ceritra saka jawa tengah

43
Ceritra Saka Jawa Tengah Timun Mas Jaman biyen kuna, urip sejodo lanang wadon sing dadi petani. Urip ing desa cepake hutan lan uripe bagyo, nanging durung diwei mongmongan yaiku durung diwei anak. Saben dina ndonga marang sing Maha Agung njaluk diwei anak.  Sawiji ning dina ana raksasa liwati omahe lan rungu dongane , banjur raksasa aweh wiji timun. Tanduren wiji kui, mengko arep olih anak wadon, omonge raksasa karo pasangan mau. !anging ana syarate. Umpama umure wis "# taun anak mau kudu wehaken meneh marang aku, walese raksasa. $ra pikir dawa p asangan mau setuju karo syarate raksasa amarga kepingin duweni anak. %asangan tani mau banjur nandur wiji&wiji timun kui. Saben dina dirumat kanggo temenanan tanduran sing muali urip kui. 'ulan&wulanan nembe woh timun sing warnane kaya emas. Timun kui suwe&suwe tambah gede karo abot. 'ohe timun wis mateng, ati&ati banget petani mau ngarah wohe timun. saking kagete, ing jerone timun ana bayi wadon sing ayu rupane. %etani mau  banget senenge banjur diarani Timun Mas. Taun ganti taun, Timun Mas dadi cah wadon dewasa sing ayu rupane. 'ong tuane bangga karo Timun Mas, nanging ndadekake rasa wedi sing gede. Amarga nek Timun Mas umure wis "# taun, raksasa pan teka lan nagih janjine kanggo njimot Timun Mas. %etani mau usaha ben bisa tenang. (nteni sedela, Timun Mas lagek dolan. )ojoku pan ngundang, kandahe. %etani kui gagean nemoni anake, Anakku, gawa iki, kandahe karo aweh kantong bujur. *ki kanggo nulung koe nglawan raksasa, Saiki cepet mlayu, kandahe. )anjur Timun Mas gagean mlayu. %etani mau sedih lungane Timun Mas, nanging ora rela nek anake kanggo pakanan raksasa. +aksasa ngenteni wis suwe, dadi ora sabar. +aksasa ngerti wis dilombo marang petani mau. )anjur raksasa ngobrak&abrik pondoke pak tani, banjur nyusul Timun Mas menyang hutan. +aksasa gagean mlayu nyusul Timun Mas, wis cepak Timun Mas njimot segegem uyah saka kantong bujur. )anjur uyah mau ditawurake menyang raksasa. Ujug&ujug dadi laut amba. +aksasa terpaksa ngelangi kangelan. Timun mas mlayu maning, nanging raksasa bisa nyusul. Timun Mas njimot barang ajaib seka kantonge.  Timun Mas njimot segegem lombok, banjur d itawurake menyang raksasa. 'it&witan ana eri landep ngurung raksasa. +aksasa kelaranen, banjur Timun Mas mlayu golet aman.

Upload: ela-wati

Post on 15-Oct-2015

837 views

Category:

Documents


3 download

TRANSCRIPT

Ceritra Saka Jawa Tengah

Timun Mas

Jaman biyen kuna, urip sejodo lanang wadon sing dadi petani. Urip ing desa cepake hutan lan uripe bagyo, nanging durung diwei mongmongan yaiku durung diwei anak.Saben dina ndonga marang sing Maha Agung njaluk diwei anak.

Sawiji ning dina ana raksasa liwati omahe lan rungu dongane , banjur raksasa aweh wiji timun."Tanduren wiji kui, mengko arep olih anak wadon," omonge raksasa karo pasangan mau. "Nanging ana syarate. Umpama umure wis 17 taun anak mau kudu wehaken meneh marang aku," walese raksasa. Ora pikir dawa pasangan mau setuju karo syarate raksasa amarga kepingin duweni anak.

Pasangan tani mau banjur nandur wiji-wiji timun kui. Saben dina dirumat kanggo temenanan tanduran sing muali urip kui. Wulan-wulanan nembe woh timun sing warnane kaya emas.

Timun kui suwe-suwe tambah gede karo abot. Wohe timun wis mateng, ati-ati banget petani mau ngarah wohe timun. saking kagete, ing jerone timun ana bayi wadon sing ayu rupane. Petani mau banget senenge banjur diarani Timun Mas.

Taun ganti taun, Timun Mas dadi cah wadon dewasa sing ayu rupane. Wong tuane bangga karo Timun Mas, nanging ndadekake rasa wedi sing gede. Amarga nek Timun Mas umure wis 17 taun, raksasa pan teka lan nagih janjine kanggo njimot Timun Mas.

Petani mau usaha ben bisa tenang. "Enteni sedela, Timun Mas lagek dolan. Bojoku pan ngundang," kandahe. Petani kui gagean nemoni anake, "Anakku, gawa iki," kandahe karo aweh kantong bujur. "Iki kanggo nulung koe nglawan raksasa, Saiki cepet mlayu," kandahe. Banjur Timun Mas gagean mlayu.

Petani mau sedih lungane Timun Mas, nanging ora rela nek anake kanggo pakanan raksasa. Raksasa ngenteni wis suwe, dadi ora sabar. Raksasa ngerti wis dilombo marang petani mau. Banjur raksasa ngobrak-abrik pondoke pak tani, banjur nyusul Timun Mas menyang hutan.

Raksasa gagean mlayu nyusul Timun Mas, wis cepak Timun Mas njimot segegem uyah saka kantong bujur. Banjur uyah mau ditawurake menyang raksasa. Ujug-ujug dadi laut amba. Raksasa terpaksa ngelangi kangelan. Timun mas mlayu maning, nanging raksasa bisa nyusul. Timun Mas njimot barang ajaib seka kantonge.

Timun Mas njimot segegem lombok, banjur ditawurake menyang raksasa. Wit-witan ana eri landep ngurung raksasa. Raksasa kelaranen, banjur Timun Mas mlayu golet aman.

Nanging raksasa banget kuate, meh bisa nongkop Timun Mas. Timun Mas njimot barang ajaib sing ketelu saka kantonge. Ditawuraken wiji timun, urip lan woh dadi kebon tumin sing amba. Amarga kekeselen lan ngelih, raksasa mangan timun-timun sing seger kui nganti kewaregen, banjur raksasa turu.

Timun Mas mlayu meneh sekuat tenagane ngantek enteng. Lewih celaka maning raksasa tangi seka turune. Raksasa meh nongkop Timun Mas, Timun Mas keweden, banjur ditokake senjata sing keri dewe yaiku segegem trasi urang. maning-maning ana keajaiban, dadi danau belet sing amba lan raksasa gigal meng kero belet.

Timun Mas lega, bisa selamet seka raksasa banjur bali maring omahe wong tuane. Rama lan biyung seneng bisa weruh Timun Mas selamet. "Maturnuwun duh Gusti, nyelametake anakku," kandahe seneng. Kawit kejadian kui Timun Mas bisa urip tenang karo wong tuane, tanpa keweden maneh.Sumber : http://kumpulanceritajawa.blogspot.com/2009/03/timun-mas_8941.htmlCeritra saka Jawa TengahBawang Abang & Bawang Putih

Jaman bien kuna, ana ing sawijine desa urip sakaluarga yaiku rama, biyung lan cah ayu arane Bawang Putih. Kaluarga mau dadi keluarga sing bagyo. Nalika Ramane Bawang Putih pahalane mung dagang cilikan, nanging uripe rukun lan dame. Nanging sawijining dina biyunge Bawang Putih lara sing ora bisa ditulungi lan akhire ninggal dunia. Bawang Putih sedih pisan lan ramane uga.

Ing desa lia urip uga janda sing duwe anak sing arane Bawang Abang. Sauwise buyunge Bawang Putih mati, biyunge Bawang Abang kerep maring umahe Bawang Putih. Biyunge sering nggawa panganan, rewangi Bawang Putih resik-resik umah utawa ngancani Bawang Putih lan ramane kandahan. Akhire ramane Bawang Putih kepikir mungkin lewih apik nek mbojo karo beyunge Bawang Abang supayane Bawang Putih ora dewekan maning. Mula kui ramane Bawang Putih mbojo karo beyunge Bawang Abang. Awal mulane beyunge Bawang Abang lan Bawang ulate apik karo Bawang Putih. Nanging suwe-suwe sifat asline keton. Kae kerep ngomei Bawang Putih lan aweh pahalan abot nek ramane Bawang Putih uwis lunga dagang. Bawang Putih kudu lakoni kabeh pahalan umah, nanging Bawang Abang lan beyunge mung males-malesan. Ramane Bawang Putih ora ngerti tindakan mau, wong Bawang Putih ora tau wadul.

Sawijining ramane Bawang Putih lara lan ninggal dunia. Mulai Wektu kui Bawang Abang lan beyunge sing nguwasani kabeh lan gawe ulah semena-mena karo Bawang Putih. Bawang putih ora tau leren. Bawang Putih kudu uwis tangi nalika urung subuh, kanggo nyiapake banyu adus lan sarapan kanggo Bawang Abang lan beyunge. Banjur Bawang Putih kudu aweh pakan kanggo ternake, nyirami kebon lan masui klambi marang kali gede. Sauwise banjur nggosok klambi, beberes omah, lan esih akeh pahalan liane. Nanging Bawang Putih seneng lakoni pahalan kui, amarga Bawang Putih ngarepake sawijing dina biyung tirine bisa seneng karo deweke kaya dene anake dewek.

Esuk iki wis dadi biasane Bawang Putih nggawa keranjang isi klambi sing arep diwasuh ing kali. Karo nembang suara lirih mlaku dlan setapak ing pinggir hutan cilik sing biasa diliwati. Dina kui cuacane cerah banget. Bawang Putih cepet-cepet masui kabeh klambi kotor sing digawa. Saking asike, Bawang Putih ora sadar salah siji klambine keli kegawa arus. Siale klambi sing keli klambine beyung tirine sing paling disenengi. Pas sadar, klambine beyung tirine uwis keli adoh. Bawang Putih usaha nyusuri kali kanggo golet klambi mau, nanging ora ketemu. Karo putus asa bali omah banjur cerita karo beyung tirine."Dasar crobo!" bentak beyung tirine. "Aku ora peduli, pokoke ko kudu golet klambi kui! lan aja wani bali omah seurunge ko nemokake. Ngerti.?!"

Bawag Putih kepaksa nuruti karepe beyung tirine. Bawang Putih gagean nusuri kali sing kanggo ngumbai. Srengenge uwis mulai duwur, nanging Bawang Putih durung nemu klambi beyunge. Bawang Putih teliti nggolet klambi beyunge ing saben oyod sing nang pinggir kali, mbokan klambine beyunge kali nang kana. Uwis adoh mlaku lan srengenge wis nang kulon, Bawang Putih weruh tukang angon agi ngadusi kebone. Bawang Putih takon :"Paman, nopo priksa wonten rasukan abrit ingkang keli teng riki? amargi kulo kudu mekto wangsul rasukan meniko." "Iya cah ayu aku weruh, nek koe ngolet cepetan, mungkin esih bisa ketemu," wangsale paman."inggih paman, matur nuwun." Bawang Putih nimbali lan gagean mlayu maning nusuri kali.Dina wis mulai peteng, Bawang Putih uwis putus asa. Sedela maning wengi, sekang kadoan keton cahya lampu sing asale saka omah gubug ing pinggir kali. Bawang Putih gagean mampir omah kui lan totok lawang."Kulonuwun...!salam Bawang putih. Wong wadon tua mbukak lawang."Sapa koe nduk?" takon mbah kui."Kulo Bawang Putih mbah. Wau kulo madosi rasukan beyunge kulo sing keli. Saniki sampun wengi. Angsal kulo tilar teng mriki wengi niki.?" takon Bawang putih."Ulih nduk. Apa klambi sing koe goleti warnane abang?" takon mbahe."Nggih mbah, Nopo mbahe priksa?" takon Bawang Putih."Iya. Mau klambine nyangkut nang ngarep omahku. Sayang, padahal aku seneng klambi kui," si mbah ngomong. "Ya aku pan mbelekna klambi kui, tapi cah ayu kudu ngancani aku seminggu nang kene. Uwis suwe aku ora tau kandahan karo sapa-sapa, kepriwe?" njaluke mbahe."nggih mbah, kulo bade rencangi mbahe seminggu, napa mbah mboten bosen kalih kulo," jawab Bawang Putih kalih mesem.

Seminggu Bawang Putih manggon karo mbah kui. Aben dina Bawang Putih rewangi mbah pahal pahalan omah. Temtu mbah mau seneng. Wis seminggu, mbah nyeluk Bawang Putih."Nduk, wis seminggu koe manggon nang kene. Lan aku seneng amarga koe sregep lan ngabekti. Janjine aku koe ulih nggawa bali klambi beyungmu. Lan siji maneh, koe ulih milih salah siji kang loro waluh iki kanggo hadiah," omonge mbahe. awale Bawang Putih moh nerima pawehe mbahe tapi dipaksa. Banjur Bawang Putih milih waluh sing cilik. "Kulo wedos mboten kiat mbekto sing ageng," omonge Bawang Putih. Mbah mesem lan nganter Bawang Putih tekan ngarep omah.

Dung tekan omah, Bawang Putih ngewehna klambi abang gone beyung tirine, banjur Bawang Putih lunga meng dapur arep mbelah waluh kuning mau. Banget kagete Bawang Putih nalika waluk kui kebelah, njerone isine emas permata akeh banget. Bawang Putih njetit saking senenge lan aweh ngerti kejadian kui marang beyung tirine lan Bawang Abang karo serakah langsung ngrebut emas permata kui. Kabeh maksa Bawang Putih nyeritakake kepriye bisa olih hadiah ki. bawang Putih langsung cerita apa anane.

NGrungu ceritane Bawang Putih, Bawang Abang lan beyunge nduweni rencana kanggo nglakokake apa sing lakokake Bawang Putih nanging saiki Bawang Abang sing pan mangkat. Bawang Abang langsung maring omah mbah tua nang pinggir kali. Kaya Bawang Putih, Bawang Abang dijaluki manggon seminggu kanggo ngancani. ora kaya Bawang Putih sing sregep, selama seminggu Bawang Abang gur males-malesan. Umpama pahal ya pahalane ora tau beres lan dipahali asal-asalan. Uwis seminggu mbah ngolihna Bawang Abang mulih. "Bilih Mbah maringi waluh dateng kulokangge hadiah sampun ngrencangi seminggu?" takon Bawang Abang.

Mbah mau kepaksa prentah Bawang Abag milih salah siji kang loro waluh sing ditawarake. Gagean Bawang Abang njimot waluh sing gede lan tanpa ngucapaken maturnuwun, mbah geleng-geleng trus lunga.

Gutul omah Bawang abang langsung nemoni beyunge lan karo senenge ndelengaken waluh sing digawa. Amarga wedi Bawang Putih njaluk bagian, prentah Bawang Putih lunga meng kali. Banjur ora sabar waluh dibelah. Nanging udu emas permata sing metu seka waluh kui, nanging kewan-kewan wisanen kaya ula, kalajengking lan liane. Kewan-kewan mau langsung nyerang Bawang Abang lan beyunge kanthi mati. Kui walesan kanggo wong sing serakah.Kancil Karo MonyetBiyen nalika eyang esih urip, lan aku esih alit, nanging saiki eyang uwis seda. Meh saben , nalika arep mapan turu, eyang mesti nyeritakaken cerita, mbuh kue cerita sejarah jamane perang utawa dongeng kewan. Saiki aku arep nyeritakake doneng sing wis diceritakake eyang sing esih aku eling-eling, crita Kancil karo Monyet. Ora sranta serune... mayu wacanen crita ng ngisor iki. Mayo diwaca maning seru banget critane.

Ing sawijine dina ing rimba, ana akeh jenise kewan sing urip tentrem lan akur siji lan sijine. Kabeh kewan nduweni keuripan lah lakune dewe-dewe. Nanging ana siji kewan sing anane gawe drusila lan paling licik, arane Kancil. Kelicikane utek lan pintere ngomong nipu kanca batir. Kancil wis dikenal kaya dene kewan sing duweni sayuto tipu daya. Nah iki sing dadi sasarane Monyet.Ing sawijining dina, ana Monyet lagi penekan ing ngisor wit pring. Singsot, ndendang karo ngrasani roti. Kancil teka, weruh Monyet sing agi asik karo rotine. Utek licike muncul pingin jukut roti kang tangane Monyet.

"Nyet..Nyet..," undnag Kancil marang Monyet.Monyet maringi Kancil, "Ana apa Cil? Keo ngundang aku?," takon Monyet.Kancil : "Nyet.. aku wei setitik rotine, setitik baen aja akeh-akeh," jaluke KancilMonyet : "Iya.. aku kan apikan, kiye separoan karo aku,"Kancil : "Suwun ya Nyet... koe mancen apikan, nanging aku baen sing maro," jaluke Kancil.Monyet aweh roti nggo diparo maring Kancil ora nduweni rasa curiga karo Kancil. "Kiye... koe paro sing adil," penjalukane Monyet karo aweh rotine marang kancil.Kancil maro rotine karo utek licike, siji gede siji cilik, nanging Monyet ora ngerti. Sawise diparo Kancil aweh bagean sing cilik maring Monyet, bagean sing gede dicekel dewek."Cil... nang ngapa ka gede gone ko?," takon Monyet.Kancil : "Mrene gawa mrene, tak gawe pada.," banjur Kacil mangan setitik rotine sing gecel dewek, "Iki wis pada," Kancil aweh rotine meng Monyet.Monyet : "urung Cil!! kue esih gede gone aku,"

Kancil njiot roti sing nang tangane Monyet, banjur dipangan setitik, kaya kue seteruse kanti rotine entek dipangan Kancil. hihihihiAhire Kancil mangan rotine kabeh, Monyet ulih kesuh karo Kancil wong Monyet sing duweni roti malah ora tampa. Mancen Kancil licik ora patut ditiru, urip nang masyarakat kue kudu brayan urip lan sinambi rewang siji lan siji liane. Urip bakal rukun ora kaya jaman saiki urip pada karepe dewek-dewek.Hehehehe matur nuwun mugi crita wau nggadahi manfaat ingkang sae.

Sumber : http://kumpulanceritajawa.blogspot.com/2010/03/iyen-nalika-eyang-esih-urip-lan-aku.htmlMISTERI GUNUNG BROMO

Jaman bien nalika Dewa-Dewa esih seneng mudun marang dunia saka kayangan, nalika kui kerajaan Majapait lagi kena serangan saka daerah-daerah. Wargane pada bingung golet panggonan kanggo ngungsi, pada wae karo para Dewa. Wektu kui Dewa mulai lunga marang sawijining panggonan, nang sekitare Gunung Bromo.Gunung Bromo esih tenang, ngadek dislimuti kabut putih. Dewa-dewa sing teka marang panggonan kui ing sekitare Gunung Bromo, semayam ing lereng Gunung Pananjakan. ing panggona kui bisa weruh Srengenge munggah seka wetan lan Srengenge sirep seka kulon. Sekitare Gunung Pananjakan, panggonan Dewa-Dewa semayam, ana uga panggona kanggo pertapa. Pertapa kui mau saben dina pahalane megur muja lan ngening cipta. Sawijine dina sing mbahagiakake, bojo kui lairake anak lanang. Raine ganteng, cahyane terang. Mertandakake anak sing lair saka titisane jiwa sing suci. Wiwit lair anak kui keton sehat lan kuat sing luar biasa. Wiwit lair, anak Pertapa kui wis bisa ngetokake suara seru. Gegeman tangane seret banget, tendangan sikile uga kuat. Ora kaya anak lia umume, bayi kui diarani Joko Seger, sing artine sing sehat lan kuat.

Ing panggonan lia sekitare Gunung Pananjakan, wektu kui ana anak wadon lair saka titisan Dewa. Raine ayu lan elok. Siji-sijine anak sing paling ayu dewek ing panggonan kui. Wiwit dilairake, udu umume bayi lair, meneng ora nangis wektudilairake seka rahim beyunge. Merga kui, wongtuane ngarani bayi iku Rara Anteng.

Rara Anteng sengsaya dina sengsaya dadi anak remaja sing ayu. Garis-garis ayune metu jelas saka raine. Rara Anteng terkenal tekan daerah-daerah. Akeh putera raja pada nglamar Rara Anteng, nanging ditolak, amarga Rara Anteng wis kepincut karo Joko seger. Sawijining dina Rara anteng dilamar Bajak sing sekti lan kuat. bajak kui terkenal jahat banget. Rara Anteng terkenal alus atine ora wani nolak pelamar sekti kui. Merga kui Rara anteng njaluk supaya di gawekna segara ing tengah-tengahing gunung. Dikira penjalukan sing aneh supaya pelamar sekti mau ora bisa nyanggupi. Segara kui mau kudu di gawe ing sewengi, yaiku diwiwiti srengenge sirep tekane srengenge munggah. Disanggupi penjalukan Rara Anteng kui.

Bajak sekti mau mulai gawe segara nganggo batok saka krambil lan meh rampung. Weruh kenyataan sing kaya kui, atine Rara Anteng gelisah ora tenang. Kepriwe carane gagalaken lautan sing agi di gawe Bajak kui? Rara Anteng mikir nasibe, Rara Anteng ora bisa urip karo wong sing ora disenengi. Banjur Rara Anteng golet cara supaya bisa gagalaken usahane Bajak mau. Banjur Rara bisa nemu cara yaiku nutu pari ing tengah wengi. alon-alon suara alu nangekake jago sing pada turu. Kluruk jago saut-sautan, kaya fajar wis metu, nanging wargane durung nglakoni kegiatan esuk. Bajak rungu jago kluruk, nanging benang putih saka wetan urung metu. Berati fajar teka urung wektune. Mikir nasib siale, banjur batok sing dinggo kanggo gawe lautan mau di buang, gigal tengkurep nang jejere Gunung Bromo lan malih dadi gunung diarani gunung Batok.

Gagale Bajak gawe laut ing tengah-tengah gunung Bromo, ati Rara Anteng seneng banget. Rara Anteng nerusake hubungane karo Joko seger. Banjur Rara Anteng lan Joko Seger dadi pasangan sing bagya,amarga lorone pada senenge. Pasangan Rara Anteng lan Joko Seger gawe panggonan lan mimpin ing kawasan Tengger utawa Purbawasesa Mangkurat Ing Tengger, sing aweh pengerti "Panguasane

Tengger sing Budiman". Aran Tengger di jimot saka akhire suku kata aran Rara Anteng lan Joko Seger. Tengger uga nduweni makna Tenggering Budi Luhur utawa menehi ngerti babagan moral sing duwur, simbul ketenangan sing abadi. Saka wektu meng wektu warga Tengger urip makmur lan dame, nanging panguasa ora ngrasa bagya. amarga wis suwe mbina umah tangga urung nduweni momongan. Banjur nduweni keputusan munggah meng pusuke gunung Bromo kanggo semedi nggudi percaya karo sing Kuasa supaya diwei momongan.

Ijig-ijig ana suara gaib sing ngomong semedine arep dikabulaken nanging kanggo syarat wis olih momongan, anak sing bungsu kudu dikorbanaken meng kawah gunung Bromo. Pasangan Rara Anteng lan Joko Seger nyanggupi banjur olih momongan 25 anaklanang wadon, nanging naluri wong tua tetep ora tega enggane kelangan anakae. Carane Rara anteng lan Joko Seger ngingkari janjine, Dewa murka lan ngancem arep gawe malapetaka, banjur langit dadi peteng kawah gunung Bromo nyemburake geni.

Kesuma anak bungsune ilang nang geni lan mlebu meng kawah Bromo, banjur ana suara gaib :"Sedulur-sedulurku sing aku tresnani, aku wis dikorbanaken meng wong tuane dewek lan Hyang Widi nyelametake koe pada. Urip sing dame lan tentrem,sembahen Hyang Widi. Aku elingaken supayane aben wulan Kasada ing dina ke-14 nganakake sesajen kanggo Hyang Widi ing kawah Bromo.

Upacara rutin kui dilakoni turun temurun marang warga Tengger lan aben taune dianakake upacara Kasada ing Poten lautan pasir lan kawah gunungBromo.

Sumber : http://kumpulanceritajawa.blogspot.com/2009/04/misteri-gunung-bromo-jaman-bien-nalika.htmlKEMBANG TURU LAN TRESNASuruping donya wis ganti dadi esuk,suara kicau ing manuk ning dhuwur wit cedhak omah, nangiake wong wadon sing turu ing kasur putih.Kamare ora rapi nanging bisa gawe penak sing duwe .Satumpuk buku-buku pelajaran ning dhuwur meja, sing membengi bar dinggo sinau dijupuk lan dilebokake ning tas.Sepasang sandal sing ana ing ngisor amben dinggo banjur mlaku liyat-liyut pinuju kamar mandi sing cedhak karo ambene.Dheweke banjur adus,ora lali nanggo sabun lan shampo.Sakwise adus banjur metu seko kamar mandi lan nganggo seragam putih abu-abu sing anyar ketok cocok dinggo, wong wadon iku banjur mlaku pinuju kaca sing ana ing cedhak rak-rakane.Nyisiri rambute sing dawa,alus lan endah.Ora lali nganggo jepitan pita warna abang saengga nambah gawe ayune.Mbak inah sing gaweane ngrawat wong kuwi dawuhi Dinda pinuju mangan ing meja makan.Sakwise iku, Dinda wis nganggo seragam rapi lan tas sing kebak karo buku pelajaran musik.Kabeh keluargane wis nunggu arep sarapan bareng. Dinda banjur mangan lan langsung mangkat sekolah.Nanggo motor , Dinda nge-gas banter banget pinuju sekolahe sing cedhak karo omahe.Pak Satpam ning arep gerbang maringi aba-aba tanda gerbang wis arep ditutup.Tunggu pak, gebange ampun ditutup rumiyin.Kula ajeng mlebu pak,Tulung bukake pak..suwun Dinda.kowe ki rak siswa anyar ,mangkat sekolah kok awan ngene iki.Iki ki lagi sepisanan mangkat sekolah,eh kok telat..piye nek dina sateruse. tutur pak satpam. Dinda meneng nggolek akal supaya bisa mlebu,Dinda gawe rupa melas kaya wong telung dina ora mangan.Ngrasa mesakake pak satpam banjur mbukake gerbange.awas yo ,nek sesuk telat maneh! Ora arep tak bukake gerbange! pak satpam nggrundel. Dinda langsung markirke motor trus mlebu kelase sing anyar.Kelase apik lan mewah kanggo sekolah seni.Ruang kelase jembar serta akeh benda benda sing bisa gawe suara merdu kayata piano,drum,gitar listrik,gitar akustik,terompet,harmonica,biola lan sapanunggalane.Temboke dikeki ukiran gambar gambar tembang. Pokoke kabeh serba tembang..apa bener kowe sing jenenge Dinda Sukma Putri??? takon bu guru . Dinda nanggepi ulas-ulas Eeenggih bu..Kula Dinda Sukma Putri.Bu guru saged nimbali kula Dinda mawon.Kahanan opo iki,Dinda ora reti.Dinda mung bisa mikir lan nebak nebak wae.Manapa kok bu guru iso nakoni kayo ngono. Apa amargi dinda suwi mlebu kelase apa amargi ora nggedok lawange. Apa apa??? Lamunane rampung sakwise bocah wadon ayu ning ngarepe ngayonke tangane ning arep rupane.Hey..dindakowe ki ngapa ??apa kowe lagi loro?? Ngapa kok rupamu koyo wong sing lagi ndelok hantu gentayangan..? Dinda dadi kaget krungu ana hantu gentayangan haa?? Apaa???hantu ??? hantu endi hantune ??? simbahku bisa ngusir hantu lho ..? ben tak celuke simbahku supaya hantune ditangkap..Kabeh meneng pada binggung siji lan sijine.Sakwise kuwi kelas sing maune tenang dadi rame.. hhaahaa Dinda Dinda..kowe ki ngomong apa ta ?? hantu ?? Jelas-jelas hantune ki kowe.. kok malah takon ,.kowe ora reti ta? Kowe ki kaya hantu.Rambutmu dawa,ireng,kulitmu putih kaya susu,ditambah bunderan ireng nang matamu.Coba kowe madhep mburi.mesti ana bolongane ..,hahahaomong salah siji murid lanange. Dinda nutupi matane ,dheweke isin amargi bunderan ireng nang matane kuwi disebabake kurang turu.Dinda kelingan membengi turu jam siji mbengi amarga kesenengan gawe lagu aransemene .Bu guru nakoni Dinda membengi kowe turu jam pira Dinda?? kowe ora kelingan nek hari iki hari sepisanan mangkat sekolah ta ? Dinda sing isih isin mbukak tangane sing nutupi rupa ayune. Kula nyuwun pangapunten bu..Buguru maklumi wangsulane Dinda trus neruske pelajaran kepisan mau sing sempet mandhek.Yowis..anak-anaku,sak iki bu guru pengin reti bakat kepisan kowe kabeh,mboh kuwi nari,nyanyi,mainke alat musik terserah kowe,sing penting maju nang ngarep. Siswa pada maju nang ngarep nunjukake bakat sing diduweni.Bocah lanang kang perawakane dhuwur,rambut ireng,ganteng maju nang ngarep.Slirane banjur nari,Tangane tengen lang kiwa cakap madukake karo tembang rep ring ding dong ring ding dongTangane kaya sayap garuda sing mabur ing angkasa.sikile kaya robot modifikasi sing wis canggih,Ing pungkasan , tariane sempurna banget.Suara keplokan saka siswa laine nggelegar.. mak dheg rasane ning ati Dinda nalika wong lang kuwi mau mlaku pinuju ing ngarepe lan nepuk pundake sing cilik. Saiki giliranmu,..moga sukses anggonmu maju..Batine Dinda rada geter kaya wong kang lagi ketaman asmara. Dinda banjur maju ning ngarep lan mulai aksine..aksine sing luar biasa.. Suara piano kang merdu..endah,,alus,,lan tentrem.. kabeh siswa pada larut karo suara merdune.Ana lagu ning kalbuku,Kuwi lagu sing nggawe aku tentrem,Meneh lan meneh,Aku nduwe angen,Angenku ora bakal mandhek nang kene,Aku percaya karo mimpiku,Aku mung wong wadon sing duwe mimpi,Aku percaya karo mimpiku,swara keplok lan suraking kanca-kanca mbata rubuh.para siswa seka kelas liya pada melu ndelok lan keplok-keplok.Ana wong wadon ayu ndelok Dinda akeh iri. Aku..ora bakal kalah karo kowe,kowe mung itik kang elek rupa sing mung sepisan untung,..namung aku pada kaya itik kang endah sing mbendina untung Linda ninggalke kelas iku,.~~nang kantin sekolah~~Wahhpenampilanmu apik banget din, suaramu merdu lan alus bisa gawe tentrem nang atikuomong Siska.Luar biasa, bakatmu luar biasa din..tanganmu trampil mencet grand piano kuwi.. tambah wong lanang keriting ikuKamangka, Siska lan Bimbo duwe bakat sing pada luar biasane..siska sing duwe awak apik bisa nari,..lan Bimbo sing setya karo gitare sing digawa nang ngendi-ngendi.~~6 wulan sakwise ~~Dinda terus terusan sinau supaya bisa ngembangke bakat sing di duweni.Bocah iku ngrasa ora puas karo kemampuane.Angene nerusake sekolah ing luar negeri yaiku Universitas Seni London gedhe banget.Nalika dina kang untung Dinda entuk pengumuman saka Ibu guru.Anak-anaku ,,Ibu arep ngumumake kanggo kepirang siswa.Ibu pengin ngucapake selamat kanggo kowe kabeh,moga kowe kabeh bisa sukses.. Suasana dadi rame lan kabeh siswa dadi penasaran .. menapa pengumumanipun ibu guru ?? Mboten sah gawe kita penasaran. Sakwise suasana tenang ibu guru nerusake pituture mau. Dinda,Siska,Linda,Bimbo,lan Rando entuk beasiswa sekolah Nang Universitas Seni London tanpa biaya ,kowe yo podo entuk pesangon saka pemerintah.Sak wulan mengkas kowe podo arep Ujian Akhir,ibu guru ngarep kowe bisa nampilke sing terbaik nang ngarep juri,Kabeh kaget,sing utama kelima wong mau.Dinda kaget,Akhire angenne bisa kelakon.Mak plong rasane kaya entuk dalan nggayuh angene saksuwene iki.Dina arep ujian akhir samsaya cedhak,Dinda sinau kanggo ujian,dheweke ora gelem gawe kuciwa wong tuwane lan kancan-kancane.Dinda wis duwe lagu sing dikarang dhewe kanggo tampil sesuk nang ngarep juri. Panggung wis disusun rapi panitia.Juri-juri wus pada manggon nang kursine dhewe-dhewe.Siswa-siswi gantian munggah panggung lan nampilke tampilan sing paling apik.Kabeh siswa ora reti sing ditampilke apik opo ora,sing penting wis usaha nampilke sing paling apik.Saiki gilirane dinda,dheweke ngrasa gugup.Aneh.Padahal biasane ora ngrasa gugup kang gedhe banget kaya ngene.Wong saka mburi nepuk pundak Dinda,Kowe mesthi bisa Dinda,Kowe kan wus latihan keras nganthi saiki ta ? ngapa mesthi wedi apik apa ora.lakonke sing terbaik SEMANGAT.Oke?? Rando mbagekake grapyak.Dinda mesem lan ngangguk oke,, nuwun ya Ndo,penampilanmu mau apik banget lho,aku seneng karo tarianmu Rando sing ana ing ngarepe mung bisa ngguyu hahhaa..ngapa mung seneng karo tarianku,,,lha nek karo aku seneng ora ??? hahaha Dinda kaget.Dheweke ngguyu karo ngrasa isin banjur munggah panggung. Nang donya iki , mimpi dadi wong bodho iku ora anaAku persembahke lagu iki kanggo wongtuwaku,guru-guruku,lan wong sing lagi wae maringi aku semangat.Dinda langsung nyanyi,.Swara gitar sing dipetik dinda kaya lagu nang surga kang bisa damai lan tentremake ati kang lagi gundah.Kabeh terpesona,kalebu juri kang ana ing ngarep.Sakwise kuwi,acarane rampung.Akhire dina keberangkatan pinuju London wis cumepak.Nang pesawat.wong wadon nyedhaki dinda.Wanita kang duwe tatapan tajam kang bisa gawe dinda sethitik ora nyaman.kowe mesthi ngrasa seneng ta?.saiki kowe bisa seneng sikek.Segedhe apa usahamu,kowe bakal kalah saka aku Dinda kaget lan mesem sethitik dipeksa akuu.akuu ora bakal kalah saka kowe.. Linda karo meseme sing sinis mangsuli lakonke sing terbaik,kawan.. Meneh lan meneh,dinda digawe kaget karo wanita iku.Sikep lan tindak tanduke sing saksuwene iki ditunjuke mung dinggo gawe aku terpacu bisa menang.Linda banjur lunga ninggalke dinda sing isih kaget.Sakwise penerbangan puluhan jam,akhire tiba nang London.Dinda mlaku nang antara wong-wong kan lalu lalang nang bandara,Rando saka mburi ngampiri Dinda sing kabotan gawa kopere.Rando mbantu nggawakake koper gedhe iku..piye?perjalanane,nyenengake ta ? rando takon. nuwun ya Ndo,.. wangsulane dinda kang swarane nganggo nada rendah saengga rando ora bisa krungu suwarane.nuwun wis dadi Inspirasiku sak suwene iki dinda neruske omongane.Wong loro kuwi mung pada ngguyu lan ngrasake isin pinuju bis kang nganter ning penginapan.Kembang turu,Tresna,krasa bahagia umpama nduwe rasa iku.Usaha,kerja keras lan donga kang dadi utama dinda bisa nggayuh impene.Dinda reti,perjalanane ora mung mandhek ketok kene.Dheweke pengen sinau,lan nggolek pangerten apa kang sebelume ora diretini.Dinda wani duwe pangangen-angen,lan pangangen-angen kuwilah kang bisa nganterke dheweke ketok kene.Sumber : http://dwifitriayu.blogspot.com/2012/06/contoh-cerkak-cerita-cekak-basa-jawa.htmlAKU DURUNG KALAH

NGADEG neng tlampik omah pancen dadi kesenenganku saben sore. Namatake sesawangan nalika srengenge meh angslup. Manuk-manuk padha mulih neng susuhe, mabur renteng-renteng neng langit sing wiwit mbrabak abang ndadekake sesawangan katon endah. Sanajan sesawangan dikebaki karo gedhong-gedhong dhuwur nantang langit.

Mung siji kuwi sing bisa gawe ilange rasa sayah sak wise nyambut gawe sedina ngrampungake tugas-tugas kantor sing kaya-kaya ora ana lerene. Mengko sedhela mesti bakal keprungu swara mbrenginging saka dalan ngarep omah ning komplek perumahanku. Pak Wiryo. Bakul puthu bumbung nyurung grobage, mlaku alon saka kidul. Yen wis tekan ngarep omahku mesti mandheg karo cluluk "Puthu Mas " Aku banjur mbukak pager, mangan puthu karo lungguh ing buk ngarep omah. Pak Wiryo uga mandheg. Ngladeni wong wong ing komplek perumahan sing padha tuku puthu bumbung.

Pak Wiryo padha karo aku. Padha-padha wong sing nyoba golek panguripan ing kutha kene, sing jarene nggon duwit. Mung bedane, aku bisa tuku omah, duwe rodha papat gaweyan Jepang modhel sing paling keri dhewe, nyambut gawe ning kantor sing ruwangane adhem.

Pak Wiryo crita, yen omahe ana ing mburi lapangan golf. Saben esuk lan sore nalika mangkat lan mulih saka kantor aku mesthi ngliwati tugu gedhe. Ngisor tugu kuwi ana dalan sing dawane watara rong kilonan tumuju menyang lapangan golf. Aku pancen durung nate weruh. Nanging aku bisa mengerteni yen omahe Pak Wiryo mesthi sawijining kampung nempel karo tembok pager lapangan golf. Ora bisa diselaki yen panggonan-panggonan ngono kuwi bisa nekakna dhuwit yen digarap dening investor. Kompleks sandhinge panggonane Pak Wiryo wis digusur arep kanggo ngambakna lapangan golf. Wong-wong diwenehi ganti rugi sak cukupe (jenenge wae ganti rugi, mesti ya sak cukupe). Coba yen jenenge diganti 'ganti untung'. Mula akeh wong-wong kampung kana sing ora sarujuk karo pembebasan tanah kuwi.

"Krungu-krungu jare lapangan golf arep diambakna Pak?" Pak Wiryo mung mesem krungu pitakonku, sajake wis ngerti apa karepku. Aku mbacutake takon maneh.

"Lah yen lapangane diambakna, terus kampunge sampeyan digusur piye Pak?"

"Nggih kersane napa ingkang kedadosan mangke, Mas. Digusur nggih pindah, wong pancen mboten gadhahane."

Pak Wiryo terus ngladeni wong tuku. Aku mangan puthu sing mung kari siji ning tanganku. Aku gumun dene Pak Wiryo yen ngomong karo aku nganggo basa alus. Mangka Pak Wiryo umure ora beda adoh saka bapakku Nalika aku pisanan tuku puthu banjur dadi langganan, Pak Wiryo malah rikuh aku ngomong nganggo basa alus. Karepku mono ngajeni wong tuwa, kaya sing diajarake bapakku, yen aku kudu ngajeni wong sing umure luwih tuwa, sapa wae kuwi.

"Panjenengan niku lho Mas, wong priyayi ageng kok ndadak basa lho kalih kula."

Oalah, donya kuwi jebule pancen isih mbedakna drajat, pangkat lan donya. Mula saka kuwi aku duwe panemu yen aku klebu wong begja. Lair ning kluwarga sing ana lan bisa ngrasakna kamukten urip. Sanajan ora nganti sugih mblegedhu, nanging sakora-orane yen kepengin apa-apa bisa keturutan.

Nanging wong sing kaya Pak Wiryo, menawa biyen bisa milih, mesti ora kepengin lair neng donya dadi wong sing kudu nyambung urip kanthi rekasa. Kaya-kaya kasunyatan kuwi gelem ora gelem kudu diadhepi.

Sejatine miturut panemuku, mbuh kuwi bener mbuh ora, kasunyatan sing kaya ngana kuwi wis digarisna dening sing Maha Kuwasa supaya urip ing donya bisa laras. Sing gedhe nulung sing cilik, sing kuwat mbiyantu sing ora kuwat. Nanging kaya apa sing kedadeyan? Ing jaman saiki sing dumadi, sing gedhe mangan sing cilik. Sing kuwat ngidak-idak sing kesrakaat. Donya, pangkat lan drajat sing dadi ukuraning urip.

Pak Wiryo, lan wong-wong sing manggon ning mburi lapangan golf sing kudu minggir amarga dianggep ora ana maneh nilai ekonomise kanggo pembangunan kutha. Nanging wong kaya Pak Wiryo arep ngapa? Bisa apa? Ora ana sing dinggo ngomong sora nalika ganti rugi sing ditampa kuwi, ajine ora sepiraa.

"Pak, wong puthune sampeyan enak. Piye yen tak silihi modhal, terus gawe home industri, puthune diwenehi cap terus didol nyang supermarket?"

"Wah, mangke yen kula mboten ider mriki malih, njenengan kangelan ndadak pados puthu teng supermarket," Pak Wiryo ngguyu latah-latah.

"Kula ngaten mawon sampun rumaos cekap kok Mas. Sing penting saged damel urip lan nyekolahke anak. Wong kula niku nggih mboten gadhah warisan napa-napa kangge anak kula. Sak mboten-botene, nek kula dadi bakul puthu, anake kula nggih sampun ngantos kados bapake."

Biyen aku nate nawani Pak Wiryo, supaya anake nyambutgawe neng pabrik nggonku. Kebeneran nalika kuwi unitku butuh karyawan anyar. Aku malah ngomong yen anake mesti ditampa, awit sing nggawa aku. Ora usah gawe lamaran. Karepku nulung Pak Wiryo, tinimbang anake nganggur.

"Golek gaweyan saiki angel lho Pak."

"Wong tiyange tesih sekolah kok Mas."

"Rak wis lulus SMA ta?"

"Lha nyuwun kuliah niku Mas. Ning, niki jarene mpun ajeng nulis napa... niku, skripsi napa,... Duka napa jenenge. Pokoke mpun meh rampung...kantun setunggal niku." Skripsi? Anake Pak Wiryo kuliah? Apa kuwat Pak Wiryo nguliahake anake? Kuwi mung tak batin wae. Kuwatir yen Pak Wiryo mengko tersinggung.

Wis meh rong minggu iki ora keprungu swara mbrenginging, saka grobag puthune Pak Wiryo. Aku ora ngerti kena apa Pak Wiryo ora katon liwat ning dalan ngarep omahku. Apa Pak Wiryo lara? Apa omahe digusur? Kaya ana sing kongkon, aku noleh kiwa dalan.

Sore kuwi aku nembe mulih saka kantor. Aku ngerem mobil ndadak. Ora maelu kendaraan-kendaraan ning mburiku sing padha ngunekna klakson. Stir dak buwang mengiwa menggok mlebu ning jurusan lapangan golf. Ning sawijining gang aku mandeg. Kepeksa mudhun saka mobil awit dalane ora bisa diliwati mobil. Aku mlaku saurute pager sisih njaba lapangan golf sing durung rampung digarap kuwi.

Aku yakin, dalan kuwi sing saben dina diliwati Pak Wiryo. Nyawang mengarep. Rodha-rodha traktor nggiles ngratakna lemah. Akeh wong nganggo helm kuning. Ning panggonan liya, ora adoh saka kana, ana wong-wong padha nglumpukna kayu-kayu tilas omah, seng lan barang-barang liyane sing isih bisa dienggo. Aku ora ngerti apa wong-owong kuwi sing duwe omah sing digusur apa mung pemulung sing nggoleki barang-barang tilas. Sing tak ngerteni, kampung kuwi wis rata karo lemah. Lan omahe Pak Wiryo mesti klebu salah sijine omah sing dadi mangsane buldoser.

Srengenge manglung mengulon. Alon-alon aku ninggalake papan panggonan kana. Perusahaanku ya duwe buldoser kaya ngana kuwi.

Kelingan karo Pak Wiryo, karo wong-wong sing mung bisa nyawang omahe diratakna karo lemah. Wong-wong sing kalah dening ukeling jaman. Kalah karo panguwasane dhuwit. Wong-wong sing kanggo tumbal modernisasi lan kapitalisme. Apa kemajuwan jaman kudu mesti ana sing dikurbanake? Aku kelingan, atasanku wingi uga ngomong, yen sawah mburi pabrik duweke penduduk wis dibebaske arep dinggo mbangun unit anyar.

Srengenge mbranang ing langit sisih kulon. Manuk-manuk mulih menyang susuhe. Cagak-cagak listrik, gedhung-gedhung tingkat njenggereng mandeng langit. Layangane bocah-bocah cilik jogedan sajak ngece. Sore kuwi, kaya biasane aku ngadeg neng ngarep omah. Nanging wis ora ana maneh swarane mbrenginging saka grobage Pak Wiryo. Wingi aku krungu kabar yen Pak Wiryo digawa anake menyang Batam. Anak sing nate tak tawani gaweyan biyen, wis lulus kuliah. Cumclaude! Dheweke dijaluk sawijining perusahaan Singapura ing Batam. Aku kelingan marang apa sing nate diomongna Pak Wiryo: "Yen nyawane kula tesih kanthil teng raga Mas, kula dereng kalah...."(*)Dening:A.Adi/ Panjebar Semangat-04/2006Sumber : http://cerkak.blogspot.com/2007/03/aku-durung-kalah-ngadeg-neng-tlampik.htmlSAWIJINING WENGI ING MALIOBOROJam sanga kurang seprapat, Arul wis cepak-cepak arep mangkat. Klambi kothak-kothak lengen dawa, clana jeans kluwus ning resik, lan sepatu loakan merk Nike olehe tuku ing pasar Beringharjo, kabeh wis dienggo. Senajan mung arep ngamen, ora ana eleke yen nyandhang pantes. Idhep-idhep kanggo ngajeni wong sing dingameni, mengkono panglocitane batine. Rampung dandan, Arul njupuk gitar sing gumlethak ing peturon, banjur jumahgkah metu saka omah.

Angin wengi semilir, nggawa ganda amrik kembang sedhep malem. Mbulan satampah lan lintang-lintang abyor madhangi langit. Nanging Arul babar pisan ora nggagas kabeh mau. Lakune tumungkul, mecaki trotoar dawa sing wis rong taun iki ajeg diliwati, pendhak wengi lan parak esuk, nalika dheweke mangkat lan mulih ngamen.

Tekan palang sepur wetan Pasar Kembang, Arul menggok menyang sawenehe warung Hik pinggir dalan. Lagi wae manyuk lawangan, dheweke weruh Herman, kancane ngamen lagi lungguh jegang ing bangku pojok karo ngadhep kopi. Arul mara nyedhaki.

"Dak kira nek cuti," cluluke Herman, sing blasteran Jawa-Ambon iku.

"Padhakna pegawe wae ... Cuti ya sesuk ora sarapan," Arul lungguh karo nyaut sega kucing rong wungkus. Herman mung nggleges. Dheweke menyat saka anggone lungguh, banjur nginguk menjaba. Ing ngarep pertokoan kang tutup jam sanga mau, warung-warung lesehan wis akeh sing digelar. Mobil lan motor tharik-tharik ngebaki parkiran. Malioboro pancen ora tau turu. Rina-wengi tansah dadi papan jujugane uwong. Saweneh ana sing dodolan, golek rejeki, saweneh maneh ana sing jajan lan ngenggar-enggar ati.

Setengah jam candhake, Arul lan Herman wis katon jengkeng sinambi genjrang-genjreng, adol swara sake warung lesehan sing siji, menyang warung lesehan liyane. Anggone nyanyi gentenan, gumantung karo karakter lagune. Yen lagune mbutuhake vokal Tenor, Arul sing nyanyi. Dene yen lagune mbutuhake vokal Bariton, Herman sing nyanyi. Wong loro wis apal karo bageyane dhewe-dhewe, awit gaweyan iku pancen wis rada suwe dilakoni bareng. Satemene asile mono lumayan. Yen mung saderma kanggo mangan wae turah. Awit racake wong sing padha jajan, ora ana sing menehi kurang saka limang atus rupiyah. Malah umume sewu munggah. Ora maido, wong niyat jajan mono mesthine saka ngomah ya wis sangu dhuwit kepara turah. Nanging senajan mengkono, kerep ana perang campuh ing atine Arul. Gengsine minangka sarjana S1 sok-sok ora bisa narimakake, yen kanggo golek dhuwit sewu-rong ewu wae, dadak dilabuhi nyanyi karo jengkeng utawa timpuh ing ngarepe wong-wong kang lagi mangan. Saka rumangsane, ajining dhirine dadi ilang babar pisan. Kaya kere sing nyadhong kawelasan. Nanging arep kepiye maneh?! Urip iki angel. Lan weteng sing mlilit ora bisa wareg yen saderma dipakani gengsi.

"Ya ditrimak-trimakna wae dhisik, Rul. Pancen rodha nasibe awake dhewe iki saiki lagi neng ngisor. Mengko rak ya tiba titi mangsane rodhane mubeng mendhuwur," pratelane Herman, nalika sawijining wengi Arul ngetokne uneg-unege.

"Bener kandhamu, Her. Rodhane lagi neng ngisor, tur mlindhes telek lencung sisan. Dadine ambune ya blarengan," Arul sing lagi sumpeg atihe, nyaut waton muni. Herman nyekakak saambane lambene, nganti watuk-watuk. Pancen wonq loro iku anggone memitran rakete ngungkuli sedulur. Yen sing siji atine lagi susah, mesthi liyane nyoba nglelipur. Mbokmenawa merga rumangsa senasib. Padha-padha lulusan S-1, ning kepeksa mung padha dadi panji klanthung.

Jam setengah siji, kaya adat sabene, wong loro leren ing ngarep benteng Vredeburg, poncot kidul Malioboro, sinambi

ngetung pengasilane

.

"Wah, lumayan. Entuk nemlikur ewu wolung atus," cluluke Herman sing dadi Bendahara. Dhuwit banjur dibagi loro, sing kumel-kumel diwenehake Arul, dene sing rada anyar disaki dhewe. Arul mung meneng wae, wis apal karo kelakuwanekancane sitok iku.

"Malioboro pancen lahan subur. Ning yakuwi, ndadak ndlosor kaya ula, Arul ngomong lirih karo ngempakne rokok.

"Oalah Rul, gengsimu kuwi mbok wis ora usah diingu. Wong nyatane ijazahmu ya ora bisa nggolek pangan wae, kok."

"Ngonoa apa ya sajege awake dhewe arep dadi kaya ngene?" Arul nyedhot rokoke jero. "Apa wong tuwamu neng Ambon ya wis marem, yen ngerti kowe sing dikuliahake adoh-adoh, jebul mung dadi tukang mbarang?"

"Lha witikna arep kepiye maneh? Wong awake dhewe olehe usaha ya wis ora kurang-kurang. Mlebu plataran kantor disingkang-singkang Satpam, ya wis dilakoni. Nyatane nganti seprene ya tetep durung ana asile ..." Herman unjal ambagan abot, kelingan marang nasibe dhewe.

Rada suwe wong loro banjur mung padha meneng-menengan, kentir marang gagasane dhewe-dhewe. Lampu-lampu merkuri kang jejer-jejer ing sadawaning Malioboro katon putih kencar-kencar. Bening kaya kristal. Sauntara kuwi, senajan wis lingsir wengi, nanging kendharaan panggah liwat pating sliri. Embuh apa sing digoleki ...

"Mulih saiki, apa operasi maneh, Her ...?" Arul ngguwang tegesane sing meh nylomot driji. Herman nyawang mengalor, penere lesehan.

"Isih akeh sing dha jajan, ki? Apa ora eman-eman? Ora ilok lho, nolak rejeki."

"Ya ayo ...!" Arul menyat karo nyangking gitare. Herman ngetutake ing mburine. Yen mau anggone ngamen saka lor mengidul, ing warung-warung lesehan sing manggon ing iring wetane dalan Malioboro. Saiki ganti saka kidul mengalor, ing warung lesehan sing manggon ing iring kulon. Wong loro nlusur wiwit saka lesehan cedhake Gedhung Agung mengalor. Saka bakul gudheg, ayam goreng, tekan Sea Food, ora ana sing kliwatan. Bareng anggone mlaku tekan kidule toko Dynasti, dumadakan Herman ngruwes bokonge Arul seru, nganti bocahe njomblak karo misuh-misuh.

"Wedhus ...! Homosex-mu kumat ya, Her ...!"

"Ssstt ... Lor-kulon arah jam sepuluh..:" Herman ngomong lirih ing sandhing kupinge Arul. Arul nglirik papan sing dibisikake Herman. Ana bocah wadon loro lagi lungguh ing lesehan, sinambi ngadhep roti bakar lan susu segar. Tanpa sraba-sraba, Herman langsung menggok. Arul kepeksa melu nginthil ing mburine, senajan rada anyel. Soale iki mau wong loro wis rencana arep mulih. Kejaba drijine keju, mripate uga wis mbliyut, kegawa awake kang sayah. Herman kuwi wiwit biyen watake ora malih. Saben weruh prawan, mripate ijo. Kamangka pacare sing fotone tansah dislempitake ing dhompet iku ya ayu ... Arul grenengan dhewe ing batin.

Nalika Arul lagi wae siap-siap arep nyanyi, dumadakan gitare direbut cewek sing lungguhe ngungkuri dalan. Saking kagete, Arul mung mlongo.

"Mbak, roti bakar kalih susu segar, kalih malih ...! tanpa maelu Arul sing plenggang-plenggong, bocah wadon iku aba marang bakule.

"Arum ...?!" Arul ngulati karo njengkerutake alis. Rada tidha-tidha, sumelang yen kleru. Sing diceluk jenenge mung mesem karo mbalang liring.Ana kangen sumembul saka pletik-pletik sorot mripate.

"Ya ampun, Arum ...! Lha kok tengah, wengi kluyuran neng kene?! Jarene awakmu kerja neng Batam?! Arul nyalami cewek lencir mripate bening iku, sing banjur nimbangi kanthi nggegem kenceng tangane Arul.

"Kluyuran ...! Padhakna pe-es-ka wae ...!" Arum mecucu. Kancane sing nganggo sleyer abang nyekikik.

"Iki lho, kancaku pengin weruh sing jeneng Malioboro. Mula mumpung ana prei, banjur dakjak mrene sisan. Idhep-idhep karo bernostalgia," Arum mesam-mesem. mesem. "Lha awakmu dhewe piye, Rul? Kok nganti rong taun punjul, blas ora ana kabare?" bacute karo mandeng manther praupane Arul.

"Dawa critane, Rum. Tur mboseni. O, iya ... Kenalke, iki kancaku..."

"Aku wis ngerti, kok," Arum munggel cepet."Iki rak Herman, ta? Play Boy-ne Fakultas Hukum sing biyen pas dhemo sirahe bocor dipopor tentara kae ta?"

Herman mringis karo nggrayahi tilas jahitan sepuluh senti ing sirahe. Kenang-kenangan nalika kerusuhah Mei 1998 kepungkur. Arum banjur ngenalake kancane, marang Arul lan Herman.

Ooo ... Dadi iki Mas Arul sing kerep mbokcritakne kae? Sing jaremu "cool" tur "smart" ..." ujug-ujug si sleyer abang sing jenenge Ayu iku cluluk.

"Ngawur ...! Kapan olehku crita?! Senengane ngarang ... !" Arum klejingan. Tangane kemawe, njiwit bangkekane kancane. Ayu jelih-jelih karo ngguyu kemekelen.

Arum iku satemene kancasaangkatane Arul, jaman isih kuliah biyen. Malah kanca raket banget, awit kekarone padha dene aktif ing Senat Mahasiswa. Kerep diskusi, debat lan,nindakake tugas kampus bareng. Mula ora jeneng aneh yen merga saka kerepe ketemu lan.srawung, suwe-suwe banjur nukulake wiji-wiji tresna ing atine bocah sakarone. Mung emane, Arul sing minder merga kahanane sing kesrakat, ora wani mblakakake pangrasane marang Arum. Sumelang yen dikira ora ngilo githok. Sauntara Arum dhewe sing tinitah wadon, mung bisa ngenteni, ora wani ndhisiki. Kahanan mengkono iku lumaku terus, nganti bocah sakarone lulus. Nalika teka titi wancine wisudha, banjur padha janji bakal tetep terus sesambungan lan kabar-kinabaran. Nanging sajake pancen dudu jodhone. Anggone layang-layangan mung lumaku watara telung sasinan. Bubar iku banjur padha repot karo urusane dhewe-dhewe. Arum repot karo urusane minangka pegawe anyar, dene Arul repot anggone mider-mider golek gaweyan. Wusanane terus plas, kaya kepaten obor. Siji lan sijine padha dene ora ngerti kabare.

"Dadi nganti seprene awakmu isih nganggur, Rul ...?" Arum takon ngati-ati sawise Arul mungkasi critane. Sumelang yen nganti nggepok pangrasane.

"He'eh. Mula kanggo nyambung urip, ya kepeksa pendhak wengi dadi kalong neng Malioboro,"Arul mesem, ndhelikake atine kang getir. Arum trenyuh banget. Mripate nganti kaca-kaca. Babar pisan dheweke ora ngira, yen priya sing meneng-meneng wiwit biyen tansah dikagumi, merga kapribadene kang apik, beda karo kanca-kancane lanang liyane iku, jebul nasibe ala banget. Pantesa mono dheweke kepengin ngrangkul priya ing ngarepe iku, banjur nglelipur lan nggedhekake atine. Nanging biyen wae ora kelakon, apa maneh saiki sawise adoh?

"Sabar, Rul ... Aku ngerti banget yen awakmu iku pinter, tur tipikal pekerja keras. Mbokmenawa mung durung ketemu dalane wae..." Arum nggegem tangane Arul kebak empat. Sauntara Herman lan Ayu lagi ketungkul kojah ngethuprus, sajak gayeng banget. Sedhela-sedhela . padha ngguyu cekikikan. Embuh padha ngrembug apa.

Wengine mrambat sangsaya tuwa. Angin kang midid wiwit krasa adhem ing kulit. Arul unjal ambegan landhung. Lungguh adhep-adhepan sinambi omong-omongan karo Arum ngene iki, marakake dheweke kelingan jaman isih kuliah biyen. Kelingan marang wektu-wektu kepungkur kang endah lan kebak semangat urip, amarga rumangsa dibutuhake dening liyan. Rumangsa yen uripe ana gunane. Ora kaya saiki, mung kaya uwuh kang ora kanggo. Nyepet-nyepeti mripate sinq nyawang. Arul nggresah sajroning ati, "Menyang endi lungane wektu-wektu kang manis iku ...???!!!".

Dening: A.Adi/ Panjebar Semangat-03/2006

Sumber : http://cerkak.blogspot.com/2007/03/sawijining-wengi-ing-malioboro-jam.htmlCakar

Tukang angkringan siji iki pancen keren tenan. Ora maido karo rupane. Apa mula ngono, banjur dandanane mlipis kaya wong kantoran. Apa merga nyandange rapi banjur katon rupane bagus. Embuh. Bakune, saben-saben kok tansah rapi. Klambi dilebokake, setlikan alus, nganggo sepatu, sing tansaha elek nanging katon cemleret, resik. Wingi aku mrene, pas arep mbayar, nyedhaki dheweke, ambune wangi-wangi sithik. Pancen, nyenengake kang padha jajan ana ing angkringane. Rikala wingi aku mangan ana ing papan kene, tak takoni, jare badhine lumayan, kena kanggo nyekolahake anake kang loro cacahe.Wengi iki aku mrene maneh. Sasi tuwa ngene bisane mangan mung ana ing angkringan. Sanajan segane sethithik, mangan rong wungkus wis kena dienggo sangu turu. Menawa mangan kaya ngene iki ing wayah esuk, srengege munggah urung tekan tengah mbokmenawa aku wis semaput. Sega sekepel dirubung tinggi, ya iki. Segane angkringan dilawuhi irisan tempe sacumit. Mbrenik cilik-cilik. Sanajan lawuhe mung tinggi eh, tempe, nanging krasa enak, apa sebab wetenge lagi rumangsa luwe, embuh. Sing penting bengi iki wetengku isih kelebon pangan. Sesuk esuk sarapane wae sing rada bedha.Arep njupuk cakar apa endhas pithik, sesuk gek aku ora oleh pangan. Sangune ora tekan nggonan. Rak cilaka. Isih untung menawa oleh utangan. Bisa kena dienggo lantaran panguripan. Lha kanca-kancaku amung padha. Padha-padha ora dhuwe dhuwit. Mengko malah mundhak bingung golek uwong sing gelem aweh utangan. Dadi wurung wae anggonku pepinginan. Wong mung arep turu.Ceck Ceck Ceck, wingi, aku mrene sedhelo, tak pikir sing lagi padha mangan kuwi rombongan seka adoh kang mampir. Lagi piknik, lan kepingin ngrasakake mangan ana ing angkringan. Menawa wae ora ana angkringan nang kuthane. Nanging dudu. Iki sing teka padha wae. Rame. Rombongan. Lha, jebul sing jajan ana angkringan kene pancen bedha. Gumun tenan aku. Wah wah wah, elok tenan, padha mobilan. Paling ora, sepeda motoran. Rombong-rombongan. Loro, telu, paling akeh pitu

Sing mudun saka mobil kok ya ayu-ayu, dandanan wadon jaman saiki. Kancanane uga bagus-bagus, sandangane pada alus lan ambune wangi, kaya sandangan sing dikumbahke karo londri-londri kae. Aku ora tau mlebu londri, nanging menawa liwat kae, ambune tekan ngendi-ngendi. Ora ngerti, sandhangan reget kok nganti dikumbahke. Terus saben dinane kuwi, gaweane ngapa?

Sajakke dudu mahasiswa. Nanging kok umur-umurane bocah sekolahan. Adoh saka rerupan mahasiswa sing biasane nyambangi angkringan sasi-sasi tuwa ngene. Biasane, sasi tuwa ngene bocah kuliahan padha kenthekan sangu. Menawa tanggal enom olehe memanganan enak-enak. Mengko, menawa tanggal tuwa, sangune kari sithik, kapeksa nyegah pepinginan, olehe memanganan ora dumeh pingin maneh. Banjur mangane padha nang angkringan. Lumrahe ngono.He he he, aku dadi kelingan awakku dewe sing lagi kere. Proyek, bayarane kok ora genah. Jare dibayar minggon, iki wis telung minggu urung oleh bayaran. Pemboronge ra ngerti pa, aku ya kudu kirim dhuwit kanggo mangan anak bojo. Isih untung anak bojo omahe nang ndeso. Manawa duwite enthek, isih bisa memanganan arepo mung lawuh janganan saka kebonan. Walah walahIki kok dadi aku grundelan dewe.

Kae, ana sing teka maneh. Lanang wadon karo bocah cilik. Bocahe cilik semrinthil, ora duwe wedi. Kaya-kaya wis biasane teko ana angkringan kene. Lha, kendhel tenan bocah kuwi. Langsung mlayu ndisiki bapak ibune nyedhak marang tukang angkring. Lho lho lho, langsung njupuk piring banjur njupuki jajanan siji-siji. E lha, cakare olehe njupuk kok ya ora siji, loro njupuke kok ya lima. Apa ya enthek kuwi mengko. Om, Om, es jeruk ya Om, patembunge banjur mlayu rindhik lungguh ana lesehan kan wus sumadya. Gedhek-gedhek aku ndeleng bocah kuwi mau.Bapak ibune nyedhak marang angkringan. Sing wadon njupuk sega wungkusan papat. Dicekel ana tangane kiwa. Pak, piringe pundi nggih.O, menika Bu, nembe pun betha saking wingking, banjur diulungake piring kuwi mau dening si tukang angkringan. Aku ya mung gedhek-gedhek ngerteni si ibu njupuk gorengan papat, sate puyuh papat, banjur njupuk cakar. Aku melu ngitung, cacahe jebul rongpuluh. Wayah bapak ibu kuwi mau lagi teka banjur lungguh ana lesehan, tak kira jajanan kuwi mau ora arep dipangan kabeh. Mengko njaluk diwungkus digawa mulih kanggo oleh-oleh. Mau njupuk dhisik amarga mengko mundhak ora kumanan.Lha kok enthek, dipangan pawongan loro. Bareng tak gathekke kiwa tengen, lan sing padha lagi wae teka, njupukke cakar jebul ya akeh-akeh. Njupuke cakar, jebul ya rong puluh, nek rombongane papat apa lima ya njupuke bisa seket kepara seket lima. Gendheng tenan aku iki, lha kok melu ngitungi wong padha jajan. Melu ngitungi wong padha memanganan.Aku ngguyu dhewe. Menawa ana sing nggatekke kepara wedi paling. Sajak-sajakke wong ora genep. Ora waras. Dhewe-dhewe sajak cengengesan. Tak banding-bandingake, arepa nang angkringan, wis ora bisa diarani sega dirubung tinggi maneh. Cakar gedhe-gedhe ngono rak ya ora bisa dipadhakake karo tinggi. Tinggine kok gedhe banget. Lha ora pener. Nanging ya aku mumet nek kon golek, apa ya arane, bebasan, apa paribasan, apa wangsalan. Aku ora kelingan. Iku pelajaran wayah aku SD. Menawa dibalik krasa lucu tur wagu, kepara malah salah, dadi ujaran kang ora mungkin, sega ngrubung tinggi.Sing tak kira bocah sekolahan, bocah kuliahan, tak rungok-rungokake olehe padha guneman ya ora ngomongake sekolahan, kuliahan. Ora ngomongake skripsi. Babar blas. Tembung dosen, apa tugas, apa sing ana gegandengane karo kuliahan ora kocap. Dadi menawane ya dudu bocah kuliahan.Sing sisih kulon kae lumrah, wis bebojoan. Dhuwe anak. Katon nanggapi anake sing lagi cerita bab kanca-kancane sing nakal wayah neng sekolahan kang oleh paukumam saka gurune. Jare ana kancane sing diukum, dithuthuk tangane ngganggo garisan karo gurune. Manut critane, gurune pancen rada galak. Bapak ibune manthuk-manthuk nggathekake criwise anake. Sinambi ora leren anggone memanganan. Barang cakar rong puluh. Mangane sepuluh-sepuluh.Mangane sajak enak tenan. Apa pancen olehe masak enak, apa wong-wong sing jajan nang kene pancen seneng mangan cakar. Ndilalah dhuwitku kok ya mepet tenan. Menawa isih kena ngono, tak belani ngrasakake cakar siji wae. Aku yen wis ngerti rasane, wis ora kakean pitakonan. Wis marem. Sesuk kapan-kapan menawa aku bayaran, tak coba mangan cakar nang kene. Paling padha wae.Rombongan sisih lor katon gumyak banget. Bocah lima. Lanang telu, wadon loro. Pas teko, aku melu ngitung njupuke cakar seket lima. Isih tambah neko-neko. Tambah gorengan, tambah krupuk, lan embuh apa wae mau. Ngguyune kok ya cekakakan. Lali ana wong liya akeh nang kiwa tengene. Nanging tak deleng-deleng wong-wong ya ora kaget. Biasa wae. Ora keganggu karo ngguyu kang sepuluh meter saka kene tak kira isih rungu kuwi mau.He, Boby Setu wingi sida ngajak Nency. Apa gelem dheweke kowe sing ngajak dolan.

Jelas, sida. Kowe, pancen kok. Nyepelekake tenan karo aku. Sapa tha, Boby. ngendi ana sing nolak diajak Boby dolan, he he he..Terus. Terus piye ceritane. Edan tenan kok kowe ki. Si Nency kuwi ya gelem kok ajak jejogetan?Mulane sajak wegah-wegaha kae. Jare isin, ora isa joget. Nanging, suwe-suwe, tak bujuki terus, lan ngerteni wong kiwa tengene ra bakal nggatekake, akhire ya gelem joget. Malah jogete, wuisss edan tenan. Kapan-kapan wae ajaken. Mesthi gelem. Ngomong wae kancane Boby. Mengko nang kana ketemu Boby. Menawa kowe ngomong ngono mengko rak wonge gelem.

Kowe pancen T.O.P. B.G.T kok Bob. Top banget, ha ha ha ha

Lha dalah, ngomongake apa kae. Aku ora mudeng.Ora krasa olehku mangan sega rong wungkus wis rampung. Biasane malah ora suwi ngene iki. Mangan, ya mangan wae. Telap telep rampung. Iki mau olehku mangan sajak suwi. Kegawa karo kahanan. Guluku kok ya seret ngene. Waduh ora pesen ngombe. Arep njaluk wedang putih mengko gek ora oleh. Luwung bali wae.

Pinten mas kula, niki segane wau kalih

Niki nggih mas, nuwun.Aku banjur mlayu mak plencing ora nggagas semaure tukang angkringan. Wong aku wis apal regane.

PanglarisAnyar ya mas nang kene, aku bola bali liwat kene lagi wae ngerti ana angkringan nang papan kene?Paimin sing lagi ndingkluk ngantuk-antuk mak jenggerat kaget. Sanajan isih sore nanging thenguk-thenguk nunggu wong tuku ora teka-teka njalari ngantuk. Dadi dheweke kaget nalika ana pawongan neng ngarep rahine lagi mangan cakar.Ohhhh, nggih pak, nembe seminggu wonten mriki.

Kok sepi ngene mas. Iki, enak tenan iki cakare. Masak dhewe iki, Mas, pitakone karo ora leren olehe ngrumuti cakar.

Masak piyambak, Pak.

Enak tenan iki mas, menawa akeh sing ngerti angkringanmu iki mesthi ramene. Cakar iki bisa dadi jalaran ngramekake angkringanmu iki.

Niku rak cakar biasa tha Pak, cakar pithik. Sanes panglaris. Pundi saget ndadosake kathah tiyang jajan mriki.

Maksudku kuwi ora ngono mas. Sinten asmane sampeyan?

Kula, Paimin, Pak.Maksudku ora ngono, Mas Min. Cakar iki enak. Aku kawit cilik seneng mangan cakar amarga mangane kudu telaten. Digrumuti siji-siji iki sikil pithik sing cilik-cilik iki. Merga sikil pithik kuwi ujude kaya oyot wit-witan, ngendikane ibuku biyen, mengko menawa wis gedhe sikilku bakal pengkuh. Kaya wit- witan kae. Janjane ora bener. Mung dhek jaman aku cilik, ibuku bisane nukokake lawuh mung sikil pithik kaya ngene iki. Kuwi sebabe aku seneng mangan cakar nganti umurku samene. Nganti aku dadi dosen saiki, isih seneng mangan cakar. Menawa arep nemu cakar lungaku menyang akringan. Ngono, Mas Min, he he he, bapak kuwi mau cerita akeh-akeh karo guyonan.Paimin, seneng ngrungokake. Guneme bapak kuwi mau isi lan sajake wong pinter. Katon seka nyandange lan tindak tandhuke.Terus niku wau Pak, bab cakar sing dados panglaris niku wau. Cakare dinapakake, Pak? Napa dijur alus terus disebarke sekitar mriki napa pripun?

Ha ha ha ha, bapake malah ngguyu seru. Paimin dadi bingung dhewe.

Ora ngono, Mas Min. Menawa mangkono kuwi mau panglaris jamane simbah-simbah. Saiki wis bedha. Panglarise kudu nututi jaman, wangsulane bapake.

Saiki ngene wae, Mas. Panglaris sik tak omongke kuwi mau, bakal tak jlentrehake marang Mas Min. Nanging ora sepisanan wengi iki. Tak omongke sethithik-sethitik ning lakonana. Mengko tak jamin angkringanmu rame. Piye, saguh ora?

Terus mangkih kula mbayar pinten, Pak? pitakone Paimin.

Ha ha ha ha, bapake ngguyu maneh. Malah tambah seru. Katon bungah atine.

Ora perlu mbayar. Nanging sampeyan kudu manut lan saguh nglakoni.

Nggih pak, kula manut. Pokoke lantaran dodolan kula laris, kula manut Bapak!

Ya wis. Menawa sampeyan manut karo aku.Bapak sing sajake wong apik trus pinter iku banjur aweh pitutur marang Paimin. Jare syarate sing sepisanan kudu dilakoni Paimin, Paimin yen bakulan kudu rapi. Klambi dilebokake, nganggo sepatu. Setlikanan. Sanajan sandhangane ora apik banget ora ngapa-ngapa. Waton kabeh katon resik lan apik. Ora semrawut. Rambute kudu Klimis. Sing saiki rada dawa awul awulan kuwi dipotong ndisik. Diminyaki. Minyak murahan ora ngapa-ngapa, sing penting kena dienggo ngatur rambute.Uwis ngono, tambah nganggo wewangen, men sing padha tuku ora semaput mambu kringet kecut. Bakul angkringan kuwi cedhak karo geni, panas, njalari kringeten. Mengko menawa sing tuku akeh, kudu mlaku rana rene. Ngeterke wedang lan liya-liyane, mengko nek ambumu kuwi ora mbetahi, sing padha tuku bisa-bisa bubar kabeh. Kabeh kuwi mau men sing padha tuku nang angkringan iki ora jijik karo bakule. Disawang kepenak lan nyenengake. Wong bakulan menawa katon kusut tur mbeyeyet, ora sumringah, njalari males wong sing arep mampir. Menawa wis kebacut mampir kapok.Kuwi mau syarat sing sepisanan. Paimin sing kepingin mbuktekake panglarise bapake uga semangat banget. Esuke, sandhangan sing arep dienggo mengko sore, dikumbah. Awan garing banjur disetlika. Sepatune sing katon wus rada elek diresiki resik. Dilap nganggo banyu wis dirasa cukup, wong dheweke ora duwe semir sepatu. Kabeh kuwi mau dicepakake, siap dienggo mengko sore, Ngendikane bapake arep teka maneh. Arep menehi syarat panglaris liyane.

Bar magrib bapake teka maneh. Ora mung dhewekan. Bapake nggawa kanca. Wong loro. Paimin seneng wae, merga saya akeh kanca-kancane bapak kuwi sing diajak moro, berarti dodolane sansaya akeh sing payu. Paimin mesem.

Bapake teka meneng wae, langsung mangan cakar, anteng. Sajak nikmati olehe mangan. Sing ndeleng kana kene malah kancane sing loro kuwi mau. Banjur malah ngajak tetakonan marang Paimin. Suwe-suwe kok tekan anggone Paimin nyandhang. Sampeyan bakul nyentrik, Mas. Walah-walah, lagi saiki aku ketemu karo bakul angkringan sing rapi kaya ngene, ya ora Mas No, karo noleh kancane sing siji. Pawongan kuwi kok sajak ngoda. Paimin meneng wae. Arep wangsulan kok ora ngerti kudu wangsulan apa, kepriye. Nyandhang kaya mangkana dheweke wis krasa ora bebas. Rasane wagu, saknyatane ya apik. Mau dheweke sempat ngaca nalika liwat omah sing kacane riben. Jebul kok dheweke kuwi bagus.Ora, Mas, ora apa apa. Apik kok. Aku seneng ana bakul nyenengake disawang kaya sampeyan niku. Resik, apik.Paimin wangsulan semu mesem, niki rak kangge nampi panglaris saking Pak niku tho pak, Paimin karo ngarahke dagune marang bapake sing lagi anteng mangan sate. Bapake meneng wae. Kancane sing pitakonan karo Paimin kuwi mau mung ngguya ngguyu, noleh marang bapake karo nepuk-nepuk pundhake.Nalika bapake arep muleh, kancane wis mlaku ngadoh, dheweke nyedhaki Paiman. Apik mas, seneng aku. Sampeyan wis manut. Saiki tak kandhani panglaris sawise sampeyan nglakoni sing sepisan niku. Bapak kuwi mau banjur ngendika sethithik tapi diturut tenan karo Paimin, sebab dheweke mikir, mesthi sesuk dheweke teka maneh, tur nggawa kanca.Wiwit sesuk, menawa Paimin dodolan, kabeh kudu resik. Panganane, uga piring lan piranti liyane.Ngendika mangkana bapake langsung lunga nyusul kanca-kancane. Eh mas, natane sing apik, Wis karo mlaku, bapake isih merlokake noleh marang Paimin. Paimin mikir mbokmenawa resik kuwi mau dienggo syarat kanggo nampa panglaris, dilakoni wae dening Paimin. Sesuke, angkringane Paimin kinclong tenan. Kabeh barang resik. Ngature barang uga apik. Ora semrawut. Rada wengi, bapake teka maneh nggawa kanca. Ora suwe disusul karo kancane sing wingi, kancane kuwi mau ya nggawa kanca liya. Paimin seneng banget. Dodolane mesti cepet enthek.Bengi kuwi bapake ngendika maneh marang Paimin. Mas, Min, iki sesuk angkringanmu mesti bakal rame. Mas Min mesti butuh papan sing luwih jembar. Mas Min pindah wae, kae rada ngalor kana kae. Sisih kana kae lho, tembunge karo nduduhi panggon sing dikarepake. Papan jembar kae sapunen, resikana. Sesuk, menawa dodolan karo nggawa klasa. Mengko klasane digelar. dienggo lesehan sapa-sapa sing tuku nang kene. Bapake njelaske karepe marang Paimin.Sawise tetembungan sing miturut Paimin aji panglaris kuwi, bapake ora langsung melu kanca-kancane. Malah ngajak Paimin, dudu, dudu ngajak rembukan. Wong sing dingendikaake ora ajeg. Ngalor ngidul ora ana judule. Dasar Paimin, dheweke ya ngrungokake, malah bisa cerita akeh bab sabendinane lan pengalamane. Wong loro padha omong-omongan nganti suwe. Sampeyan dasare grapyak kok, Mas Min, kuwi kudu Mas Min patrapake nang sapa wae sing tuku nang kene. Kabeh sing tuku disapa. Menawa wis kenal, menawa teka takoni kabare. Uwis, mung kuwi. Kabeh sing wis dilakoni karo Mas Min kawit tak omongi kae aja ditinggalke. Diugemi terus, saklawase bebakulan, pituture bapake. Paimin manthuk-manthuk sinambi mesam mesem, ning ora kumecap.Terus kapan kula nampi panglarise, Pak? pitakone Paimin.

Bapake sajak kaget, banjur ngguyu kepingkel-pingkel. Nanging banjur bapake ngedika, Wis, Mas Min, wis tak turunke. Panglaris iku mau ya kabeh sing tak omongke marang Mas Min, ya kuwi kunci bebakulan.

MALINGNalika sepedha motor sing ilang iku during ketemu, Pak Gendhon tanggaku sing brengose nilamprang kaya warok Ponorogo, kuwi tansah muring-muring. Sebab ana sassus yen seng nyolong pit montor mau si Gendhon, anake. Nadyan wis dak kandhani, ora susah nanggapi kabar angina sing during karuwan juntrunge kuwi, nanging Pak Gendhon tetep mbregudul. Jare, kupinge dadi panas yen ngrungokke.

Nanging Gendhon bener-bener dudu malinge, ta? pitakoku mantebke.

Ya ora mungkin anakku tumindak nistha mangkono, wangsulane tegas.

Wiwit cilik Gendhon iku bocah sing nurut. Aku pancen sing ndhidik mangkono. Yen ta dheweke iku gelem nyolong, biasa ta, yen sing dijupuk kuwi dhuwitku utawa dhuwite embokne?Yen pancen ngono, kena ngapa Pak Gendhon mesthi nesu-nesu?

Aku ora nesu. Sapa sing nesu? Aku mungkepenin nerangake nyang wong-wong kuwi yen anakku becik-becik wae anane. Nanging wong-wong kuwi dha ra gelem ngerti.Apa kabeh tangga-tangga sing meri marang kesuksesane Pak Gendhon, kaya-kaya kok ana empere. Selagine aku dhewe, sing ora duwe perasaan kaya mangkono, gedhe cilik uga nyimpen rasa sujana jroning ati. Sebab, sak ngertiku Pak Gendhon, lan anake iku ora duwe gaweyan kang mesthi.Dheweke iku dudu petani, wong sawah wae yo ora duwe. Yen ono wong ngira Pak Gendhon iku pedagang, malah ana empere, awit yen nyandhang memper banget kaya dagang sapi. Nanging sejatine ya dudu. Sak ngertiku Pak Gendhon kuwi gaweyane mung mrana-mrene. Embuh, menyang ngendi wae parane.Nalika ing sawijining wektu bab iku sengaja dak takokake marang dheweke, Pak Gendhon mangsuli, menawa menawa anggone lunga mrana-mrene lan apa gaweyane, ora perlu dikuwatirke. Sing penting mulih bias nggawa dhuwit, wangsulane karo ngguyu nggleges. Mosok sampeyan ki kaya ora ngerti wae. Asal sampeyan rak saka kutha. Lan aku uga melu ngguyu.Ndalem batin aku kurang percaya. Nanging gendheng katone dheweke tetep ora gelem ngaku apa gaweyane., mula amrih ora gawe gela atine, aku ngenggokake gunemku menyang bab liya. Nalare, wong kaya Pak Gendhon sing sekolah SD wae mbuh lulus mbuh ora, tur ora duwe ketrampilan liya, katone kok mung cocog minangka kuli angkut beras ing pasar utawa paling dhuwur dadi manol ing terminal. Lan iku kabeh ora mungguh karo kasugihane kang ngluwihi sugihe tangga-tanggane. Apa maneh lungane, kaya sing bias dak gatekake, mesthi ora kurang saka sepasar, malah sok-sok nganti rong minggu barang.Dene Gendhon dhewe, nadyanaku wis meh limang taun dadi tanggane, during tau sapejagong pisan-pisana. Pol-pole mung winates manthuk utawa mesem yen pas pethukan ing ndalan utawa yen dhong liwat ngarep omah. Uga kaya Bapakkne, Gendhon yen lunga ya nganti pirang-pirang dina lagi mulih.Prasangka alane tangga-tangga marang Gendhon lan Bapakkne, dak kira disebabake klawan sipate wong loro iku dhewe. Mbok menawa yen urip ing kutha ora dadi masalah, nanging beda kutha beda ndesa. Urip ing ndesa wae digethingi wong akeh amarga ora tau gelem teka kerja bakti utawa ora gelem nekani bebrayane desa.Sikap lan sipate Gendhon lan Bapakke iku pancen wis suwe dadi pocapan. Yen olehe ora gelem srawung lan kumpul, ya olehe sok nyombongake kasugihane, ya sing ora cetha apa gaweyane, lan sapanunggalane. JOKO BODHO MENYANG NGAYOGYAKARTA

Joko..Joko, wis rampung aduse durung!

Durung Pakdhe, lhacepet-cepet ana apa tha Pakdhe?. Saking Pakdhe Darsono wis wanyel karo Joko Bodho, Pakdhe Darsono ora jawab pitakone Joko Bodho. Joko Bodho sing tenang-tenang kawit mau ora ngerti maksude Pakdhene kok deweke dokokon cepet-cepet aduse. Bubar adus Joko Bodho banjur nemoni Pakdhene sing tenguk-tenguk ana ngemper omah lagi jagongan karo Pak Burhan.

Ana apa tha Pakdhe, kok sajake wong meh ketinggalan sepur wae tha Pakdhe?. Woalahle..le..bocah paling lelet dhewe. Ana..apaanaapa kawit dek mau. Lha kowe ora ngerti tha dina iki jarene arep menyang Malioboro tuku klambi anyar dienggo bagdan. Wis tak tunggu malah lelete.Masyaallah.paringana sabar!. Wo.iyoyo..Pakdhe nuwun sewu aku lali tha Pakdhe!. Uwis gawe wong nunggu saiki njaluk duwit sewu karepmu iku apa tha le..!!!!. Pakdhe niki pripun tha aku iku njuluk pangapura boten nuwun duwit sewu!. Yowiswis ayo padha mangkat silak ketinggalan sepur mengko!.

Joko Bodho karo Pakdhene menyang stasiun Solo Balapan numpak sepur Paramex menyang stasiun sing cedhak kara Malioboro. Saben wong mbayar 10000 lagi enthuk karcis lan bias numpak sepur. Pakdhe Darsono ora duwe pilihan kudu mbayar karcise Joko Bodho amarga deweke ora ngawa duit amarga dikesusukake Pakdhene. Bubar entuk karcis Joko Bodho karo Pakdhene nungggu ana kursi. Ora ana sepuluh menit sepur sing arep menyang Yogya teka. Mbanjur Jaka Bodho lan Pakdhene numpak neng sepur, saking wakehe uwong Joko Bodho kara Pakdhene mlencar ana panggonan bedha.

Bubar enthuk panggonan Pakdhe Darsono lagi eling yen dheweke kelangan Joko Bodho. Banjur dheweke goleki Joko Bodho ana ing gerbong-gerbong sepur. Dheweke was-was yen Joko Bodho didhuke ana ing dalan amarga ora duwe karcis sepur, amarga karcis sepure digawa Pakdhene.

Bedha karo Jaka Bodho, dheweke malah enak-enakan turu semenden ana jendelane sepur bubar enthuk panggonan sing kepenak. Dheweke ora krasa yen dheweke pisah kara Pakdhene. Kernete wis njaluki karcis sepur, nanging Jaka Bodho tetep wae turu malah nganggo ngorok. Kernet sepur ngerti Joko Bodho durung mbayar, banjur nangekake Jaka Bodho. Jaka Bodho kaget, Ana apa iki? Lagi kepenak turu malah diganggu!, wisngaliha kana aku arep turu maneh ngatuk, dhek wingi aku randha nganti bengi, aku isih ngantuk!. Wo..alah.mas-masnjenengan niku dereng mbayar , pundhi karcis sepure?. Waduhwaduh mas..mas karcise digawa kara Pakdhe..ku! omonge Jaka Bodho Karo nduding kursi sebelahe, nangging sing neng sebelahe ora pakdhene nangging wong liya. Pundhi mas Pakdhe jenengan, napa niki?. Mbotenmboten kula mboten Pakdhene mas niki, kula niku Mahasiswa ajeng sekolah menyak Yogya!!!. Nuwun sewu mas darakake njenengan niki Pakdhe kula?. Raine Joka Bodho langsung abang branang amarga kisinan, mbanjur kernet sepur njaluk maneh karci sepure menyang Joko Bodho. Joko Bodho binggung piye carane mbayar karcis lha wong dheweke ora ngawa duwit. Joko Bodho karo kernete padha sesumbar sing ora jelas, nganti anggawe tontonane wong akeh.

Pakdhe Darsono ngerti wong rame-rame ana apa, banjur ditekano ana apa tha?. Mbareng wis chedak dheweke ngerti yen bocah gedhe duwur iku ponakane Joko Bodho. Mbanjur dheweke nekani lan ngomong apa tha masalahe nganti polahe ponakane kuwi ngawe tontona sak sepur. Iki ana apa tha?. Allhamdullilah Pakdhe tasih urip tha?. Bocah ora ngerti aturan, aku dikirane wis mati, yo..wis tak tinggal maneh wae!. Ampunampun Pakdhe kula mboten ngomong niki maleh. Yo.wis ana apa iki padha rame-rame neng kene?. Ngenten lho pakdhe kernet niki nyuwun karcis kalih kula, lha kula khan mboten gadah karcisipun Pakdhe. Yo wis iki mas karcise aku karo ponakanku. Nggih pak matur nuwun.

Mung siji setengah jam wae sepure wis tekan ana stasiun cedhak karo Malioboro. Joko Bodho karo Pakdhene banjur mudhuk lan mlaku ara ana 500 meter wis teka ana Malioboro.

Teka Malioboro Joko Bodho ndelok-ndelok klambi ana ing toko lan eperane toko akeh sing dodolan klambi apik-apik. Joko Bodho kepincut karo klambi batik motif kembang dicampur manuk merak warnane ijo rada biru. Dheweke mbajur ngamong Pakdhene yen dheweke kepingin klambi kuwi.

Pakdhe kula nuwun klambi niku nggih. Yo wis ndang cepet dibungkus silak kesoren, kowe yo during tuku kathok karo sepatu sandal dienggo solat id tho?. Inggih Pakdhe, njenengan niku moten pelit-pelit sanget. Dadi aku kudu mbayari klambi, kathok, karo sepatu sandalmu. Masyaallah nuwun sabar ngadepi bocah koyo ngene. Yo.iya..thak mbayari neng mengko tekan ngomah duwitku diganti ya?. Inggih Pakdhe pasti niku.

Bubar Joko Bodho rampung blanja keperluane, mbanjur pakdhene ngajak mangan ana restoran padang. Neng kono Joko Bodho mangan akeh banget saking kekeselen blanja menyang Malioboro. Telung piring Jaka Bodho enthek mangan, Pakdhene mbatin rugi tenan yen ngajak Joko Bodho lunga. Pakdhene ngumun blanja lan mangane Jaa Bodho wis enthek wolungatusewu. Pakdhene kapok-kapok tenek aro arep ngajak lunga Joko Bodho maneh. Pokokke kapokkapok tenan, pantesan wae bapak ibune njenengi anake Joko Bodho, lha uwonge koyo kebo sawah ngendulak-ngenduluk.

Sumber : http://papin17.wordpress.com/cerkak-bahasa-jawa/Menyang Jakarta

Kocap kacarita, wonten salah sawijining pemudha ingkang asmanipun Encup. Pawakanipun kuru, ireng melis-melis, dangkalen, utawi Imelda. Encup menika pemudha ingkang dereng nate ngenyam pendhidhikan. Kerjanipun namung dados buruh angkut ana ing panggonanipun Pak Mamad, juragan jengkol wonten ing desanipun.

Wonten ing sawijining dinten, Encup melu nonton TV wonten ing griyanipun Pak Mamad. Encup ningali berita banjir ingkang wonten ing Provinsi Jakarta.

Pikiripun Encup mangkene, Wah, ning Jakarta kuwi penak ya? Apa maneh yen lagi banjir.. Bisa nglangi nandi-nandi gratis. Eh ana Pak Jokowi maneh.. Aku arep mrono ah!!

Sabanjuripun, Encup mantuk lan nemoni kanca dolanipun ingkang nggadhahi asma Partono. Encup nyeritakaken apa ingkang dipuntingali wonten ing TV marang Partono.

Partono beda sanget kaliyan Encup. Pawakanipun dhuwur, kulite sawo mateng, saha sampun nate ngenyam pendhidhikan.

Dab! Kowe kuwi seneng nglangi, nah gelem apa ora yen nglangi bebas nanging ora mbayar? pitakone Encup.

Wah! Penak kuwi.. Nandi, Cup? timbale Partono.

Jakarta!! Sesuk mangkat mrono bareng aku. Aku arep ndelok banjir karo Pak Jokowi. Gelem apa ora, Dab? wangsulane Encup.

Bocah kalih wau banjur mantuk lan siap-siap kangge tindakan menyang Jakarta. Sanajan namung gadhah dhuwit pas-pasan, bocah kalih wau wani menyang Jakarta nitih sepedha motor.

Eh Partono! Kowe reti dalane menyang Jakarta? pitakone Encup.

Reti aku. Liwat jalur kidul wae ya? timbale Partono.

Ya, aku manud wae.. Eh Dab!! Kuwi tegese apa? pitakone Encup sinambi nunjuk rambu wonten ing sangarepipun.

Kuwi tegese dalan sing diliwati ora rata.. Dadi kudu ngati-ati.. wangsulane Partono.

Encup manthuk-manthuk tandha menawi mangertosi wangsulanipun Partono.

Eh, Cup! Kowe wis luwe urung? pitakone Partono.

Uwis.. Kuwi ana warteg. Mandheg!! wangsulane Encup.

Awake dhewe ora oleh mandheg,Cup. Wis ana rambu yen ora oleh mandheg.. jelase Partono.

Oh.. Ya.. Ora apa-apa.. Golek sing liya wae. Lanjut!! wangsulane Encup.

Encup saha Partono terus menyang ngulon selot caket saking Jakarta. Bocah kalih wau mandheg wonten ing salah sawijining warteg ing pinggir margi. Ananging sederengipun mlebet warteg, wonten Pak Satpam ingkang rawuh.

Le, yen parkir motor boten wonten mrika. ngendhikanipun Pak Satpam.

Genea boten purun wonten mrika,Pak? pitakone Encup.

Amarga wonten rambu menika.. wangsulanipun Pak Satpam sinambi nuduhake rambu Dilarang Parkir.

Ooo.. Inggih, Pak.. Sekedhap, kula pindah wonten ing tlatah sanes.. wangsulane Partono.

Saksampunipun mindah motor, Encup saha Partono mlebet warteg lan nedha enak sanget. Kira-kira sampun wareg, bocah kalih wau metu lan nglanjutaken menyang Jakarta.

Wonten ing margi, Encup kelingan menawi srandhalipun ketinggalan ing warteg menika. Encup nyuwun tulung Partono supados bali menyang warteg.

Par!! Muter ndhisik!! Srandhalku keri.. omonge Encup.

Lha keri nandi, Cup? pitakone Partono.

Ana ing warteg mau kae lho.. jawabe Encup.

Wah ora isa muter,Cup.. Ana rambune kae!! wangsulane Partono sinambi nuduhake rambu ing sangarepipun.

Sing ana gambar panah muter dicorek kuwi? Tegese ora oleh muter arah? pitakone Encup.

Bener kuwi.. Pinter kowe, Cup! wangsulane Partono.

Amiinn!! Ya wis, ora apa-apa.. Cekeran wae.. jawabe Encup.

Langit selot suwe selot padhang. Rasanipun selot panas. Encup saha Partono lagi sadhar menawi wiwit wau namung mubeng-mubeng. Bola-bali medal gedhung-gedhung ingkang sami terus. Partono bingung, Encup mumet.

Par! Wiwit mau kok mung liwat ngarep gedhung kuwi terus? pitakone Encup.

Aku ya ora reti.. Adhuh, Cup!! Kok aku ora ndelok rambu pituduh kae?? pitakone Partono sinambi nuduhaken rambu pituduh ingkang nuduhaken menawi lurus Bandung, menggok tengen Sukabumi.

Aku ora reti, Par.. jawabe Encup.

Lha mau awake dhewe menggok tengen. Terus ana rambu Tikungan tajam ke kanan. Awake dhewe melu nengen. Eh ana rambu kaya mengkono maneh. Awake dhewe melu nengen. Terus.. Teruss.. Nganti bola-bali awake dhewe mubeng-mubeng.. jelase Partono.

Bener kuwi..Alah!! Tobat!! Mumet aku, Par!! Eh awake dhewe kuwi lunga menyang Jakarta. Kok malah liwat Bandung barang? pitakone Encup.

Jakarta bisa dituju liwat Bandung kok.. Yo lanjut!! wangsulane Partono.

Partono saha Encup nglanjutaken menyang Jakarta. Saiki wis yakin menawi boten bakal mubeng-mubeng maneh. Ingkang utama boten bingung arah, mlaku ngulon terus ngantos nemu tulisan Jakarta.

Pirang-pirang jam sampun diliwati. Margi-margi gedhe menapa alit inggih sampun diliwati. Encup maca tulisan wonten ing sangarepipun, Bekasi.

Par!! Urung tekan apa piye?? pitakone Encup.

Urung, Cup.. Sabar.. Eh!! jawabe Partono.

Ngapa, Par!! pitakone Encup.

Alon-alon.. Arep ana prapatan ing ngarep.. wangsulane Partono.

Kowe kok reti saka ngendi? pitakone Encup.

Ana rambu kae lho.. Didelok coba.. jawabe Partono.

Encup ningali rambu ingkang dimaksud Partono. Sekalian ningali tulisan-tulisan ingkang wonten ing sakiwa tengenipun margi menika.

Par!! Wis arep tekan!! jarene Encup.

Jaremu mau lagi tekan Bekasi?? Piye? pitakone Partono.

Kae lho.. Ana tulisan sing unine Selamat anda memasuki kawasan Jakarta.. wangsulane Encup.

Partono saha Encup seneng sanget mangertosi menawi sampun badhe dumugi Jakarta. Malah sampun dumugi Jakarta. Ananging Encup dereng puas amargi dereng ningali banjir saha ketemu Pak Jokowi.

Sonten menika, Partono saha Encup milih nyewa kos-kosan kangge leren sewengi. Langite selot peteng. Partono saha Encup nindakaken kewajiban sholat banjur nedha ing salah sawijining restoran. Saksampunipun menika, Encup saha Partono tilem..

Enjing ingkang panas. Srengenge cetha sanget. Encup saha Partono menyang mubeng Jakarta ningali banjir saha ketemu Pak Jokowi.

Ing sawijining dalan, ana rambu Jalan licin.

Par!! Ati-ati lho.. Dalane lunyu.. omonge Encup.

Kowe kok reti?? pitakone Partono.

Weh? Aja ngece aku, dumeh aku ora tau sekolah aku ora reti apa-apa. Aku bisa mikir, Dab.. wangsulane Encup.

Wah.. Aku ora ngece jawabe Partono.

Aku ndelok rambu ngarep kae. Terus ndelok dalane, banjur ndelok sing padha liwat. Kok padha ngati-ati. Berarti dalene lunyu.. Ngono, Dab!! jelase Encup.

Encup pinter saiki.. jawabe Partono.

Wis wiwit biyen.. wangsulane Encup.

Partono saha Encup terus lurus ngantos nemukaken tlatah ingkang toyanipun kombang-kombang. Encup mesam-mesem lan Partono ngguyu seneng sanget. Banjir!!

Dab!! Banjir!! omonge Encup.

Iya, Cup.. jawabe partono.

Apikk!!! wangsulane Encup.

Encup seneng sanget. Akhiripun bisa ningali banjir wonten ing Jakarta. Partono namung ngguyu cekikikan ningali Encup ingkang ndesa sanget. Saksampunipun menika, bocah kalih wau menyang madosi Pak Jokowi. Ananging ngantos jam 3 siyang boten ketemu. Encup mrengut.

Akhiripun Encup nemukaken fotonipun Pak Jokowi wonten ing pinggir margi. Encup ngomong kaliyan fotonipun Pak Jokowi.

Pak, aku pengin kaya Bapak.. omonge Encup.

Pak, kok ora jawab? sambunge Encup.

Cup! Ayo bali menyang ngomah.. omonge Partono.

Mengko ndhisik. Lagi omong karo Pak Jokowi.. jawabe Encup.

Cup!! Kowe kuwi edan apa kepiye? Ayo bali!! ajake Partono.

Encup lan Partono bali menyang ngomah. Wonten ing margi, Encup ndleming dhewe ngantos Partono ngguyu terus.

Par!! Ayo menyang warteg sing mbiyen kae.. Srandhalku isih ana ing warteg kuwi.. omonge Encup.

Partono namung ngguyu. Pengalaman kapisan menyang Jakarta ingkang tansah boten saged dipunlalikaken saking pikiranipun Encup saha Partono. Akeh kadadean ingkang njalari Encup saha Partono boten saged nglalikake. Tuladhanipun inggih menika bisa ningali banjir, mangertosi rambu-rambu, mubeng-mubeng ing margi, srandhalipun ketinggalan, didukani Pak Satpam lan sanes-sanesipun.

Sumber: http://papin17.wordpress.com/cerkak-bahasa-jawa/Pak DirmanJendral Sudirman iku salah sawijining pahlawan Indonesia kang ulet, Jundral Sudirman nduweni sifat kang puguh kaya waja, suthik lamun pasrah. Rikala Jendral Sudirman dadi manggalaning TNI bebarenangan karo rakyat nyirnakake penjajah. Sajroning mandhegani perang gerilya panggonane pindah-pindah, saka kutha siji menyang kutha sijine.

Sajroning pindah saka kutha siji menyang kutha sijine Jendral Sudirman akeh nemoni rubeda, amarga kabeh tindak tanduke tansah diawasi maring penjajah. Mula kala mangsane mlakune Jendral sudirman lan para pendhekare melbu metu alas, kadang kala leren ana njero alas nganti pirang-pirang dinakanggo nyusun kekuawatan.

Rikala semana Jendral Sudirman mandegi perang gerilya ana ing tlatah Ngayoryakarta, Surakarta, Madiun, lan Kediri. Pak Dirman anggone ngadani perang gerilya kurang lewih pitung sasi. Ana sajroning perang, Pak Dirman wes tau nandhang gerah, mulane mrana-mrene tansah ditandhu karo pendhekare. Nadyan mengkono awit saka kemurahan Gusti, Walanda kalah perange lan kutha Ngayogyakarta bali menyang penguasane negara Republik Indonesia.

Tanggal 10 Juli 1949 Panglima Besar Jendral Sudirman kondur menyang Ngayogyakarta kanthi ditandhu. Rakyat pada bungah lan aweh pangurmatan dening Jendral Sudirman. Kondure Jendral Sudirman didherekake Letnan Kolonel Soeharto, tekan Ngayogyakarta Jendral Sudirman dipethuk dening Kolonel Suhud lan dienekake Upacara Pangurmatan

Tanggal 29 Januari 1950 Jendral Sudirman ketimbang ing ngarsaning Gusti tekan yuswa 34 taun. Layune kasarekaken ana Taman Makam Pahlawan Kusumane negara Semaki Ngayogyakarta. Bangsa indonesia kelangan pahlawan luhur kang uripe ditohake jiwa ragane kanggo mulyaning bangsa lan negara Indonesia.

Nasibe Manungsa

Srengengene menthor-menthor. Panase sumelet ngobong kulit. Dhasar wis patang minggu ora udan, lemah-lemah sing dak encik kaya ngiocotake dlamakan sikil. Dakdhengak srengengene, jane ya wis sauntara dohe karo kulminasi langit, wis lingsir mengulon. Naning panase isih wae panggah, ora suda-suda. Dalan setapak sing wuda tanpa pinayungan kekayon terus wae dakpecaki. Kiwa tengene dalan setapak, tegal sawah bera bawera. Ana sawetara ijoning godhong-godhong jagung kang katon sapendeleng ing adoh kana. Sauntara gubug-gubug ing sakiwa tengene dalan padha suwung, racak-racak sing duwe gubug padha urban golek dhuwit menyang kutha sing jare luwih gampang."No, Darno! Reneya!"

Sakala aku mlengak. Pas olehku mlengak, Kang Parman mudhun saka njero gubug, ngundang lan ngawe aku. Sajake ana gawe. Tanpa pikir dawa aku jumangkah marani Kang Parman.

"Iki Iho leren sik. Aku mau nggawa tela godhog karo teh. Ayo diserbu dhisik" sumeh, grapyak semanak, lan eseme sing ngatonake untu gingsule, sak weruhku ora tau copot saka lageyane Kang Parman. Aku dijak munggah gubuge. Banjur bontote, tela godhog sing dibuntel godhong lan tehe sing diwadhahi botol aqua, didhasarake ing amben-ambenan gubug."Rumangsaku pakah gubugmu sempal Kang, kok celuk-celuk. Tiwas kebeneran, malah ana undangan pesta kebun," sautku nggo pantes-pantes. Kang Parman ngetokake rokok sing durung dibukak segelane."Ponakanmu wingi rak tilik ngomah tangane Kang Parman uwet mbukak bungkus rokok. Banjur ndudut sak ler, terus disumet. Aku sing saben dina udutku mung mbako gewol, ya melu-melu makmum ngrasakake nikmate rokok."Kerjane neng endi ta, Kang?"

"Neng pabrik plastik. Mbuh, saiki jare wis munggah dadi mandhor. Jare lumayan ceperane"

"Yen dadi mandhor ya pancen lumayan tenan, Kang. Kerjane ya penak, mung kari ngawas-ngawasi," sambungku karo ngleleg tela."Maune lulusan apa, Kang?" aku nyambi nglangga teh ning botol aqua sawise gorokanku krasa seret. Wah, tehe kok ya ngungkuli teh sosro. Legi sepet-sepete krasa tenan."Mung SMA, jane ya njaluk kuliah maune. Ning kowe dhewe rak ya ngerti kahananku. Nyekolahake tekan lulus SMA wae wis mengkis-mengkis ning dhadha, kok ndadak arep nekat nguliahke, ya sida pedhot napasku. Yen bocahe ngono ya pinter, wong oleh rangking siji terus, kok. "Tangane Kang Parman ndudut tela sak puk."Aku ya ngandel yen anakmu kuwi pinter kaya bapake," eseme Kang Parman mlethek nyigar lambene krungu pangalembanaku. Ning tenan, nalika isih sekolah Kang Parman kuwi biyen pinter dhewe sak kelas."Ning pinter iku jebul kalah karo sing jeneng begja. Kowe rak eling Umar kae ta?!"

"Kancane dhewe sing goblog, ngowoh, pahpoh kae?" takonku. Kang Parman manthuk.

Pancene kabeh kancane sakelas Umar kalebu aku lan Kang Parman, padha ngarani yen Umar kuwi bocah sing paling bodho. Mosok nalika guru biologi takon kebo kuwi manak apa ngendhog, wangsulane jare ngendhog. Mesthi bocah sakelas padha ngguyu cekakakan, kalebu Pak Guru kang kudune nesu. Lucu meneh yen wayahe nembang utawa nyanyi, tembang utawa lagu sembarang dhengah, iramane padha wae, kaya wong menek. Saka ngisor mendhuwur tanpa cengkok, ndlujur. Dadi yen Umar giliran nembang utawa nyanyi, padha karo ing kelasku ana dhagelan. Nganti kaku neng weteng merga kemekelen. Malah Bu Guru Eni, guru kesenian, rikala lagi sepisanan krungu tembang lan nyanyiane Umar, merga saking ngempet ngguyu nganti mlayu neng kamar mandi."Kowe ngerti, Umar kae saiki dadi Kepala Sekolah" kandhane Kang Parman gawe kejotku. Mripatku nganti mblalak amba. Lha kok bisa! Kepala Sekolah kuwi wiwitane rak kudu dadi guru dhisik. Kamangka guru kuwi dadi narasumber kang pener lan bener. Gek-gek ndang menehi soal marang muride, kebo kuwi ngendhog dibenerke. Rak payah! Utawa gek-gek nalika didhaulat muride supaya nembang utawa nyanyi, eh, ora bisa mbayangke aku. E, Iha sapa ngerti, yen nembang utawa nyanyi dadi guyon, ndang lagu ndhangdhut utawa pop malah jagone. Sapa ngerti!"Kok kowe ngerti yen dadi Kepala Sekolah, sing menehi kabar sapa ta, Kang!"

Banjur Kang Parman crita. Biyen sakluluse saka SMP (bocah bodho kok ya bisa lulus), Umar ngulandara golek gaweyan ning kutha Semarang. Saben dina Umar ngleyeng menyang kantor-kantor, menyang pabrik, nawakake tenagane supaya ditampa nyambut gawe. Nanging kantor-kantor sing dileboni, racak ora ana lowongan. Mung bandha ijazah SMP wae, arep diseleh ngendi. Lowongan sing pas ya mung penjaga utawa pesuruh: Emane kantor-kantor sing dileboni wis ana penjagane. Saben dina dheweke ditampik saka kantor siji menyang kantor sijine meneh. Saka pabrik siji menyang pabrik liyane. Nanging Umar sajak ora nglokro. Najan yen bengi direwangi turu ing mesjid utawa terminal, esuke panggah nerusake niyate golek gaweyan. Mbokmenawa iki sing dadi kehebatane utawa keluwihane Umar. Yen cita-citane durung kecekel, ora bakal mandheg dalan.Nganti ing sawijining dina, Umar mlebu ing sawijining Kantor Kelurahan. Kebeneran Pak Lurahe butuh tenaga ora kanggo kantor, nanging kanggo tenaga omah. Gampangane Pak Lurah butuh pembantu utawa buruh lanang. Umar cekat-ceket nampa, tanpa takon sesasine dibayar pira. Pokoke sing penting bisa temangsang dhisik. Soale wis krasa kesel olehe rana-rene, mlebu metu kantor apadene pabrik. Soal mengko neng kene kepenak utawa ora, dipikir mburi karo mlaku.Ing daleme Pak Lurah, Umar bisa ngepek atine keluargane Pak Lurah. Kabeh putra-putrane Pak Lurah padha seneng karo Umar. Yen mung perkara gaweyan, sepisan dikandhani, Umar mesthi ndalan, ora ndadak mindhan-mindhoni. Soal mangan-memangan, Umar ora tau protes piye-piye. Kabeh panganan ora ana sing disiriki. Ora ana sing dipantangi. Ora ana sing alergi.

Merga saka kemurahane Pak Lurah, Umar disekolahake ning SMA, najan olehe mergawe minangka pembantu isih dibayar. Ora mung tekan SMA, nanging diterusake nganti kuliah lan lulus nggondol sarjana. Terus mulang ing SMP, terus dientukake putrane Pak Lurah.

"Dadi mantune Pak Lurah?" Kang Parman manthuk.

"Kok gelem-geleme ta bocahe wadon putrane Pak Lurah?!" protesku. Banjur Kang Parman mbisiki aku" kabare putrane Pak Lurah sing kuwi jare idiot."

Aku njomblak. Olehku mamah tela godhog daklerenke.

"Lha kok Umar gelem?!""Jodho, rejeki, pati, kuwi wewenange Gusti Allah. Menungsa ora bakal kuwawa nolak utawa ngemohi" Yen kon bukak dalil bab kaya ngono Kang Parman pancen jagone."Sih kurang siji ta, Kang?!" sambungku rada keminter."Drajat lan pangkat. Kudune rak kowe ya Kang sing dadi Kepala Sekolah. Wong nalika sekolah, Umar kae pintere kalah adoh karo kowe"Kang Parman mung mesem kecut. "Aku ora bisa nerusake sekolah tekan kuliah. Aku ora ngenger neng nggone Lurah kaya Umar. Mula akhire aku ya mung dadi wong tani gurem kaya kowe. Najan mung tani gurem, nanging kepinteranku dakturunake menyang anak-anakku. Buktine, sekolahe oleh ranking siji wiwit saka SD tumeka SMA. Nalika kerja, najan ing pabrik, lagi sedhela wis dadi mandhor. Mulih wingi, eh, kowe rung dakcritani ya?!"

Aku gedheg karo ngglogok teh.Apa Kang?!"

"Mulih wingi wis nggawa Karisma gres, ninggali dhuwit mboke, ninggali rokok aku. Balik Umar?!"

"Geneya Umar Kang?!"

"Ora duwe anak. jare emoh gawe anak. Merga miturut keterangane dokter, gen-e sing wadon luwih dominan. Dadi kemungkinan yen anak-anake lair, dheweke ngeri mbayangake. Rak dheke dhewe ya ngakoni, yen dheweke pancen bodho"

Weruh-weruh telane wis entek. Teh sak botol aqua ya gusis. Mung Jarum 76e sajake sing isih. Terus diwenehake aku.

"Wis wengi, yo dha bali wae" pangajake Kang Parman karo mudhun saka amben-ambenan gubug.

Aku mlaku lon-lonan, nggagas nasibe manungsa kang pancen werna-werna.

Cerpen Bahasa Jawa: Nasibe Manungsasaking Majalah Panjebar SemangatSumber : http://yuyunsaja.blogspot.com/2009/10/cerkak-nasibe-manungsa.htmlGELO Srengenge durung katon jedul, nanging semburat abang ing sisih wetan wes katon mbranang. Suwara manuk-manuk podho tuwuh dadi siji, godhong ing wit-witan podho isih teles amarga embun, kabut e isih kandhel lan alus. Ing desa ingkang adoh saking kuta, nanging cedhak saking pasir menika ora ana suwara brebeg amarga montor utawa kendaraan liya. Sing ana mung wong kang podho menyang sawah lan pasar, ana sik nganggo pit lan ana uga sik mung mlaku amarga mung cedhak. Ana omah kang reyot ing pinggir ndeso, omah kang mung dinggoni wong loro, mbok Suriah lan anake sing isih jaka jenenge Sapta. Mbok Suriah wes tuwa umure 60 taun lan jaka anak siji-sijine umure 23 taun. Mbok Suri biyasa dijeluk karo warga lagi lara-laranen. Sapta ora duwe gaweyan tetep nek lagi ra duwe gaweyan Sapta mung nganggur neng ngomah. Le, tulung jupukke obat neng meja ngarep! akon Mbah Suri. Nggih mbok sekedap, nembe adus niki. Tanggap Sapta.Niki mbok obate, diombe ngangge wedhang niki.

Nuwun yo le. Sawise ngombe obat mbok Suri menyang sawah kaya dina biyasane. Sapta mung neng omah ora duwe gaweyan, Sapta anak kang males lan gaweyane mung dolan. Mbok Suri sanajan wes tuwa nanging isih seneng guyonan, malah ana sing ngarani Mbok Gaul. Mbok Suri menyang neng sawah karo kanca-kancane sing arep padha tandur.Pripun kabare Sapta mbok? Sae-sae mawon to? Kok ora dijak menyang sawah? takon Mbok Kondho.Inggih sae yu. Alah, anak siji kae po gelem dijak nyambut gawe neng sawah. Tanggap Mbok Suri. Sawise tekan sawah kinten-kinten jam sewelasan lan padha tandur, Mbok Suri ujuk-ujuk tibo pinsan. Kanca-kancane Mbok Suri padha meneng wae, dikira mung ngapusi amarga Mbok Suri biyasane seneng gojekan. Uwes sepuluh menit Mbok Suri ora obah. Mbok Kondho sek ket mau mendheleng ndelok Mbok Suri sek diarani apus-apus ujuk-ujuk nyeraki Mbok Suri.

Eeeehh, iki Mbok Suri lara tenanan ora ngapusi. Gek digotong neng omah e!

Gandheng neng kono mung ana mbok-mbok sing wes tuwa, sing ora kuwat ngangkat. Mbok Kondho mlayu marani Sapta.SAPTAA!! Ibumu lara neng sawah. Ayo gek ditulungi!! Sapta mlayu menyang sawah. Sawise tekan sawah Sapta langsung nggotong ibune neng omah. Larane ibune tambah nemen.

Iki kudu dipriksakke neng rumah sakit iki. Nek ora iso luwih tambah nemen! Mbok Kondho kang tambah bingung.