crita rakyat / folklore

Download CRITA RAKYAT / FOLKLORE

Post on 14-Jan-2016

103 views

Category:

Documents

1 download

Embed Size (px)

DESCRIPTION

CRITA RAKYAT / FOLKLORE. Unsur crita rakyat : Crita Masyarakat Warisan turun – temurun Dadi tatanan / aturan. Titikane crita rakyat : Jaman biyen Ora dingerteni sapa pangriptane Mistik Anti logis Tradisional Humoris / lucu Diwarisake kanthi lisan Nduweni nilai edukatif. - PowerPoint PPT Presentation

TRANSCRIPT

  • Crita rakyat adalah sawijining prosa lawas seng urip ing panguripane masyarakat seng asale saka sawijining daerahUnsur crita rakyat :CritaMasyarakatWarisan turun temurunDadi tatanan / aturanTitikane crita rakyat :Jaman biyenOra dingerteni sapa pangriptaneMistikAnti logisTradisionalHumoris / lucuDiwarisake kanthi lisanNduweni nilai edukatif

  • Wujude crita rakyat

    Legenda : Crita kang nggambarake kisah dumadine papan /barang. Tuladha ; a. Dumadine kota rawapening b. Dumadine kota SurabayaSage : Crita rekan(rekayasa) kang iseh ana sesambunge karo tokoh tokoh sejarah kang biasane nggambarake kasekten lan kapinterane mergo nduweni pusaka kanthi kekuatan gaib. Tuladha ; a. Pinak jinggo b. Ande ande lumut Mite : Crita kang ana hubungane karo barang gaib/ mistik. Tuladha ; a. Jaka tarub b. Nyi roro kidul

  • Fabel : Crita kang paragane kewan kang diumpamakake kaya manungsa. Tuladha ; a. Kancil karo Baya b. Kancil nyolong timun Epos : Crita kang isine kepahlawanan. Tuladha ; a. Mahabarata b. Ramayana

  • TULADHA CRITA RAKYAT

    DESA BERAHANWEDUNG - DEMAK

  • TELAGA SENTANU

    Ing desa Berahan, kecamatan Wedung, kabupaten Demak ana sawijining kuburan kangtengahe ana kolame, nanging wis garing. Sanajan ora ana kang ngopeni, nangingkolam kuwi tetep resik, ora dithukuli sesuketan, saengga wujude kolam kiwi mau isih katon cetha. Miturut crita kolam iku mau awujud telaga kang diwenehi jeneng TELAGA SENTANU. Telaga kasebut nduweni kaelokan kaelokan.Mitirut crita, ana sawijining pamongan kang aran R. Burham keturunan R. Benawa putra Sultan Pajang. Sasugenge R. Burham pidalem ing desa Poncowati, kecamatan Bonang, kang saiki dadi desa Poncoharjo. Nalika kuwi desa Poncowti durung rame kaya saiki, isih mujudake papan kang sepi, adohsaka karamean. R. Burham sengaja pidalem ana papan kang sepi. Panjenengane madegdadi wiku. Saben dina wektune mung kanggo semedi. R. Burham kepengin entuk dalan kang bisa gawe pepadhanging urip.

  • Kaya adat sabene, nalika R. Burham ing jero sanggar semedi kanthi khusuk nyenyuwun supaya enggal enggal diparingi dalan kang padhang, dumadakan keprungu swara kanthi cetha Hai, Burham, ngadega enggal tumujua mangulon, ing kana mengko kowe bakal nemoni kabagyan lan bakal entuk pepadhanging urip kaya kang kok angen angen sasuwene iki. Banjur swara kuwi ilang. R. Burham nduweni keyakinan menawa swara kang keprungi mau minangka pituduh kang sasuwene iki kang kaangen angen. Amarga senenge nganti netesake luh. R. Burham ngadeg lan tumuju menyang desa Poncowati. Nalika kuwi isih akeh alas, R. Burham lakune mlebu metu alas nganti tumuju ing desa Beraham. R. Burham banjur pidalem ing kono.Sawetara kuwi ana sawijining kenya kang seneng lelana yaiku Dewi Omba Reka. Miturut wangsit kang ditampa, Dewi Omba Reka kudu tumuju ing desa Beraham maguru marang sawijining wiku lan lelarane bakal bisa waluya. Lakune Dewi Omba Reka turut kali nggunakake gethek. Ana ing tengahe laku dumadakan udan deres banget lan ana banjir bandhang. Gethek kang ditumpaki Dewi Omba Reka kerem. Nanging Dewi Omba Reka ora cilik atine, banjur dheweke nggawe gethek maneh saka pring lan nerusake laku. Amarga kateguhan ati lan keyakinan kang kuat wusanane Dewi Omba Reka bisa tumeka ing desa Berahan. Ing kono Dewi Omba Reka ketemu karo R. Burham. Dewi Omba Reka banjur sumungkem ing ngarepe R. Burham serta masrahake uripe marang Sang wiku.

  • Tekane Dewi Omba Reka katampa kanthiapik dening R. Burham. Dewi Omba Reka karengkuh kaya putrane dhewe. Saben dina diwulang wuruk bab pedhomaning urip serta tata cara sasrawungan ing bebrayan. Kabeh ngelmune R. Burham kaparingake Dewi Omba Reka. Dewi Omba Reka tansah nyuwun pituduh marang Sang wiku, mligine obat kanggo nambani lelarane. Amarga tangisane Dewi Omba Reka R. Burham banjur nyuwunake obat marang gusti kang Akarya Jagad. Nalika semedi keprungu wangsit manawa ora ana obat kang bisa maluyakake larane Dewa Omba Reka, kajaba kudu didusi kanggo banyu kang ana ing telaga Sentanu kang ana ing wetane desa kasebut.Miturut crita Telaga Sentanu iku telaga papane adus para widadari. Saben malem wulan purnama sidi kerep katon para widadari lagi ados lan gegojekan, saenggo telaga ing sakiwatengene katon kuning kaya emas. Salah sijine widadari kang ayu dhewe yaiku Dewi Amiswati kanng uga minangka sesupuhing para widadari.Nalika esuk Dewi Omba Reka diajak R. Burham menyang Telaga Sentanu saperlu adus. Telaga iku mau gandane isih arum semerbak, jalaran bengine bubar digunakake para widadari ados. Ing njero ttelaga kang adhem iku Dewi Omba Reka hgresikki awake, sakwise merem lagi munggah nemoni R. Burham kang nunggoni kanthi sabar. Dewi Omba Reka rumangsa gumun, jalaran larane mari lan gandane kang banger wis ilang. R. Burham uga gumun mirsani pasuryane Dewi Omba Reka kang sansoyo katon ayu.

  • Amarga saka iku lelorone dadi seneng banget jalaran panyuwune dikabulake Gusti Kang Akarya Jagad. Sansaya suwe Dewi Omba Reka san saya ayu, muloa ora mokal manawa R. Burham banjur kapranan marang Dewi Omba Reka. Katresnane R. Burham katampa kanthi rasa seneng dening Dewi Omba Reka. Wektu kuwi R. Burham wis kagungan garwa. Amarga ora kersa diwayuh, mula banjur dipegat lan digawakake dalem ing sisih kidule desa Berahan.Kramane R. Burham karo Dewi Omba Raka dianakake ing masjid Agung Demak. Lelorone urip rukun lan bagya mulya sinambi nyiarake agama islam. R. Burham uga ngadegake masjid bebarengan karo sadulure yaiku Kyai Nurhalam utawa Joyolelono, keturunane Pangeran Jaran Panoleh, Sultan Bangkalan.Sakwise R. Burham seda, disarekake ing samburine masjid kang digawe mau lan nganti saiki papan mau isih dianggep keramat. Sasedane R. Burham, Telaga Sentanu isih padha ditekani para pengunjung saperlu padha adus supaya luwih ayu lan awi nom. Luwih luwih ing dina Nisfu Syaban.