geguritan

Upload: faiza-lailiyah

Post on 03-Nov-2015

76 views

Category:

Documents


6 download

DESCRIPTION

puisi bahasa jawa

TRANSCRIPT

Wutah Getihku

Gumelar jembar bumi asriSumunar sumringah sunare bagaskaraPadhang sumilak hanelai jagad NuswantaraBumi pusaka wus kawentarOmbak-ombak samodra,kencana kang ngrengganiWutah getihku daktresnani

Kawulamu .Guyub rukun anambut kardiJeroning swasana tentrem lan mardikaGilig ing tekad manunggalCumithak jeroning ati, bebarengan ambangan

Aku lila .Korban jiwa raga kanggo bumikuNadyan awak ajur dadi sawurLan getihku mblabar mili,netes ing bumi pertiwiLabet raharjaning nagara

Lumantar iki .Isining atiku ginuritPrasetyaku thukul saka ati kang tulusNjaga langgenging kamardikan

AYO KANCA Dening : Pak Sugeng

Ayo Kanca ayo mitra ayo sedulurku wong SidoarjoAja nelangsa aja mung bisa sambat aja meneng waePancen saiki awak ndhewek lagi nandhang sangsaraPancen saiki awak ndhewek lagi nglakoni rekasaAnane semburan lumpur panas Lapindo sing ora leren-lerenSaya suwe saya akeh desa sing kelem Nanging iku kabeh aja nganti dadi pepalang Aja ngrendheti lakune panguripan lakune bebrayanLakune pembangunanAyo Kanca ayo mitra ayo sedulurku wong SidoarjoAja nelangsa aja mung bisa sambat aja meneng waeAyo tangi ayo bangkit ayo mlayu sing banterAja ana siji wae sing nganggurAja ana siji wae sing kari ing njero lumpurAyo enggal ngupaya tumandang golek sranaAyo disumpet semburan lumpur panas LapindoNganggo teknologi apa kang bisa?Ayo nyenyuwun marang Gusti Pangeran Gusti AllahNgango donga apa kang bisa?Mbok menawa awak ndhewek sing kudu reresikTumindak sing becik ucapan sing apikLan aja lali nyembah Gusti Pangeran Gusti Allah

Sidoarjo, 21 Nopember 2012

Karya : R. Widiyati

Daksebar kembang mlathi Ing Taman Makam Pahlawan Kusuma Bangsa kang sejati Lahku Tumetes... tes... netesi bumi Aku rumangsa dosa Durung bisa melu labuh Negara Amung sekar mlathi iki Tandha setya lan janjiBakal melu napak suciLabuh nagri alelandhesan ati suci Dadi pepenget Agustus iki dina mulya lan suci

YEN REMBULANE MOBLONG,PAMAN Dening I. KunpriyantoYen rembulane moblong,pamanAku kangen sanja menyang plataranmuNggelar klasa sangisore wit gayamJejadhuman karo ngematke swaraneBocah-bocah sing padha dolanan

Yen rembulane moblong,pamanAku kangen ngrungongake gumlegere guyumuSanadyan sawah lan tegal siji mbaka siji ilangSanadyan anak lanang milih ngumbara ing paranSuthik ngopeni lemah warisan

Yen rembulane moblong,pamanAku kangen nyekseni marang keteguhanmuNggegem sawijining kapitayanNgadhepi owah-owahane jamanKaya watu karang sing ora nate gigrig nantang jumlegureAlun ing satengahe wahudayan

Penyebar Semangat Nomor 50. 12 Desember 2009.