tanggap sabda saking temanten putri

Upload: novi-hervianti-putri

Post on 09-Oct-2015

129 views

Category:

Documents


6 download

DESCRIPTION

upacara mantenan

TRANSCRIPT

Novi Hervianti Putri XII IPA 7 (25)

Tanggap Sabda Saking Temanten Putri

Assalamualaikum Wr. WbIngkang dhahat kinurmatan Ingkang kawula hormatiSaha bapak ibu saha para rawuh sedaya

Puji sukur dhumateng ngarsanipun Allah SWT ingkang murbeng jagad, awit peparing rahmat, saha hidayahipun dene ing wekdal punika kita sedaya ginanjar bagas waras kiyat. Nuwun, hhumateng panjenenganipun Bapak Purnomo ingkang sinudarsa. Keparenga kula anananggapi paringipun pangandikan, minangka wakilipun Bapak Nugroho sekaliyan. Paringipun salam taklim sampun katampi kanthi renaning penggalih, kosok wangsulipun ing mangke pangabektinipun putra penganten kekalih saha salam taklimipun Bapak Nugroho sekaliyan kaaturna wonten ngarsanipun Bapak Ibu Purnomo.Putra temanten kakung nak Galih saestu katampi kanthi renaning penggalih, saha badhe karengkuh kados dene putranipun piyambak. Bapak Nugroho sekaliyan sendika ing dhawuh, badhe tansah ngawat-awati tuwin paring paring piwucal dhumateng ingkang putra, ing pangangkah sageda jejeg sentosa anggenipun madeg bebrayan, ayom ayem, tentrem saklaminipun, sinartan ridanipun Allah SWT.Panyuwunipun Bapak Nugroho sekaliyan mbokbilih kapinujon putra temanten wonten dalemipun panjenengan, sumangga anggenipun badhe paring payaruwe tuwin panuntun, rehning nak ajeng Ratna punika taksih cubluk sanget ing reh tatakrami punapa dene prekawis mranatale bale wisma. Kanthi mad sinamadan antawisipun kulawarga kekalih, mugi-mugi para puta saged kasembadan minangka kekudangipun tiyang sepuh. Pamundhut panjenengan ingkang pungkasan, saestu jumbuh kaliyan idham-idhamanipun Bapak Ibu Nugroho inggih punika saya rumaketing pasadherekan antawisipun kulawarga ing Tanggerang kaliyan kulawarga petanahan.Mekaten ingkang saged kula aturaken, mbokbilih wonten sisiping ukara ingkang kirang trep kula nyuwun agungin samudra pangaksami.

Wassalamualaikum Wr.Wb