pupuh i pangkur - alangalangkumitir dadya tirta, panca layon santun ... mahya sari samirana. ......
TRANSCRIPT
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 1
SERAT SULUK KAGA KRIDHA SOPANA
ANGGITANIPUN RADEN SASTRA DARSANA
PUPUH I
PANGKUR
1. Ranguringa wus kawuntat, denira yun ngayoni ngiket kehing, sasmita
tama mamayu, trajuning kasunyatan, darpa adreng kadereng berung
andarung, saru siku tan rinasa, nawung serat suluk rawi.
2. Pratistha dhinapur kaga jajagongan mardi, mardaweng budi ngarah rehing
wasitayu, yowana kang pinudya, gya bangkita bangkat, papangkatan layu
karti titis putus tatas tataning mangolah ngelmi.
3. Mangkana purwaning gita, duk ing nguni wonten kukila katri, anggepnya
sami nyadulur, lir nunggil yayah rena, wit sinangkan saking sarahsaning
kawruh, dhasare nunggal pasaban, saba warih ngupa bukti.
4. Yeka bango walang kadhak, katri cangak panuju sajugari, neng tepi
narmada kumpul kempal soring mandira, dhasar papan ayom ayem tur
samun, magkana bango lingira lah iya ta sanak kadwi.
5. Kaya paraning wekasan, yen manggunga mangkene sabenari, riwa-riwi
sabe ranu, nurut paraning mina, met lenane gya linenan tanpa luput, mung
karya sining padharan, nelek pulih ngelih malih.
6. Baya ta tanpa pangrasa, tindak siya cidra karya papati, wewalese tan
pinetung ketang amurang tata, urip pisan nguja harda tyas laku dur, dur
tapa karti duraka, dosa mring samaning urip.
7. Uripe sepisan rusak, lalu linglung pikire ting saluwir, wigar kotamaning
laku, karem keramat sepat, saya lamun yen kapethuk kuthuk ngantuk, o
ya allah kang sipat rohman lan rakim.
8. Mugi tuwan aparinga enget, nadyan amba tinitah peksi, bok inggih
sampun kadlarung, tan wikan wosing gesang lah tedahna dadalan
dadining ngayu, kayuwananing jiwangga, gayeng ngalam kabir sahir.
9. Walang kadhak lon delingnyo, bonggan sira ayun dumadya peksi, wus
jamak sagunging manuk, tinitah sabeng tirta pan pinanci, papancan
mamangsanipun, mina sen-isen narmada, mangkono uga sujanmi.
10. Mung patrape bae beda, dadalane kang mrih kena binukti, wit janma
sinungan, kawruh becik lan ala, bango mbengok eh walang kadhak
wuwusmu, sanadyan tinitah kaga, yen eling luwih utami.
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 2
11. Wit sasug sipating gesang, kang tumitah winenang nampik milih, wus
ginelar ala ayu, para sarjana wewarah kang sapyarsa ngangkah ngungkih
wahyu luhung, ya tinggal catur prakara, lalabuhan kang mangka wite.
12. Juga betah tapa brata, dwi legawa rila kang nrusing batin, tri sumingkir
pakarti dur, catur mantep ing karsa, mapan ana ing nguni caritanipun,
wong ngagung ana ing ngeksiganda, Panembahan Senapati.
13. Ing lair rada dupara, yen bangkit tau madeg narapati, ing Pajang ratu
pinunjul kasub kalokeng jana, ya pa gene turune tan madeg ratu, wit sing
adiling Pangeran sing sapa nemen-nemeni.
14. Wong ngagung ing Ngeksigandha, duk lagine durung jumeneng aji kyat
tyas bratane sineru, prapteng bawani bwana, maksih maksa
paksa,mamasuh anggayuh wadyaning wahyu karamat, tumerah turuning
wuri.
15. Widodo prapteng samangkya mapan iku Yogya karya palupi, lupiya
wenang tiniru, ruruba mring Hyang Suksma, walang kadhak megat catur
wuwusipun, mbok ya wis salin salaga, mundhak gagal kang denpikir.
16. Mikir reh wus padha tuwa, wajibing laladan doningpati, mati titis ya
kalimput, pupuntoning kasidan den waskitha wawasan praptaning dunung,
lah mara aku carita rang-erangte pra winasis.
17. Silah-seleh ing palastra, darajating jisim pitung prakawis, juga mati bosok
luluh, dwi wetah dadya sela, katri sirna kang layon datan kadulu, catur
sirna dadya tirta, panca layon santun warni.
18. Dumadya manik musthika, kanem layonmalih warna memedi, kasapta
praptaning layu, dumadya sato kewan lah ta paran mungguhing
sanyatanipun, banget ribeding tyasingwang, tan gadug gayuh ambudi.
19. Wit cengkah lan dalil ira, ingkang muni kayun pidaraeni, lire langgeng
uripipun, ing kene kana gesang, teka dadak ana sirna wutuh luluh, leash
basah dadi kisma, mara pikiren kang malih.
20. Bango mesem lon delingnya, bener temen walang kadhak sireki, tan siwah
lawan dhapurmu, darbea pikir nglungka kawruhana, mungguh
peperanganipun, jro urip mengku kalih dat, dating kawula myang Gusti.
21. Dumadya dadya sajuga, keket pliket karaket mujud siji, de binjang yen
prapteng layu, lagya apipisahan dating Gusti mulya mulih pulih wangsul,
wangsul mring asaling lama, yeku jroning ngalam gaib.
22. Jumeneng lan pribadinya, dene lamun datira mesthi mati, beja bali
asalipun, nganasir catur warna, cilakane ingarad dening lelembut, dadi
dhanyang penyenyengan, anggung gawe sok nyalahi.
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 3
23. De darajat sapta warna kang ginusthi panggih ing ngalam pati, yekti sing
labuhanipun, lalabet jroning gesang, pan mangkene warahe kang wus
amangguh, yen lena bosok kang angga, yeku pratandha duk urip.
24. Jigar-jigur ambaruwah, tebih laku nyunyuda lan sisirih, suka kasukan
linantur, de suksmane ngelambrang, ing saparan ngulandara tanpa
dunung, yen mati wetah tan omah, bebegeg nyangari siti.
25. Yeku duk kala gesangnya, nglantur brata tinggal dugu prayogi, suksmane
korup lelembut, dumadya dadya dhanyang, swara bumi tunggu pereng
jurang punthuk,yen mati sirna layonnya, yeku duk lagine urip.
26. Nglantih nglantur cegah nendra, ari ratri tan nganggo winatawis, layon mijil
saking kubur, kranjingan bekasakan, gara godha memedeni angreridu,
suksmane nitis mring kewan, de yen dadya warih.
27. Yeka duk maksih gesangnya, tinggal sahwat tan mawi dugi-dugi, layon
sirna mor mun-amun, suksmane ngumladheyan, nempel manjing sela
tanapi, wreksa gung myang dadya saleh gandarwa, caluthak sring nyidra
resmi.
28. Yen layon dadya musthika, sotya retnamaya tanapi manik, yeka duk ing
gesangipun, mahambeg paramarta, sabar rila legawa budi ayu tulus tepa
tresna mring sasama, ngadat lupiya kang uwis.
29. Rahsa jiwangga nir mala, kukut keket kempal kahanan jati, sajatine kang
amengku, kukubaning bawana, lah pikiren walang kadhak, apa mathuk
gathuk sunduk prayoganya, walang kadhal lon nauri.
30. Kaya akeh emperirara, sira bango apa iya ngecupi, aku arsa melu payu
paran kang kok piliya, prayogane milih wutuh dadi watu, mesthine bakal
pinuja sajen kembang boreh wangi.
31. Saben ri Sukra ngadhepan, den pepetri sinugun keh sujanmi, kang minta
idi pangestu, saba paran wruh sabarang, tan nana kang mamanceni.
32. Cangak nyanguk nyaru nyentak, lah ta walang kadhak teka daleming
lamun mangkono tekadmu, paran perlune pada saraseyan gulang ngelmu
medhar kawruh, bok ya pasrah kewala labuhan kadaring urip.
33. Uripmu kapulet hawa, hawa awan sing benter ring Hyang Rawi, wiji wujud
tuwuh wuwuh wimbuh ngombra rembaka, lali lamun donya donadon
nyakuthu, thikil-thukuling markada, dumadya ngudi taruni.
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 4
PUPUH II
S I N O M
1. Lah ta bango walang kadhak, delingna carita mami, warah wasitaning
kuna, mungguh sajatining urip, urip sangkaning sepi, sayekti mulih mring
suwung, sirna rata rumangsa, de kahananing dumadi, wujudingwang
anane ana priyangga.
2. Sinartan pamoring hawa, sing sudama ditya kartti, lirnya sudama: Hyang
Wulan, Ditya: iyeku Hyang Rawi, kartti: karti kayekti sarining Sang Hyang
Sutengsu mahyakken tirtamaya, Hyang surya mahya kang ani, taranggana
mahya sari samirana.
3. Pamoring sari titiga, yeku ingaran Trimurti kang mangka warananira Sang
Hyang Wisesa sayekti, marmanya Hyang Trimurti, winenang gelarangukut,
madhem lan nguripana sagunging sarwa kumelip, de yen pisah yekti
dadya panguripan.
4. Binjang lamun prapteng mangsa, yekti pulih mulih malih, ajal kamulaning
ana mor wit sangkanira nguni,marma ing dalem urip, tri lekat wajib
ginelung Purba, Wasesa, Esa lire Purba: witing nguni, wasesa, pan
wenang, esa, yekti tunggal.
5. Katri iktekat, yen katrima ing pangesthi binjang praptaning delahan,
wenang mang nunggil lawan wit, wit wijinya dumadi dadining kahanan
sagungm gung alit inggil andhap, tan beda tembe anunggil nging reh titah
adhakan keneng rubeda.
6. Dadalan mekaring hawa, winantu pikir tan neling lama-lama saya ngreda,
dadi kembanging bilai kalimput warni-warni wawarneri kang mrih kajlungub
jujurang curi carang, yen mangkono papan yekti wurung mulih sida malih
dadi kadhal.
7. Warnanen kang mesu brata, neng ngerong perenging kali, kakasih sang
Resi Kadhal kagyat dening ra miyarsi, gya mudhar brata mijil sing rong
arong alon wuwusipun, heh heh paran ta sanak sira dahat mejanani
ingkang aran Resi Kadhal iya ingwang.
8. Pa gene ta sira padha, ngremehaken sameng dumadi,sagung titahing
suksma, liyan bangsaning sujanmi, kabeh pan sami ugi, darajat
golonganipun sira, kalawan ingwang, pangkat lan darajate nunggil lah
engeta papangkatan cara Buda.
9. Yeku mina, sato: janma kacatur pra dewa-dewi, wijang unggah-udhunira
wus kinodrat dening Gusti, kodrat iyeku pasthi, prandene sih owah santun
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 5
karananing iradat, wruhanta heh sira katri pangwasanya kang sastra
jendrahayuningrat.
10. Mina bangkit dadi cangak, bango pan dadi sujanmi, manungsa awor lan
dewa, de mungguh kawruhing ngabi, yeku kalimah kalih sahadat
jatiranipun, pan niku langkung gawat, datan kena gina gampil, yen pinuja
jagad iki yekti sirna.
11. Nging aywa kaliru tampa, kinira kang jagad alit, lire alit kang gumelar,
karuwan doh pernahneki, balik kang ngong arani, jagad agung tegesipun
iyeku jagadira, kang ngalangut tanpa tepi, pinusthia pan sirna suci
sampurna.
12. Marma sira den weweka, aywa sok gegampang angling, yeku begalane
ilat, kapleset dhawah yomani, utawa den arani wot sirotalmustakimmu,
iyeku antaranya kang lambe ngisor lan nginggil, mung sakecap yen tan
bener dadi beka.
13. Apadene tingkahira kathoprakan ting bathithit, karetek nuthuk kenthongan,
kothekan tharik narit hik mathuk den othak-athik, pethuk gathuk manthuk-
manthuk, cekat-ceket acukat, cancut kang swara melingi lagon lagu
pasemone nut irama.
14. Peksa sagayuh gagana, akarya buwana balik, kirap elarnya binabar, lah
mangkono ngong dugi pan niku durung mathis pamanthenge datan
gathuk lan pathokaning rasa, wimbuh ulesmu mesmubrit, abang hawa
adreng kadereng driyarda.
15. Yen arsa gayuh kang nyata, nyatakna ingkang permati, titis awasing
pamawas, wosing wasana denesthi, kanthi lepasing budi, sarat sarana
kang cukup, cakep lair batinnya, dadalane mrih gunasti, andhap asor wani
ngalah myang darana.
16. Samana sang Resi Kadhal karya coba memedeni, mathak mantra
triwikrama, jleg angga sawukir agni, mubal ngebat-ebati, tutuk mangap
ngisis siyung, waja angapurancang, lir tikswaning braja lungid swara
anggreng gumarunggung lir gurnita.
17. Eh cangak sira den yitna, tontonen kadibyan mami, pan iki durung sapira,
yen sun ngetog mesu budi, sayekti jagad iki, sirna saisi katunu, de sira
teka dahat, nyenyampah si kadhal nisthip, ing tegese sira nyamah
kodrating Hyang.
18. Ya ta kocapa tri kaga, sakala kalangkung tistis, miris-maras sru katresan,
ngerpepeh dhekemne siti, matur angasih-asih, dhuh-adhuh sang
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 6
sudibyanung kukuten krodhanira, racuten duka sang resi, yen kalajeng
ambar tri tan wande brastha.
19. Kether kuthuk kathetheran, nyathethet miyat sang resi sen-isening tri
lokaya, langka bangkita nimbangi marma gunging aksami, mili lir robing
kang ranu, tumerah ambring amba badharing kang tulah sarik ruwet ruwat,
puwara luput sing papa.
20. Papa pantaka druhaka, karana tan wruh ing westhi, samana rinacut sigra,
pulih kadya wingi nguni cangak umatur aris dhuh adhuh Sang Maha Wiku
kula dahat tan nyipta wit salami dereng uning, ukur kewan bangkita dadya
mangkana.
21. Cangak kang tinitah janma mangsa manggiya kakalih mung nguni Sang
Prabu Kresna, jer punika Wisnumurti wangsul paduka resi, ilang
triwikramanipun, marma mbra sru narima suka sokur mring Hyang Widhi,
kalilana amba nyuwun muruhita.
22. Sang Resi Kadhal lingira, iya sira sanak katri wus ya akeh kang karasa,
balik gyan tapa dha mikir kawruh wekasing pati, patitis paraning tuju, lah ta
mara tutugna, bango tumatur wotsari, dhuh Sang Wiku kang
kadyatekading cangak.
23. Nyepenken kang pasthi ana yen amba dereng kadugi mangeran sipat
kang wadhak, kartika: baskarasasi wit punika pan maksih datan langgeng
wonenipun dene dadining ana, yekti ana kang akardi, wangsul pundi kang
langgeng tatap ananya.
24. Kalamun angukuhana, yen Allah ana sayekti, kasbut sipat kalih dasa, lan
cihna sagung dumadi, ulun dereng nate wrin, marma mangke kang
kulesthi, baya lamun tumindak tinaking kathah.
25. Ngrungkebi sarat sarengat, saingane ahlul dini, kadya gampil linampahan
tan amikir ika iki, karana jroning kadis, wus wonten wawarahipun kang
sampun kabyawara, layak jipuk makripati, minal ilmi dakai kade jarwanya.
26. Menggahing ahli sarengat, tan perlu kedah ngrawuhi, kawruh ingkang
lembat-lembat, cekap pracayeng Jeng Nabi, tur ta kenging sinambi, saba
sabin ngupa welut, wangsul saking pasaban, wus wulu ngiras ing kali,
prapteng wisma jujug langgar salat ngisa.
27. Lamun kasep kenging kala enjinge dipunsauri, makaten sampun
manpangat, de rukun kang catur warni, sahadat wus nyarengi, wedal salat
wektunipun, jakat kaji punika, yen kaleres anggadhahi, siyamipun ing
ngangkah amrih sambada.
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 7
28. Kikisan kawruh kanyatan sawawrating peksi jawi, sarana gayuh sawarga,
gandhulan salat prayogi ginulung lamun bangkit bangkat patemonHyang
Ngagung, ngegungken kemat rukyat jro takbiratul ihrom, plenging cipta
rasa nunggal Hyang Wisesa.
29. Walang kadhak nambung sabda, lah ta bango teka gampil pangancasmu
kang mrih pana, papan kang sira parani apa sireku lali lupiyaning para
jamhur ruhuring ahli srengat, yeku mung lakuning dhiri, wulu tirta lelabet
obahing raga.
30. Gagaran jro kalairan, runtuting yuda nagari balike kekate iya, kudu
nggayuh ngelmu batin mestu kang wus kawarti, Ud uni istajiplakum bagya
lamun bangkita macung dhewe mring Hyang Widhi karan mokal jisimmu
bangkit papanggyan.
31. Wit kahananing Hyang Suksma sayekti kalangkung gaib, tontonen para
ngulama mukminin kang ahluldinni ing jero batine pasthi lan pra ahlul
ngilmi mathuk gathuk othak-athiknya, nyatane Hyang Maha Suci caritane
ngong beber sira rungokna.
32. Sun nguni praja bintara karatoning wali mukmin, mardi mardaweng
sarengat kang tumrap kawula alit, nuli mring pawarti, Siti Jenar murang
mungkur, ngungkurken tindak sarak saking wus padana
empaningkaweningan wanuh wani.
33. Marma sigra ing ngandikan, umarak mareg sangaji, jinanji babar
kawignyan lan sagung para wali mukmin, Sunan Giri murwani, buka
pangawikanipun tandya gantya gumantya, medhar kawruh kang pininggit,
wingit rungsit rerasane beda-beda.
34. Ana kang angesthi mring dat, ana rasa denrungkebi, cipta: Atma
pinangeran weneh anggandhuli gaib, ngen-angen sengguh Gusti,
sarenget singset kinandhut, nging mung karya warana nulya Seh Siti
Jenar gumanti kanthi miyak warana melo ngalela.
PUPUH III
K I N A N T H I
1. Seh Siti Jenar lon muwus, lah ta sanak para wali kula mriki ing ngandikan,
ujare kinen ngempali saraseyan abawara warane kawruh kakiki.
2. De jengandika sadarum, teka taksih mindho kardi paran anane sanyata,
teka tansah aling-aling, kalingan sunar papadhang, padhang ingkang
ngapirani.
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 8
3. Niru kalestu tan ayun kayungyun sipat kawadis, lair batin kula ngadam, lah
piyarsakna suwawi Siti Jenar iya Allah, Allah sayekti Seh Lemahbrit.
4. Karo karone wus jumbuh, jumbuh rasa rupa warni, lire rupa: urup nyata,
urup: sing urip sajati, de warna: yeku warana jisim warananing Widdhi.
5. Kang ran mukamad yeku nur, cahya kang mirdaweng dhiri, rasul: rasaning
dat mutlak kadim ngalam kabir sahir kurub dwi astha isthanya punika kang
kang kula cupi.
6. Sunan Giri tan pamuwus, wit wose sampun kapusthi, Siti Jenar tuhu lebda
wasana lon denirangling, tan sisip mapan mangkono tan kenil.
7. Kena laranganing ratu tundon ngrusak yuda nagri, gering masjidira
komplang kamplung tataning agami, agama busaneng praja, jamak
wruhala lan becik.
8. Seh Maulana sumambung, lah Siti Jenar sireki lamun yekti ngaku Allah, pa
gene ya sira maksih katon lumprah ing manusa neng donya paran kinardi.
9. Seh Jenar mesem sumaur, alah sira mindho kardi donya kerat,
darbekingwang awal akir duwek mami, mapan ingsun tan babakal lan
kariya para wali.
10. Lulusna agamanipun, sarengat mukamad nabi ingsun nuli arsa mulya,
mulih: mulih - ya: sayekti temen mulih asalingwang yeku ngalam nukhat
gaib.
11. Marma bango ya sireku, kukuh uger solat mahrib subuh: luhur: ngasar:
ngisa lan catur rukune sami wekanana jro sarengat saringane mengku
Wadi.
12. Dulunen duk sira wulu, niyat tumandanging dhiri, rukuk: sujud: lungguh
ekram, ngadeg tepungna kang yekti, yektekna lan ananira rarasing rasa
sajati.
13. Bango anauri wuwus, wuwusmu teka lir kyai, nganggo lapal murad makna,
narik jamaning pra wali, jaman mangkya yekti beda, dadalaning ngolah
ngelmi.
14. Wit kadheseg ngupa butuh, kudu betah anglelantih, ngidak tatanan
rekasa, sanityasa tyas kumitir, gumeter yen tan kaduman, melik atemah
ngalikik.
15. Titirah rawa sinerung, memet mina dipunmeniti kali blumbang jinaganan,
nanithik rinuji wesi, sisikune wus liniga, yen kasep ginusah wani.
16. Parandennya bangkit tuwuk, kadhang durung tuk sawiji, kasusu selakke
jaman, mundur sarwi brebes mili, milang miling melang-melang, tan
kapethuk wader bungkik.
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 9
17. Temah ngelih ngelak ngelu, ngeluh padharan ngalikik, kang mangkana
paran baya, bangkit tungkul mungkul ngelmi, srengat bae kerep gothang,
nyethanthung sing pegat bukti.
18. Beda lan dhek jaman mau, gampange ngupaya melik tan ana peksi
ngresula, inguja tan denwaleri, kukila lit sami suka, ayem tentrem tyas
basuki.
19. Cangak mlengak sarwi muwus, bango pa gene sireki, sira teka bangkit
ngucap, met darsana myang palupi, lupiyan lelabetannya, Sri Bupati
Matawis.
20. Betah lapa budya tulus, mantep ing karsa tan wigih, panggah rila myang
legawa, rila: pasrah lega: sepi, wa: napsu hawa lirira, pasrah tan adarbe
runtik.
21. Pa gene tabangkit tiru, grenengan kacuwan bukti, bango mangsuli lah
cangak yeku mung karya palupi kang yogya sinudarsana, nging aku moral
bangkit.
22. Bangkat ngangkt mikat wahyu, jer dudu trahing mertapi, jamak akeh
bangkit kandhan, abote yen anglakoni, de niyatku mono iya arsa macung
mring Hyang Widdhi.
23. Widadangreh mring sedyayu, rahayu ing lairbatin nanging gek kepriye
mara, teka akeh kang malangi, papalang dadya rencana, nanangi manah
tan yukti.
24. Tiwas pamawasing butuh katutuh anak rabi, bingung bungleng tyas
ruhara, de uru arebut melik, lalu langlang salang tunjang, nunjang palang
ngreregoni.
25. Cacak kang tinitah manus, jaman iki arang bangkit, tandhane dhek wingi
ana, aku krungu rerasaning janma mlaku bayak-bayak, wurine resi
singngiring.
26. Sajake kaya wong dhusun , ingirit marang nagari, ririh denira rerasan, risi
rinoda bab dhuwit, geya pakaryan omahan, pananggalan tegil sabin.
27. Samarga-marga gumrumung weneh nyebut priye iki uripku teka nelangsa,
saben ari denring-uring, anak semah myang parentah dupara bangkita
mikir.
28. Kawusananing uripku kudu-kudu aprang tandhing, dahuru reh aruhara,
saben jam pikiran salin, ngrembug iki kono kurang, kana meksa: kene
nangis.
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 10
29. Rewange nyambungi sendhu, alah sih begja sireki, nadyan kurang jer wus
garan, balik aku sepa-sepi, kana durung kene boya, mokal yen antuk
kamanis.
PUPUH IV
DHANDHANGGULA
1. Resi Kadhal megat wacanaris, lah ta sanak semono kendela, genira
rerasan kuwe, bok jugar kang katuju, balik mara dugekna sami mardawa
mardi rasa, ngrarasyuning layu, bango: cangak: walang kadhak, pareng
nembah katrinya umatur aris, dhuh dhuh adhuh sang dwija.
2. Amba katri pan wus tan kadugi, gayuh gothek geyonganing rasa, sing
pepet cupet pikirane, tar yen amba tri nyuwun sih padhuka mareng namuli,
amba tri muruhita, ing pada sang wiku, srah jiwangga prapteng lena,tan
garantes mring reh kang mamrih utami, tama prapteng delahan.
3. Resi Kadhal mesem anauri, lah ta iya sanak-sanak ing wang, yen dhasar
dadi karepe, bagya lamun sarujuk, jroning urip winenang samimarmakrup
nai mungkar, lah pa yo sireku, lungguh cerak kene padha sun jateni jatine
ingkang kakiki, kikisane kasidan.
4. Sun tan wani wanuh memanceni, myang memancah pamanggihmu iya,
wit kabeh padha benere mung gumantung ing kayun, pundi paran kang
denantepi nging mungguh prayoganya, ywa kongsi kalimput, luputmlumpat
paugeran, catur warga yeku dalil lawan kadis tanapi ijmak kiyas.
5. Lyan kadyeku ywa kleru panampi, pipintaning ngelmu pangancasnya,
yeku iku dhewe-dhewe, lire ngan ngelmu sepuh, ngelmu rasa
ngelmusejati, ngemu gaib tan beda, de kang ngelmu sepuh, dunung
wajibing pra wreda, wit taruna arang, kabangkat nanggapi pijer kaduwa
hawa.
6. Basa sepuh kang dhingin, dihin nyata datan kadhinginan, anane kang
gumlar kabeh iyeku Hyang Maha agug, marma wajib kudu meruhi dat:
sipat: asma: Apngal denkongsi kapangguh, panggubah rarisikanya, nyata
kena ananing sakalir yeku ran ngelmu tuwa.
7. Ngelmu rasa: pambobot sayekti, putusing reh sagung lelungidan, datan
samar pamawasem wiji sing marga catur manrus marang
betalmakmuri,lumarap graning jaja, rahsa tanggap tangguh, agal lembat
datan samar, yamarmane tri bawana denbawani, tuhu ta jalining hyang.
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 11
8. Dene ingkang ngran ngelmu sajati, sajatine murni tan kaworan, kalawan
langgeng anane, ing nguni prapteng besuk, beda lawan jatining lair, pan
maksih ebah ewah mangkana liripun, samangke mulya wibawa, mulya
yekti: nanging durung temtu lestari, terkadhang binjang papa.
9. Ngelmu gaib: samar jarwanireki, nanging dudu samaring sumelang nging
samar kurang apane, ananira Hyang Agung yen dinayan dayaning
ngati,pan durung bangkit bangkat liyan manahenkung kongasing sudira
brata, marma gaib tuhu dutaning Hyang Widdhi sing sapa bangkit tampa.
10. Sasat bangkit patemon lan Gusti, lah ta sanak padha rasakena, beda-
beda trap lungguhe, yen sireku wus nyakup kukubane wajib meruhi, mujah
lawan mudarah, mungguh bedanipun paran kang kadim kang anyar, de
samengko wus jumbuh dadi sawiji, jumeneng kamil insane.
11. Pa karane sira bangkit urip, mobah: molah mabur lan lumampah, sing endi
iku purwane kawruhana puniku, kayat kadim mong kata jali sipat jalal
myang jamal, kahar kamal iku iyeku dating pangeran kang gung elik
misesa sampurna yekti langgeng ing kene kana.
12. Jisimira asal sing nganasir, catur warna marma tan bodaya, yen tan
kalawan khayune, yen sinar tan dening nur rahsa: Atma: nepsu lan budi:
yeku mangla sarana jumenengt Hyang Ngagungm marma ywa semang
sumelang ananira yekti sing kodrating Widdhi nglairken sipat nyata.
13. Nyata lamun kawula lan Gusti, liru lambang surup-sinurupan pamoring
rupa: warnane marma denawas enut, met sangkaning durung dumadi,
dumadya bangkit wruha wenang wijibipun kang nyembah lan kang
sinembah, dikir solat: beda tan kena sinami nut nenang papangkatan.
14. Sembah catur jro kitab wawarti kaji: kusta: daim: mualimnya, puji satari
ahmade satari alapipun, barjah tuwin jalalah raning iyeku puji pana,
epakna kang mathuk thuthukane ywa sulaya, yakin nyata-nyatane ingkag
amuji, muji dhiri priyangga.
15. Mangkya kocapa pangkating pati, panca warna juga mati, mrayang mor
amun-amun suksmane, saparan-paran nglangut lir himawan katiyup angin,
kandhela tanpa soca, cadhok numbuk bentus, dwi ngaran pati duraka,
dura: ala, ka: panggonan kang dengoni, manggen ing papan cacat.
16. Upamane asal sing sujanmi, murut manjing uriping mahesa, yeku papan
cacad rane, tri pati narakeku nara: manus ka: papan yekti, titising urip
marang pulih manjing manus dadi banyu nuting wadhag, bagya lamun
dumadi dadi jalma lwih kadhang kaplorot ngandhap.
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 12
17. Caturira patining sawargi, de sawarga yeku tegesira kasasira sarwa gedhe
dadyan wangsul mring manusa, yekti dadi pandhita luwih tanapi madeg
nata panca patining sampurna, yeku pulih mulih asalira nguni mengkoni tri
bawana.
18. Karanane papangkating pati beda-beda: nuting lelabetan kang kalakon
duk uripe dene Hyang Kang Mahagung wus sumarah tan darbe kapti ala
becik ginelar mrih utamanipun, banggan kang dhemen kasasar, de Hyang
Suksma tan lingsem manjing mring alit, nistha tanapi kewala.
19. Marma sira mumpung taksih urip, rektenana dalaning kasidan, dumadya
lanyahing tembe jro dalil wus kasebut, ida jaa ajalluhummi la yaktakkirisaat
mangkana liripun, binjang praptanira mangsa nadyan amung sanapas tan
ana wanci yen arsa semoyoa.
20. Ya mulane pundhuhna samangkin, kala mangsa sasadoning gesang,
adunen lawan uripe panengeran kang tuhu, tuhu datan kena sinalin lawan
anggawe setan, yen sira durung wruh lah mara padha nyeraka tampanana
karna kering kang permati yaiku sajatinya.
21. Poma-poma simpen dene gemi, gemetana andharan gelaran, yeku
mangka parabote lan mangka saksinipun kanyatahan ingkang kakiki,
upama ananira lan donya puniku lan samono wus prayoga sabobote
kukulia pan wus nyukupi, beda mungguhing janma.
22. Wus tinampan wulanging Sang Resi, bango cngak lawan walang kadhak,
byar tarawangan pikire narawang lir kadulu, dadalaning kamuksan jati,
katon doning wiwara, rarasing swargagung, tri kaga dahat karenan sing
sangeting suka atemahan nangis, dhuh dhuh Sang Yogiswara.
23. Raos amba pan kadya angimpi, de makaten pupuntoning gesang, yen
mangkono donya kiye yektine aru biru, gung rubeda angriribedi, lah
mangke pinarenga mugi sang Ngawiku paring sarananing marga,
andhingini pulih mulih papan nguni neng donya natan krosan.
24. Mumpung wonten ngarsaning Sang Resi, sasampurnakna ywan mantuk
mring wisma, mindhak kabesturon dene tangising semah sunu nagih
nipkah sarana bukti, Resi Kadhal wacana, lah sanak katelu, lumprah
kaprah pra kukila, lamun lagi katemben miyat miarsi, sagunging barang
anyar.
25. Kumacelu kudu andarbeni, balik iki ginege tan kena, yogya nut kala
mangsane, ya marmane sireku, sanityasa nanetah teki, kang supadya
kalisa, sing sedya tanayu, lawan malih kawruhana, binjang lamun
praptane ing dina pati, ing kna keh rencana.
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 13
26. Mapan iku wajib den kawruhi, ilangena begalaning marga, margayun jarah
imane, binjang bae sireku, sun tuturi pra pangolahi ing mangko sampun
mangsa, Sang Hyang Rawi surup, lah payo padha bubaran, katri kaga
ngaras pada nyuwun pamit, byar miber sowang-sowang.
PUPUH V
MASKUMAMBANG
1. Rarasing rasa mengeti rerasan duk nguni arsa, mara marak mring gurune
kang subrata ing ngasrama, erong tepi narmada, pereng soring
mandiragung, kasusra Sang Resi Kadhal.
2. Wit ing nguni wus wineling, ing tembe arsa winarah, rasa rahayuning
layon, marmarira tri ginagas ge-age anyakupa, tyasnya dahat kelu kenyut,
kasor langening dyah tama.
3. Samana ing sajuga ri ri sedhengireng papanggyan, walang kadhak,
cangak, bango, neng pasaban saben saba, ya ta bango ris nabda, lah ta
dwi sanak sireku, paran supe patembayan.
4. Tembayaning guru nguni tanggap cangak walang kadhak, yen aku kadwi
ta supe, sarira tri ngarsa-arsa, wahyaning gyanta marak, sayekti aku
tumutur, dupara purun kantuna.
5. Sayektine ngong tut wuri, teken janggut suku jaja, janji maksih urip bae,
lah samengko kadi paran yogyane linaksanan, sareng sowan mring Sang
Wiku, sokur panuju ri sukra.
6. Menyan sekar ngong wus cawis, kari mori pisang sanggan suruh ayu
jambe wangen, gampil mengko angupaya, padesan datan kurang, de rasul
lan sekul wuduk, opor sawung bulu seta.
7. Iku kalebu tan gampil, pangupaya myang pangolah, marma yen dhangan
yogyane, pinasrahna mring sang tapa, harta tri semat sewang, mangka
saratrebut cukup cakep jangkeping mruwita.
8. Bango tanggap lonnauri, mangkono ya wus prayoga, binobot lawan
perlune, lah ta iki mumpung injang payo nuli budhalan, menek pasar selak
kukut, koncatan tan tuk perlunya.
9. Tandya budhal kukila tri, sesarengan jumantara, sereng sineru ibere,
reyongan samarga-marga, kandheg kampir ngupaya mamrih kacakuping
butuh, cacawis sarat sarana.
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 14
10. Tebih-tebih den ayahi, saha wrat-awrat sinangga sing dereng kadereng
karepe,pakantuk kawruh kang nyata, nyatane gesangira, mestuti kadis
kasebut jaetun samanuljanah.
11. Laku dadi pitukuning pancadan anggayuh swarga, mangkana dungkap
praptane, ngasrama gya ngiyup sigra, anjog soring mandira milang miling
mingak-minguk, ngungkak-ungkak don gothak.
12. Samana Sang Kadhal Resi wosing paningal wus wikan, yen arsa tamuwan
mangke marma wit injang sanega, ngaglah neng pamidikan, kukusing
dupa kumelun, kongas gayuh ngantariksa.
13. Praptane wiwara sami, tri kaga gya uluk salam, dhekem nalosor janggane,
mring Sang Resi sinauran wangalaekum salam, lah padha manjinga
gupuh katri kaga dharakalan.
14. Nusup manjing wiwara glis, prapteng ngarsa ngaras pada, Sang Resi
Kadhal delinge bageya sanak katiga, ing laku praptanira, myang wuri
padha rahayu, manembah tri kaga turnya.
15. Sing pangastawa Sang Resi sadaya sami raharja, semah atanapi rare,
makaten ugi ang tapa tetep basuki suka,Sang Resi mesem nabda rum,
sayekstine ya mangkana.
16. Parandarunane sami kongsi lama lagi prapta wus dahat kangen tyas
ingong, tri kaga nembah turira, dhuh dhuh sang dwijawara mugi ywa
kirang pamengku kuciwa kiranging setya.
17. Amba tan bangkit atur wrin raribed witing daruna, nanging sang tapa
yektine dupara yen kasmaran, mesem sang Resi Kadhal, iya sayektine
ngong wus wikan witing kang daruna.
18. Nanging yogya karya lamis tembung tan dingini karsa meneke siku
dadine, andheku kang katri kaga leres sabda sang tapa marma mba tri
kongsi dangu, dereng marak sang pandhita.
19. Wit saking lam ngupadi linturing sarat sarana, lagya punika antuke kirang
langkepe sumangga srah paduka sang tapa, mung sapala rebut cukup,
cekape gathuk tan gothang.
20. Gya gelaran sekar mori tanapyar nawa semat, sinrahken aneng ngarsane
Sang Pandhita kagyat jola, lah iju paran baya raruba dadining dudu rerged
temah rubeda.
21. Sira kabesturon dening di adining muruhita, tinata tata sarate, saloka
denwurudena, wus jamak kewankathah, napak tilas kapi yuyu, wahyu
ginayuh lan arta.
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 15
22. Piyarsakna ngong tuturi, tuture para sarjana, keh guru: dhukun paguron
paring wawarah wasita, sarat sarana bandha, yeku saka salang surup, ki
murid kang tan grahita.
23. Salang-salang den surupi, nlusup kacanthel kantongnya, garegel gigal
semate, sing tn wikan wosing karsa, cipta uger antuka,wawarah wadining
kawruh, wekasan dadi durhaka.
24. Keh kyai guru kapipit kapepet keneng pidana, saka murid jalarane, marma
padha kawruhana kang kocap sarat srana, nisbat budi labetipun, pupunton
tekat utama.
25. Srana: prabot, sarat: kanthi ngelmu laku gegandhengan mangkene
mungguh jatine klasa: iyeku gelaran, gelaring kawruh nyata, nyatakna den
kongsi bentus, nglenggahi liring wasita.
26. Sarat siriking kag ngelmi dinugi saprayoganya wenang wajibe linakon,
mori: pamoring kang rasa ki guru lan muridnya, ing lair batine jumbuh jejeg
jodho jero-jaba.
27. Yayah rupa jroning carmin, de kang sekul wuduk miwah, ulam sawung
seta lire, wuduk pan gurih mirasa rasane rasakena, sawung: sawangen lan
kalbu, mulus: suci pethak memplak.
28. Suruh ayu temu rosing weruhana becik myang ala mrih temu wose kang
ros jambe: mapan yeku wohan, wohe wasita tama, nrus narawang tan
kawaranan.
29. Ana maneh aran tindhih, semat loro dhep adhepan, tindhih: pikukuh
wredine pikukuh ing kawruh nyata, semat: sengseming prana ematna
aywa kaliru.
30. Mangkono ingkang kawarti, wasitane guru kuna, ngong cakep sapakolehe,
marma ywa dadi tyasira sagunging kang ruruba, sawise ngong tampa laju
gawanen bali sinungna.
31. Rabia tanapi siwi, ngong wus bungah lamun sira bangkit nyakup
sarahsane, ya ta kang katri kukila anembah anuraga, wali-wali ngaras
suku, dhuh dewaning dwijawara.
32. Mugi ywa kirang aksami, sing copet cupet tyas amba, tan wikan wosing
oasemon, katetah duk muruhita, tataning ngolah rasa, sarat saranan
kantun, tan wikan lamun mangkana.
33. Resi nabda lah ta katri malih den oadha weweka, guru muri samya bote,
lire yen guru tan nyata, kawruhe mung kinarya waton muluk mlarati dadi
mamala.
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 16
34. Malah dadya daru beksi, mring murid kang setya tama, temahan manggih
kadudon, dudukane yekti bakal, ki guru kang anyandhang, marma guru
aywa limut, mengeti wawarah kuna.
35. Ugering guruginusthi, gagaran astha prakara, kang kontap kotamane,
juga: tedhaking ngawirya, kadwi: bangsa agama, tri: terahing tapa wiku,
catur: turasing sarjana.
36. Panca: paramagunasti, sad: golongan wirotama, sapta: sugih kabegyane,
astha: terahing supatya, yeku tani temenan, de wajib gen-anggen guru,
ugere uga tan beda.
37. Dadalan astha prakawis, sajuga: paramasastra, limpat ing kasusastrane,
dwi: paramakawi basa, katri: ulah ukara, catur: kang mardawa lagu,
kapanca: awicarita.
38. Sad: lebda lagoning lungid, sapta: para nawung krida, astha: sambegana
lire, lantip pasanging grahita, de pambeging kang dwija, jejeg ugere
ginelung, gelengan astha prakara.
39. Juga tresna asihmring murid, inganggep putra sewala, dwi: titi atul talaten,
tri: sungkang pamrih pasung lyan, catur: sasmita tanggap wikan
pasemoning semu, panca: sepen panggrayangan.
40. Sad: lebda barang saliring kagunan len pangawikan, sapta: tan ngendhak
gunane, nyamah nyeda ngesorken lyan, astha: datan aleman, mire
merang yen ginunggung, anggung anor anuraga.
41. Jatmika solah marak ati, mantep ing sabarang karya, alus luwes wicarane,
ambeg rila paramarta, tama traping susila, yen sepi saking kadyeku,
babasan guru ugungan.
42. Murid den taberi mardi, mardawa laku myang jakat, yeku mangka
dhadhasare wit iku dadi busana, gon-anggon kawruh nyata, laku pan dadi
panuku. Lah mangkene piyarsakna.
43. Murid den taberi mardi, mardawa laku myang jakat, yeku mangka
dhadhasare, wit iku dadi busana, gon-anggon kawruh nyata, laku pan dadi
panuku, lah mangkene piyarsakna.
44. Ngingirangi ngunjuk bukti, cegah yen tan ngelih ngelak, dene angirangi
sare, ywa nendra yen tan karipan, acegah pangandika, mangsakala lamun
muwus, kawawas wosing perlunya.
45. Ngingirangi langen estri, ywa karem karamat sahwat, lamun tan banget
kangene, anyunyuda napsu hawa, lire ywa ngumbar karsa, sabar sareh
den kaemut, de jakate kawruhana.
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 17
46. Wajib jakating kang jisim, den wani ngesorken raga, budi: narima jakate,
napsu: rila myang legawa, den eroh: jakatira, tepa samaning tumuwuh,
ywa dahwen lan munasika.
47. De jakate rahsa: yekti eling kalawan waspada, cahya: trang wening jakate,
uripe: langgeng kacipta, lah iku lakonana, kalkone gayuh wahyu wahya
sing pamesu brata.
48. Mangkan kang kukila tri sakaman tyas trusthanira, katresan dening
sabdane, sang pinundhi pinandhita bango alon turira, dhuh dhuh sang
dewaning wiku, kukuwunging pra nastapa.
49. Don papan panembah yekti, sayekti amba nyenyet panyana tan darbe
sing dahat gung punggung mudha, katunan saniskara, marma tan lyan
ngebun-ebun, wahyaning kang sabda tama.
PUPUH VI
M I J I L
1. Dhuh Sang Resi paran amba katri, yen temah kadudon dahat we ya tan
wikan wekase, wasananing urip prapteng pati, pati kang patitis,tetes tatas
putus.
2. Titis: leres lepasing pangesthi, kang kesthi mulyeng don tetes: mulya
pancering tujune, tata suci sampurna ing pati, putus: wangsul pulih, mulih
malih rampung.
3. Lah tuntunentuduhna margi, marganing kang anjaga kasampurnan jati,
satuhune aywa kongsi kalimput ing binjing, jala jajil jail ngajak manjing
limut.
4. Lumut-lumut limit dening dhemit, dhedhet aneng panon, yen kadhadha
temahan maleset, mesem alon ngandhika Sang Resi, luwih sihing Gusti,
purbane mring makluk.
5. Darunane wikanana dhingin, parang kag dadya wus pikir kesit hur
angenangene, kang kalumprah jamaking keh urip, wit kadhesek saking
kikirangan butuh.
6. Kurang betah duwa ngamal lair, sagung katon melok tur ta iku rencana
yektine, lamun datan kawawa nyelaki, nyelak-nyelak yekti, dadi aru biru.
7. Kang mangkono yogya denrekteni, paran kang binobot madhep atanapi
ngungkurake, lamun sira yun bangkit nambahi, reregeding lair den
santosengkalbu.
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 18
8. Bubukane sabar nrimeng batin, tan penginan aron barang pelag elok
suwarnane, rila donya tega marang pati, sisip densinggahi cipta
maharjayu.
9. Nanging iku pan kuciwa maksih, mamrih karahayon, wit mung nyipta
mulyaning dheweke mungkur mikir marang anak rabi, gothang
rumeksaning wajib lairipun.
10. Marmanira kang luwih prayogi. Kacakupa karo lair suka tentrem ing batine,
butuh anak rabi tan ngregoni, cipta temah wening wenang gayuh wahyu.
11. Bango matur dhuh Sang Maha Resi,ing sabda tan linyok, nanging paran
dadya jalarane, andupara lamun amba katri, tuk rijeki luwih tumrap semah
sunu.
12. Sang sangsaya pangupayeng melik, keblat catur padon pan jinagan ing ari
ratrine, pager kala rinakit narithik rawa kalen kali, samodra sinerung.
13. Ngupa boga tyas asangga runggi, dalan jenak neng don kadhang dereng
pethuk wader pece, wus ginusah binalang ing janji, janji yen tuk melik
melok minta pandum.
14. Jele bosen tiwas wira-wiri, turut galeng blethok, Resi Kadhal mesem lon
delinge, kang mangkono wus jamaking urip, rebut met pakolih, liru asor
unggul.
15. Tur yektinekeh kahanan iki, nemu sarwa dados pepak gumelar Yang
Widdhi karsane, gunging ngumat anggandhuha sami tan wenang ngebeki
liya Hyang Mahagung.
16. Nging reh mengko tataning pra peksi, remen apadudon, dhaku wenang
ngecupi adarbe, sengguh kaya yasane pribadi sing ngaringkih kandhih
kang santosa ngukup.
17. Ya marmane sayoga sireki, padha nrimeng batos,eklas pasrah nyuwun
mring kang darbe, papanduman kanthi masuh dhiri, nyadhang sihing
Gusti, wahyaning wahyugung.
18. Lamun mantep pangidhepireki, yekti sido dados, Hyang Wisesa tan nisih
adile, sapa nrima katarima yekti, weruh denweruhi, jrih sinihan tamtu.
19. Nanging kudu sinartan ing teki, mrih tekan kalakon, puja iku lan brata
kanthine, walang adhak majeng nyela aris, inggih kyai mugi keparenga
uluk.
20. Nyuwun wulang rehing laku brangti, kang kedah linakon, amba dahat
kumacelu mangke, tampi sih nugrahaning Hyang Widdhi, tuwuk tirah bukti
mleber semah sunu.
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 19
21. Sing salama cingkrang sarwa sarwi, ri ari angloyong mung lumayan antuk
jampi luwe, marma angga lalu alum agring, wulu elar brindhil brondhol
lesah lesu.
22. Beda lawan bango cangak sami lema seger tinom, wit nariah pangan
saantuke, keyong kraca besusul binukti, yen amba tan sudi apes kedah
welut.
23. Bango nambung alah sira iki, bisa angacemong lawan guru matur tanpa
gawe wirang ngesorken sasami, nung murih densihi, mangkono tan patut.
24. Cinelakken ngrembug bareng kardi, ingkang cangak gawat wados, cangak
nyela banggansira dene paribasan cedhak sarpa mandi, wurung nyakut
yekti nyelah sida nyembur.
25. Yen rembugku ginusaha nuli, dimen mentar adoh yentan saguh mareni
watake, walang kadhak biyas mundhur nulu dhekem neng wurining, bango
sarwi jetung.
26. Ngucap alon lah sanak, ywa dadi ing tyasira karo aku datan nedya salah
gawe, dene mau ngong matur mring kyai, saking pikir lali ge-agea
ngundhuh.
27. Reh wewarah pangupayeng bukti, kang gampil linakon wit akbutuh
kaluwen wus suwe, ya ta Resi Kadhal nabda aris, wis kendela sami bali
kang rinembug.
28. Lamun sira yen gayh wahyaning, wahyu sing Yang Manon, wiwitana
sawatara rine ngungurangi cegah nendra bukti, nebiha mong resmi lan
eklasing kalbu.
29. Gya nglekasi ngalaya ing ratri, wit surya tan katon nuju marang kang sepi
papane, pasa: mbisu tyas kang eneng-ening ngeningken kang kesthi,
paran kang kinayun.
30. Den tatali ing cipta ywa lali, inggaling satemon, praptaning byar raine
sirage, siram marang tempuraning kali, poma saben ratri den kalakon
lamun.
31. Dungkap kawandasa ratri nuli, yan wayah sirep wong denwaspada sira
ngulatake ing wawarnan tanapi swarnaning peksi gunem pikir kang
karaseng kalbu.
32. Ngadat datan kongsi satus ratri, tinrimeng Hyang Manon paring ilham pilih
ing margane, kang cinipta luwih sihing Widdhi, de yen wus antuk sih tyas
den suka sokur.
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 20
33. Katri kaga embah matur raris, mugi denkalakon amba bangkit ngluhurken
warahe, bangkat gayuh papasihing Widdhi, iya ngong amini den kongsi
kapangguh.
34. Mangke yogya dumugekken malih babaganing layon kang wus masthi
linakon ing tembe, sagung umat datan kena mungkir, sumingkir sing pati
ing kitap kasebut.
35. Bubukane kawruhana dhingin, trap pangulah layon, yektekena pangeran
kodrate, sing amantep tetep pan sinung wrin, wikan wahyeng wanci
wataraning layu.
36. Pra sarjana ahlul olah ngilmi, wus karya pasemon, binjang lamun wus
perak praptane, ri kiyamat Gusti Allah nuding, malekat Jabrail mring donya
tumurun.
37. Kinen mundhut drajad, dasa warni mangkene kacariyos, juga mundhut
barkating bumine, kadwi: mundhut adiling narpati, tri: tapaning resi dene
kaping catur.
38. Kinen mndhut drajading kang ngelmi, pan kinarya asor, ping nem wiku
wigar sutapane, sapta sanakkadang kang tresnani, ping astha: winarni
apan kinen mundhut.
39. Ing wirange pra peksi pawestri, kakung kadya wadon, anggepira pan wus
datan pahe, kaping nawa: kinen mundhut maning imaning para mukmin,
dene ping sepuluh.
40. Mundhut sastra rahseng kitab suci Al kuran cinoplok yen wus iku nulya
tumedhake, keh babaya bebendu nekani, nir wateking peksi kewan
saminipun.
41. Kang kadya kakawruhana yekti, yekstine wiraos yeku pralampita satuhune
kang kajarwa jarwane kakiki, kikising dumadi dene wredinipun.
42. Ri kiyamat: kiyamating dhiri, yun andungkap layon, juga: yeki ngibarat
anane owah ing rupa warna cahyeki, nguni ayu pekik temah pucet sayub.
43. Dwi: ngibarat bunaring pangeksi, bureng bawur mawo arum arus tan beda
gandane, swara sora lamat-lamat myarsi, de kedaling lathi, kithal grathul-
grathul.
44. Tri ngibarat kang jatmika kontit, ngen-angen tempuh wor, kawur-kawur
kaworan marase, kaping catur: yeku ngibarating epeh ingkang budi,
budayane kukut.
45. Kaping panca: ngibarat ciptaning kekeraning batos, kang kaping nem:
yeka ngibarate mur kang karasing napsu wahyaning tandha dungkap
wanci badhe sidhemipun.
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 21
46. Kang kasapta: ngibarat kuwuring ciptanira dhompo, supe marang ing
kahanan kabeh, kaping astha ngibaratireki pangrasa ngincati, wit roh
renggang sampun.
47. Kaping nawa: yeku ngibarating nir raos rumaos, tan pangrasa wit
ginggang rahsane, ping sadasa: yeku ngibarating pramana cahyeki surem
sirep surup.
48. Marmanira den samya marmani, dadining waspaos, wosing bengran ing
lair batine, tengran batin yen sirangsa uning, jroning eneng ening ngalelu
kadulu.
49. Dadalane sing rupa pribadi, rupa: urub yektos, urub: saking urip tan
nalyane, mung sajuga yeku pribadining jroning donya iki nadyan kathah
manuk.
50. Bango cangak walang kadhak anging warna tan adhompo, mapan iku dadi
paseksene, de patrape yen sira yan panggih, kang panggah ywa wigih
lenggah sila timpuh.
51. Datan pahe lenggah ing solati, cipta maya mawor, gumulung neng
pancering rasane, musthi rupa warna pribadining iyeku ananing uni nong
ananung.
52. Ana maneh trapsileng samadi, lenggah sing gadhodhok, dwi suwiwi
angrangkul jengkune, dhengkul rapet tapus ing dariji, sanipat mor siki,
tepung pucuk cucuk.
53. Jroning eneng-eneng awas eling, jumbuhna ywa keron, sastra cetha
luluhna rahsane, yen wus mempan ngadat bangkit panggih, de tengran
kang keksi kasat ing pandulu.
54. Jaga: lamun sira wus ningali, barang warna elok, lire: ilu-ilu ilat mele,
sabangsane ingkang wanci, pan kirang sataun.
55. Kono yogya sami amiwiti, nata traping batos, mindeng brata lan sabar
rilane, narimeng tyas mrih temen utami, pakareman pinrih sirnane
sadarum.
56. Dwi: kalamun sira wus miyarsi, swara kang kawiyos ing salama during
mirengake, kayata: kang sware setan myang jin berkasakan sami
bangsaning lelembut.
57. Yeku kirang samadya warseki, kikising kang layon, yogya sami ngegungna
kurmate, myang tilasal mrih tindak utami, titi ngati-ati marang gesangipun.
58. Kang kaping tri yen wus santun warni, wawarnen kang tinon, non ngawiyat
nuju ing wulane, sura sapar kawistara abrit ing rabingulakir, miwah wulan
mulud.
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 22
59. Yng basonta meles cemeng keksi, de kang lamun anon Hyang Sudama
nuju ing wulane, jumadil awal jumadil akir dumeling kaeksi kresna
siratipun.
60. Wulan rejeb myang arwah yen meksi, tirta brit sumorot siyam sawal mayat
wayangane ing pribadi wus dadi kakalih sela sakban sasi langking kanang
latu.
61. Yeku kirang dwi candra kang jangji, yogya kang linakon, awasiyat riwayat
tegese paring warah wuruk myang weweling liring wasitadi dining suci
hayu.
62. Yen tinekuk panungguling driji cakarira karo, mepet rapet neng
ngepekepeke, gya ingangkat kang jajenthik manis, yen kangkata kongsi
tandha kaping catur.
63. Yeku kirang catur dasa ari dungkap prapteng layon, sedheng samya gelar
aksamane, myang aminta aksamane sisip marang kang sakserik pinrih
eklasipun.
64. Panca lamun driji cakar kalih, kawawas wus kalong, miwah pegat
ugelugelane, yeku kirang sacandra kang janji, sedheng nrapken ngelmi
kasampurnanipun.
65. Sad kalamun myat warna pribadi, temuwa patemon kirang madya candra
antarane, yogya nuli pinuja ing puji saben arsa guling, kalanireng dalu.
66. Pinrih lulut luluh dadya siki, suci sampurna mor nunggal lawan pancering
nguripe, kaping sapta sepen napsu bukti, nir wus datan pengin temah
titatudhuk.
67. Yeku amung amung kirang pendhak ari rasa sru kaleson, mangka nuli
tobata denage, gayeng saben pendhak wungu guling, nalangsa mrih suci
socaning datipun.
68. Astha lamun keketeg keduting, cakar wus tan traos netra kanakaning
pramananeng, pamiyarsa sirna garebeging, srep pucuking parji, jangli pan
wus tutug.
69. Dungkap mancat praptaning kang ari, kiyamat den tanggon, gya nucekken
sagungan sire, agal lembut kinemat mong siki, kukut sarahsaning pul lan
gesangipun.
70. Gugulungan pikekahing ngelmi, kukut-ngracut-temon, tobat-
ngematnucekken rahsane, mbaba-pasrah-nalangsa mring Widdhi, iki
ngong wijeni wijang jatinipun.
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 23
71. Gya tri kaga majeng ngarseng resi, manglong semu mengo, karna kiri
gung anelingake, cipta tanggap dumeling kang pyarsi, rahseng wasitadi
dining luluh layu.
72. Byar narawang kawangwang uwosi wahyu kang kawiyos, katri kaga
angles nrus diyane, tanpa krekat supe sakaliring, wawarnan kang keksi
sanak semah sunu.
73. Sing kapranan kangprana tampi sih sasihing Hyang Manon, ngaras pada
sarwilon ature, dhuh sang dwija amba ngaros yekti, terus wus asuci mulya
jatinipun.
74. Sirna sagung rarasan jro urip, sirep tan araos mapan namung nikmat
munpangate, mesem alon ngandika sang Resi, bagya sirantuksih sihing
Hyang Maha Gung.
75. Nging ywa agegancang anggagahi, agahan salah ton, mung katongton
enak kapenake, begalane tan den kawekani, binjang yen praptari sakaratil
maut.
76. Kono kathah rencana kang prapti, wit sing napsu dados neka warna
warah-pangarahe, ana katon guru-yayah-wibi sanak-semah-siwi weneh
putri ayu.
77. Ayun jarah iman pinrih lali, linglung lalu keron kang kadyeka paran
wekasane, bok kongsia tinggal awas elinh, yekti korup eblis kablusuk
mring pocung.
PUPUH VII
P O C U N G
1. Marmanipun dhihin wajib wruh sireku, pangruktining angga gayeng tepung
lan pangesthi, esthanira tan beda lan mesu puja.
2. Jangjinipun yen wus kraos dungkap layu, luyuting jiwangga, liyeping netra
mekasi, sira nuli met papan mapan sareyan.
3. Mepet napsu sidhakep tunggal kang suku, suwiwi kalihnya tumumpang
jaja, madyaning sipat grana tepung pucuk cucuk cakar.
4. Buntut turut cucuk mingkem den agathuk, ereming kang netra wahyaning
uswa den ririh, ngarah-arah panarike ywa rekasa.
5. Napas-nupus-anpas-tannapas ginelung gulung dadya juga, tinarik ambal
kaping tri, yen wus kempal kumpulna neng lintang johar.
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 24
6. Ywa kasusu supadya tan kongsi kungsul, yen wus sareh tata tarikken
minggah manginggil, prapteng jaja jenakna ywa kongsi ura.
7. Tyas den emut, mating rhsa kang kinukuy ing panyidhikara, rarasing
mangulah jati.
8. Uswanipun unggahna neng baetalmakmur, mor lawan pramana, poma
den yitna sireki, iman-tokit-makripat-Islam esthia.
9. Aywa keguh tyas kang tangguh, panggah puguh den gagah bregagah,
teteg tatag den gumingsir, ngliga sara sarana sarat pangruwat.
10. Wit ing ngriku nedheng praptaning ru giru, ngrubung gara gadha
anggegiro memedeni amemengin- amndaya- mamrih-miluta.
11. Mrih kalimput kalempit kelu kalunglun, kalaping paparang, jro urib datan
methuki, beka begal bebaya gawat kadyeka.
12. Ywa kaliru pana pamawasing laku, pambukaning wrana, panakna ywa
kongsi lali, lah delingna sira sun tuturi padha.
13. Kang rumuhun anu nong uning ananung kang mangka pangruwat,
ruweting rasa sakalir, nuli uning ananing ana sajuga.
14. Lah ya iku lan sastra jendra martayu, dating Hyang suksmana cinitreng
angganirelu, ywa tepungna lan rahsaning dwi kalimah.
15. Apan iku jati ananing uripmu, kang kurup dwi astha isthanen ananireki,
yen wus luluh linawed dadya sajuga.
16. Juga wujud kang alip mutangalimun, wakid wahyuning yang jejeg jruning
anur singgih, wulu auku dadya tekad kang sanyata.
17. Wus kacakup sagung wawarah sang wiku, kumandhang neng dhadha
ngandika malih sang yogi, kawruhana yen uswa rasa pramana.
18. Wus put-kampul samadyaning baetal makmur, sing suku kanangrah
ginulung minggah manginggil, pating griming lir likaten rasanira.
19. Wit jalimpit kang rasa dereng kinukut raket tan witira, mulih mring wasesa
jati, lah mangkene patraping panyidhikara.
20. Iya iku poma ywa kongsi kaliru maneh kawruhana, yen wus dungkap
pantaraning mangsa kala oncating atma sing raga.
21. Gya kadulu praptaning kang aru biru, tahya manca warna, genti-genti
anglimputi, pwara nunggal kahanan lan nahya mulya.
22. Mulya wangsul pulih sangkaning duk wau, jumaneng pribadya jroning
ngalam nukat gaib, nukat: wiji, gaib, samar jarwanira.
23. Wus amengku ananing kahanan sagung, lah padha ngaso dhingin, iki wus
meh anggagat bangung raina.
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 25
24. Menyang pungkur kana ana balumbanggung, padha meta mina, sira tri
den enak bukti, aywa taha tampi sugata manira.
25. Yen wus tuwuk, balia mrene ngong wuruh witing ananira, sangkang
purwaning dumadi, kang supadya tan samar papaning lama.
26. Nembah dheku katri kaga, matur nuwun wus lengser gya medal mring wuri
rong sapraptaning, tepi Haga arsa met manising mina.
PUPUH VIII
D U R M A
1. Kawursita nenggih kang kaga tri, dupi prapta tepining balumbang, dahat
kacaryan driyane, anon weninging ranu, dhadhasaring beji kaeksi, keh
mina sami mijah, sidhat welut mungup urang-urang watang ngambang,
sepat sili waderpari riwa-riwi, bandeng blanak lumembak.
2. Walang kadhak tyas tan sangga runggi, gya agahan jegur manjing
tlaga,mrih mina ing sasukane, ngiwa manengen nucuk saking luwe wus
lungse wanti, wit wingi datan nadhah, nglantur prapteng dalu, bango miyat
mesem lingnya, lah ta cangak dulunen solahireki, si premba walang
kadhak.
3. Kaya kaul dupeh den lilani, mring jeng kyai mangan tanpa kira, tinggal
duga wataranem cangak ewa sunaur, dikapakna tan bangkit mari, wus
dhasar pikir rucah, parandene umuk, saguh arsa tarak brata, ngungurangi
nadhah, nendra piprihatin, yen nyata sida modar.
4. Walang kadhak apitan miyarsi, enak nucuk mina nengen ngiwa, kongsi
balendhang telihem bango cangak sru muwus, heh ta walang kadhak
sireki, teka dahat dalua baya durung tuwuk, wadhukmu kongsi badhadhag,
bok yading mina iki ngoningoning kagungan sang ngatapa.
5. Mangan teka tan dugi prayogi, tuduh lamun kukila alasan, tan weruh praja
susilane, walang kadhak sumaur nyambi nucuk kang waderpari, lah sanak
den sakeca genta gunem nyatur, ngong rungokna karo nadhah, telak telih
kebake kurang sathithik, dimen bangkat sapasar.
6. Sigeg ingkang kinondha, ing tulis mangke genti ingkang cinarita kang
samya kantun pantine semah tanapi sunu, biyang walang kadhak
lanmalih, biyang cangak samana dahat ngayun-ayun ing praptane lakinita
kongsi lama denya padha ngupa bukti, teka tanana prapta.
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 26
7. Biyang kadwi mara mring unggyaning biyang bango wus samya
papanggyan, rasan rerasan lakine kesahnya teka nglantur, marasing tyas
bok wonten margi, kandheg beka begalan, baya myang pakewuh paran
denira ngupaya, biyang bango alon denira nauri, biyang cangak der sabar.
8. Pandugaku lakimu tan kongsi, yen manggiha babaya neng paran, wit
babarengan lungane lawan bapakne gendhuk, jare sowan ngarseng sang
resi, kadhal kang nungku brata neng sor mandira gung, adat pikirku tan
kena yen kongsia ana sandhungan nekani andhingini karasa.
9. Balik paran karepira kalih, den upaya tanapi ingantyan, ing kene kongsi
praptane, biyang cangak sumaur, yen sambada ing sira kalih, mungguh
panglimbanging wang, sayogya rinurah tembung tan kadaluwarsa bagya
lamur neng paran sanya basuki, ywa dadya paran tetah.
10. Biyang walang kadhak anyambungi, bener pikirira kang mangkana, lah
payo budhalan age, mumpung iki sih esuk, mesakake sutanta cilik,
kongsia keneng pnasm katrinya gya ngrasuk babektan perluning marga,
sawusira sempat gya budhalan sami, katri ngayuh gagana.
11. Aburira reyongan samargi repot ribed babektan myang suta, dupi surya
lingsir sore, dungkap gyan kang tinuju, katri pareng maniyup sami, jujug
soring mandira, gya ngulari pintu, erong samana wus panggya, biyang
katri umarah tepining kori sarwi lan aturira.
12. Kula nuwun sowan amba katri, nyuwun pirsa punapa sang tapa, kaleres
wonten daleme kawarna sang awiku, pan wis wikan lamun ing jawi,
wonten tatamu prapta mangkana gya metu, prapteng kori guwa nabda, lah
ta payo banjura sami umanjing katrinya dharakalan.
13. Praptaning jro wus nyata ta linggih, biyang bango kang lenggah neng
ngarsa, sila dhekukul janggane, wurinira sumambung, biyang cangak
jongok alinggih, timpuh amangku suta, nangis sarwi nusu dene wurinira
pisan biyang walang kadhak slonjor denya linggih, dwi suwiwi saduwa.
14. Resi Kadhal mesem sarwi angling, lah bageya katri praptanira baya padha
ana gawe kang tinanya umatur, sowana mbangar sangang sasi, sing sami
sru nsungkawa, ginubel ing sunu, sudarmanya samya kesah,ngupa boga
apan sampun caturawi, nglantur tan ana pranta.
15. Kongsi mangkin tyasasangga runggi, bok neng paran kasandhung
babaya, mugi tuwan marengake, amba nyuwun pituduh kawontenan
ingkang sayekti, yektine laki amba pernah dunungipun, papa tanpiraharja,
resi nabda nut petanging iladuni, sira ywa wancak driya.
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 27
16. Den pracaya pasrah mring yang widhi, lamun katri lakinira padha suka
basuki yektine, nanging samangke durung prapteng mangsa samiamulih,
taksih sinegker ing Hyang tembe kalamun wus dungkap prapteng mangsa
kala, ywa sandeya tya sira sun kang nanggupi ngupaya panggihim.
17. Marma sira den saranta sami, aneng kene kongsi praptanira, ngiras padha
ngasokake, labet mentas lalaku, kapenakna gyan padha linggih, gya
nyanggo taha-taha, katri matur nuwun, biyang bango lon turira, nuwun kyai
sasambe ngiras ngentosi, ambarsa nyuwun berkah.
18. Sarat sarana ugening alaki kang suoadya bango laki amba, bangkit jenak
tungkul tyase, ywa tansah karem ngluyur kaloyongan supe ing wanci, leres
tamun kesahnya mrih cekaping butuh antuk kedhik myang kathah, bruk
pthuthuk datan darbe, pikir sing sang tapa lon ngandika.
19. Kawruh ana yen laki nireki, dadi lanang mapan wus prayoga, weruh
ngenggoni sema sunu, ngupa nipkah ywa kongsi laip, prakara remen
lungan, terkadhang anglantur sayekti ana witira, ya mulane den bisa sira
ngrawuhi witing karananira.
20. Lah ing mangke sira sun tuturi, yen lakimu nuju prapta lungan, sira
mirapeta tindake, sandhingan yen lungguh, pernah kiwa rada kapering, ri
ngatrap ing susila, kang reseping semu, jatmika sasolah bawa, sipta
tanggap pasmone semu malatsih, mtih asih ing lakinta.
21. Tyas sumarah barang reh, ywa kongsi nyengkah-duwa kang njalari cuwa,
tumindaka sakarsane, katon kang bangun turut, de cawisan sira ywa lali,
barang karemanira myang kasukanipun, rumangsa yen tinitah dadi wadon,
wadon wresining wadi, wadining kakungira.
22. Sira wajib rumeksa ywa kongsi kawadaka, marma ingaran pelestri iku
tegese, paes: rerengganipun tri: tetelu jarwane yekti, rengganira titiga,
kadarbe ing kakung, tan kena sira suminggah siyang ratri
sumaoskarsaning laki, jer wus der suguhena.
23. Basa bajo: baja denarani, baja; yeku susuguh sanyata, ana pasekcene
maneh, wit kuna mulanipun karsaning Hyang, praptaning mangkin,wadon
pinernah ngandhap, kakung aneng ruhur, yeku pasemon sanyata,
sanyatane wadon, kawiseseng laki, tah iku rasakena.
24. Ina sababe sira kudu wedi, lan miturut ing reh barang karsa, yeku dadi
lilirune, sasanggemaning kakung, wektu ijab marang sireki kaseksen wali
sanak, myang tuwan pangulu, kakung datan kena selak, ngupayakna bukti
lawan angomahi, myang wajib nuronana.
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 28
25. Lamun ana wadon mbeg kumani, saya lamun yen kakunge ngalah, parunji
jarah arane, kabendon mring Hyang Agung, kapindhone dosamring laki,
Pangeran tan ngapura, mring wadon kang besur, nadyan lakine narima,
awit kakung winenang dadya sesulih, mengku munba masesa.
26. Swarga nraka gumantung ing laki, marma sira ngati-ati padha, ywa
gegampang sabarang reh, sun puji mring Hyang Agung, amarengna muga
sireki, dadya wanadya tama, den awas lan emut, sunduking duga prayoga,
lan watara kira-kira aywa lali, mangka pawitanira.
27. Ora susah pawitan mas picis, mapan dudu adon-adonira, mrih nunggal kur
batine, biyang bango umatur, nuwum inggih sabda sang yogi, berkah
tuwan mugyamba bangkat liring tuduh, pitedah kang mrih utamabiyang
cangak saking wuri anambungi, dhuh kyai nuwun amba.
28. Pinaringan brekah sang ayogi, kang supadya laki amba cangak,
mantunana cengkilinge sareh ywa sugih napsu, wit watete tan
kaprahpeksi, putungan barangasan,lan amba sring padu, padudon rembag
tan misra kang makaten jalari sudaning kang sih sihing wadon mring priya.
29. Amba suwun lakimba den kongsi, komet kuthuk aywa sok galathak, thithik-
thithik amethentheng, sang wiku mesem muwus, biyang cangak amindhu
kardi, mau ngong wus sajarwa, sugerwajibipun, wadon rinengkuh ing
priya, ngong wus wikan yen watekmu mula wani kumini marang priya.
30. Dadi sira tan ngenggeni wajib, paran bangkit runtut sih siniyan, jer
sirangkah mung menange, lakimu kinen nungkul, yeku ran tan wruh bener
sisip, ngandelken bangkit ngucap, pikir ngeyel berung, ya ,ulane wekasing
wang, marenana yen sira mrih den asihi, warahku siranggowa.
31. Kaya wus kang kajarwa ing ngarsi,ewadene reh wus sri sulaya, yen amrih
ninggal becike, nuli bangkit tut rukun, linayan aning puja puji lahkene
amajua, sireku ngong wuruk, yen sira nuju pan dengar, lan priyanta
mataka pramana aji, mangkene emelira.
32. Salalahu ngala wa salami, Mukhamad Kadim Allahku nyata, kang jumeneg
neng pancere, paningalku satuhu, tetep manjing mareng pancering
netrane lakining wang den langgeng sihipun ing donya prapteng delahan,
La ilahu mukamad rasulillahi, ya hu allahu akbar.
33. De kang penu jinungkung ywa lali, lamun sira nuju pulang raras, ciptanen
sajro carene, wawasen jroning kalbu, den kongsia cumithak dadi caplak
lan warnanira lakimu sajumbuh aji iku lakonana pasa mutih tri ari
pungkasan nyepi, ngebleng sadlu pisan.
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 29
34. Nembah mundur biyang cangak sarwi matur nuwun gya bok walang
kadhak, sumela maju ngarsane sang wiku sarwi matur, nuwun kyai
parengna mugi paring tumbal myang supadya si dhawuk, gapuk Gerang
walang kadhak, mantunana denya remen iyan pawestri, mring semah
datan doyan.
35. Kethuk kuwel kesete ngliwati, byang-ngebyangan, sukanya ngethoprak,
injang mantuk bruk angorok, yenamba susul turu, den sog-osog datan
ngalisik, nglilire sareng dhupak, celak datan ayun, tangi gregah dandan
pangkat, jujug warung ngiras bedhange ngladasi, kranjingan tanpa wiring.
36. Resi gumujeng guguk sarwi ngling kalingane biyang walang kadhak,
ngangsa jarwa satuhene Hyang dadi tyasireku, ya marmane lakinta
kongsi, mangkono trap tindaknya, sireku kang luput, jer pikirmu wangkal
nglungka, datan pisan mardi wadining pawestrikang mrih reseping priya.
37. Bener bae lakimu tan apti, nyerakana jer sira kaliwat wadhag wagu kethoh
wadheh, basengat ulat sebut, crobo crabak tanpa sisirik wewalering
wanita, waton doyan klebu, kang mangkono marenana, lan tuntunen kang
talaten mardi sirik, besus nanging prasaja .
38. Ana sarat yogya denlakoni, nanging saru tumrap wadon lumrah, wit mung
mardi mrih nikmate, ngarah kiwul salulut, anganggoa tarekahlair, jamu
sapasar pisan saben bangun esuk, ratengan barambanglanang, pentiling
lo sababakan dlima sawit, myang sarem sawatara.
39. Pinipis winor saberuk warih de tapele meta ron pulutan, jeram pecel
sasawite, kedhik winoran candu tapel tepung kang kampungireki, latah
bok walang kadhak talah sang awiku, wosing wawadi kawiyak, cak cek
sajakane wus tate niliki, bok cangak nambung lingnya.
40. Bener kyai dhawuhe kadyeki, jer rupamu pasmone katara, ngebreh jodheh
waleh tlobeh, welu kendhoa mesum, andupara laki sireki, resepa pulang
raras, jer caciblon kungkum marma nuli rektenana ngrukti raga supadya,
wingwing aramping kiyat akat talang kas.
41. Nadyan kisut kakasutireki, yekti keket kesat asai kisat, bisa kecap
panggregute, biyang bango anyendhu, lah ta biyang cangak sireki neng
ngarsane sing tapa teka kandhan saru, biyang cangak jongok lingnya, ya
bakayu ngaran aku mung sadremi, babar dhawuh sang tapa.
42. Magsa dadak karsa sang resi, medhar ngebla terang tur pratela, kaya
ujaring ngong kiye sathithik aku urun, lir warahe guruku nguni, wus
kanyatan ngong coba, tan mindho ping telu, sira ngupoyoa beras
sokanandi dinar kencana myang kendhil anyar liweta sigra.
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 30
43. Lamun arsa dungkap anyilepi gya cincinga saruhur wentisnya, sarwi kang
rema ingore, maca slawat ping telu nuli donga kabul kaping tri, de kang
bakal lawuhan ya saananipun, nanging kudu saratan nora ketang satrithik
meta cacindhil, dheploken kongsi lembat.
44. Mor lan rempah ywa kongsi katawis, yen wus rampung sira adandana
sarwa prasaja semune rakiten cawisanmu, yen lakimu wus arsa bukti,
lungguhe cedhakana awasna yen muluk, tetep pisan barengan ing
kamayan esthinen sajroning batin, mangkene emelira.
45. Bismillahi arahmanirrakim, niyatingsun barengi manjingnya kalimat jati
kodrate, kamaku ya kamamu, rasaningsun rasanireki, atma-sir tetep
tunggal keket langgeng kumpul la ilahaillahuwa, wus sing bukti sarana sira
dhingin, mring senthong atetebah.
46. Nguni adat kang wus klakon nuli, anututi manjing ngajak nendra, lamun
denuja karepe ngerepi jaluk tanduk, tumanduking bedhornemeni, bok
walang kadhak ngakak, katuju tyasipun kongsi kawiyak wadinya kawistara
dhadhasar karem saresmi, dremba kakung tan taha.
47. Ya ta alon ngandika sang resi, lah katrinya padha sumurupa, kang
mangkono iku kabeh kena ngaran pangapus, papaesan sajroning ngurip,
nging mungguh jatinira, wadon rinengkuh ing priya, wajib wruha
sarahsaning laki-rabi, de mungguh jarwanira.
48. Basa rabi: rahab wredinireki, de kang laki: laku jarwanira, anglankoni
sabarang reh, nut sumarah ing kakung kang supadya dipunrahabi, yeku
jodho ranira, kang rasa wus mantuk, neng papaning sowang-sowang,
kawruhana paran wadining pawestri, tanggap karsaning priya.
49. Lawan priya sengseming pawestri, mapan iya mulane mangkana, wit
pawestri sayektine amengku rohing kakung, kang ngaranan eroh ilapi,
dene priya kanggonan rohing wanodyeku, iya roh suci arannya, marma
lamun priya umiyat pawestri, myang wadon miyat priya.
50. Nepsu ebah kumudu nanggapi, yen sepena ewuh pakewuhnya, saking
katarik dayane, kang roh estri yun mantuk, jro saresmi aliru pulih, marma
ranpulang raras, wus samono cukup, balik iki wus andungkap mangsa
kala pinareng lakimu praptilah sira meneng padha.
51. Sunsusule bene nuli bali, ya ta sang tapa ngeningken sigra, amuntu cipta
rasane, menet saliring napsu, tri bawana kinukut sami ngikut sagung
jajahan, manjing ngalam limut, kang kari raga ragangan, gya sang resi
nuksmeng cahya marang wuri, arsa panggih tri kaga.
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 31
52. Kawarna kang samya ndon warih, bango cangak lawan walang kadhak, tri
dahat kapiteng tyase anoncahya narawung, amrabani sakubeng rawi, sor
prabeng diwangkara, dupi miyat ruhur, sang resi katon ngalelalenggah
munggwing jro cahya sarwi melingi, lah ta sanak katrinya.
53. Ingsun prapta nusul mring sireki, kawruhanta yen somahmu padha,
Babarengan tri praptane, kawistara wulangun mring sireku temah ngulati
katuju lampahira, ingsun kang jinujuk mangke nganti aneng ngarsa, wus
antara jajagongan lawan mami, ana kang nganthi suta.
PUPUH IX
KINANTHI
1. Wusnya ngandika sang wiku, sakedhap muksa tan keksi, ya ta kang katri
kukila mutenggengen dennya meksi, sing pangrasa katresnan sami.
2. Bango cangak mingak-minuk, walang kadhak tanpa ngudi, tyasnya bawur
bunar-buyar, wusing rada enget sami, bango nebut ngudubilan
minassaetonirrajim.
3. Apa kang katon empere kaya jeng kyai lenggah jroning cahya mulya,
walang kadhak anauri, mokal kalamun sang tapa yen pandugaku memedi.
4. Utawa ratune hantu kang tunggu talaga iki, cangak nyentak wuwusira, ya
bener kiramu kuwi, iki mau ratunira, sagung mina jro raweki.
5. Yun munira balamipun, keh kalonge sira bukti, marma iku karsanira, arsa
males mring sireki, utang pati nyaur pejah, wit manganmu tan dudugi.
6. Den ngati-ati sireku, ywa selak yen pimrih lalis, walang kadhak
dhelakdhelak, tyas angles luhnya dres mili, sasambat lah priye cangak
mengko yen kongsi nekani.
7. Bok ya aku minta tulung rembugmu ingkang permati, apa yogya nuli
mentar mengko gek dipuntututi, yen ngong bangga mesthi kalah, ah
cangak kapriye iki.
8. Bango kapingkel gumuyu, anon mring peksi kakalih, cangak dene teka
bisa, gara godha memedeni, karya marasi sasanak, marma welas aningali.
9. Wasana lon wuwusipun, lah walang kadhak sireki, ywa dahat maras
tyasira, reh wus ngrumangsani sisip, tan lyan ing samangke padha,inggal
marak ngarseng resi.
10. Ing kana kang wajib tulung sira pasrah pati urip, walang kadhak katon
lejar, saman tri kaga nuli, sareng budhal arsa marak, tan adangu tri wus
prapti.
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 32
11. Ing ngarsanira sang wiku, walang kadhak lenggah wuri, pakungkungan
trapsilanya, labet katuwukken bukti, telih nyengkah mayag-mayag,
ulatbiyas tyas kumitir.
12. Rasa angen-angen kukut, bubrah budayaning budi, cipta uwas semu
semang, pamikire solan-salin ngene luput ngono salah, tambuh-tambuh
denantepi.
13. Lenggahnya dheku dhekukul, tan miyat ing kanan kering, rabinira jajar
lenggah parandene tan udani, kang mangkono pan wus jamak, kehing
para nyandhang sisip.
14. Sirna pamawasing kalbu, kajaba pikir kang mentir, menter pangikaling
nalar, ya tangan dika sang resi, ngong sawang si walang kadhak, kaya
ana kang pinikir.
15. Katara semoning semu senene angatarani, mangkana bango turira,
nuwun duka sang maharsi punika pun walang kadhak, sowan atur patiurip.
16. Rumaos lupute muput, duk wau wonten ing rawi, wikan cahya
gagawangan, ing jro suwara melingi kanyana ratuning mina, tanapi kang
tengga rawi.
17. Belani mina kang lampus, yun mrih wawalesing pati kang binukti walang
kadhak, mangkya sumangga sang resi pun walang kadhaksumarah, ing
reh nadyan prapteng pati.
18. Wonten ngarsane sang wiku, suka rila anglampahi, sang tapa mesem
lingira, lah walang kadhak ya uwis, aywa akeh kang rinasa mung iku
dadya pepeling.
19. Kabeh satindaking laku, ywa tinggal dugi prayogi, watara myang kirakira,
ywakongsi nemahi sisip, maneh sira sinaua, ana ta mikir mrih minter.
20. Tyas kaget tan temah bingung, linglung kelangan ciptaning, apadene sira
cangak, rungokna pitutur mami, prayogane akekadang, den rumeksa lair
batin.
21. Aywa cok dhemen bebidhung, kudhung lulang macan, amrih met sukaning
tyas, terkadhang ngadhang-adhang antuk malih, kang melok pinalak,
mangkono datan prayogi.
22. Ngelinga wredi sadulur, sa: siki dulur: lestari tetep langgeng dadya juga sih
tresnane lair batin, sepi kang rasa pangrasa, traping tepa denanggoni.
23. Katri kaga pareng dheku, kaluhuran sabdeng resi, sang tapa malih
ngandika, lah ta sanak katri kang lungguh wurimu sapa, samana tri pareng
nolih.
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 33
24. Semahnya neng wuri lungguh, gya bage binage sami asung warta
winartanan, sawusnya satata malih, bango dheku aturira, nuwun
punikajeng kyai.
25. Kang abdi pun biyang gendhuk, sembah amba nusul mriki ing mangke
sumangga tuwan, kaparengipun paring sih nuntun warah wasitarja, arjeng
ngawal prapteng ngakir.
26. Ngandika sang maha wiku, luwih parenging Yang Widdhi
kasembadaningsun bisa nununtun kang mrih utami, utamane rabinira lir
warah ngong mring sireki.
27. Balik nguni sun wus sanggup, arsa mbabar kawruh jati,sajatining ananira,
saking wit prapteng dumadi, angin dhihin yogya padhangrembug paran
deantepi.
28. Bangi nguni sira muwus, kayungyun ngrungkebi, tatanan jen nabi mulya,
mukhamad rasullillahi tumindak tindaking parak kang kalaku pra muslim.
29. Met kadis jeng nabi rasul, mangkene luwih prayogi, paran sira wus
andungkap, sarta-rukun-wenang-wajib, batal-karam-pardu-sunat suwaning
agama suci.
30. Bango gumuyu tumungkul, aturnya lan alah kyai, sacuwil pandoeng wikan,
wengkuneng agama suci, ing batas mung ngarah-arah, bok pinareng
anglampahi.
31. Mangke sumangga pukulun, yogyane amba mestuti, ngluhurken agama
mulya, mesem ngandika sang resi, alkamdulilah yen sira temen-temen yun
ngrungkebi.
32. Sun pupuji mring Hyang Agung, sira pinarengga mugi, lah ta mara amajua,
lungguhmu ingsun jarwani, sagaduging kawruh ing wang, babagan agama
suci.
33. Mrih suci jiwangga besuk, bagya yen bangki nyakupi, orane dadya atasan,
lumaya kinarya wiji, anggayuha wruh kang nyata, dhihin kang wajib
denwruhi.
34. Rukuning agama rasul, kudu-kudu denlampahi, juga sadat kadwi jakat, tri
sholat gangsal wetyaki, catur pwasa wulan ramlan, panca wajiblunga khaji.
35. De sahadat tegesipun, maca kang kalimah kalih, iya iku ashadu an, la
ilaha illallahi, lawan wa ashaduanna. Mukhamad rasulullahi.
36. Tokoting tekad jro kalbu, tah ana pangeran kalih, aliya Allah tan murba,
kang akarya bumi lan langit, lawan saisi sadaya, langgeng datan
owahgingsir.
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 34
37. De gusti jeng Nabi rasul, nyata kakasing Yang widdhi, dinuta kinen
mencarna, tatanan agama suci praptaning ari kiyamat, liyana saraya udi.
38. Jakat, yeku tegesipun masung marang pekir miskin, papriman denrila
eklas, myang jakat mrih dadya suci, nut panataning petangan, kalakona
saben warsi.
39. De kang sholat limang waktu, luhur-ngasar lawan mahrib, ngisa-subuh
wektu pajar, parlu ngabekti Hyang Widdhi, ngrasa tinitah kawula, wajib
ngerti lan jrih asih.
40. Sahing sujud limang wektu, sayekti lan rukuning, tatanan batal myang
karam, sun babare mangke wuri, de puwasa wulan ramlan, muput jangkep
tri dasari.
41. Yeku ngluluri karuhun, duk Kangjeng Panutan Nabi, mempen siyam neng
jro guwa, lawase jangkep sasasi, sapisan sawal luwaran, ing satenga kaul
malih.
42. Kurmat tumuruning wahyu Al kuran saking Yang Widdhi, ana jro sawulan
ramlan, tumaruntun ari ratri, sing Mekah prapte Madinah, tetep jangkep jus
tri desi.
43. Lunga khaji marang ngarbun, ing kana ngran tanah suci, pasareyaning
jeng duta, lan padaleman Yang Widdhi, yeku kang ngaran betollah.
44. Tur ngesahken tekadipun, sineksen imam Safingi, dennya nut agama
mulya, ing samengko ambaleni, sarat rukuning ngibadah, kang dhihin
wajib susuci.
45. Dalem Al kuran kasebut, dhawuhing Yang Maha Suci, ya ayuhal aladina,
amanu idakumtummi ila solati faksila wajuhaku waaedi.
46. Yakum ilal marafiku wamsaku biruusikim warjulakum ilal kakba, eni de
wredinireki, deneling pra mukmin padha, wektyarsa sira nglakoni.
47. Solat kang mangka sireku, isih kadas kudu wajib, wudu susuci lan toya,
padha masuha rarai, ngusap mbun-embuning sirah, masuh astanira kalih.
48. Den kongsi prapta sisikut, malih sukuning kalih,denwarat prapteng
tungkak, dene yen panuju lagi, junub mangka wajib siram, kalamun tan
ana warih.
49. Winenang siram tayamum, mangkono dhawuh Yang Widdhi, kalane neng
ngalam arwah, tanapi neng ngalam janji, maran para roh sadaya, iyeku
rihing pra mukmin.
50. Para nabi lan waliyu, mukmin muslimin lyan kapir, yektyeku wus padha
iman, mengeti janji duk nguni, aneng donya linaksanan, sujut ngabekti
mring Widdhi.
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 35
51. De pra kapir kupur limut, tan arsa madeg solati, tatanan Jeng nabi duta,
karana rohe duk nguni, ana jroning ngalam arwah, tan mireng dhawuhing
Gusti.
52. Tungkul pijer lingak-linguk, bareng neng donya dumadi, kena sunaring
papadhang, padhanging kang ngapirani, tyasnya korup karem ngiwa, kang
kawangwang mung branadi.
53. Sawenwnh ana kang manut, nanging mung katon ing lair, ing batine kang
kapir kawak, yeku munapek raneki, pangrasane tan koningan, kang murba
yun denapusi.
54. Dene perlune met wulu, sepisan amsuh rai, nuceni rereged muka, den ta
madhep donya iki, la den ta ningali ahyar, yeku papaesing ngurip.
55. De kang kaping kalihipun, masuh asta kanan kering, perlu nuceni
regednya, saking susuker myang najis, dennya nggondhel mring sasama,
gumantung sameng dumadi.
56. Dene kang kaping trinipun, ngusap bumbunan lan warih, kuliting sisihira,
perlu nuceni labeting, dennya wus ngasorken raga, marang bendaranireki.
57. Ping catur nuceni suku, tungkan dalamakan kalih, yeku mrih sirna
regednya, ing labet bangsaning siti, tumindak nut napsu hawa, yeku budya
soraneki.
58. De kalamun sira junub, mangka sira wajib nuli, mrih sirna suci regednya,
dennya wus luput nglakoni, remen mring liyaning Allah, tur ta iku amlarati.
59. Sira dus tanapi wulu, lawan toya ta obati, nalangsa nyuwun ngapura,
mring Gusti Kang Maha Suci, kang supadya ngakir binjang, ywa kalabetan
sukerjis.
60. Israh Jeng Nabi rasul, kasebut ing dalem kadis, tawataubismillah, yen tan
kleru jarwanireki, lah sira padha wuluwa lan tirta asmaning Widdhi.
61. Den taukit mring Yang Agung, tinggal banyu maksiyati, lawan banyu ywa
rumangsa bisa nglakoni ngabektilan wajib nuceni asrar yeku rahsaning
pamikir.
62. Den sucekken lawan banyu, tinggal gumlaring donyeki, erohnya sinucen
lawan, tan remen marang liyaning mungna mring Allah tangala, kang
langgeng ing sahir kabir.
63. Dene bataling kang wulu, sapisan lamun nglakoni gepok wadon lyan
mukrimnya, kapindho ngedalken najis sing medal wuri lan ngarsa, ping tri
gepok dadalan dwi.
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 36
64. Kaping catur lamun turu kongsi katemahan lali, kapanca sirna kang
ngakal, wuru-bingung-bunar-gingsir, dene munggah pangertinya paran
ahlul akekati.
65. Wanodya yekti dun yeku marma sucining kangpikir, rusak dening karem
dunya, dwi wahyaning najis kalih yeku pangucap pamyarsa sabarang
catur tan yukti.
66. Lire: ngrasaning myang misuh, de batal kang tigang warni, gepok merdi
nendra miwah, sirna ngakale tan eling dunung lali dikirira, tan kumambang
mring Yang Widdhi.
PUPUH X
MASKUMAMBANG
1. Apa maneh kang ngaran jatining suci, pan astha prakara, juga sucining
puadi, lire: tan lyan mring suksmana.
2. Kang kaping dwi, ingaranan suci ningsir, klawan musaadah, tegese pratela
yekti, kaping tri sucining sadra.
3. Lire: dhadha suka narima mring Widdhi, de kaping caturnya, sucining roh
lire yekti, kang wedi wirang mring Allah.
4. Kaping panca yeku, padharan sucining bukti barang kalal, myang
ngedohken cidreng resmi, sad yeku sucining raga.
5. Inggal syahwat de kaping sapta, kang suci kadwi kanang asta, ywa karya
ngemek met melik, sabarang liyan bener.
6. Kaping astha sucining lesan tan lali, dikir mring Pangeran, tanapi ing ari
ratri, amaca surat istigpar.
7. Iyeku astagapirollah harngalim, lire: dhuh Pangeran mugi paring aksami,
sagunging lepat dosamba.
8. Ngong carita nguni duk, Jaman Jeng Nabi Sayidin Mustapa Mukamad
rosulillahhi, ana wong yahudi marak.
9. Padha matur duh Gusti kula, Jeng Nabi paran darunannya, de Gusti Kang
Maha Suci, ing karsane datan timbang.
10. Ingatasing kang najis nguyuh, myang ngising cekap wudu tirta, wangsul
junub merga resmi, pinajerah kudu siram.
11. Mangka yekti lamun mani datan najis, paran karananya, amba nyuwun
tedah Gusti Jeng Nabi mesem ngandika.
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 37
12. Kawruhana bab ing nguyuh lawan ngising, suci wudu tirta karana iku kang
najis, mahya sing dhiri priyongga.
13. Lawan malih mahyane datan mlarati, balik junub ika mangkene purwane
nguni, duk enyang Jeng Nabi Adam.
14. Aneng swarga dupi dhahar wohing kuldi, kraos langkung nikmat,
sumarambah ingkang sari, suku pranteng pucuk rema.
15. Datan pahe nikmate lan pulang resmi, marma jeng nabyadam, dinukan
dening Yang Widdhi, merga sing ngemat kenikmat.
16. Kang magkono ngatase junub, pan wajib sinucen lan siram tirta tobat
mring Yang Widdhi, nuceni najising badan.
17. Lawan maneh krawuhana, lah yahudi junub winajibna, kudu-kudu siram
warih karana sing tri prakara.
18. Juga saka nikmat ahyaning kang mani lawan ngarsa suka, ing mangka
dununging mani, tepus saliring anggota.
19. Ping dwi rehning resmi sarana piranti anggota tumandang, ngetog sarosa
rahsaning, marma sawusnya cumbana.
20. Slira lesu lupa luluh kang donya nir, iku sayogyanya siram kojur kang dhiri
mrih pulih kakuwatannya.
21. Awit kanang tirta darbe daya luwih, bangkit amulihna lan nguripken kang
wus agring.
22. Kang kaping tri satuhune padha wajin anuceni raga, sakojur myang
sawatawis, yen arsa umadeg solat.
23. Rehning arsa ngadhep ngarsaning Yang Widdhi, wajib mangka kurmat
anuceni lair batin, ngluhurken kan pinangeran.
24. Bab ing adus lah kawruhana Yahudi kang mangka karana jisim anuceni
jisim lair ngalam sahadah arannya.
25. Nanging aku gagayutan bangkit narik, enget mrih sucinya, kang ngalam
malakut nami alam roh rkhani nyata.
26. Yeku jisim alus batin pnrih suci obahing raga, kang sayekti anjalari ngalam
malakut ebah.
27. Ya mulane pinardi madeg solati, solat iku lirnya obahing anggota lair
ngaran tatanan sarengat.
28. Wit kalamun jisime sun sujud bekti nadyan batiniratan prabeda anglakoni
tumindak melu sembahyang.
29. Dadi tepung lair batine sawiji, tumindak sarengat, tarekate anglakoni,
kakekat, makripat uga.
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 38
30. Pan mangkono linakon, pra mukminin, upama sarengat atinggala akekati,
iku solat suwung rannya.
31. De tarekat kakekat myang makripati, yen tanpa sarengat pan iku batal
sayekti, tur binendon mring Yang Suksma.
32. Kang prayoga antuka ing lair batin, ya agama Islam, dadi pakumpulan
yekti yektining catur iktikat.
33. Marma wulu siram tayamum, mrih suci ing lair batinnya, wajib kudu
denlampahi, wit iku praboting solat.
34. Andikeng Yang kasbut ing Kuran wala in jahadu pinala nahdiyanahum
subulin, dene jarwane mangkana.
35. Kabeh umatingsung kang temen nglakoni, miturut parentah mangka
Ingsun paring margi wruh marang agama nyata.
36. Ya ta walang kadhak sumela nyelani, lah bango sanyata bener dhawuhe
Jeng Kyai kalamun agama Islam.
37. Pan kawengku ing limang wektu solati, cocog caritanya, mitraku si cabak
nguni, de paseksen kang pratela.
38. Lah nulisa sira nganggo sastra latin, Isa-Subuh lawan Luhur-asar tuwin
Magrib, jangkep solat limang mangsa.
39. Kabeh sastra kang ngarsa kumpulna siki aksara I S L A M wacanen nuli
mesthi bener muni Islam.
40. Sang Pandhita mesem angandika aris, lah ya walang kadhak kandhamu
iku tan nlisir bener yen mungguh ing cabak.
41. Nyabak-nyabak aksara denothak-athik nging mungguh yektinya, basa
Islam datan gampil nora uger anggung solat.
42. Limang waktu yen batin mringkilmu thakil tan antuk perlunya, malahmalah
milalati Islam salamet wredinya.
43. Akeh bae pra bangsa kang sugih singgih, datan kukurangan tan kaenthok
ika-iki, slamet seneng ananira.
44. Apa iku kena ran slamet Islami, mapan datan kena wit mung slamet
ingkang dhiri, dhene mungguh kakikinya.
45. Basa Islam yeku kang jrih mring Yang Widdhi, nut sagung parentah
tumindak ing lair batin nyegah kang tan dadi karsa.
46. Ari ratri cipta eling datan lai, cangak nyambung sugal hara kepriye sireki,
kawruhira walang kadhak.
47. Jer kawruhe cabak kok aturna kyai, mulane sok aywa clula-clulu
anambungi wicara kang durung nyata.
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 39
PUPUH XI
DHANDHANGGULA
1. Sang maharsi wacana rum manis, walang kadhak iya kabenernya ngiras-
ngiras mintakake, kawruhe bok sarujuk balik mangko ingsun baleni,
babagan ga mamule sarak kangjeng rosul, kadwi wulu yeku lirnya, juga
toya tumrap lairanuceni, keh najis kang katingal.
2. Dwi kang wulu batin anuceni, roh rohani ing pikir kang salah, sucining
dosa lupute, suci sing godhanipun, kewan setan sabangsaning jin,
kumpule kabeh ika, supe mring donyeku, mung enget madhep mring
Allah, maca takbir yeku kang ran solat daim, daim langgeng tegesnya.
3. Muji sukur ngluhurken Yang Widdhi, ora ana pangeran sinembah, kajaba
mung Allah dhewe kang agung kratonipun, murah donya ngakerat asih,
kang adil kukumira de lapal: wajahtu wajhiya ing terusira nuli: lilladi
patarossamawati wal arli jarwanira.
4. Pikiringsun madhep mring Yang Widdhi, kang ngratoni sagunging
tumindah, kang karya bumi langite saisine sadarum, ing tegese : nedya
nglakoni sabarang reh parentah, dene dhadhaningsun myang rarai
madhep keblat, marang Mekah iyeku ing betullah padaleman Hyang
Suksma.
5. Ingkang lapal: kanipan muslimin wama anna minal musrikin, yeku
mangkene jarwane condhanging pikiringsun wus sumungkem tan nolah-
nolih, sujud ngarseng Pangeran nut parentahipun, tan nedya nyulayanana
myang nyakuthu, maido lan mamadoni, mamancah myang anyeda.
6. Kang: inna solatti wa nusuki wamakhyaya wamamati lilla hiya
robilngalamine yekuing jarwanipun satuhune gonsun solati, ngibadah lan
uripwangkagungan Hyang Agung dene sun bangkita solat mobah molah
urip suka lan prihatin, begja tanapi papa.
7. Yekti awan kodrating Yang Widdhi, la kaula wala kuwatta illa billah
alliyilngalime, anane titah sagung, datan ana ingkang darbeni, daya myang
kakiyatan, mung Hyang Maha Ruhur kang lapal: la sarikala huwa bidalika
umirtu wa nami nalmuslimin jarwanya.
8. Sagung umat tuwan kang samyeling, datan ana purunnya kuthuwa, yeku
ngloro paningale, kodrat myang ruhuripun, amung tuwan Kang Maha
Luwih, amba nut ing satitah, de terange iku Allah andadekake umat kinen
laku ngibadah kang mupangati marang dhiri priyangga.
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 40
9. Marmanira deneling ywa lali, ari ratri amacaa lapal ngudubillahi minassae
tonirojimi yeku amba nyuwun pangreksa Gusti, saking panggodha setan
rencananing napsu kang ngajak pandamel sasar, bismillahi
arrohmanirokimi jarwane ya mangkono.
10. Ingsun solat lawan asmeng Gusti ingkang Maha Ruhur myang Kawasa,
mirah lawan welasing sihe sipat rohman liripun Gusti ingkang paring
sandhang myang bukti marang sagung kawula, Islam myang kapiru, sipat
rokimi lirira, Yang Mahagung paring pituduh agami Islam ingkang sanyata.
11. Ingkang lapal: alkamdulillahi, jarwanira sagung puji ika, kagungane Allah
dhewe, kang sipat agung ruhur, kang kawasa angasta adil, yeku sipat
sampurna, kagungan Hyang Agung, de Gusti Allah wus karsa, paring eling
mring kawula sami bekti, ngadoh saking makisiyat.
12. Robilngalaminajarwanireki Allah ingkang ngratoni ing ngalam sahir miwah
ing kabire sarta kang paring wahyu mring kawula kang denremeni,
derajating kadonyan len ngakeratipun, lire: kang ahlul sarengat kang
saweneh para ahlul makripati, kabeh pan sinung rohmat.
13. Lapal: arohmanirrokim yeki Gusti Allah paring pitulungan nalika manggya
apese lan wektu lali nuju, mangka nuli paparing eling, sakit sinung waluya
ing sasaminipun, lan Gusti Allah ngarsakna pra tumitah dadi juru
paladening myang nampi dhawuhira.
14. Ingkang lapal: maliki yaumidin, Gusti Allah kang sipat kawasa, kang
jumeneng ratu gedhe ing ri kiyamatipun ing tegese: punika binjing aneng
ngalam ngakerat mangka Hyang Mahagung angukumi myang angganjar.
15. Kang iyakanakbudu lan malih wa iyakanastangin jarwanya mugi tuwan
marengake paring wewah pitulung ing prakara kang mupangati, mring
amba menggah tuwan yeku tegesipun sumungkeming para umat iya
amung lawan karsaning Yang Widdhi nut prentahing agama.
16. Kang ihdinassirotolmustakim, dhuh Pangeran mugi aparinga istikomah
agamane, leres jejeg myang turut kang prayogi menggahing Gusti,
istikamah jarwanya, yeku nyawanipun, teteping ahlul sarengat, lair nurut
parentah de batin pasthi, rila narima mring Hyang.
17. Lapal sirotolladina tuwin ari ngamta ngalaihim jarwanya agama kang jejeg
rane yeku kang kalaku dening para nabi myang wali, tan lyan nikmat
manpangat, marma pra mukmin ing wektyeku maca layat, batin nyuwun
rahmat pinarengna binjang kumpul wali drajadnya.
18. De kang lapal gaerilmahlubbi ngalaihim waladlolin lirnya agama jejeg
tuhune yeku kang tan tuk bendu myang tan sasar menggahing Gusti, dene
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 41
mungguh terangnya Allah amba nyuwun pitedah agama nyata, sampun
ngantos kados kang tuwan bendoni wit tindak gama sasar.
19. Cangak nyambung nuwun kula kyai, nguni mireng pawartos pasaran kang
ran sasar agamane, myang gama kang tuk bendu, ran Nasara lawan
Yahudi punapa inggih nyata sang resi nabda rum Allah ingkang luwih
wikan, mangsa borong para kang gelem mastani, yen aku tan kaduga.
20. Becik mikir kang wus dadi wajib, aywa gepok ing butuhe liyan, mundhak
tan becik dadine, terkadhang dadi padu, Gusti Allah datan marengi, nacad
panggawe liyan engeta sireku, kitab usulodin warta, sapa nacad
mamancah, marang liyane, sasat moyok Hyang Suksma.
21. Walang kadhak genti anyambeti, jer kyai amba nyuwun pirsa, pitedah ing
satuhune sawenehing pra kaum, criyos lamun agama suci, sarak nabi
Mukhamad, menggah ing pra kakung, winenang wayuh sakawan bab
puniku pancen amba impi-impi, yen sarak amenangna.
22. Amba sampun tuk padikan estri, baku damel tur saradi kaya, cekapan
mur-umurane sang wiku manabda rum walang kadhak wruha sireki,
ujaring kang mangkana, pan ana liripun, bener tumrap lairira, ing karsane
jeng nabi panutan nguni tumraping tanah Ngarab.
23. Wadon datan ana nambut kardi, mbar-umbaran medal saking wisma, tan
lawan kakung idine tur Gusti Kang Mahagung wus manceni cacahing
janmi, keh tinitah wanita yen tinimbang kakung saka sabab kang
mangkana Gusti Nabi rumeksa marang pra estri aywa kabutuh betah.
24. Yen kongsia tan ana kang mikir, sayektine lama-lama bisa, tumeka salah
lakune, de mungguh batinipun, sipat kakung menang ngrahabi, wayuh
patang prakara juga sarengatipun, dwi tarekat tri kakekat, caturira
makripat mring dattullahi, ngaran kakung nyata.
25. De sirarsa niru cara ngarbi, sayektine pan kurang prayoga, jalaran manut
ing kene, estrine tan winengku ing tatanan sarengat nabi padinan mbar-
umbaran mring pateban mabur angupa boga priyangga, kapindhone
kalamun sira lan bangkit netepi janji sarak.
26. Tan wun dadi jalaran prakawis yekti sira dhumawah ing salah, kakung
datan wruh wajibe, ngong wikan de sira yun arsa rabi papat nuruti
arsaning napsu suka langen wanodyeku, pangan ngupaya priyangga,
sokur bisa mring butuhmu anyukupi, paran bangkit becika.
27. Walang kadhak gumuyu ambelik, dhuh jeng kyai dene teka gawat, wayuh
sanget bot sanggane, tiwasan amba sampun andhedheki randha kalimis
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 42
tur sakinten ambangkat nyadhong ses sarutu, bango mengo sarwi ngucap,
walang kadhak sida kabanjur daleming mangkono denucapna.
28. Pangrasamu apa iku becik, dadi lanang dhemen nampa ruba, saka wadon
pawewehe bangsaning cangkem karut, baya durung kapok sireki, mrana-
mrene cinacad, mbeg besur balubut, karem dinulang wanodya yen wus
ora leh-olehan gya sumingkir aliyan luru liya.
29. Wadon ingkang durung luru warti, labuhamu sayektine iya kena kokrogoh
kanthonge wit karoban ing catur, ombak anggung saguhmu dhrindhil, sang
resi lon ngandika, wus aja kabanjur, samana cukup kinarya mangka warah
walang kadhak mrih mareni labetan kang tan yoga.
30. Cangak nembah aturira aris, kyai leres pun bango turira, boten saking
panas aten jer saweg ngrembag ngelmu, teka nyela anggunem rabi
sanadyan makatena yen dinugi patut, patut saged suka nipkah, jer pun
walang kadhak kang pinrih mung melik tan ngraos yen dhaplokan.
31. Kula supe dereng matur kyai, duka ing nguni nate muruhita, marang guru
pun cathethet, prapteng mangke tan gayuh, kang wawarah kalantur lali,
wulangnya mung saloka, plambang benjang kukut, wredine kinen
ngupaya, kula mubeng datan antuk kang jarwani, mekaten kang saloka.
32. Pra undhagi kang samya mumpuni, pangulahing jati kayuwanan tan
kewran pancing surupe, ing saesthi jinurung sesikune perlu denwruhi,
mantheng mring kabg jinangka, yeku dhawah ing nur mrih sucining
socanira, wusing pethel mor pisah manunggal jati tita sipate sirna.
33. Walang kadhak sumela nauri, dhuh mitrengwang cangak, dene teka sus
nyekel kawruh gagamben, sanadyanan durung wruh ing wredine wus
krasa ngati, rasane mesthi nyata, katitik nganggo nur, wah kang basa
kayuwanan myang mrih suci mor, pisah manunggal jati, titike kawruh
nyata.
34. Bok ya biyen kandhana mring mami, blinyak-blinyak suntuturi sira,
surasane ingkang waleh, bango ewa sumambung, walang kadhak teka
kumaki, ngaku wikan wredinya basa mangkoneku yen nyata mara babarna
ing wredine mengko rasane densaring ing kene kanca tiga.
35. Walang kadhak noleh sru nauri, lah ta bango dene pikirira, kethul tan
ngrasa rasane terange kawruh iku salokane para winasis kang pana mring
kasidan, patrape tan ewuh marang paran kang sinedya, tan pisah mor wus
suci manunggal jati, jisime melu sirna.
36. Lah pikiren goningsun jarwani, bisa mencok utawane ora, cangak bango
lon saure, mangkono rada mathuk amung isih ana tan pikir, iki mung lugu
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 43
kandha, endi kang ran ngelmu sathithik tanakarasa kang tinurut la kang
patut denlakoni, ya mulane yen ingwang.
37. Angarani sih kuran patitis, dene aku dhewe durung bisa nyandhak kang
ceples rasane becike basa iku ingaturken marang jeng kyai, nyuwun
jinarwanana rasane kang tepung, cangak nauri matur, dhuh jeng kyai
amba katri nyuwun jinarwanana.
38. Basa ingkang puniku lwih rungsit, amba katri datan bangkit dungkap, kang
ceples menggah wredine, sang wiku mesem wuwus kawruhanta sanak
ngong katri, iku dudu saloka, cangkriman ranipun, jarwane si walang
kadhak ing laire iya bener nging batin, yektine tan mangkana.
39. Piyarsakna sun babare mangkin, basa undhagi mumpuni marang yeku
mangkene tegese, tukang kayu kang punjul de kang basa jati jarwaning ya
wit jati balaka kayuwanan iku kayu kang tuwuh ing wana, datan tewran ing
panjing suruping liring tan ewuh don-adonnya.
40. Arsa gawe usuksunduk kili, saka blandar pangeret midhangan, meja kursi
lemarine dadi sasenengenipun, de sesiku perlu denwruhi, lire:
panggarapira perlu nuting siku jejeg miring kang jinangka, lire tapaking
jangka ywa kongsi owah.
41. Dhawahing nur: kenur ya tatali kang pinanthemg dhawah tilar tapak yaiku
sipat arane mring suci socanipun ing tegese suceku resik milih selaning
soca wusing pethal-pethel iku lirnya wiwit methel moring sah manunggal
jati tegese kang mangkana.
42. Mor: pamoring sah: pasah wredining wusing methel ywa wiwit amasah,
pamoring pasah: landhepe manunggal jati, landhepe mring wreksa
ngeneni, tita sipating sirna yeku tegesipun wusana tapaking sipat kena
pasah sirna wus datan kaeksi mara sira rasakna.
43. Lamun luput ing pambatang mami, lah ta sanak ya mangsa bodhoa sang
katri myarsa sabdane, jetung sami tumungkul ingecupan plambange
mathis, samana tyasnya cangak sanget kami duwung alon matur mring
sang tapa, dhuh jeng kyai amba sanget tan andugi yem makaten
jarwanya.
44. De punika mung badhekan yakti ngudi pun cathethet teka bisa bibisikin
pamejange tur mawi sekul wuduk, abon-abon rong semat tindhih, sangresi
angandika wus aywa pinetung mung binjang dena waspadh, marang guna
kang nyata myang mamrih melik balik mangko rungokna.
45. Ngong terusken babing ahluldini, wusing walallolin gya aminnya, yeku
kang amin jarwane narima suka sokur wus pinareng madeg solati nembah
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 44
nga5rsane Allah saking sih Hyang Agung, yogya wajib wedi padha lan
narima=nalangsa tinitah laip marma jro rukuk iya.
46. Maca lapal kang: subkana robil ngalim wabikamdihi lirira, Pangeraning
ngalam kabeh datan lyan Hyang Mahagung, Maha Suci ingkang pinuji
lawan kaluhurannya yeku tegesipun sagung puji lawan kurmat pan
dumunung luhurken asma Yang Widdhi lan rumangsa jrih wiring.
47. Dug lagine ngadeg ngarsaning Gusti, mobah molah ngucap lan pratingkah
sing rumangsa sor yektine ing sawusira rukuk ngadeg jejeg mangka amuji
samingallahuliman kamidah liripun Gusti Allah anarima lan angganjar
mring umat kang padha muji lan ngadegaken solat.
48. Gya robbana lakal kamdu yeki sagung sipat mulya lan sampurna,
kagunganing Allah kabeh Gustine titah sagung, gya lapal mil ussamawati
wa mil ul ardi nulya wamil amsiatu min suin bakdu jarwanya kang ngebaki
pitung langit pitung bumi ing kursi lawan ngaras.
49. Kabeh-kabeh kagungan Hyang Widdhi, ya mulane sajrone iktidal ngucap
ahlassanaine gya walmajdiakakhku nuli lapal ma kola ngabdi gya wa
kulanaka ngabdu jarwanipun kang pinuji kang kawasa kang kagungan tan
lyan, dan kang Maha Suci ing tegese samangkana.
50. Gunging titah kang sarwa kumelip, ingkang ngucap ebah-ewah molah, tan
lyan dadi sing karsane Gusti kang Maha agung, karenteging lair myang
batin, yekti parentah tuwan, ya marmane kudu, sgunging para tumitah,
suka sokur rumangsa wajib nglakoni, ing reh lawan narima.
51. Lamaningalima angtaetti wa la mungtilimamanangtanya yeku mangkene
jarwane, ing ngarsa tuwan sagung mring pra umat barkah paparing tan
wonten kang kawawa anduwa mrih wurung, de sagung kang tuwan cegah,
datan wonten sawiji-wiji kang bangkit nglunturaken sih tuwan.
52. Lapal, wa yanfangudaljadi minkaljudu: gajege wredinya ananing raja
branane kasugihan sawegung, yekti datan mupangati mring mungguhing
Gusti Allah de tegese iku kadunyan tan bangkit mulak, myang anduwa
siksane Yang Maha Suci lyan reh laksita tama.
53. Solat subuh iktidal kaping dwi sunat maca donga kunut lapal Allahuma
ahdinine gya piman adaetu wa ngapini piman ngafait jarwane mugi tuwan
amarengna kumpul ang amba lan titah agama suci lan kang wus tuk
ngapura.
54. Tawalanni piman ngawalait wajib li piman angtaeta mangkono mungguh
jarwane, dhuh Pangeran kang Agung, maring amba mugi paring sih kadi
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 45
mring titah tuwan kang wus tuk pitulung lan tuwan amberkahana maring
amba berkate ingkang rijeki ingkang tuwan paringna.
55. Wakidi saromakotaetti fainnaka takti wala yukta ngalaeka ing jarwane,
dhuh Gusti Yang Mahagung aparinga pangreksa mugi ang amba tinebihna
tindak kupur, donya praptaning delahan amung tuwan kawasa
wajibngukumi tan kenging ingukuma.
56. Wa innahu la yadillumanni walaeta wala yangijuman ngadaeta ing jarwane
kaluhuran Hyang Agung maring titah kang tuwan sihi, tan bangkit asor
lirnya yekti mulya lulus paran kang tuwan tan rena, myang sinatru sayekti
asor pinanggih dupara bangkit mulya.
57. Lapal tabarokta robbaneki tawangalaeta falakalkamdu ngalapakotaete
astagpiruka wa ku builaeka wredineki, dhuh pangeran kawula tuwan
punikestu kang paring leres myang cacad, angukumi ing dosa kalayan adil
tobat kula mring tuwan.
58. Ing tegese: Gusti Maha Suci, sipat kodrat kang wenang sung cacad,
myang ganjaran mring titahe, iman tanapi kupur, ing kukume bener myang
adil, kalawan kaluhuran, myang barkah Hyang Agung, marmayogya
densukura, mring Pangeran titah, kang wus denberkahi, elinga nyuwun
tobat.
59. Wa solallahu ngala sayidi mukhamaddin nabiyil umiya gya wangala alihine
wasakbihi salammu, dhuh Pangeran kang Maha Suci, mugi amewahana
berkat mring jeng rosul nabi kang tan bangkit nurat, myang amaca
lubering rohmat nartani, mrig sabat kulawarga.
60. Jroning sujud lair trusing batin, maca lapal subkana robiyal angla
wabikamdihine Gusti kang Maha Agung, yekti tebih saking ing ngalit,
Maha Luhur tan kirang kaluhuranipun maha suci dat tan cacad, maha
mulya tan kurang sawiji-wiji, mengku kodrat iradat.
61. Marma sujud rumangsa yen wedi, myang ngluhurken marang asma tuwan,
kang kawasa nitahake, sagung gumlaring makluk, lawan away ngrasa
darbeni, ing kabecikan miwah kabagusanipun, nadyan uripira pisan,
amung Gusti Allah kang wajib ngukumi, donya prapteng ngakerat.
62. Wosing lungguh nuli maca lapal, robigpirli warkamni wajburna yen tan
kleru ing jarwane dhuh Gusti Yang Mahagung, mugi tuwan karsa nambah
sagunging kamlaratan kikirangan ulun lawan sih pitulung tuwan anembeli
ing bingah suka basuki, kang turut lan agama.
63. Nuli lapal warpangi warjugni wahdini wa ngapini lawan wangafungani ing
jarwane dhuh pangeran kang agung, aparinga berkating rijki, lawan paring
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 46
pitedah margi kang satuhu lan mugi angicalana sakathahing najis
reregeding pkir mring amba menggah tuwan.
64. Atakiyatul mubarakatis salawatuttayibatulillah mangkene mungguh
jarwane, kang solat limang wektu aruruba myang ngamal suci, barkah lan
kaluhuran kaagunganipun kasuciyan pakurmatan, kabeh iku kagunganira
Yang Widdhi, de tegese mangkana.
65. Aywapisan ngrasa andarbeni, ngamal solat miwah kabecikan, kapinteran
apadene balik gonira sujud, lan pangerti mung atas saking, paring pitulung
Hyang Suksma, sing lantaranipun Gusti Jeng Nabi panutan, ya marmane
wajib tur salam sireki, ngaturken suka nrima.
66. Assalamu ngalammu ngalaeka malih ayuhanabiyu wa rahmata llohi wa
barakatuhe, gunging panggawe hayu rohmat lawan berkating Gusti, mugi
tuwan paringna mring jeng nabi rosul, tetep santosa salama ngasta iman
jumeneng panutan yakti, ngayomi pra taruna.
@@@