dimar mei 2012

Upload: fajsin83

Post on 19-Jul-2015

150 views

Category:

Documents


1 download

DESCRIPTION

Buku PA Jemaat GKJ Wiladeg, pada bulan Mei 2012

TRANSCRIPT

DIMAR - Edisi Mei 2012

DimarDilah Ing MAargi Rahayu(Lentera di Jalan Keselamatan)Hal TIM RedaksiPelindung: Majelis GKJ Wiladeg Penanggung jawab : Bidang PWG GKJ Wiladeg Penyunting : Pdt. Yehuda Fajar Distribusi : Sdr. Andy, Maj wilayah Penulis Bahan PA: Pdt. Alf. Suwandi, S.Th Penerbit : Bidang PWG GKj Wiladeg

Daftar Isi Salam Redaksi Bahan PA tgl 7-12 Mei Bahan PA tgl 14- 19 Mei Bahan PA tgl 21-26 Mei Bahan PA tgl 28 2 Juni Bahan Pencawisan Bujono Suci Penjemataan PPAG dan TAGER TALAK Catatan

1 2 3 6 9 12 15 18 20

Alamat Redaksi DIMAR :

GKJ Wiladeg Desa Wiladeg, Karangmojo, Gunung Kidul, Yogyakarta Email : [email protected] Web Site : www.gkjwiladeg.or.id

1

Bidang PWG GKJ WIladeg

DIMAR - Edisi Mei 2012

P

entakosta akan segera tiba, di minggu akhir bulan Mei ini. Pada bahan PA kali ini, kita akan mengulas lebih banyak, tentang Roh Kudus, agar pemahaman kita diperkaya. Terima kasih kepada Bp. Pdt. Em. Alf. Suwandi, S.Th, yang telah berkenan menulis bahan PA ini. Akhirnya selamat ber PA, Tuhan memberkati.

Redaksi DIMAR, April 2012.

2

Bidang PWG GKJ WIladeg

DIMAR - Edisi Mei 2012

1. 2. 3. 4. 5. 6. 7.

Kidung Pambuka Pandonga Pambuka Waosan Pisungsung Pandonga Safaat Pangaken Pitados Kidung Panutup

: KPK 262 : 1 : Yokanan 14 : 1-10 : KPK 187 : 1-

: KPK 262 : 2,3

DALAN NUJU KASWARGAN Andharan ringkes : erangan pangandikaYokanan 14 : 1-10, asring kita waos lan waos, mbok bilih kita malah sampun apal. Panyuraos Pangandikanipun Gusti, boten bab sampun asring lan apal, ananging kados pundi maknanipun tumamanipun ing gesang saklebeting nelakaken ing pangaken, kula pitados.. sumangga kita pigatosaken ayat 5, kados pundi gesang kita. Punapa inggih taksih mangu-mangu kepara dereng cetha kados Tomas? Menawi kita sampun boten kados Tomas, lajeng kados pundi pangaribawanipun tumrap gesang lan kawilujengan kita? Menawi kita sampun pinanggih madhep mantep sembada punapa pamadhep manteping pitados, sembadaning gesang inggih sampun saged katitik, saking kalih perkawis punika : 1. Gesang badhe kebak pamuji pangabekti caos atur panuwun sregep ing olah pangabdi lan leladi murih3 Bidang PWG GKJ WIladeg

P

DIMAR - Edisi Mei 2012

luhuring Asmanipun Allah. Mujudaken paseksi bilih namung Gusti Yesus ingkang jumeneng Gusti lan Juru Wilujeng. Lamun mekaten gesang mesthi boten badhe nalingsir saking paugeraning pitados. 2. Sebab jejeging pitados kenceng gegondhelan Gusti Yesus minangka Juru Wilujeng, mila lampah gesanging pitados boten gampil kena pengaruh piwulang nasar. Piwulang ingkang cengkah kaliyan kapitadosan Kristen. Lajeng kados pundi prayoginipun menawi taksih wonten ingkang sesaji (sesaji srana laku dhedhelikan, petung dina, nylamet ingkang sampun seda, lsp). Sumangga kita raosaken pangandikanipun Gusti ing Efesus 4 : 13-14. Supados manah gesang kita boten mangu-mangu kados Tomas, suwawi perangan pangandika kala kita sinau malih. Wonten wewarah ingkang mekaten : a. Sanadyan semu pepisahan kepara ngraos tinilar Gusti Yesus sebab sumengka swarga, kanyata Gusti tetep nunggil kita umatipun srana anggenipun paring Roh Suci, Rohing kayekten sarta panglipur. b. Kita pigatosaken pangandika ing Yokanan 16 : 7 11, sarta Yokanan 14 : 1-3. Kita kedah ngraos begja sambet sumengkanipun Gusti Yesus. Kajangka gesang boten kados Tomas, madhep mantep ndherek Gusti sebab cetha gumathok margining kaswargan namung wonten Gusti Yesus (Kawaos Yok 14 : 6). Sanadyan sampun cetha gumathok, bilih tepang wanuh Gusti Yesus ateges tepang wanuh Allah Sang Rama, nanging tiyang taksih tambuh kaliyan pawadan golek marem. (Kawaos Yokanan 14 : 8). Punapa ing raos sarta saklebeting manah kita sami inggih pinanggih raos kados Pilipus? Kanthi migatosaken Mateus 5 : 37, sumangga kita ngungak gesang kita piyambak-piyambak. (A.Swnd)4 Bidang PWG GKJ WIladeg

DIMAR - Edisi Mei 2012

Pitakenan : 1. Menawi Tomas sawetawis dados sekabatipun Gusti Yesus boten sekedhap kepara tetahunan kalebet Pilipus, semu taksih tambuh. Lha kita ingkang namung mangertos alandhesan piwulang, kados pundi? Punapa ingkang njalari manah taksih mangu-mangu kados Tomas utawi Pilipus? Lajeng upaya punapa supados boten kalajeng lajeng mangu-mangu? 2. Menawi minggu-minggu punika, tanggal 17 Mei 2012, kita badhe ibadah mirunggan mengeti dinten sumengkanipun Gusti Yesus dhateng swarga, punapa saklebeting manah inggih wonten krenteg sarta raos pambereg, tekad lan niat, aku kudu mangkat ngabekti sebab Gusti wis nyawisi warisan gesang langgeng ing swarga?

5

Bidang PWG GKJ WIladeg

DIMAR - Edisi Mei 2012

1. Kidung Pambuka 2. Pandonga Pambuka 3. Waosan 4. 5. 6. 7. Pisungsung Pandonga Safaat Pangaken Pitados Kidung Panutup

: KPK 281 : 1 : Lukas 24 : 50-53 & Lelakone Para Rasul 1 : 6-11 : KPK 70 : 1-

: KPK 281 : 2,3

GUSTI YESUS SUMENGKA SWARGA Andharan ringkes : usti Yesus Kristus sumengka swarga, kundur ing daleme Sang Rama. Pakaryanipun wonten ing donya sampun rampung lan karampungaken kanthi sampurna. Elok, lan mulya. Sumengkanipun tanpa ngagem titihan, tanpa ngagem punapa-punapa. Henokh saged sumengka ing swarga amargi kapulung dening Gusti Allah, mekaten ugi Nabi Elia sebab kepethuk ing titihan rata, jaran geni. Para sekabat lan 5000 tiyang ing Gunung Zaitun, dados seksi anggenipun Gusti Yesus sumengka ing swarga, amargi Gusti Yesus panci kagungan panguwasa ingkang linangkung, jer Panjenenganipun Allah sejati, awit sampun menang saking dosa pati. Gusti Yesus Kristus kasebat Gusti Allah amargi Gusti Yesus sampun wungu gesang malih saking antawisipun tiyang pejah. Samangke sumengka swarga lenggah tengenipun Allah Sang Rama. Nanging badhe rawuh malih badhe ngadili tiyang gesang lan pejah (sami migatosaken pangaken pitados nomor 7).6 Bidang PWG GKJ WIladeg

G

DIMAR - Edisi Mei 2012

Malah nalika sumengka swarga wonten ingkang sanget elok, inggih punika, Astanipun ingkang kebak panguwasa berkah sarta sih rahmat kaagem mberkahi para umat. Taksih kepareng nelakaken sihipun, inggih punika, badhe rawuh malih ingkang kaping kalih, lan sampun nyawisi papan ingkang mulya wonten ing swarga, lan supados tetep nunggil ing Gusti Yesus, pramila ngutus Sang Roh Suci, Rohing pepadhang, kekendelan lan panglipuran. Sumangga kita migatosaken pangandika ing Lelakone Para Rasul 1 : 6-11, saksumengkanipun Gusti Yesus dhateng swarga, kita sami saklebeting nyrantos tetepi prasetyanipun Gusti Yesus, wonten kewajiban-kewajiban, inggih punika : a. Njagi jejeging pitadosipun, njagi kasucen lan kamursidan. Sampun pisan nilar Gusti Yesus lan damel dosa, sebab pakaryan panebusing dosa namung sepisan. Rawuhipun ingkang kaping kalih kajawi ngadili manungsa, ugi maringaken lan netepi prasetyanipun tumrap tiyang ingkang tetep nganti-anti dhumateng Panjenenganipun (Pitados). b. Kadhawuhan sami dados seksi nelakaken sumbering kawilujengan, awit Juru Wilujenging jagad namung setunggal, inggih punika Gusti Yesus Kristus. Kala semanten para sekabat senadyan tinilar dening Gusti Yesus, sumengka swarga, tetep asuka bingah kebak pamuji panembah, manah boten lesah, sebab cetha gumathok tujuning Gusti Yesus sumengka swarga. (A.Swnd) Pitakenan : 1. Menawi kita dados umatipun Gusti Yesus, punapa wekasanipun inggih kepareng nampeni warisan kaswargan (kawaos Efesus 4 : 4-6 ; Mateus 7 : 2123). Punapa sebabipun Gusti ngandika : luwih gampang unta mlebu bolonganing dom katimbang wong sugih mlebu swarga.7 Bidang PWG GKJ WIladeg

DIMAR - Edisi Mei 2012

2. Yektosipun sedaya tiyang kepinging mlebet swarga, punapa isinipun swarga, lan kados pundi gesang wonten ing kaswargan? (kawaos Wahyu 7 : 15-17). 3. Menawi kupon sembako ical, menawi resep ical punapa wusananipun makatena menawi ical kapitadosan, lan kita ugi nampik Gusti Yesus, kados pundi wusananipun?

8

Bidang PWG GKJ WIladeg

DIMAR - Edisi Mei 2012

1. Kidung Pambuka 2. Pandonga Pambuka 3. Waosan 4. 5. 6. 7. Pisungsung Pandonga Safaat Pangaken Pitados Kidung Panutup

: KPK 295 : 1 : Rum 8 : 9-11 & Lelakone Para Rasul 2 : 1-4 : KPK295 : 2-4

: KPK 294 : 1

ROH SUCI ROHING KAURIPAN Andharan ringkes : inggu tanggal 27 Mei 2010, umat Kristen sami badhe mengeti dinten tumedhakipun Sang Roh Suci, Roh ingkang kaprasetyakaken dening Gusti Yesus, minangka panganthinipun Gusti, ingkang nenuntun lan memulang nuju kasampurnan. Sebab Roh Suci ingkang makarya, Petrus ingkang sampun nyelaki Gusti Yesus kaping tiga, malah kendel dados seksinipun Gusti Yesus, neksekaken bab panguwasanipun, bab kurban salib, lan bab wungunipun. Mekaten ugi tetiyang lan bangsa-bangsa ingkang kala semanten sami ngempa; sedya ngawontenaken riyaya pondok daun lan badhe ngadani caos kurban undhuh-undhuh, sami katedhakan Roh Suci, sami medhar wangsit bab Gusti Yesus. Tumedhaking Roh Suci kados dene sentoring angin, wujud ilat-ilatan geni, dayanipun kados udan deres terus rumesep ing manah lan sanubari. Inggih sebab panguwasa lan9 Bidang PWG GKJ WIladeg

M

DIMAR - Edisi Mei 2012

pakaryanipun Roh Suci sanes sebab kapinteranipun kotbah Petrus wonten serambi Soleman, njalari kathah tetiyang sami manjing pitados, antawis 3000 tiyang, sami nampeni lan pitados Gusti Yesus minangka Juru Wilujeng wusana sami nampi pratandha baptis. Ketingalipun cepetan tanpa katekisasi, dene lajeng baptis, sebab Roh Suci ingkang makarya, katitik kapitadosanipun, lan pamratobatipun. Roh Suci ngebeki manahipun, tansah migatosaken piwulang para Rasul, tansah tetunggilan, gesang leladosan tanpa bekbekan, mila dadosaken keprananipun tiyang sanes lan saged dados pekabar Injil ingkang endah (Lelakone Para Rasul 2 : 26). Punapa Roh Suci dereng tumedhak lan makarya ing gesang tuwin manah kita? Dene kita taksih katingal loyo, dereng wonten greget tekad lan niat nggelar Injiling karaharyon? Lamun tansah mekaten sikap lan tekad kita, ateges Roh Suci taksih nglaha wonten ing gesang kita lan gesanging pasamuwan. Menawi aki dipun strom ewodene boten saged ngedalaken swanten ingkang sora lan bening saged kalampah aki kala wau sampun risak, boten namung tekor. Lha menawi gesang sampun kapenuhan Roh Suci kados pundi gerak tandhang damel paseksi kita, punapa kita malah sampun tekor? Kamangka Rohing Allah ingkang sampun mungokaken Gusti Yesus inggih Rohing Allah ingkang badhe paring patangen sarta kawilujengan. Lha ingkang wonten ing gesang kita Rohipun Gusti Yesus punapa rohing jagading pepeteng? (Kawaos Rum 8 : 9-11) Kita badhe kapenuhan Roh Suci, Rohing kamursidan, sarta nenuntun dhateng karaharyon, menawi kita temen bikak manah, kebak pitados lan pamratobat, temen gesang enggal lan ngrucat gesang lami. Rohing Allah makarya ing samubarang, mbiyantu roh kita. Srana Roh Suci, Rohing kayekten, kita badhe saged miji timbalanipun Gusti Yesus, inggih punika timbalan nuju dhateng karaharyon sarta kamulyan (kawaos Rum 8 : 26-30). Suwawi kita tampeni lan10 Bidang PWG GKJ WIladeg

DIMAR - Edisi Mei 2012

yektosi Roh Suci, Rohing Allah, maringaken tentrem rahayu ing Gusti Yesus. (A.Swnd)

Pitakenan : 1. Punapa katitiking gesang kita menawi kapenuhan Rohing Kayekten, Rohipun Sang Kristus? (Saged mirsani Galati 5 : 19-21) 2. Punapa maknanipun dene tumedhakipun Roh Suci kados ilat-ilating geni sarta sentoring angin? Roh Suci ingkang nenuntun dhateng kamulyan swarga manggih tentrem rahayu, sebab kratoning swarga sanes bab mangan lan ngombe. (Saged mirsani Rum 14 : 17) 3. Punapa inggih wonten sangga rungginipun gesang nampik Roh Suci? (saged mirsani Mateus 12 : 31,32, Lelakone Para Rasul 5:11,12).

11

Bidang PWG GKJ WIladeg

DIMAR - Edisi Mei 2012

1. 2. 3. 4. 5. 6. 7.

Kidung Pambuka Pandonga Pambuka Waosan Pisungsung Pandonga Safaat Pangaken Pitados Kidung Panutup

: KPK 289 : 1 : Lelakone Para Rasul 8 : 9-24 : KPK 63 : 1-

: KPK 289 : 2,3

ARTA BOTEN SAGED KANGGE NUMBAS ROH SUCI Andharan ringkes : anadyan Stefanus dipun rajam dumugi seda, dados martir, senadyan Para Rasul dipun cepeng lan dipun lebetaken kunjara, ewodene semangat ngabaraken Injil boten saged dipun suwak. Saking Yerusalem ngantos dumugi lan ngantos mlebet Samaria, ingkang masyarakatipun kawastanan kafir (bangsa ingkang boten pitados dhateng Gusti Allah ateis), ewosemanten kathah tetiyang ingkang sami manjing pitados nampeni Gusti Yesus lan kabaptis nanging dereng katedhakan Roh Suci. Minangka pangrimat lan nelakaken wujuding patunggilan, Rasul Petrus lan Rasul Yokanan kautus tetuwi dhateng Samaria, dados margining berkah tumedhakipun Roh Suci srana tetiyang pitados lan ingkang sampun kabaptis kala wau sami kapenuhan Roh Suci. Sebab tanpa pepadhang panuntuning Roh Suci senadyan sampun baptis kedaya12 Bidang PWG GKJ WIladeg

S

DIMAR - Edisi Mei 2012

pengaruh donya keseser kawontenan lajeng nilar Gusti Yesus. Wonten ing Samaria wonten tiyang ingkang sampun baptis, naminipun Simon. Sakawit mila tukang sihir, wonten ingkang mastani Simon punika Juru Klenik. Simon gesangipun taksih wor suh, dereng ngonyot kapitadosanipun. Katitik watek gumunggung lan pamer taksih kiyat. Watek gumunggung, remen ngereh tiyang sanes, kumawasa, kuminter, lsp. Kepengeninpun kedah wonten ngajeng, semu tata gesang tresna leladenan dereng saged nampi ngaros remeh, asor. Mila mboten aneh, Rasul Petrus lan Yokanan badhe dipun regem lan tekem. Mila Simon matur dhateng Rasul Petrus lan Yokanan kepingin kapenuhan Roh Suci supados gadhah panguwasa lan kawibawan. Srana artanipun, Simon kepingin tumbas Roh Suci. Srana Roh Suci, Simon badhe saged nindaaken mawerni rupi kaelokan matemah tetep dipuun musuhi tiyang kathah kados nalika taksih dados Juru klenik lan sihir. Niat pepinginanipun Simon kala wau dipunsaruwe dening Rasul Petrus lan Yokanan, kepara dipun welehaken. Kanyata senadyan ngaken pitados baptis wewatekan kadosan taksih wonten, dereng saged mratelakaken pamratobatipun. Rasul Petrus lan Yokanan kepingin memulang lan nyetakaken, bilih sadhengah peparing saking Gusti boten saged dipuntumbas, saged tinampi srana manjing pracaya lan pasrah. Tumindak lepat boten badhe ndhatengaken kanugrahan kepara malah memengu bebendu (Lelakone Para Rasul 8 : 20). Dadoso panebus pangapura kawilujengan, warisan langgeng, nampi Roh Suci13 Bidang PWG GKJ WIladeg

DIMAR - Edisi Mei 2012

sebab manjing pitados (Efesus 2 : 8,9). Manungsa gesangipun sampun pepes apes lan kawates pindha suket, sebab dosa (I Petrus 1:24, Maz 103: 14-16). Wonten kekiyatan, wonten gesang lan kawilujengan, punika namung sih rahmating Allah, lamun temen nelangsani dosanipun, mertobat lan pitados dhateng Gusti Yesus, Juru Wilujeng. Mila gesang salebeting ngadhepi pacoban panandhang, ner panjer sumbering pangajeng-ajeng namung saking Gusti Yesus (Yakobus 1 : 12). Salebeting gesang manjing pitados supados ngoyot wajib nelakaken patunggilan ing Gusti Yesus lan Roh Suci (Ibrani 10: 23-25). Senadyan mboten saged dipun tumbas, lamun temen pitados ndherek Gusti Yesus mesthi kaparingan lan kapenuhan Roh Suci ing gesangipun. (A.Swnd)

Pitakenan : 1. Punapa ing gesang kita, ing jaman samangke wewatekan kados Simon kala wau taksih wonten? Ingkang dados ratuning kawilujengan Gusti Yesus punapa bandha arta? 2. Kados pundi upaya lan pambudidaya kita supados wewatekan kados Simon boten jumedhul ing tengahing pasamuwan? Menawi kedah wonten jejagi lan pangrimat, punapa wujudipun?

14

Bidang PWG GKJ WIladeg

DIMAR - Edisi Mei 2012

1. Pandonga Pambuka 2. Kidung Pamuji KPK 29 : 1,2 3. Tetalesing Pencawisan a. Maosaken Waosan : Yokanan 16 : 4b-15. b. Maosaken andharan ringkes c. Pandonga pribadi d. Pananting e. Pandonga ucap syukur (kawakilaken warga) 4. Kidung Pamuji KPK 200 :1,2 5. Pisungsung a. Pangathag b. Kidung Pamuji KPK 201 : 1-3 6. Pandonga Pisungsung, lan Panutup Andharan ringkes : inangka panlusur pangongaking gesang : Gunungkidul sarta papan sanes ing taun 1962, kenyanyak tikus kathah sanged, njalari tetanen gagal. Gagaling tetanen njalari larang pangan. Mila lajeng kathah masyarakat kena sesakit gizi buruk + H O. Sebab larang pangan sisih sanes inggih njalari kathah rerusuh, nyolong, begal, lsp. Senadyan sami mangertos bilih laku ala waton oleh pangan punika lepat, bab laku bener ben pener sampun semu boten dipun paelu. Sebab kekirangan pangan dados laku rusuh, paugeran lan bebener boten malih dados wewaton. Gegambaran punika dados saloka sanepan, gesanging manungsa ngelak ngoronging kasukman inggih15 Bidang PWG GKJ WIladeg

M

DIMAR - Edisi Mei 2012

badhe njalari tumindak lepat lan dosa. Mila pangrimating kasukman jejeging percaya wajib kapersudi lan dipun pigatosaken. Wulan Februari wonten peladosan Bujono Suci kapisan tahun 2012, wulan April kita marek Bujana Paskah, amengeti dinten sengsara seda sinalib lan wungunipun Gusti Yesus Kristus, anggenipun dados kurban ngrembat paukuman nebus dosa dados margining karaharyon. Minggu tanggal 20 (induk) lan 27 (pepanthan Ngipak lan Candi) Mei 2012, badhe dipunwonteni Bujana Suci tahun 2012 putaran kaping kalih. Kita mangertos ing antawisipun tujuaning Bujana Suci, minangka pangrimatipun Gusti Allah kangge jejeging pitados sarta seger kiyating kasukman kita tiyang pitados. Sumangga kita pigatosaken Yokanan 16 : 4b-15, sambet kaliyan gesang kasukman lan kawilujengan kita paling mboten wonten tigas perkawis wigatos. Pangandika kala wau dening Gusti Yesus tumuju dhateng para sekabat, nyelak Gusti Yesus badhe sumengka swarga. Senadyan Gusti Yesus badhe sumengka swarga, nanging mboten negakaken gesangipun umat tetebusanipun. Gusti badhe ngutus Roh Suci, ingkang badhe tansah nunggil, memadhangi, lan memulang. Nenuntun dhateng tata gesang ingkang leres nuju kasampurnan, temah boten sami kejurang ing dosa (ay. 7-11). Gesang boten badhe sedhih nanging tetep kebak panglipur saking Gusti. Ayat 13 mbereg gesang lan mbukak manah mugi Sang Roh Suci rawuh ing manah lan gesang kita. Tinuntun ing kasampurnan. Gesang tetep madhep ndherek Gusti Yesus. Sarana panuntuning Roh Suci gesang margining kaleresan nuju dhateng tentrem rahayu.16 Bidang PWG GKJ WIladeg

DIMAR - Edisi Mei 2012

Bujana sesengkeran suci pranatanipun Gusti. Wajib sami sowan lan nampeni kalayan sikap lan patrap kebak pakurmat sarta cumawising manah. Lamun mboten pamareking bujana badhe nglaha kepara memengu bebendu (I Korinta 11 : 23-32). Mila kita sanget-sanget butuh panuntunipun Roh Suci, temah pamareking Bujana boten ndamel dosa, sebab ketamahing dosa paukuman. Sebab pangadilanipun Allah badhe nuju paukuman karisakan pati. Srana Roh Suci kita tinuntun nuju ing kayekten lan tentrem rahayu. Srana bujana Suci kita dipunemutaken makaten tresnanipun Gusti anggenipun ngjagi lan ngrimati gesang kawilujengan ing babagan seger kiyating kapitadosan. Mila mboten pinanggih leres ngaros boten dipunrimati Gusti, kasunyatan kita ingkang kirang migatosaken pangrimatipun Gusti. Srana sangu kekah ngoyoting pitados, dados cecawis anggen kita mangeti dinten sumengkanipun Gusti Yesus dhateng swarga, 13 Mei 2010. Kalayan manah suka bingah pepisahan kaliyan Gusti Yesus nanging Gusti nyawisi papan ing kaswargan kangge kita. Lajeng punapa ingkang kita tindaaken? (Kawaos Ibrani 10 : 23-25, 37-38). (A.Swnd)

17

Bidang PWG GKJ WIladeg

DIMAR - Edisi Mei 2012

MAKNA LOGO GKJ Mengemban amanat Sidang Sinode XVIII GKJ sebagaimana tertera pada artikel 97.1 yaitu Menugasi Deputat Studi dan Penelitian untuk menetapkan Logo GKJ yang ditempatkan pada Papan Nama dan Kop Surat serta memperhatikan anjuran PGI, maka Deputat Studi dan Penelitian XVIII GKJ telah menentukan Logo GKJ sebagaimana yang telah disebar luaskan. Adapun Proses penentuan itu adalah sebagai berikut: 1. Yang dimaksud Logo adalah gambar yang menjadi simbol sesuatu (organisasi atau lembaga). 2. Unsur-unsur yang harus ada di dalam Logo GKJ itu adalah: a. Unsur Kristen b. Unsur Jawa 3. Untuk memenuhi kebutuhan tersebut pada No. 2 di atas kami pilih lambang atau simbol sebagai berikut: 3.1. Unsur Kristen Burung dara sebagai simbol Roh Kudus dan, tangan berdoa sebagai simbol orang prcaya18 Bidang PWG GKJ WIladeg

DIMAR - Edisi Mei 2012

3.2. Unsur Jawa Gunungan 4. Di bawah gambar tersebut ada sebuah pita yang bertuliskan GEREJA-GEREJA KRISTEN JAWA, di kaligrafi Jawa. 5. Warna yang dipakai adalah biru laut. Catatan: 1. Semua unsur Kristen yang dipakai dalam simbol ini dipilihkan yang di dalamnya terkandung sifat aktif, yaitu burung dara yang terbang dan tangan berdoa 2. Di dalam logo ini memang dengan sengaja tidak dipakai gambar salib, sebab memang tidak harus setiap Logo Gereja atau Kristen memakai salib, sedangkan unsur Kristen yang dipakai dalam Logo GKJ itu sudah cukup mewakili dan jelas. Demikianlah penjelasan kami atas Logo GKJ yang telah ditentukan itu, agar dapat digunakan. Dengan penjelasan ini kiranya keterangan lain dianggap tidak ada. Deputat Studi dan Penelitian Sinode XVIII GKJ

Sumber: Buku Tager Talak GKJ, 2005

19

Bidang PWG GKJ WIladeg

DIMAR - Edisi Mei 2012

Catatan

20

Bidang PWG GKJ WIladeg

DIMAR - Edisi Mei 2012

Catatan

21

Bidang PWG GKJ WIladeg

DIMAR - Edisi Mei 2012

Catatan

22

Bidang PWG GKJ WIladeg