasianer

Wajib Koq di Langgar

Ing Sawijining dina….

SD 1 panggonane Pras sekolah ketekan murid anyar saka kutha, jenenge Yudha. Karo Bu Guru si Yudha didhawuhi lungguh jejer Pras. Sakwise kenalan sacukupe, bocah loro mau wis katon akrab kaya kanca lawas wae, nanging senajan mengkono Pras rada kangelan  yen ngobrol karo Yudha, amarga Yudha babar blas ora bisa basa jawa semana uga Pras durung lancar basa Indonesiane.

Bali sekolah bocah loro iku mulih bareng, ndilalah pancen omahe pada-pada sak jurusan. kebeneran dina iku  jumat lan sedhela maneh wayah dhuhur, mulane Yudha banjur takon marang Pras

“Oh iya Pras, kamu kalau Sholat Jumat  dimana?nanti kita bareng ya”

“iya nanti ku ampiri Yud, aku kalau jumatan selalu di langgar” jawabe Pras

“lho kita kan laki-laki Pras ,Sholat Jumat  kan wajib hukumnya koq dilanggar sih” Yudha katon bingung karo jawabane Pras

“lha iya itu karena wajib maka jumatan di Langgar” Pras rada gumun merga jawabane diprotes Yudha

“maksudnya dilanggar itu gimana sih Pras, wajib koq malah dilanggar aku nggak tahu maksudmu” akhire Yudha ngomongke kebingungane

“nganu itu lho Langgar nya Yud, jadi orang-orang di desa ini kalau sholat jamaah ya disana termasuik jumatan” pungkasane Pras nerangke maksude karo nduding sawijining panggonan ing cedhak kantor kelurahan sing wangune memper masjid ning ukurane luwih cilik

“hahahaha…Pras maaf ya aku nggak tahu kalau langgar yang kamu maksud itu masjid ini…ya sudah nanti kita bareng kesana ya” Yudha ngguyu kemekelen sawise mudeng apa sing dikarepke kanca anyare

Lan bocah loro  mau wekasane neruske mlaku bali menyang omahe dhewe-dhewecunthel

Blog Kompasianer

LKS Gladhi Basa Jawi IX/1 Page 12

Page 13: Wajib Koq di Langgar - Web viewKELAS 9 SMP/MTS. SEMESTER 1. Panyerat. Drs. Sujarno. Guru Bahasa Jawa SMP 2 Patuk. Kabupaten Gunungkidul. ... WULANGAN 1. CERPEN KEGIATAN SEKOLAH. Nyemak

Kompetensi Dasar :4.3 Menulis cergam kegiatan sekolah

A. Indikator :1. Menentukan tema cergam dengan tepat2. Menyusun kerangka naskah cergam berdasarkan gambar seri yang menunjukkan

rangkaian cerita3. Menentukan unsure pembangun cerita : alur cerita, tokoh, perwatakan dan setting

cergam4. Mengembangkan kerangka cergam berdasarkan unsure pembangun cerita

menjadi naskah cergam

B. Materi

1. Gawea cergam kanthi tema kegiatan sekolah utawa kegiatan lingkungan masarakat, gatekna ancer-ancer ing ngisor iki:a. Gawea rangkaning crita adhedhasar gambar kang wis cumawisb. Mekarna rangkaning crita dadi naskah cergam kanthi bumbu-bumbu

pangangen-angen, gagasan, lan imaginasimu!

LKS Gladhi Basa Jawi IX/1 Page 13

Page 14: Wajib Koq di Langgar - Web viewKELAS 9 SMP/MTS. SEMESTER 1. Panyerat. Drs. Sujarno. Guru Bahasa Jawa SMP 2 Patuk. Kabupaten Gunungkidul. ... WULANGAN 1. CERPEN KEGIATAN SEKOLAH. Nyemak

GLADHEN WULANGAN 1ULANGAN HARIAN 1

1. Wohing kasusastran Jawa kang nyaritakake lakune paraga ing saperangan urip kang nabet (berkesan) lan biasane ora luwih saka 5000 tembung diarani …..a. Novel b. Cerkak c. Cerbungd. Cergam

2. Tokoh ing cerita kang watak wantune becik, tansah mbiyantu paragatama diarani tokoh …..a. Antagonisb. peri-perialc. figurand. Protagonis

3. Carita kang nyritakake saka klimaks banjur konflik nganti entek-entekan purnaning crita iku nggunakake alur a. Majub. Mundurc. Mundur majud. Campuran

Wacan 1“Dinten Kartini menika rak kangge ngurmati Raden Ajeng Kartini, awit piyambakipun sampun maringi tuladha ingkang kedah dipuntindakaken putri Indonesia. Wanita Indonesia menika kedah sekolah lan sinau supados saged sababag kalih para priyanipun. Kamangka kebaya menika rak satunggaling simbol kekiranganipun wanita, kados ingkang dipunngendikakaken Ki dhalang, bilih wanita menika asring kesrimpet tapih kabotan pinjung.” Jlentrehe Palupi. (Kapethik saking cariyos cekak: Antarane Kartini lan Palupi)

4. Pethikan carita ing nduwur kasebut nuduhake perangan …..a. Amanat lan irah-irahan

LKS Gladhi Basa Jawi IX/1 Page 14

Page 15: Wajib Koq di Langgar - Web viewKELAS 9 SMP/MTS. SEMESTER 1. Panyerat. Drs. Sujarno. Guru Bahasa Jawa SMP 2 Patuk. Kabupaten Gunungkidul. ... WULANGAN 1. CERPEN KEGIATAN SEKOLAH. Nyemak

b. Tema lan settingc. Tema lan watakd. Setting lan paraga

5. Wose crita kasebut yaiku .....a. Palupi sarujuk menawa mengeti dina Kartinib. Palupi ora sarujuk karo pengetan dina Kartinic. Palupi sarujuk menawa pengetan dina Kartini bocah putri padha nganggo kebaya lan

jaritand. Palupi ora sarujuk manawa pengetan dina Kartini bocah putri padha nganggo kebaya

lan jaritan6. Kepriye manut panemune Palupi ngenani kebaya iku?

a. Kebaya pinangka simbol kaluwihane wanitab. Kebaya pinangka simbol kasulistyaning wanitac. Wanita kang nganggo kebaya tambah ayu lan luwesd. Kebaya pinangka simbol kekurangane wanita

Bu Marni : “Kepriye ndhuk, kowe gelem ora?” Dewi : “Kula jane boten radi cocog Bu, nanging kula ajrih menawi bapak duka.”

Bu Marni : “Ora cocog amarga apa ndhuk? Apa merga bocahe wis tuwa?” Dewi : “Boten Bu, amargi kula sampun gadhah pilihan.”

7. Pacelathon sing dirembug Bu Marni lan Dewi babagan ….a. Dewi ora cocog karo pilihane wong tuwaneb. Bu Marni lan Dewi wedi karo bapakec. Bapake Dewi seneng nesud. Bu Marni pengin rabi

8. Tokoh Aku ing cerkak Sertifikatku iku jenenge ……..a. Pak Tegarb. Pak Yantoc. Pak Purwod. Pak Wardaya

9. Tokoh Pak Wardaya ing cerkak Sertifikatku nduweni watak …….a. seneng tetulungb. gampang nesuc. ngeyeld. Sabar

10. Amanat kang kinandhut ing cerkak kena kanggo ……a. tontonan lan tuntunanb. nambahi sesanggane uripc. kaca benggala uripe manungsad. mangerteni jati dhiri bangsa

Nanging esuke, mruput banget. Sriyanto wis tekan omahe Hartini. Kagawa rasa kuwatir kelangan priya papan ugeraning ati.

11. Pratelan cerkak kasebut nuduhake perangan ……..a. temab. settingc. alurd. paraga

12. Urutaning crita saka wiwitan nganti pungkasan diarani …….a. settingb. temac. alur

LKS Gladhi Basa Jawi IX/1 Page 15

Page 16: Wajib Koq di Langgar - Web viewKELAS 9 SMP/MTS. SEMESTER 1. Panyerat. Drs. Sujarno. Guru Bahasa Jawa SMP 2 Patuk. Kabupaten Gunungkidul. ... WULANGAN 1. CERPEN KEGIATAN SEKOLAH. Nyemak

d. konflik13. Papan lan wektu dumadine crita ing cerkak diarani ……….

a. amanatb. konflikc. alurd. setting

Tindak-tanduke Tini ana owah-owahane. Dheweke wis ora nggunakake dhuwite kanggo jajan utawa dolanan. Dhuwit sangu sekolah utawa dhuwit sing ditampa saka wong tuwane, age-age dilebokake celengan.

14. Miturut pratelan ing ndhuwur watake Tini iku …..a. gemib. ngebrehc. borosd. medhit

“Duwe kerdhus pira Pak?” “Ya ana yen mung 40, ning dilangi nole alias 4” Jawabku sakenane.“ Wooo ditakoni tenanan!” Karo mecucu.“Lha wong ora tau diklat kok ditakoni kerdus”. Wangsulanku

15. Sing dikarepake kerdhus ana ing pethikan cerkak sertifikatku iku …….a. kerdhus kartonb. sertifikat lemahc. kertas rosokand. sertifikat pelatihan

Banjur sing taun 1995 pola 150 jam neng ngendi ya? Apa neng ngomah?”Pitakone batinku karo aku ngeling-eling anggonku simpen sertifat mau.“Mbok menawa dadi siji karo SK Pembagian Tugas ing rak buku ngomah!” batinku karo ngeyem-yemi atiku. Budhal Sekolah motor age-age dakblandhange sakayange kareben cepet tekan ngomah. Bubar sholat Duhur lan mangan age-age rak buku dakudhal-udhal kanggo nggoleki Sertifikat Pelatihan. Dakklumpukkake mung ana 7, wiwit taun 2000-nan. Sing tahun 1995 meksa durung ketemu.

16. Pethikan cerkak Sertifikatku ing ndhuwur nuduhake menawa Pak Tegar iku wong sing ……a. ora setiti, lalenb. setiti, ngati atic. gemi, setitid. pinter nyenyimpen

17. Apa sing dikarepake: “dikeruk ngetuk, disusruk mumbul” ana ing cerkak Sertifikatku iku?a. ora tau duwe dhuwitb. ora tau kentekan dhuwitc. dhuwite akeh bangetd. dhuwite simpenan akeh

18. Cergam iku manawa ing istilah padha karo ....a. Komikb. Romanc. Gambar umbuld. Drama

19. Sajrone praktek maca cerkak, ana bab kang kudu digatekake ing antarane wirasa, tegese ….a. Ngucapake tembung kanthi cethab. Solah bawa trep karo naskah cerkak

LKS Gladhi Basa Jawi IX/1 Page 16

Page 17: Wajib Koq di Langgar - Web viewKELAS 9 SMP/MTS. SEMESTER 1. Panyerat. Drs. Sujarno. Guru Bahasa Jawa SMP 2 Patuk. Kabupaten Gunungkidul. ... WULANGAN 1. CERPEN KEGIATAN SEKOLAH. Nyemak

c. Bisa mbedakake lan milahake siji-sijine tokoh lan swasana ing cerkakd. Bisa nyuwarakake saben tokoh kanthi becik

20. Ing ngisor iki titikane cerkak, kajaba ….a. Asipat naratifb. Nyritakake sawijining tokohc. Asipat fiktifd. Asipat argumentative

LKS Gladhi Basa Jawi IX/1 Page 17

Page 18: Wajib Koq di Langgar - Web viewKELAS 9 SMP/MTS. SEMESTER 1. Panyerat. Drs. Sujarno. Guru Bahasa Jawa SMP 2 Patuk. Kabupaten Gunungkidul. ... WULANGAN 1. CERPEN KEGIATAN SEKOLAH. Nyemak

WULANGAN 2CERPEN KEGIATAN MASARAKAT

Nyemak

Kompetensi Dasar :1.2 Menanggapi cerpen kegiatan masyarakat

A. Indikator :

1. Menceritakan kembali isi cerkak kegiatan di sekolah dalam bahasa Jawa ngoko atau krama lugu

2. Menanggapi isi cerkak dengan santun bahasa Jawa krama lugu

B. Materi1. Wacanen cerkak iki kanthi sora lan becik! Sawise iku nuli critakna maneh ana ngarep

kelas nganggo basa karma lugu!

JOKO BODHOMENYANG NGAYOGYAKARTA

(Nur ‘Aini S. 20 / XI IS 1 SMA N 1 SRAGEN, 2009)

“Jok…..Jokooooo…Jokooooo , wis rampung aduse durung!”

“Durung Pakdhe, lha…cepet-cepet ana apa ta Pakdhe?”. Saking Pakdhe Darsono wis anyel karo Joko Bodho, Pakdhe Darsono ora jawab pitakone Joko Bodho. Joko Bodho sing tenang-tenang kawit mau ora ngerti maksude Pakdhene kok dheweke dikongkon cepet-cepet aduse. Bubar adus Joko Bodho banjur nemoni Pakdhene sing thenguk-thenguk ana ngemper omah lagi jagongan karo Pak Burhan.

“Ana apa ta Pakdhe, kok sajake wong meh ketinggalan sepur wae ta Pakdhe?”. “Wo…alah…le..le..bocah paling lelet dhewe. Ana…..apa…ana…apa kawit dhek mau. Lha kowe ora ngerti ta dina iki jarene arep menyang Malioboro tuku klambi anyar dienggo bakdan. Wis tak tunggu malah lelete….Masyaallah….paringana sabar!”. “Wo….iyo…yo..Pakdhe nuwun sewu aku lali ta Pakdhe!”. “Uwis gawe wong nunggu saiki njaluk dhuwit sewu karepmu iku apa ta le..!!!!”. “Pakdhe niki pripun ta aku iku njaluk pangapura boten nuwun dhuwit sewu!”. “Yo…wis…wis ayo padha mangkat selak ketinggalan sepur mengko!”.

Joko Bodho karo Pakdhene menyang stasiun Solo Balapan numpak sepur Paramex menyang stasiun sing cedhak karo Malioboro. Saben wong mbayar 10000 lagi entuk karcis lan bisa numpak sepur. Pakdhe Darsono ora duwe pilihan kudu mbayar karcise Joko Bodho amarga dheweke ora ngawa dhuwit amarga dikesusokake Pakdhene. Bubar entuk karcis Joko Bodho karo Pakdhene nungggu ana kursi. Ora ana sepuluh menit sepur sing arep menyang Yogya teka. Mbanjur Jaka Bodho lan Pakdhene numpak neng sepur, saking akehe uwong Joko Bodho karo Pakdhene mlencar ana panggonan beda.

Bubar entuk panggonan Pakdhe Darsono lagi eling yen dheweke kelangan Joko Bodho. Banjur dheweke nggoleki Joko Bodho ana ing gerbong-gerbong sepur. Dheweke was-was yen Joko Bodho didhukake ana ing dalan amarga ora duwe karcis sepur, amarga karcis sepure digawa Pakdhene.

Beda karo Jaka Bodho, dheweke malah enak-enakan turu semendhen ana jendhelan sepur bubar entuk panggonan sing kepenak. Dheweke ora krasa yen dheweke pisah karo Pakdhene. Kernete wis njaluki karcis sepur, nanging Jaka Bodho tetep wae turu malah nganggo

LKS Gladhi Basa Jawi IX/1 Page 18

Page 19: Wajib Koq di Langgar - Web viewKELAS 9 SMP/MTS. SEMESTER 1. Panyerat. Drs. Sujarno. Guru Bahasa Jawa SMP 2 Patuk. Kabupaten Gunungkidul. ... WULANGAN 1. CERPEN KEGIATAN SEKOLAH. Nyemak

ngorok. Kernet sepur ngerti Joko Bodho durung mbayar, banjur nangekake Jaka Bodho. Jaka Bodho kaget, “Ana apa iki? Lagi kepenak turu malah diganggu!, wis…ngaliha kana aku arep turu maneh ngantuk, dhek wingi aku rondha nganti bengi, aku isih ngantuk!”. “Wo..alah….mas-mas…njenengan niku dereng mbayar , pundi karcis sepure?”. “Wadhuh………wadhuh… mas..mas karcise digawa karo Pak…dhe…..ku!” omonge Jaka Bodho Karo nuding kursi sebelahe, nanging sing neng sebelahe ora pakdhene nangging wong liya. “Pundi mas Pakdhe jenengan, napa niki?”. “Mboten…mboten kula mboten Pakdhene mas niki, kula niku Mahasiswa ajeng sekolah menyak Yogya!!!”. “Nuwun sewu mas darakake njenengan niki Pakdhe kula?”. Raine Joka Bodho langsung abang branang amarga kisinan, mbanjur kernet sepur njaluk maneh karci sepure menyang Joko Bodho. Joko Bodho binggung piye carane mbayar karcis lha wong dheweke ora ngawa dhuwit. Joko Bodho karo kernete padha sesumbar sing ora jelas, nganti anggawe tontonane wong akeh.

Pakdhe Darsono ngerti wong rame-rame ana apa, banjur ditekani ana apa ta?. Bareng wis cedhak dheweke ngerti yen bocah gedhe duwur iku ponakane Joko Bodho. Banjur dheweke nekani lan ngomong apa ta masalahe nganti polahe ponakane kuwi gawe tontone wong sak sepur. “Iki ana apa ta?”. “Allhamdullilah Pakdhe tasih urip ta?”. “Bocah ora ngerti aturan, aku dikirane wis mati, yo..wis tak tinggal maneh wae!”. “Ampun…ampun Pakdhe kula mboten ngomong niki malih”. “Yo….wis ana apa iki padha rame-rame neng kene?”. “Ngeten lho pakdhe kernet niki nyuwun karcis kalih kula, lha kula kan mboten gadhah karcisipun Pakdhe”. “Yo wis iki mas karcise aku karo ponakanku”. “Nggih pak matur nuwun”.

Mung siji setengah jam wae sepure wis tekan ana stasiun cedhak karo Malioboro. Joko Bodho karo Pakdhene banjur mudhuk lan mlaku ara ana 500 meter wis tekan ana Malioboro.

Teka Malioboro Joko Bodho ndelok-ndelok klambi ana ing toko lan emperane toko akeh sing dodolan klambi apik-apik. Joko Bodho kepincut karo klambi batik motif kembang dicampur manuk merak warnane ijo rada biru. Dheweke bajur ngamong Pakdhene yen dheweke kepingin klambi kuwi.

“Pakdhe kula nuwun klambi niku nggih”. “Yo wis ndang cepet dibungkus silak kesoren, kowe yo durung tuku kathok karo sepatu sandal dienggo solat id to?”. “Inggih Pakdhe, njenengan niku moten pelit-pelit sanget”. “Dadi aku kudu mbayari klambi, kathok, karo sepatu sandalmu. Masyaallah… nuwun sabar ngadepi bocah koyo ngene”. “Yo….iya..thak mbayari neng mengko tekan ngomah dhuwitku diganti ya?”. “Inggih Pakdhe pasti niku”.

Bubar Joko Bodho rampung blanja keperluane, mbanjur pakdhene ngajak mangan ana restoran padang. Neng kono Joko Bodho mangan akeh banget saking kekeselen blanja menyang Malioboro. Telung piring Jaka Bodho enthek mangan, Pakdhene mbatin rugi tenan yen ngajak Joko Bodho lunga. Pakdhene gumun blanja lan mangane Jaka Bodho wis entek wolungatus ewu. Pakdhene kapok-kapok tenan aro arep ngajak lunga Joko Bodho maneh. Pokokke kapok…kapok tenan, pantesan wae bapak ibune njenengi anake Joko Bodho, lha uwonge kaya kebo sawah ngendhulak-ngendhuluk. www. cerkak -jawa.com/ceritacekak

Diposkan oleh nuraini di 23:57

2. Nama-nama pengarang Sanggar Sastra Jawa Yogyakarta:

No Nama No Nama

01 A.Y. Suharyono 28 J.Widiyanto

02 Danu Priyo Prabowo 29 Bapak Gandang

03 Margareth Widi Pratiwi 30 Yudhet Wahyudi

04 Jaimin 31 Widido B.S

05 Ardini PangastutI B.N 32 Achir Lusono

06 Turio Ragil Putro 33 Sigit Priyono

LKS Gladhi Basa Jawi IX/1 Page 19

Page 20: Wajib Koq di Langgar - Web viewKELAS 9 SMP/MTS. SEMESTER 1. Panyerat. Drs. Sujarno. Guru Bahasa Jawa SMP 2 Patuk. Kabupaten Gunungkidul. ... WULANGAN 1. CERPEN KEGIATAN SEKOLAH. Nyemak

07 Suwardi Endrasworo 34 Yanto Hari

08 Bambang Nursinggih 35 S.W Sidi

09 F.X. Subroto 36 A.Sardi

10 Eko Nuryono 37 Ismadi

11 Sutarmoyo Budi 38 Marciana Sarwi

12 Sartono Kusumaningrat 39 Itheng Sulistyowati

13 Y.Yatiman 40 Untoro H.W

14 A.Y. Untung Rusbianto 41 Sri Wintolo Rahmat

15 C. Istuti Sarjoko (Nini Klenyem) 42 F.X Huri

16 Rita Nuryanti 43 Wijono Putro

17 Chrisna Miharja 44 Isngadi Marwah Atmojo

18 Indria Siwi 45 Mujono

19 Suhindriyo 46 Banuarli Ambardi

20 Suci Hadi Suwito 47 Sri Lestari

21 Sunartini 48 Sinar Indra Krisnawan

22 Akhiyadi 49 Sri Supadmi Sudiardo

23 Ayu Dewi Widowati 50 Fajar R.

24 Atien 51 Ignasia Sri Sumarah

25 Arum Sutarsih 52 Ki Sabdopalon

26 Budi S. Parikesit 53 Jumilah

27 Jokom Suharyono

3. Wangsulana pitakonan ing ngisor iki!a. Manut panemumu kepriye basa kang digunakake ana ing cerkak kasebut, wis trep

apa durung? Wenehana pawadan kang gumathok!b. Manut panemumu kepriye wewatekane Joko Bodho?

Micara

LKS Gladhi Basa Jawi IX/1 Page 20

Page 21: Wajib Koq di Langgar - Web viewKELAS 9 SMP/MTS. SEMESTER 1. Panyerat. Drs. Sujarno. Guru Bahasa Jawa SMP 2 Patuk. Kabupaten Gunungkidul. ... WULANGAN 1. CERPEN KEGIATAN SEKOLAH. Nyemak

Kompetensi Dasar :3.2 Mendiskusikan praktik baca cerpen

B. Indikator :

1. Membaca kreatif cerkak karya orang lain dengan wicara, wirama, wiraga, wirasa dan piranti yang sesuai dengan isi cerkak dengan penuh percaya diri

2. Melakukan penilaian terhadap teman sejawat atas pembacaan cerkak dengan cermat dan penuh kejujuran

3. Mendiskusikan hasil pengamatan dan penilaian terhadap teman sejawat atas pembacaan cerkak dengan cermat, jujur dan bertanggung jawab

4. Mengemukakan kritik dan saran atas hasil pengamatan dan penilaian pembacaan cerkak teman sejawat dengan santun, cermat, jujur, bertanggung jawab dan tetap menghargai keberagaman berpendapat

C. Materi1. Gawea kelompok, saben kelompok 5 – 6 siswa. Saben kelompok matah wakile supaya

maca cerkak kanthi Wicara, Wirama, Wiraga, Wirasa , sarta piranti kang trep utawa kanthi cara simulasi (dramatisasi cerkak), dene kelompok liyane mbiji.

2. Rembugen (diskusi) karo kelompokmu mungguh kaluwihan lan kekurangane kelompok sing kokbiji!

Wenehana panyaruwe, pangalembana

Dadi Juragan Barang BekasDening Budi Wahyono

Karepe Mugiman sepele. Mung arep mbiyantu bapake sing thenger-thenger saben ndina merga ora nduweni paitan kanggo dodol terompet.Sanadyan paitan wis ana nanging gunggunge ora sepira. Isih cupet . Kudu dimangerteni yen gawe terompet mbutuhake paitan maneka warna. Saka dluwang werna-werna rupane, kerdhus tumeka lim.

Dluwang wis cemepak sak jogan ruwang tamu. Tumpekan dluwang sing mengkilap ulese maneka warna turahan setahun kepungkur isih isa digunakake. Lem saka pathi kanji ya wis cemepak. Sak wektu-wektu mbok Yekti gelem nggawe.

“Kerdhuse mepet ya Pak?” Mugiman banjur alok bapake sing katon rikuh. Minangka wong tuwa sajake ora patrap yen terus-terusan ngupadaya Mugiman.

“Sekolahan ketoke ana kerdhus akeh Pak. Aku wingi ditawani Pak Kepala Sekolah,” kandhane mbukak bruwete pikir. Antara percaya lan ora, bapake perlu negesake.

“Kok apik temen kepala sekolahmu Mug?”“Ya iku merga aku nate dadi juara kelas Pak. Sak liyane kuwi uga dadi juara karate

nalika Porseni tingkat kecamatan,” wangsulane ethes kaya-kaya wis disiapake. Lik Min kaget.“Kapan kerdhus-kerdhus mau isa mbok jupuk? Kerdhus wis ora kaggo tenan ta?”

bathuke bapake isih pating mengkerut.“Tenan Pak, bapak kepala sekolah nawani kaya mangkono merga pirtsa yen awake

dhewe bakulan terompet,” Lik Min manggut-manggut mantep. Bubar sarapan Mugiman njranthal tumuju sekolah.

Kebeneran sekolah lagi prei. Sanadyan prei bapak kepala sekolah piket. Dadi Mugiman ora kecelik.

Tekan ngarep lawang, kepala sekolah sing grapyak gage-gage nemoni Mugiman. Eseme sing nentremake ati diumbar.

“Sida golek kerdhus Mug?”“Saestu Pak, saestu,”“Lha endi wadhahmu?”

LKS Gladhi Basa Jawi IX/1 Page 21

Page 22: Wajib Koq di Langgar - Web viewKELAS 9 SMP/MTS. SEMESTER 1. Panyerat. Drs. Sujarno. Guru Bahasa Jawa SMP 2 Patuk. Kabupaten Gunungkidul. ... WULANGAN 1. CERPEN KEGIATAN SEKOLAH. Nyemak

“Kula bentel lajeng kula sunggi menapa mboten kiyat to Pak?” semaure sak kecekele. Pak Kepala sekolah gedheg-gedheg.

“Ah, mesaake sirahmu. Yen kentepan kerdhus malah kelong pintere lho,” guyone kepala sekolah. Mugiman mlengeh.

“Luwih becik bapakmu diaturi rene. …Gudhang ya ana gerobak cilik, isa mbok gunakake,”

“Matur nuwun Pak, matur nuwun sanget.” Mugiman sing entuk kawigaten kang omber rumangsa kudu sumringah atine.

Mugiman lan lik Min mbongkoki tumpukan kerdhus ana ing ruwang kepala sekolah. Pirang-pirang bentel. Loro-lorone gembrobyos. Batine Lik Min, kok akeh temen kerdhus sing sing diparingake.“Kerdhus-kerdhus niku pun pundhut menapa pun paringaken Pak?” pitakone lik Min lugu.Pak Mus, kepala sekolah mung gemujeng.“Pun paringaken… Kangge hadhiah Mugiman kemawon. Sekolah dereng saget maringi hadhiah ingkang pantes kangge Mugiman. Menika kangge bonus.,” Pak Mus ngajak guyon. Lik Min klecam-klecem. Batine, hadhiah kerdhus iki yen diregani dhuwit isa kepetung luwih seketan ewu. Petengan jumlah sing isa ngurangi rekasane bapake.Luwih sak jam olehe ubeg ana ruwang kepala sekolah, bacute loro-lorone pamitan mulih.Mesthi wae ora lali ngaturake matur nuwun marang kepala sekolahe.“Dadi wong pinter ya ana rejekine ya Mug?”“Iya to Pak, rencanane semester ngarep aku bakal entuk beasiswa”“Saka sekolahan?”“Saka pamarintah Pak, ““Wah, wujude dhuwit ya Mug?” bapake ngoyak takon.“Iya Pak, mosok beling?” ceblang-ceblung olehe mangsuli.

***Kocapa bareng kerdhus mau diusung ngango gerobag menyang ngomah, dumadakan dadi sak gunung. Omahe nganti kebak. Mbludag menyang emper. Mesthi wae dadi repot mbok menawa ana tamu. Kahanan kaya mangkono mau ndadekake sesawangan sing ora kepenak menyang mripat. Bejane Yu Yah sing tukang dodol barang rongsokan rumangsa kudu melu cawe-cawe. Dheweke saguh nukoni kerdhus-kerdhus mau.“Tinimbang ngebaki omah reged to Mug, piye yen tak tuku kerdhus-kerdhusmu? Bapakmu endi?” Yu Yah lungguh dlosoran saking kesele.“Iki kerdhusku Lik, ora sah taren karo bapak. Bapak menyang kutha dodol tetompet,” semaure emtheng.“Sekilone pira? Apa diborong kabeh sisan Lik?”“Ya, ngono wae timbang repot-repot,”“Arep mbok tuku pira Lik?” minggrang-minggring olehe taren.“Seket ewu piye?”“Tambahi sithik ta Lik, iki arep tak enggo paitan dodol dluwang rongsokan. Aku arep dadi tukang ngepul kertas, kerdhus, plastik..”“Wah, saingan karo aku yo Le?”“Ya ora to Lik, mengko tak setorke Sampeyan,”Bacute kerdhuse Mugiman didol payu sewidak ewu. Kanggone Mugiman iki petungan sing lumayan. Pikirane banjur mlethik. Yen kerdhus payu, mesthi dkuwang-dluwang duweke kanca-kancane sing ora kanggo uga payu.Mula sakploke preinan iki Mugiman mubeng kampung nemoni kancane sak kelas mbaka siji. Kabeh ditakoni, mbok menawa nduwe dluwang sing ngebaki omah lan dadi susuh tikus. Ora kenyana-nyana, jebule ora mung dluwang wae. Kerdhus, plastik, wes kasil digawa mulih Mugiman. Ayeme ora jamak sanadyan awake kesel. Malah kadhangkala Mugiman mesem dhewe nalika nyawang barang-barang rongsokan mau. Sanadyan wis akeh sing nglirik, Mugiman durung lila ngeculake. Ati cilike mongkog minangka rumangsa dadi juragan.Telung dina bacute bapake kaget. Ngomahe kebak maneka warna barang-barang sing wis ora kanggo.“Lho, kok kowe dadi juragan Mug? Entukmu modhal ngendi?”

LKS Gladhi Basa Jawi IX/1 Page 22

Page 23: Wajib Koq di Langgar - Web viewKELAS 9 SMP/MTS. SEMESTER 1. Panyerat. Drs. Sujarno. Guru Bahasa Jawa SMP 2 Patuk. Kabupaten Gunungkidul. ... WULANGAN 1. CERPEN KEGIATAN SEKOLAH. Nyemak

“Tanpa modhal Pak, tugase bapak sak iki nampa lan nukoni wong-wong kang adol dluwang, kerdhus , plastik lan wesi. Iki daftare rega saben kilone Pak..Yen wis nglumpuk arep diparani sing kawogan..,”“Lha kok nduwe dhuwit saka ngendi Mug?”“Saka koperasi sekolah Pak, disilihi Pak Kepala sekolah,”Bapak lan anak rangkulan. Trenyuh. Sapa ngerti yen iki pancen dalan kanggo paitan urip sing luwih mbejaji. Tinimbang dadi buruh tani. Tinimbang mung njagakake dodol terompet setahun pisan. Tinimbang mulih sekolah mung ngantuk klakepan.

----------------------Pengirim: Drs Budi Wahyono

Guru SMK Negeri 7 Jln. Simpanglima, Semarang 50241

M acaKompetensi Dasar :

3.2 Menanggapi naskah cerpen kegiatan lingkungan tempat tinggal

A. Indikator :

1. Mensimulasikan /mendramatisasikan secara kreatif dan penuh percaya diri naskah cerkak dengan wicara, wirama, wiraga, wirasa, dan piranti yang tepat

2. Menganalisis unsure-unsur pembangun cerkak (tema, latar, penokohan, alur, pesan, sudut pandang, dan konflik) dalam cerkak dengan cermat

B. Materi1. Cerkak ing ngisor iki tindakna ana ngarep kelas kanthi: Wicara, wirama, wiraga,

wirasa, sarta piranti kang trep!

Wurung Golek Pesugihan

Is Sarjoko (Nini Klenyem)

Mas Marto lan mbak Nari anggenipun mbangun brayat sampun sawetawis dangu, sampun pinaringan momongan tiga jaler sedaya, taksih alit-alit. Mbajengipun umur 6 tahun.Senajan mas Marto punika satunggaling aparat pemerintah (tentara), nanging kanyata gesangipun kala semanten Nyenen Kemis alias rekaos.Kawontenan dereng kados sak punika, gaji ageng lan taksih ketambah tunjangan warni-warni.Senajan dipun rencangi pados tambahan, dalu dados satpam ing salah satunggaling perusahaan, nanging kok inggih meksa dereng cekap, taksih rekaos.Mas Marto ngantos judheg manahipun. Ing satunggaling dinten, mas Marto mbeberaken kawontenanipun dhateng salah satunggaling kanca satpam, bab kados pundi supados gesangipun saget cekap.Rencang satpam ingkang nama pak Slamet wau manthuk-manthuk, lajeng criyos mekaten :

“Pances kok pak Marto, wong kuwi janji wis kejudhegan, adhakan njur njupuk dalan pintas”, ngaten cricosipun.

LKS Gladhi Basa Jawi IX/1 Page 23

Page 24: Wajib Koq di Langgar - Web viewKELAS 9 SMP/MTS. SEMESTER 1. Panyerat. Drs. Sujarno. Guru Bahasa Jawa SMP 2 Patuk. Kabupaten Gunungkidul. ... WULANGAN 1. CERPEN KEGIATAN SEKOLAH. Nyemak

“Pak Slamet, aku ya wani kok njupuk dalan pintas, janji wae ora laku colong jupuk, nggedhor njambret. Yen kecekel wah wirang, isin lan ya saru. Hla piye wong aku seorang aparat je,” ngaten wangsulanipun mas Marto.

“Nek neng dhukun gelem pa ?” pak Slamet taken.

“Gelem,” wangsulanipun mas Marto mantep.

“Hayo nek gelem tak terke, ning mengko rembugana dhewe.” Ngaten pak Slamet tawi jasa.

Gantos dinten, kekalihipun kesah dhateng redi Srandil sowan mbah Jenggot. Inggih tiyang punika juru kunci ingkang saget wawan rembag kaliyan roh alus, ingkang saged ngrencangi pados bandha (dados sugih).

Dumugi mriku, mas Marto ingkang gadhah perlu ingkang kapurih mlebet, dene pak Slamet tengga wonten njawi ngriya.

Sasampunipun sami pitepangan lan kaaturan pambagya kawilujengan, mas Marto ngaturaken wigatosing sedya.

Juru kunci inggih mbah Jenggot, mirengaken kaliyan manthuk-manthuk, wusana criyosipun :

“Nak, panjenengan punika satunggaling karyawan pemerintah, gadhah pemedal ingkang ajeg, mbok inggih ingkang sabar. Bab cekap utawi sugih punika, rak namung dereng. Punapa sampun dipun penggalih saestu ta, nak ?” Mas Margo sejatosipun lingsem mireng pitakenipun mbah Jenggot wau, ning kados pundi, sampun kelajeng dumugi mriku tur manah sampun mantep. Mila wangsulipun :

“Sampun pak, kula sampun mantep nyuwun pitulunganipun bapak.”

“O .... sanes dhateng kula nak, ning dhateng dhanyangipun redi Srandil mriki,” mbah Jenggot ngleresaken. Salajengipun :

“Ning nggih punika nak, wonten unen-unen, “Jer Basuki mawa bea”. Mas Marto ngertos kajengipun mbah Jenggot, tumunten mangsuli :

“Inggih pak kula ndherek,” mbah Jenggot tumuli nilar mas Marto mlebet senthong ngantos sawetawis wekdal, saperlu ngaturaken kekajenganipun mas Marto dhateng dhanyangipun redi Srandil, inggih mbah Bewok. Sareng medal mbah Jenggot criyos :

“Panyuwunan panjenengan dipun kabulaken, nak dening mbah Bewok, saratipun penjenengan kedah siam ngebleng wonten senthong tigang dinten tigang dalu. Yen sampun rampung, panjenengan lajeng tindak mriki. Dene donganipun ngaten : “Mbah Bewok kula nyuwun bantuanipun supados saget sugih bandha.”

“O .... inggih, pak.” Ngaten wangsulanipun mas Marto sagah. Sasampunipun punika mas Marto lan pak Slamet sami mahtuk.

Dhateng ingkang estri, mas Marto criyos menawi badhe prihatos siyam ngebleng, lan weling, salebetipun tigang dinten tigang dalu sampun ngantos dipun ganggu. Sasampunipun rampung anggenipun siyam, mas Marto wangsul manggihi mbah Jenggot ing redi Srandil.

LKS Gladhi Basa Jawi IX/1 Page 24

Page 25: Wajib Koq di Langgar - Web viewKELAS 9 SMP/MTS. SEMESTER 1. Panyerat. Drs. Sujarno. Guru Bahasa Jawa SMP 2 Patuk. Kabupaten Gunungkidul. ... WULANGAN 1. CERPEN KEGIATAN SEKOLAH. Nyemak

Ing ngriku mas Marto lajeng dipun dusi mawi toya sekar, wadhahipun pengaron. Pak juru kunci lajeng criyos :

“Nak, penjenengan badhe kadumugen punapa ingkang panjenengan kersakaken, ning pendhak gangsal taun sepisan, dhanyangipun nyuwun kuthuk utawi cempe setunggal minangka kurban.”

Sak punika panjenengan kondur, mbenjing dinten malem Jemuah Kliwon, mbah Bewok dhanyangipun badhe dhateng dalem penjenengan, suka gambaran-gambaran kasugihan ingkang badhe penjenengan tampi, ning ugi kuthuk utawi cempe calonipun kurban.

Inggih wekdal punika penjenengan dipun tanting, estu lan mbotenipun anggenipun badhe sesambetan kaliyan mbah Bewok dhayangipun ngriki.”

Saestu, dinten malem Jemuwah Kliwon, mas Marto njarag tilem wonten ngajeng konten, ning pikiranipun nglambrang kengetan criyosipun pak juru kunci, yen mbah Bewok dhanyangipun redi Srandil badhe dhateng. Ngantos meh jam kalih welas mas Marto namung gedabigan, mboten saged tilem. Inggih mergi saking ngantukipun, wusana saged les ketileman.

Ing salebeting tilem, mas Marto ngimpi dipun dhatengi kaki-kaki rasukan cemeng, ngajak mas Marto mlebet ing griya ingkang sae, prabotanipun lengkap, lan enggal sedaya. Mas Marto piyambak rumaos gumun, menapa malih sareng tiyang punika criyos :

“Omah saisine sing becik-becik iki peken, ning aku ijolana kuthukmu.”

Mas Marto manthuk sagah. Kaki-kaki rasukan cemeng wau lajeng ngajak pindhah mlebet ing griya ingkang langkung sae malih, malah sedaya tetumpakan wonten, saking sepedha, motor, mobil. Semanten ugi lemari kaca ingkang saking njawi ketingal gumebyar, wadhah warni-warni rerengganing busana priya lan wanita, kados dene gelang, kalung, sengkang, sesupe, ingkang sedaya tinretas berliyan. Kaliyan ningali kaki-kaki wau criyos malih :

“Iki sing kaping pindho, uga bakal dadi duwekmu, ning aku ijolana cempemu.”

Mas Marto manthuk, sagah. Kaki-kaki wau lajeng ngajak pindhah malih.

Sapunika mlebet ing griya ingkang kados kraton. Papanipun endah sanget, isinipun sarwi sae, ingkang dumugi sapunika mas Marto dereng nate sumerep. Ing meja dhahar ketingal sumadhiya sawernaning dhedhaharan ingkang menginaken. Kaki-kaki wau criyos malih kaliyan mas Marto :

“Iki kabeh bakal dadi duwekmu, yen kuthuk lan cempemu mbok wenehake aku kabeh. Piye kowe saguh ora ? Dene yen kuthuk utawa cempemu entek, genten kowe sing melu aku.” Pitaken ingkang kaping tiga punika mas Marto dados bingung, mila taksih mendel kemawon. Ing salebetipun mikir-mikir menika, punapa ingkang dipun kajengaken kaki-kaki wau, ndadak sak njawining griya ingkang kados kraton punika kapireng tangisipun lare-lare ingkang sanget ngeres-eresi manah, ngundang-undang tiyang sepuhipun. Mireng punika mas Marto taken dhateng kaki-kaki wau.

“Punika swantenipun punapa ?”

“Ya kuwi swarane kuthuk-kuthuk lan cempe sing dening wong tuwane wis dipasrahake aku. Nek kowe kepingin weruh .... ayo tak duduhi !” Kaki-kaki wau lajeng mbikak konten butulan.

Kados punapa kagetipun mas Marto, sareng sumerep lare-lare alit sami dipun larak-larak tiyang-tiyang gagah-gagah prakosa, badhe kacemplungaken ing papan kados kawah ingkang mawanipun mengangah benter. Elokipun, anak-anakipun mas Marto tiga punika saking katebihan

LKS Gladhi Basa Jawi IX/1 Page 25

Page 26: Wajib Koq di Langgar - Web viewKELAS 9 SMP/MTS. SEMESTER 1. Panyerat. Drs. Sujarno. Guru Bahasa Jawa SMP 2 Patuk. Kabupaten Gunungkidul. ... WULANGAN 1. CERPEN KEGIATAN SEKOLAH. Nyemak

ketingal sampun dipun cepengi kenceng dening tiyang-tiyang gagah-gagah wau, ning lajeng dipun oyak semahipun dipun gendholi.

Sumerep punika, mas Marto lajeng mbradhat mlajar murugi papaning anak-anakipun kaliyan mbengok sora :

“Aja ... aja ... aja ... kuwi anakku ! Ngertos-ngertos mas Marto dipun gigah kanthi dipun oyog-oyog sora dening semahipun, tembungipun :

“Pak ! ... pak ! ... pak ! ... nglilir ... njenengan ki ana apa ?” Mas Marto sadhar. Kaliyan linggih, ambeganipun krenggosan, kringet asrep gumrobyos medal, badan raosipun kados les-lesan.

Sareng sampun dipum ombeni toya semahipun, piyambakipun kaliyan criyos : “Sembahyang pak...... sembahyang ........ ! ben diparingi wening, ana apa ta ?”

Mas Marto lajeng tumata manahipun, dangu-dangu lajeng wening. Kemutan dhateng criyosipun pak juru kunci, menawi dhanyangipun badhe dhateng, nanting kekajenganipun, estu punapa mboten mas Marto anggenipun pados pesugihan. Lajeng gapyuk ngrangkul semahipun kaliyan criyos :

“Wis-wis bu, ora sugih ora papa, angger urip tentrem karo anak lan bojo, aku ora sida golek pesugihan.”

Semahipun blas mboten ngertos punapa ingkang dipun kajengaken mas Marto. Enjing sak sampunipun dipun critani, nembe mangertos dhodhok selehing prakawis, menawi semahipun badhe pados pesugihan ning tanpa tetarosan semahipun.

Mila criyosipun dhateng ingkang jaler.

“Gage kana dibalak ..... batal wae....... pak, ora sah sida njaluk sugih ...... yen kudu ngurbanke kuthuk ..... cempe utawa anak. Aku madhep mantep nyuwun karo Gusti, angger nyambut gawe kinanthen gemi nastiti, suwe-suwe rak ya pinaringan cukup.” Mas Marto nggega pemanggihipun ingkang estri, lajeng bidhal dhateng redi Srandil, saperlu mbatalaken kekajengan pados pesugihan. Mas Marto trimah wurung. Niyatipun badhe kerja keras supados pinaringan cekap gesangipun. Pangibadhahipun ingkang rumuyin kendho, lajeng dipun mempengi. Sregep anggenipun sembahyang, sesarengan kaliyan semah lan anak-anakipun. www. cerkak -jawa.com/ceritacekak

2. Unsur Pembangun cerkak :a. Tema

Yaiku sing dadi underane crita, upamane: kadurjanan, pendidikan, kabudayan, kasarasa, lsp.

b. ParagaYaiku paraga/pelaku sing melu mbangun crita. Kaperang ana paraga pokok (tokoh utama) lan paraga Bantu (tokoh pembantu)

c. WatakGegambarane wewatekane tokoh, wateke becik (protagonist) apa wewatekane ala lan tansah ngreridhu paraga pokok (antagonis)

d. SettingYaiku papan kedaedane crita lan wektune

e. Alur/plotYaiku bakune crit wiwit saka lekas nganti pungkasan (perkenalan, konflik, penyelesaian), manut wujude : alur maju, alur mundur, apa campuran

f. Sudut pandangGaya penceritan : Apa wong kapisan, wong kapindho, “serba tahu”

3. Rembugen karo kelompokmu crita cekak kasebut :a. Apa “tema” cerkak kasebutb. Aranana paraga sajroning cerkak mau!

LKS Gladhi Basa Jawi IX/1 Page 26

Page 27: Wajib Koq di Langgar - Web viewKELAS 9 SMP/MTS. SEMESTER 1. Panyerat. Drs. Sujarno. Guru Bahasa Jawa SMP 2 Patuk. Kabupaten Gunungkidul. ... WULANGAN 1. CERPEN KEGIATAN SEKOLAH. Nyemak

c. Kepriye watak wantune para paraga mau?d. Kepriye mungguh alur critane?e. Ana ngendi latar utawa settinge cerkak kasebutf. Migunakake “sudut pandang” apa cerkak kasebut?g. Sebutna uga “amanat” kang ana ing sajroning cerkak mau

NulisKompetensi Dasar :

4.2 Menulis cerkak kegiatan lingkungan tempat tinggal

A. Indikator :

1. Menentukan tema cerkak dengan tepat2. Menentukan rincian unsure pembangun ( tokoh, alur, setting, dsb) cerkak

dengan tepat 3. Mengembangkan ide, pengalaman pribadi atau orang lain dalam bentuk karya

kreatif cerkak dengan memperhatikan unsur pembangun cerkak, pilihan kata, tanda baca, dan ejaan

B. Materi Pembelajaran1. Crita cekak mujudake crita gancaran kang duwe titikan mangkene:

a. Isine ngandharake sawijining lelakon utawa kadadeyanb. Ana paraga utamane lan paraga tambahanc. Nggambarake kedadeyan kang ana ing masarakatd. Ngemot pitutur, piwulang utawa pasemon

Nulis utawa ngarang crita cekak kuwi ora nganggo pathokan lan paugeran sing gumathok. Sing baku ana critane lan paragane. Dene susunane crita cekak (cerkak) kaperang dadi mangkene:1) Tetepungan Nggambarake swasana utawa kahanan paraga2) Masalah

Nggambarake masalah sing diadhepi dening paraga3) Cara ngluwari masalah

Nggambarake kepriye carane paraga uwal saka masalah4) Panutup utawa pungkasaning crita

Nggambarake pungkasane crita Dene bebakalaning crita cekak yaiku:

1) TemaYaiku sing dadi underane crita, upamane: kadurjanan, pendidikan, kabudayan, kasarasa, lsp.

2) ParagaYaiku paraga/pelaku sing melu mbangun crita. Kaperang ana paraga pokok (tokoh utama) lan paraga Bantu (tokoh pembantu)

3) WatakGegambarane wewatekane tokoh, wateke becik (protagonist) apa wewatekane ala lan tansah ngreridhu paraga pokok (antagonis)

4) SettingYaiku papan kedaedane crita lan wektune

5) Alur/plot

LKS Gladhi Basa Jawi IX/1 Page 27

Page 28: Wajib Koq di Langgar - Web viewKELAS 9 SMP/MTS. SEMESTER 1. Panyerat. Drs. Sujarno. Guru Bahasa Jawa SMP 2 Patuk. Kabupaten Gunungkidul. ... WULANGAN 1. CERPEN KEGIATAN SEKOLAH. Nyemak

Yaiku bakune crit wiwit saka lekas nganti pungkasan (perkenalan, konflik, penyelesaian)

2. Ngaranga sawijining crita cekak kang temane ana gegayutane karo kegiatan sekolah utawa kegiatan ing lingkungan masarakat. Gunakna tembung , basa lan ejaan sing trep. Kanggo luwih nggampangake anggonmu nulis, coba wangsulana pitakon-pitakon iki!a. Kowe arep nulis bab apab. Masalahe bab apa?c. Paragane sapa bae lan kepriye wewatekane?d. Kepriye anggone ngatasi masalah?e. Kedadeane ana ngendi, kapan?f. Kepriye wusanane crita?

3. Tuladha cerkak kang kamot ing Blog Kompasianer

Ketiban Cecak

Sawijining sore ning dhuwur lincak ngarep omah, simbok lan Pras anake lanang lagi gayeng

rembugan

“lho le..simbok ngematke awit mau koq raiumu katon suntrut, dheleg-dheleg. opo mau bar

didukani Bu Guru ning sekolah? …hayooo”

“eh..simbok, mboten yo..mosok sih?”

“halah ra sah sulaya aku ki wis apal ogh karo lageyanmu” simbok ngendikan sambi nggujeng

“hehe…mboten wonten punapa-punapa koq, tapi Pras lagi kepikiran dadine ora jenak ning ati”

“lha kenapa to le sakjane?”

“niku lho mbok, jare wong jaman mbiyen nek ono sing ketiban cecak bakal nemahi bilahi, lha

ndilalahe dhek isuk pras pas arep njupuk klambi ki ketiban cecak mbok” pungkasane Pras crita

karo simbok

“weleh weleh…kuwi to le sing marai kowe sajak ora tentrem ngono, lha awakmu percaya ora?”

“nggih percaya nggih mboten mbok” jawabe Pras

***

“kene le tak kandhani yo, sing jenenge cilaka orane wong siji lan sijine ki ora gumantung

marang cecak, kuwi ming gugon tuhon“

“gugon tuhon ki napa to mbok?” pitakone Pras

“apa yo le?..hmm kuwi nek basa keren e semacam keyakinan irasional, takhayul ngono kuwi

lho” jawab simbok rada ilmiah

“woo…dadi mboten bener nggih, nek menawa ono wong ketiban cecak njur bakal sial?”

“yo jelas big no no to le ora bener iku, wong dhewe ki lak nduwe Gusti, kabeh pitulungan ki

saka kana, dadi ora amarga hal sepele wong dadi cilaka, iki lak meh padha karo yen ana wong

nabrak kucing njuk ora dirumat terus iso dadi sial, padahal ora mengkono sebenere”

“lha pripun sakjane mbok?”

“yo kabeh kedadeayan ning ndonya ki asline sebab akibat le, masiya ngono sing jenenge takdir

yo tetep ora iso diendhani, nanging jejer kita iki menungsa ya dadia wong kang becik lan ngati-

LKS Gladhi Basa Jawi IX/1 Page 28

Page 29: Wajib Koq di Langgar - Web viewKELAS 9 SMP/MTS. SEMESTER 1. Panyerat. Drs. Sujarno. Guru Bahasa Jawa SMP 2 Patuk. Kabupaten Gunungkidul. ... WULANGAN 1. CERPEN KEGIATAN SEKOLAH. Nyemak

ati ojo sembrana lan ora nuruti aturan supaya urip e ki tentrem, eling a sapa sing nandur bakal

ngundhuh”

“hmm..mekaten nggih mbok intine…Pras mudeng sakniki”

“lha yo ngono kuwi le…nah amarga kowe wis mudheng, dadi saiki wayahe awakmu mijeti

simbok, sikilku pegel kabeh sedina iki dodolan mubeng ndesa”

“oke deh mbok…siappppp”

Blog Kompasianer

Kompetensi Dasar :4.4 Menulis cergam kegiatan tempat tinggal

A. Indikator :1. Menentukan tema cergam dengan tepat2. Menyusun kerangka naskah cergam berdasarkan gambar seri yang menunjukkan

rangkaian cerita3. Menentukan unsure pembangun cerita : alur cerita, tokoh, perwatakan dan setting

cergam4. Mengembangkan kerangka cergam berdasarkan unsure pembangun cerita

menjadi naskah cergam

B. Materi

1. Gawea cergam kanthi tema kegiatan sekolah utawa kegiatan lingkungan masarakat, gatekna ancer-ancer ing ngisor iki:c. Gawea rangkaning crita adhedhasar gambar kang wis cumawisd. Mekarna rangkaning crita dadi naskah cergam kanthi bumbu-bumbu

pangangen-angen, gagasan, lan imaginasimu!

LKS Gladhi Basa Jawi IX/1 Page 29

Page 30: Wajib Koq di Langgar - Web viewKELAS 9 SMP/MTS. SEMESTER 1. Panyerat. Drs. Sujarno. Guru Bahasa Jawa SMP 2 Patuk. Kabupaten Gunungkidul. ... WULANGAN 1. CERPEN KEGIATAN SEKOLAH. Nyemak

LKS Gladhi Basa Jawi IX/1 Page 30

Page 31: Wajib Koq di Langgar - Web viewKELAS 9 SMP/MTS. SEMESTER 1. Panyerat. Drs. Sujarno. Guru Bahasa Jawa SMP 2 Patuk. Kabupaten Gunungkidul. ... WULANGAN 1. CERPEN KEGIATAN SEKOLAH. Nyemak

WULANGAN 3KABUDAYAN

NyemakKompetensi Dasar :1.3 Menanggapi cerita wayang dalam Serat Tripama

A. Indikator :

1. Menuliskan ringkasan tiga tokoh dalam Serat Tripama dengan bahasa sendiri2. Mengidentifikasi sifat-sifat tokoh pewayangan dalam Serat Tripama3. Mengungkapkan nilai-nilai budi pekerti luhur dalam Serat Tripama

B. Materi Pembelajaran

Serat Tripama anggitane Sri Mangkunagara IV awujud tembang Dhandhanggula. Kabehe ana 7

pada. Ing ngisor iki :

1. Teks Serat Tripama Yasan Dalem Sri Mangkunagara IV

1) Yogyanira kang para prajurit, lamun bisa sira anulada, duk ing nguni caritane, andelira Sang Prabu, Sasrabahu ing Maespati, aran patih Suwanda, lelabuhanipun, kang ginelung triprakara, guna kaya purun ingkang den antepi,

nuhoni trah utama.

2) Lire lelabuhan triprakawis, guna bisa saniskareng karya, binudi dadi unggule, kaya sayektinipun, duk bantu prang Magada nagri,amboyong putri dhomas , katur ratunipun,purune sampun tetela,aprang tanding lan ditya Ngalengka aji,Suwanda mati ngrana.

3) Wonten malih tuladhan prayogi, satriya gung nagri Ngalengka, Sang Kumbakarna arane, tur iku warna diyu, suprandene nggayuh utami,duk awit prang Ngalengka,dennya darbe atur, Mring raka amrih raharja,Dasamuka tan kengguh ing atur yekti,

LKS Gladhi Basa Jawi IX/1 Page 31

Page 32: Wajib Koq di Langgar - Web viewKELAS 9 SMP/MTS. SEMESTER 1. Panyerat. Drs. Sujarno. Guru Bahasa Jawa SMP 2 Patuk. Kabupaten Gunungkidul. ... WULANGAN 1. CERPEN KEGIATAN SEKOLAH. Nyemak

de mung mungsuh wanara.

4) Kumbakarna kinen mangsah jurit, mring kang raka sira tan lenggana, nglungguhi kasatriyane, ing tekad datan purun ,amung cipta labuh nagari, lan noleh yayah rena, myang leluhuripun,wus mukti aneng Ngalengka , mangke arsa rinusak ing bala kapi, punagi mati ngrana

5) Wonten malih kinarya palupi, Suryaputra narpati Ngawangga, lan Pandhawa tur kadange, len yayah tunggil ibu, suwita mring Sri Kurupati, aneng nagri Ngastina,

kinarya gul agul, manggala golonganing prang,

Bratayuda ingadegken senapati, ngalaga ing Kurawa.

6) Den mungsuhken kadange pribadi, aprang tandhing lan Sang Dananjaya, Sri Karna suka manahe,dene sira pikantuk, marga denya arsa males sih,ira Sang Duryudana,

marmanta kalangkung,denya ngetok kasudiran, aprang rame Karna mati jinemparing, sumbaga wirotama

7) Katri mangka sudarsaneng jawi, pantes sagung pra prawira,amirita sakadare,ing lelabuhanipun, hawya kongsi buwang palupi, manawa tibeng nistha, ina esthinipun, senadyan tekading buta, tan prabeda budi panduming dumadi,

marsudi ing Kotaman.

1. Katrangan

(1) Tembang ing pada 1 lan 2 ing ndhuwur nyaritakake lelakone Raden Sumantri/ Patih Suwanda

pinangka andel-andele Sang Harjuna Sasrabahu ing Mahispati kang mengkoni lan nuhoni watak

telung prakara yaiku: guna , kaya, lan purun. Watak guna tegese pinter, lire tansah bisa

mrantasi gawe. Kaya tegese sugih kaprawiran, buktine nalika mbantu perang Negara Magada

Sumantri kasil mboyong putri dhomas (800) katur marang Sang Prabu Harjuna Sasrabahu.

Purun tegese kendel, buktine nalika perang tandhing mungsuh Ratu Buta saka Ngalengka

(Rahwana) Suwanda gugur ing palagan.

LKS Gladhi Basa Jawi IX/1 Page 32

Page 33: Wajib Koq di Langgar - Web viewKELAS 9 SMP/MTS. SEMESTER 1. Panyerat. Drs. Sujarno. Guru Bahasa Jawa SMP 2 Patuk. Kabupaten Gunungkidul. ... WULANGAN 1. CERPEN KEGIATAN SEKOLAH. Nyemak

Sanajan mangkonoa nanging Suwanda utawa Sumantri uga nduweni watak kang ora pantes

ditiru yaiku : Melik nggendhong lali, Sumantri gelem masrahahkae Dewi Citrawati Sang Prabu

Harjuna Sasrabahu yen Sang Prabu kuwawa ngalahake kridhane Raden Sumantri. Sumantri uga

mentala lan tegel mateni adhine dhewe yaiku Sukrasana sing wis mbantu muter taman Sri

Wedari.

(2) Pada 3 lan 4 nyaritakake lelakone Kumbakarna. Senajan Kumbakarna awujud buta nanging

nduweni watak satriya. Kumbakarna nalika didhawuhi maju perang dening Rahwana mungsuh

wadyabala wanara dheweke saguh lan sumpah manawa anggone maju perang kasebut mung

mligi mbelani leluhure, nusa, bangsa lan negarane ora mbelani Rahwana kang angkara murka.

Wasana Kumbakarna gugur ing paprangan.

(3) Pada 5 lan 6 Nyaritakake lelakone Surya Putra utawa Adipati Karna ratu ing Ngawangga.

Senajan Surya Putra iku karo Pandhawa isih sedulur beda bapak tunggal ibu, nanging Surya

Putra ngabdi lan mbelani Sri Kurupati(Duryudana) ratu ing Hastina. Awit Suryaputra netepi

sumpah satriyane lan kepengin males kabecikane Duryudana. Ing Perang Baratayuda Karna

(Suryaputra) mungsuh Dananjaya (Arjuna). Karna gugur dipanah gulune dening Arjuna.

2. Paraga wayang ing Serat Tripama ana 3 yaiku:

1, Raden Sumantri/ Patih Suwanda 2. Raden Kumbakarna 3. Adipati Karno / Surya Putra

Katrangan gambarGambar 1. Raden Sumantri utawa Patih Suwanda saka Pertapan Ardi SekarGambar 2. Raden Kumbakarna satriya ing Panglebur GangsaGambar 3. Adipati Karno, Surya Putra, Karno Basuseno ratu ing negara Awangga

3. Gladhen Pilihen a, b, c utawa d wangsulan kang trep!

1. Serat Tripama menika anggitanipun ….a. Sri Mangkunagara IV c. R. Ng. Ranggawarsitab. Sri Paku Buwana IV d. Sri Paku Alam VIII

2. Serat Tripama dipunanggit wonten ing sekar….a. Sinom c. Dhandhanggulab. Asmaradana d. Mijil

3. Paraga ringgit ingkang kangge patuladhan ing Serat Tripama inggih menika ….a. Sumantri c. Kumbakarnab. Adipati Karna d. a, b, c leres

4. Harjuna Sasrabahu menika ratu ing negari ….a. Hastina c. Ngalengkab. Mahispati d. Ngawangga

5. Raden Sumantri saged kangge patuladhan jalaran ….

LKS Gladhi Basa Jawi IX/1 Page 33

Page 34: Wajib Koq di Langgar - Web viewKELAS 9 SMP/MTS. SEMESTER 1. Panyerat. Drs. Sujarno. Guru Bahasa Jawa SMP 2 Patuk. Kabupaten Gunungkidul. ... WULANGAN 1. CERPEN KEGIATAN SEKOLAH. Nyemak

a. Raden Sumantri mbelani negarinipunb. Raden Sumantri netepi tigang gegebengan inggih menika guna, kaya, purunc. Raden Sumantri nggadhahi watak satriyad. Raden Sumantri kepengin males kasaenanipun Harjuna Sasrabahu

6. Ingkang pikantuk sebatan “ditya Ngalengka aji” inggih menika ….a. Kumbakarna c. Anomanb. Sukrasana d. Rahwana

7. Dasanamanipun tembung diyu ingkang leres inggih menika ….a. buta, yaksa, wil, danuja c. rewanda, pragosa, wre, wilb. yaksa, rewanda, maruta, her d. bala kapi, diyu, baskara, her

8. Watak awonipun Raden Sumantri ingkang boten pantes dipuntulad inggih menika ….a. mentala lan tegel mejahi rayinipun piyambakb. wani dhateng ratu gustinipunc. wani dhateng rakanipun Rahwanad. a lan b leres

9. Kumbakarna saged kangge patuladhan jalaran ….a. Kumbakarna netepi sumpah satriya males kasaenanipun ingkang raka Rahwanab. Kumbakarna nggadhahi watak pinter, sugih kaprawiran, lan kendelc. Kumbakarna anggenipun majeng perang namung mligi mbelani nusa, bangsa lan

negarinipun Ngalengka, boten mbelani Rahwana ingkang angkara murkad. Kumbakarna nggadhahi watak satriya lan tansah mbelani ingkang leres

10. Surya Putra saged kangge patuladhan jalaran ….a. Surya Putra netepi sumpah satriya lan badhe males kasaenanipun Duryudana b. Surya Putra netepi tekad satriya tansah mbelani bebenerc. Surya Putra tansah mbangun miturut dhateng Dewi Kunthid. Surya Putra tresna dhateng sedherekipun para Pandhawa, senajan para Pandhawa

menika benten bapa11. Surya Putra menika ratu ing ….

a. Ngalengka c. Ngawanggab. Hastina d. Mahispati

12. Surya Putra kaliyan Pandhawa menika pernahipun ….a. sedherek tunggil bapa ibu c. sedherek tunggil ibub. sedherek tunggil bapa d.sedherek tunggil bapa benten ibu

13. Ingkang mejahi Surya Putra inggih menika …..a. Duryudana c. Adipati Karnab. Werkudana d. Arjuna

14. Ibunipun Surya Putra inggih menika ….a. Dewi Citrawati c. Dewi Sintab. Dewi Kunthi d. Dewi Madrim

15. Serat Tripama menika dipuntujokaken kage ….a. sedaya tiyang c. nem-nemanb. para prajurit d. para siswa

MicaraKompetensi Dasar :2.3 Melagukan tembang Sinom (Serat Wedhatama)

A. Indikator :

1. Melagukan tembang macapat sesuai titilarasnya dengan penuh percaya diri2. Mengartikan kata-kata sukar dalam tembang dengan tepat3. Menjawab pertanyaan isi tembang dalam santun bahasa Jawa krama4. Menyebutkan pesan moral dalam tembang macapat dalam santun bahasa krama5. Menganalisa struktur metrum tembang macapat dengan cermat dan tepat

LKS Gladhi Basa Jawi IX/1 Page 34

Page 35: Wajib Koq di Langgar - Web viewKELAS 9 SMP/MTS. SEMESTER 1. Panyerat. Drs. Sujarno. Guru Bahasa Jawa SMP 2 Patuk. Kabupaten Gunungkidul. ... WULANGAN 1. CERPEN KEGIATAN SEKOLAH. Nyemak

B. Materi Pembelajaran1. Tembang Sinom Grandhel Laras Pelog Pathet Nem iki tembangna kanthi titi laras

kang trep!

SINOM GRANDHELLaras Pelog Pathet Nem

. . . . . . . . . .1 2 2 2 2 2 3 1 2 1Nu – la – dha la – ku u - ta – ma,. . . . . . . . .1 1 1 1 1 1 1 2 1 6 5Tu – mrap- pe wong ta –nah Ja - wi, . . . . . 1 2 3 1 2 6 6 6 5 6Wong A – gung ing Ngek – si – gan – da ,

6 6 6 5 6 2 2 2 1 6. 6.Pa - nem –ba- han Se – no – pa - ti ,

3 5 5 5 6 6 6Ka – pa – ti a - mar – su - di,

. . . . . 1 2 3 1 2 6 5 5 6 5 3 2Su - da – ne ha - wa lan nep - su ,

1 2 3 3 3 3 3 Pi - ne – su ta - pa bra- ta ,

6 6 6 5 6 2 2 2 1 6. 6.Tan a - pi ing si – yang ra - tri , . . 3 5 5 5 5 6 1 1 2 6 5 6 5 3 2A - me – ma- ngun kar – ye – nak tyas – sing sa – sa – ma .

(Cakepan Serat Wedhatama, Sri Mangkunagara IV)

2. Tegese tembung-tembung angela. Nuladha = nyontoa, nirua b. Laku utama = laku becik, tumindak becikc. Ngeksiganda = Mataramd. Kapati = bangete. Amarsudi = ngudif. Pinesu = diudi bangetg. Tanapi = ugah. Ratri = bengi

3. Wangsulana pitakonan ing ngisor iki!a. Sapa sing kudu ditulad manut tembang kasebut?b. Ngeksiganda iku ngendi?c. Apa sing diudi Panembahan Senapatid. Apa tegese amemangun karyenak tyasing sasama?e. Apa sebabe ing gatra 3 nggunakake tembung Ngeksiganda, kok ora Mataram,

jlentrehna panemumu!

LKS Gladhi Basa Jawi IX/1 Page 35

Page 36: Wajib Koq di Langgar - Web viewKELAS 9 SMP/MTS. SEMESTER 1. Panyerat. Drs. Sujarno. Guru Bahasa Jawa SMP 2 Patuk. Kabupaten Gunungkidul. ... WULANGAN 1. CERPEN KEGIATAN SEKOLAH. Nyemak

4. Tulisna isine cakepan tembang sinom kasebut kanthi basa karma!5. Piwulang becik apa wae kang bisa didudut saka cakepan tembang Sinom

kasebut?6. Temtokna guru gatra, guru wilangan, lan guru lagune tembang Sinom!

Kompetensi Dasar :3.1 Melagukan tembang Dhandhanggula (Serat Wulangreh)

A. Indikator :

1. Melagukan tembang macapat sesuai titilarasnya dengan penuh percaya diri2. Mengartikan kata-kata sukar dalam tembang dengan tepat3. Menjawab pertanyaan isi tembang dalam santun bahasa Jawa krama4. Memparafrasekan tembang dalam santun bahasa krama5. Menganalisa struktur metrum tembang macapat dengan cermat dan tepat

B. Materi Pembelajaran1. Tembang Dhandhanggula Pasowanan laras Slendro pathet Sanga iki tembangna

kanthi titilaras kang trep!

Dhandhanggula Pasowanan(Titilaras : Arintaka)

Laras Slendro Pathet Sanga . . . . .

2 5 6 6 6 1 2 2 2 2 . 0La - mun si - ra ang – ge - gu - ru ka - ki, . . .2 2 1 6 . 5 6 6 6 6 . 6 . 0A - mi – lih –a ma – nung-sa kang nya - ta, . . . 6 1 1 1 . 6 6 5 5 . 0Ing –kang be – cik mar – ta – ba - te,

.5 6 6 6 . 6 6 1 6 . 0Sar - , ta kang wruh ing ku - kum

5 5 2 2 . 5. 6. 1 6. 2 1 6. . 0Kang ngi – ba – dah lan kang wi – ra - ngi ,

2 2 2 2 2 2 2So – kur o - leh wong ta – pa ,

1 6. 1 2 1 6. 5. . 0Ing – kang wus a – mung- kul ,

1 2 2 2 2 2 2 2 . 0Tan mi – kir pa – weh – ing li - yan ,

5 3 2 1. 6. 6. 6. 6. 6. 6 1 2 2 . 0I - ku pan – tes si – ra gu – ro – na – na ka – ki ,

5. 6. 1 6 2 6 1 . 0Sar - ta - ne ka - wruh – a - na .

(Cakepan : Serat Wulangreh : Sri Paku Buwono IV)2. Golekana tegese tembung-tembung ing cakepan tembang iki ana ing bausastra!

a. Lamun

LKS Gladhi Basa Jawi IX/1 Page 36

Page 37: Wajib Koq di Langgar - Web viewKELAS 9 SMP/MTS. SEMESTER 1. Panyerat. Drs. Sujarno. Guru Bahasa Jawa SMP 2 Patuk. Kabupaten Gunungkidul. ... WULANGAN 1. CERPEN KEGIATAN SEKOLAH. Nyemak

b. Sirac. Kakid. Martabatee. Wirangif. Wong tapag. Mungkulh. Pawewehi. Liyanj. Kawruhana

3. Wangsulana pitakonan ing ngisor iki!a. Sapa kang paring piwulang ing tembang kasebut?b. Wong kang pantes diguroni iku wong kang kepriye?c. Tumrap para siswa kepriye cak-cakane piwulang becik iku?

4. Cakepan tembang Sinom kasebut gancarna kanthi basa karma!5. Temtokna guru gatra, guru wilangan, lan guru lagune tembang Dhandhanggula!

MacaKompetensi Dasar : 3.3 Membaca naskah sastra beraksara Jawa

A. Indikator :

1. Membaca naskah tembang beraksara Jawa dengan benar cermat dan lancar2. Mengalihaksarakan naskah tembang beraksara Jawa ke aksara Latin dengan

EYD bahasa Jawa dengan cermat dan tepat3. Menjawab pertanyaan isi bacaan tembang

B. Materi Pembelajaran

1. Wacan aksara Jawa iki wacanen kanthi lancar, nuli salinen aksara Latin kang trep miturut tatanan panulisan EYD basa Jawa!

§si[nom\ kltid,§?a=git[nNr[fnZ[bai[r=ogw/sit.

§amen=zijm[nHfn\ [awuhayai=pmB|fi, [mlu[zf[[nNortan\ [ynT[nMluazL[konNi, [boykedum[nMlik\ luwihbegJk=[ali=lwnWsPf klixnWeksSnNipun\ fillhk/sAlLh, begJbegJ[nk=lli, luwihbegJk=[ali=lwnWsPf §

2. Wangsulana pitakonan ing ngisor iki adhedhasar tembang ing dhuwur!a. Apa sing dikarepake jaman edan?b. Manawa melu-melu tumindak ala kepriye rasane batine?

LKS Gladhi Basa Jawi IX/1 Page 37

Page 38: Wajib Koq di Langgar - Web viewKELAS 9 SMP/MTS. SEMESTER 1. Panyerat. Drs. Sujarno. Guru Bahasa Jawa SMP 2 Patuk. Kabupaten Gunungkidul. ... WULANGAN 1. CERPEN KEGIATAN SEKOLAH. Nyemak

c. Wong sing begja iku wong kang eling lan waspada. Kepriye karepe?d. Apa welinge pujangga kang nganggit layang iku?e. Isine tembang kasebut andharna nganggo tembung-tembungmu dhewe!

Rembugen karo kancamu sabangku!

3. Gancarane tembang Sinom saka Serat Kalatidha anggitane Raden Ngabehi Ranggawarsita ing dhuwur kurang luwih mangkene:Manungsa kang urip ana ing sajroning jaman bubrah sarwa pakewuh. Yen arep melu ngedan jroning ati nggondheli. Nanging yen ora melu ngedan, bakal ora komanan, kepara malah kaliren, bisa uga babar pisan ora komanan apa-apa. Nanging Pangeran ngelingake sabegja-begjane wong kang lali, isih begja wong kang eling lan waspada.

4. Satleran bab R. Ng. Ranggawarsita

Raden Ngabehi Ranggawarsita (Surakarta, 14 Maret 1802 - Surakarta, 24 Desember 1873), kuwi pujangga pinunjul budaya Jawa. Panjenengané asal saka kulawarga pujangga kraton Surakarta kang misuwur, yaiku kulawarga Yasadipura. Lair kanthi asma Bagus Burhan, dina Senin Legi, tanggal 10 jam 12 awan, wulan Dulkaidah, taun Be 1728, sinengkalan “Bujangga Nembah Pandhita Ji” Sedane dina Rebo Pon 25 Dulkaidah, taun Jimakir 1802 Jawa sinengkalan: “Paksa Muksa Pujangga Nata” utawa 24 Desember 1873 Masehi. Disarekake ing Palar Klaten.putra pambarep saka Mas Ngabehi Ranggawarsita (luwih dikenal minangka Pajangswara / Pajangsora), abdi dalem Panewu Carik Kadipatèn Anom. Ibu Raden Ngabehi Rnggawarsita yakuwi Nimas Ajeng Ranggawarsita, putri saka Mas Ngabehi Suradirja Gantang kang wasis banget tembang macapat gaya palaran. Sawisé disapih Bagus Burhan banjur diasuh déning Empu Tanujaya. Kauripan pujangga Ranggwarsita ana ing lingkungan kraton Jawa kang kebak konsèp logika, ètika, lan èstètika.

Mangsa cilikan

Sawisé umur 12 taun, Bagus Burhan kang durung bisa maca Kitab Al Qur'an, banjur dikirim menyang Panaraga saperlu meguru ngaji marang Kanjeng Kyai Imam Besari ing Gebang Tinatar. Nanging dhasar bocah nakal lan ugungan, wis luwih saka setaun ngaji, Bagus Burhan durung khatam Al Qur'an, aja manèh Al Qur'an, turutan waé uga durung khatam. Sidané, déning pengasuhé yakuwi Ki Tanujaya, Bagus Burhan diajak ngumbara, lunga menyang tlatah Kedhiri, nanging pungkasané bali manèh menyang pesantrèn ing Panaraga. Sawisé disrengèni déning Kanjeng Kyai lan dilulu yèn kepingin dadi warok Kanjeng Kyai uga sanggup dadi perantara, Bagus Burhan ngrasa isin banget banjur nangis lan wiwit sadhar dhiri. Amarga isin mulih menyang Surakarta yèn ora ènggal bisa ngaji, Bagus Burhan banjur nglakoni tirakat, yakuwi kanthi ngrendhem ing Kali Watu jroning patangpuluh dina, lan sedina mung mangan gedhang watu mentah siji. Sawisé tirakat patangpuluh dina suwéné, Bagus Burhan banjur éntuk kanugrahan dadi bisa lancar ngaji, malah diangkat dadi kapercayan Kanjeng Kyai Imam Besari.

LKS Gladhi Basa Jawi IX/1 Page 38

Page 39: Wajib Koq di Langgar - Web viewKELAS 9 SMP/MTS. SEMESTER 1. Panyerat. Drs. Sujarno. Guru Bahasa Jawa SMP 2 Patuk. Kabupaten Gunungkidul. ... WULANGAN 1. CERPEN KEGIATAN SEKOLAH. Nyemak

Maguru marang Panembahan Buminata

Sawisé bali saka Panaraga, Bagus Burhan banjur dipasrahaké supaya ngabdi marang Gusti Panembahan ing Buminatan. Jroning ngabdi mau Bagus Burhan bisa mranani penggalihé Gusti Panembahan saéngga dianugerahi "pusaka" amanat saka Sri Baginda Pakubuwana III, yakuwi arupa kasektèn kanggo nulak kang duwé niat jahat. Saliyané kuwi uga dianugerahi èlmu kendhali kakuatan jasmani lan rohani sarta kalantipan pancaindra. Pungkasané ing dina Senèn Pahing tanggal 4 Sapar taun Alip 1747 utawa kanthi candra taun Amuji suci pandhitaning ratu, Bagus Burhan bisa diangkat dadi juru tulis Kadipatèn kanthi asma Ranggapujanganom.

Ngumbara

Kanggo njerokaké èlmu lan kawruh, Bagus Burhan utawa Mas Rangga Pujanganom, banjur lunga meguru menyang padhépokan Kyai Ajar Sidalaku ing Tabanan, Bali. Ing padhèpokan iki Mas Ranggapujanganom diisi èlmu pandeleng batin. Miturut Kyai Ajar, yèn èlmu kuwi dipatrapaké bakal bisa ngerti bab kang durung dumadi, lan Mas Rangga Pujanganom bakal dadi sumber èlmu kawruh lan èlmu kawicaksanan saéngga bakal dadi pandhita utawa pujangga negara. Mas Rangga Pujanganom uga diwedhar naskah-naskah Jawa kuna kang katulis ing rontal utawa kertas kayu, yakuwi naskah kang digubah déning para empu, antara liya naskah Ramadéwa, Bimasuci, Baratayuda, Darmasarana, Aji pamasa lan sapanunggalané. Naskah-naskah mau isih tinulis jroning Sekar Ageng, nanging Kyai Ajar bisa mesthèkaké yèn Mas Ranggoyeda Pujanganom bakal bisa njarwakaké jroning basa Jawa kang bisa dimangertèni déning wong akèh.

Sumber : Wikipedia Basa Jawa

Karya sastra anggitane Ranggawarsita antarane :

Bambang Dwihastha : cariyos Ringgit Purwa Bausastra Kawi atau Kamus Kawi – Jawa, beserta C.F. Winter sr. Sajarah Pandhawa lan Korawa miturut Mahabharata, beserta C.F. Winter sr. Sapta dharma Serat Aji Pamasa Serat Candrarini Serat Cemporet Serat Jaka Lodang Serat Jayengbaya Serat Kalatidha Serat Panitisastra Serat Pandji Jayeng Tilam Serat Paramasastra Serat Paramayoga Serat Pawarsakan Serat Pustaka Raja Suluk Saloka Jiwa Serat Wedaraga Serat Witaradya Wirid Hidayat Jati Wirid Ma'lumat Jati Serat Sabda Jati

LKS Gladhi Basa Jawi IX/1 Page 39

Page 40: Wajib Koq di Langgar - Web viewKELAS 9 SMP/MTS. SEMESTER 1. Panyerat. Drs. Sujarno. Guru Bahasa Jawa SMP 2 Patuk. Kabupaten Gunungkidul. ... WULANGAN 1. CERPEN KEGIATAN SEKOLAH. Nyemak

NulisKompetensi Dasar :

4.4 Menulis wacana sastra dengan aksara Jawa dan sebaliknya

A. Indikator :1. Menyalin wacana sastra beraksara Latin ke dalam aksara Jawa secara mandiri dengan

cermat dan benar2. Menyalin wacana sastra beraksara Jawa ke dalam aksara Latin secara mandiri sesuai

dengan kaidah EYD bahasa Jawa

B. Materi

1. Tulisen aksara Jawaa. Para mudha, kusumaning bangsa Indonesia,

Aneng sira luhur mulyaning bangsa kita,Aneng sira kekuwataning bangsa kita,Aneng sira kekuwataning bangsa kita.

b. Para mudha, yekti abot sesangganireki,Sesanggan ambangun nagri,Sira kang ginadhang-gadhang Ibu Pertiwi,Aneng sira bang-bang pngalum-aluming nagari,Sira uga kang tinanggenah makarti

c. Para mudha, sira lancur bebantening bangsamu,Maju, maju, terus maju angudi ngelmu,Kinarya sangu ambangun prajamu.

d. Para mudha, aneng sira luhur santosaning bangsa,Sira dadi tamenging nagara Pancasila,Sira kajibah ambangun nagara,Ambangun masarakat adil makmur santosa,Nagara Indonesia, kineringan ing manca praja.

2. Gantinen aksara Latin kang trep karo EYD basa Jawa!a. ?kemB=menu/kemB=kenz,tinanF|/cedkCpk.

b=smkM|/lnM/fik,k[lokai=sbuwn.b. ?kemB=mw/kemB=mLqi,zmB/amB/siy=rt]i.

prmudput]put]i,gum}gutHmBzunNg]i. c ?kc=[t[ro=timunLbu,tinnF|/ai=buriwisM.

fipdazufi[zlM|,kin/yamBzunNgr.wwrhluau/.

?si=spwefiai=luputWniai=bene/,aikukXbumnu=slinuwih.

?[zlM|aikukl[ko[nNkanQilku,snjnH[kh[zlM|[nlmu[nHorfit=k/r [kl[nHorfigunkH[k,[zlM|aikutnPgun.

?[ynHxpWeruht]ai=zluau/,titikKenalusSi=ti=khlkubufibs[n.

ju[nY[nLok[kKock\[ynKebkHnT_.

LKS Gladhi Basa Jawi IX/1 Page 40

Page 41: Wajib Koq di Langgar - Web viewKELAS 9 SMP/MTS. SEMESTER 1. Panyerat. Drs. Sujarno. Guru Bahasa Jawa SMP 2 Patuk. Kabupaten Gunungkidul. ... WULANGAN 1. CERPEN KEGIATAN SEKOLAH. Nyemak

?spik=serulnH[z/osWr[n,mesQisqiqi[kPow=[z.

?[aoranmit]k=zu=kulLikgunnK=luau=lnM[afhai.

?mumPu=a[nomZ|fiylkuautm.

?[zlM|prisyaisisytumu=kul,[zlM|k=g[wxsepPi=ati.

?[w=olinuwihaikuamBgWlsLnSugihpzpur,ffiy[w=oluau/bubu[f[n.

DAFTAR PUSTAKA

LKS Gladhi Basa Jawi IX/1 Page 41

Page 42: Wajib Koq di Langgar - Web viewKELAS 9 SMP/MTS. SEMESTER 1. Panyerat. Drs. Sujarno. Guru Bahasa Jawa SMP 2 Patuk. Kabupaten Gunungkidul. ... WULANGAN 1. CERPEN KEGIATAN SEKOLAH. Nyemak

Anjar Any. 1983. Menyingkap Serat Wedotomo. Semarang : C.V. Aneka Ilmu.

Arintaka.B. 1981. Sekar macapat. Yogyakarta: Dinas P dan K Propinsi DIY

Dhanu Priyo Prabowo. 1992. Rembulan Padhang ing Ngayogyakarta Antologi Cerkak & Geguritan. Yogyakarta: Panitia FKY IV 1992.

___________1993. Antologi Geguritan dan Cerkak Pengarang Sastra Jawa Modern Cakra Manggilingan. Yogyakarta : Panitia FKY V 1993.

Diyono. 1991. Tuntunan Lengkap Sekar Mocopat. Sukoharjo : CV. Cenderawasih.

Darusuprapta. 1994. Serat Wulangreh. Surabaya: CV. Citra Jaya.

____________ 2002. Pedoman Penulisan Aksara Jawa. Yogyakarta: Yayasan Pustaka Nusatama.

Djarot Heru Santosa. 2008. Piwulang Basa Jawa VIII, IX. Klaten: Intan Pariwara.

Gunawan Sri Hascarya. 2005. Macapat 2. Sukoharjo: CV. Cenderawasih.

Kamajaya. 1988. Tiga Suri Tauladan. Yogyakarta: U.P. Indonesia.

Marsono, dkk. 2010. Kaloka Basa 3. Surakarta: Bios offset.

Poerwadarminta, W.J.S. 1939. Baoesastra Djawa. Groningen, Batavia: J.B. Wolters Uitgevers Maatschappij

Rass. J.J. 1985. Bunga Rampai Sastra Jawa Mutahir. Jakarta: Gratifipress.

Subalidinata, R.S. 1968. Sarining Kasusastran Djawa. Jogjakarta: P.T. Jaker.

__________1994. Kawruh Kasusastran Jawa. Yogyakarta: Yayasan Pusataka Nusatama.

Sri Hartuti, C. 2007. Pustaka Ajining Sastra IX. Yogyakarta:CV. Radhita Buana.

Sutarno. 1974. Dasar Kesusasteraan Jawa. Surakarta : Widya Duta.

Suwarno, Y. 1998. Wewarah Basa Jawa. Yogyakarta: S.A. Dhaksinarga.

Jagad Jawa - Solopos http://www.solopos.co.idwww.cerkak-jawa.com/ceritacekakBlog. www.setyawara.tk

LKS Gladhi Basa Jawi IX/1 Page 42

Page 43: Wajib Koq di Langgar - Web viewKELAS 9 SMP/MTS. SEMESTER 1. Panyerat. Drs. Sujarno. Guru Bahasa Jawa SMP 2 Patuk. Kabupaten Gunungkidul. ... WULANGAN 1. CERPEN KEGIATAN SEKOLAH. Nyemak

LKS Gladhi Basa Jawi IX/1 Page 43