presentasi tembang pucung

19
Pucung (Pocung) Dening : Arifia Kusuma Wardhani (09) Rizky Indra Saputra (30) Rafii Rizky Ramadhan (35)

Upload: arifia-wardhani

Post on 13-Apr-2017

1.068 views

Category:

Education


189 download

TRANSCRIPT

Page 1: Presentasi Tembang Pucung

Pucung (Pocung) Dening :

Arifia Kusuma Wardhani (09)Rizky Indra Saputra (30)Rafii Rizky Ramadhan (35)

Page 2: Presentasi Tembang Pucung

Yaiku tembang utawa geguritan tradisional ing tlatah Jawa.Saben sapadha (bait), macapat nduweni gatra,lan saben gatra nduweni guru wilangan tartamtu,lan nduweni guru lagu. Macapat uga ditemokake ing kebudayaan Bali, Sasak Madura

lan Sunda. Sakliyane iku macapat uga nate ditemokne ingPalembang lan Banjarmasin. Macapat uga kena diartikno maca papat-papat (membaca empat-empat). Teori liyanyebutke menawa macapat uga ditemokne ing pungkasanjaman Majapahit lan wis mulai diwenehake pengaruh saka Walisanga.

Macapat

Page 3: Presentasi Tembang Pucung

Jinise Tembang

• Dene, tembang utawa sekar lumrahe dipara dadi 3 jenis, yaiku :

Sekar Alit utawa

Macapat

Sekar Ageng

Sekar Tengahan

utawa Madya

Page 4: Presentasi Tembang Pucung

Jinise Sekar Alit (Macapat)Macapat iki uga sinebut tembang macapat asli, kang umumé

dienggo sumrambah ing ngendi-ngendi. Urut-urutané tembang Jawa iku padha karo lelakoning manungsa saka mulai bayi abang nganti tumekaning pati. Mungguh kaya mangkéné urut-urutané tembang kaya kang ing ngisor iki:

1. Mijil2. Kinanthi3. Sinom4. Asmarandana5. Dhandhanggula6. Gambuh7. Maskumambang8. Durma9. Pangkur10. Megatruh11. Pucung

Page 5: Presentasi Tembang Pucung

Makna Jinise Tembang Macapat Sekar Alit

• Maskumambang: Gambaraké jabang bayi sing isih ono kandhutané ibuné, sing durung kawruhan lanang utawa wadon, Mas ateges durung weruh lanang utawa wadon, kumambang ateges uripé ngambang nyang kandhutané ibuné.

• Mijil: Ateges wis lair lan wis cetha priya utawa wanita.

• Sinom: Ateges kanoman, minangka kalodhangan sing paling wigati kanggoné wong anom supaya bisa ngangsu kawruh sak akèh-akèhé.

• Kinanthi: Saka tembung kanthi utawa nuntun kang ateges dituntun supaya bisa mlaku ngambah panguripan ing alam ndonya.

Page 6: Presentasi Tembang Pucung

• Asmarandana: Ateges rasa tresna, tresna marang liyan (priya lan wanita lan kosok baliné) kang kabèh mau wis dadi kodrat Ilahi.

• Gambuh: Saka tembung jumbuh / sarujuk kang ateges yèn wis jumbuh / sarujuk banjur digathukaké antarane priya lan wanita sing padha nduwèni rasa tresna mau, ing pangangkah supaya bisaa urip bebrayan.

Page 7: Presentasi Tembang Pucung

• Dhandhanggula: Nggambaraké uripé wong kang lagi seneng-senengé, apa kang digayuh bisa kasembadan. Kelakon duwé sisihan / bojo, duwé anak, urip cukup kanggo sak kulawarga. Mula kuwi wong kang lagi bungah / bombong atine, bisa diarani lagu ndandanggula.

• Durma: Saka tembung darma / wèwèh. Wong yen wis rumangsa kacukupan uripé, banjur tuwuh rasa welas asih marang kadang mitra liyané kang lagi nandang kacintrakan, mula banjur tuwuh rasa kepéngin darma / wèwèh marang sapadha - padha. Kabèh mau disengkuyung uga saka piwulangé agama lan watak sosialé manungsa.

Page 8: Presentasi Tembang Pucung

• Pangkur: Saka tembung mungkur kang ateges nyingkiri hawa nepsu angkara murka. Kang dipikir tansah kepingin wèwèh marang sapadha - padha.

• Megatruh: Saka tembung megat roh utawa pegat rohe / nyawane, awit wis titi wanciné katimbalan marak sowan mring Sing Maha Kuwasa.

• Pocung: Yen wis dadi layon / mayit banjur dibungkus mori putih utawa dipocong sak durungé dikubur.

Page 9: Presentasi Tembang Pucung

Sekar Madya utawa Tengahan

• Macapat jenis iki kayadene tembung Kidung sing dienggo rikala jaman Majapahit.

Jurungdemung

Warangrok

Balabak

Page 10: Presentasi Tembang Pucung

Sekar Ageng

Sekar macapat ageng mung ana siji, yaiku Girisa. Yen dideleng saka angele, sekar macapat ageng kaya tembang Kakawin

nalika ing jaman Jawa kuna.

Page 11: Presentasi Tembang Pucung

Pangerten Pucung

• Pucung (ana kalane tinulis pocung) yaiku tembang macapat kang ngelingake marang pepati. Pucung cedhak karo tembung pocong. Kaya pralambang mori kanggo mbungkus layon, pucung dienggo tembang kang bisa ngelingake marang manungsa yen urip ing ndunya ana pungkasane.

Page 12: Presentasi Tembang Pucung

• Ananging pucung uga nduwe watak liya. Pucung iku jenengi wiji woh-wohan. Wanda ‘‘cung’’ uga marai gawe rasa seger kang ngelingake marang perkara kang lucu kayadene isih jaman dikuncung.

• Tembang iki asring dienggo tembang-tembang kang uga lucu, kayata parikan utawa badhekan.

Page 13: Presentasi Tembang Pucung

Sasmita ne• Pucung

• Kaluwak

• Wanda

• Cung

Page 14: Presentasi Tembang Pucung

Wewatakane

Sakepenake lan kurang greget, lumrahe kanggo nelakake geguyonan lan pitutur.

Page 15: Presentasi Tembang Pucung

Paugerane Tembang Pucung

Jinise Tembang

Guru Gatra Guru Wilangan lan Guru Lagu

1 2 3 4

Pucung 4 12u 6a 8i 12a

Page 16: Presentasi Tembang Pucung

Tuladhane Tembung Pucung

Ngelmu iku kelakone kanthi laku --> uLekase lawan kas --> aTegese kas nyantosani --> ISetya budya pengekesing dur angkara --> a

Bocah iku sopan santun iku preluBekti mring wong tuwaDhawuhe guru den esthiSinauo mrih katekan kang den sedya

Page 17: Presentasi Tembang Pucung

Tuladha Tembang Pucung

Page 18: Presentasi Tembang Pucung
Page 19: Presentasi Tembang Pucung