kitab primbon sunan

Post on 21-May-2015

3.332 Views

Category:

Documents

176 Downloads

Preview:

Click to see full reader

TRANSCRIPT

KITAB PRIMBON SUNAN BONANG

Mata kuliah Agama IslamFIB-UGM

Bismi’llahi’rrah’mani’rrahimi, wa bihi nasta’inalhamdu lillahi rabbil alamin,wa shalatu ‘ala rasulihi Muhammadin wa washabihi ajma’in

Nyan punika caritanira Shaich al Bari : tatkalanira apitutur dateng mitranira kabeh ; kang pinituturaken wirasaning Usul Suluk – vvedaling carita saking (2) Kitab Ihya ‘ulum aldin lan saking Tamhid – antukira Shaich al Bari ametet ®) i(ng) ti(ng)kahing sisimpenaning nabi wali mukmin kabeh

• PUPUH IMangka akecap Shaich al Bari – kang sinalametaken

dening pangeran : e-Mitraningsun! sira kabeh den sami angimanaken wirasaning Usul Suluk i(ng)kang kapetet ti(ng)kahing anakseni ing pangeran ; miwah kawruhana yan sira pangeran tunggal, tan kakalih; saksenana yan sira pangeran asifat saja suksma mahasuci tunggalira, tan ana papadanira, kang mahaluhur. e Mitraningsun ! den sami amiarsaha, sampun sira sak malih ; den sami aneguhaken, sampun gingsir idepira.

Iki si lapale tingkahing anakseni ing pangeran : “Wa ash’hadu an la ilaha illa llahu wah’dahu, la sharika lahu wa ash;hadu anna Muhammadan rasulu llahi”.

(3) Tegese ikU: ingsUn anakseni | kahananing pangeran kang anama Allah, kang asifat saja suksma, langgeng kekel wibuh sampurna purba qadim sifatira mahasuci, orana pangeran sabenere anging Allah uga, pangeran kang sinembah sabenere kang agung.

e-Mitraningsun ! sang siptaning lapal “ora” iku: dening sampun awit itbat karihin, nora malih anaksenana i(ng)kang nora yakti ; tanpa wiyos idepe wong iku mene.

top related