karya ilmiah versi jawa
Post on 12-Aug-2015
53 Views
Preview:
TRANSCRIPT
Karya Ilmiah
Potensi Enceng Gondok ( Eichhornia crassipes ) dumadi
Briket Bioarang
Dening :
Jeneng : Ibnu Ade Surya Pratama
No. Absen : 5626
Kelas : XI IPA 1
DINAS PENDIDIKAN PEMUDA DAN OLAHRAGA
SMA NEGERI 1 KUTOWINANGUN
2012
Karya Ilmiah | Briket Bioareng Enceng Gondok ii
Atur Sapala
Penulis ngaturake puji syukur ing ngarsa dalem Gusti Alloh ingkang sampun
maringi rahmat, taufik, saha karunia, satemah penulis saged nyekapake karya ilmiah
ingkang irah-irahanipun Potensi Enceng Gondok (Eichhornia crassipes) dumadi Briket
Bioarang kanthi sae.
Karya ilmiah punika salah setunggalipun tugas semester IV basa Jawi ing taun
ajaran 2011/2012 ingkang dipunlaksanakake kanthi piyambak-piyambak. Penulis damel
karya ilmiah punika kanthi nggunakake sumber-sumber ingkang wonten kaitanipun kalian
woh kakao.
Karya ilmiah punika saged dipuncekapake kanthi sae amargi wontenipun dorongan
lan partisipasi saking kathahing pihak. Mula, penulis ngaturake panuwun kangge :
1. Pangarsa Pawiyatan (Dra. Nurhidayati) ingkang sampun nyaosi ijin kangge
nyekapake karya ilmiah punika
2. Ibu Muchriana ingkang dados guru basa Jawi ingkang sampun maringi
panggulawentah bab karya ilmiah
3. Sedaya pihak ingkang boten saged panulis sebutake setunggal mawa setunggal.
Panulis mangerteni minangka karya ilmiah punika taksih kirang sempurna. Mula,
kritik uga saran ingkang konstruktif sanget kula wantu-wantu. Wasana, mugi-mugi
karya ilmiah punika saged dados manfangat kangge masyarakat Indonesia umumipun
lan masyarakat khususipun.
Kutowinangun, 27 April 2012
Panulis
Karya Ilmiah | Briket Bioareng Enceng Gondok iii
Daftar Isi
kacha
Atur Sapala .................................................................................................................. ii
Daftar Isi ...................................................................................................................... iii
Abstrak ......................................................................................................................... iv
BAB 1. PURWAKA .................................................................................................... 1
1.1 Dasar Panaliten ......................................................................................................... 1
1.2 Rumusan Masalah .................................................................................................... 2
1.3 Ancase Panaliten ...................................................................................................... 2
1.4 Kagunaan Panaliten .................................................................................................. 2
BAB 2. DASAR TEORI .............................................................................................. 3
2.1 Tanduran Enceng Gondok ....................................................................................... 3
2.2 Morfologi lan klasifikasi tanduran enceng gondok ................................................. 3
2.3 Komposisi kimia tanduran enceng gondok ............................................................. 4
2.4 Prospek bioarang enceng gondok ............................................................................ 4
2.5 Pangerten Briket Bioareng ...................................................................................... 5
2.6 Bahan Perekat (lem) ................................................................................................ 5
2.7 Proses Utama (Pengarengan) .................................................................................. 6
BAB 3. METODOLOGI ........................................................................................ 7
3.1 Nggon lan wektu panaliten ...................................................................................... 7
3.2 Alat laan bahan ........................................................................................................ 7
3.3 Metode nggawe briket ............................................................................................. 8
3.4 Pengujian ................................................................................................................. 9
BAB 4. ASIL PANALITEN ........................................................................................ 10
4.1 Kadar awu sing diasilaken ...................................................................................... 10
4.2 Wektu briket labuh kobong ..................................................................................... 10
4.3 Derajat panas sing diasilaken .................................................................................. 11
4.4 Kaunggulan lan kakirangan ..................................................................................... 11
BAB 5. PANUTUP ....................................................................................................... 12
5.1 Dudutan ................................................................................................................... 12
5.2 Saran ........................................................................................................................ 12
Kapustakan .................................................................................................................. 13
Karya Ilmiah | Briket Bioareng Enceng Gondok iv
Abstrak
Anane minyak bumi sing sansaya sitik meksa kabeh pihak supaya nggoleki
tobosan kang luwih anyar kanggo ngganti bahan obong fosil ( BOF ). Kabetahan
masyarakat dening bahan obong ing rupa liya sing iso mengganteni bahan obong fosil (
BOF ) isih banget cilike. Nyatane, akeh banget tanduran neng cedak kito sing iso
dimanfaataken dumadi bahan obong alternatif liane. Nanging isih durung okeh masyarakat
sing ngerti lan manfaataken SDA sing ono kanggo diolah dumadi energi anyar sing luwih
optimal, efisien, murah lan ramah lingkungan. Cara anggo bahan obong fosil ( BOF ) sing
terus-terusan menehi dampak elek nang lingkungan.
Babagan kasebat nang nduwur, dumadi dasar ngapa panulis kapikut kanggo biyak
"manfaat enceng gondok (eichhornia crassipes ) dumadi briket bioarang". Andasar data
sing panulis jelasaken nang nduwur iso dirumusake masalah antara liya : apa enceng
gondok iso diolah dumadi bahan obong briket bioarang sing iso ngganteni batubara lan
iso ndadeaken sumber energi alternatif sing barukan. Ancase seko penelitian iki yoiku:
nemoaken kandungan eceng gondok supaya iso digawe briket bioarang, nemoaken
kaunggulan briket bioarang enceng gondok dibandnangke karo batubara, serta nemoaken
fakta yen briket bioarang enceng gondok neng kebumen iso dumadi sumber energi
alternatif snang berkelanjutan utawa terus-terusan, sekalian ngenalaken marang
masyarakat babagan briket bioarang enceng gondok sing cekap nguntungake neng masa
sing arep teko.
tembung kuncen: briket bioarang, enceng gondok, biomassa, areng.
Karya Ilmiah | Briket Bioareng Enceng Gondok 1
BAB 1
Purwaka
1.1 Dasar Panaliten
Perkara sing banget kontroversial neng Indonesia kala iki yaitu krisis energi amarga
kacekapan bahan obong sing sansaya suda. Didukung maneh karo anane pamarentah sing
ndudut duit subsidi BBM, saengga ndadeaken mundake rego BBM. Amarga kui, secara ora
langsung masyarakat dipeksa mikirake alternatif liya kanggo ngatasi krisis energi. Indonesia
sing sadurunge dumadi salah sawijine negara OPEC (organisasi penghasil minyak donyo).
Nanging Indonesia wis owah dumadi negara pengimpor lenga wiwit tahun 2003. Kabetahan
nasional marang lenga mentah kurang luwih 1,1 yuto barel per dinane, naging jumlah
produksi mung 1 yuto barel per dinane. Babagan iki berarti, ndadeaken kakirangan lenga
mentah 100 sewu barel per dinane.
Kurange jumlah kilang lenga nang jero negeri nambah nemene kakirangan jumlah
pasokan BBM sing disaluaken kanggo kaperluan energi nasional (Suryo lan Armando, 2005).
Miturut Suryo lan Armando (2005), pangiriman BBM kanggo masok kaperluan masyarakat
neng daerah pelosok, khusus lenga patra isih durung jelas. Seliane iku, fluktuasi rego lenga
patra amarga ora onone patokan rego sing jelas antarane sawijining nggon karo nggon liyan
sansaya ngangelaken konsumen. Mundake rego BBM nyebabaken sumber energi kasebat ora
murah maneh. Seliyane BBM, sumber energi sing mundak regone yoiku gas elpiji. Amarga
kui, perlu nyiptaken sumber energi liya sing iso digunaaken kanggo ngganti BBM lan gas,
misale manfaataken enceng gondok dadi briket.
Enceng gondok ( eichornia crassipes (mart. ) solm. ) pisanan dijlentrekaken secara
taksonomis dening naturalis saka Brazil, Karl FP Martius. Tanduran iki melbu kelas
monocotylodenae lan keluarga pontederiaceae. Tanduran iki ditekana seko manca, dadi udu
tanduran asli (native) Indonesia. Miturut sejarahe tanduran iki digowo neng Indonesia pas
jamane Raffless dadi gubernur jenderal, ditandur neng kolam Kebun Raya Bogor kanggo
hiasan amarga werna kembange sing apik. Banjur kasebar neng kali cedak Kebun Raya
Bogor lan teruse nyebar neng kabeh perairan Indonesia, sing banget cetha seko tanduran iki
yoiku perkembangbiakan sing saking cepete. Tanduran iki iso thukul anggo cara vegetatif
(stolon) utawa anggo cara generatif (wiji). Gangstad (1978) nang bukune Weed Control in
River Basin Management kacatet yen tanduran banyu iki iso kalipat loro kur jangka waktu
sepuluh dina, Amarga kui mongko menawa satus tanduran dijoraken neng perairan, ing
jangka wektu wolung wulan deke isa menutupi wilayah perairan seamba 1 km2.
Keluwihan perkembangbiakan sing duwur lan kacocokan tanduran sing apik nang
manika macem iklim nggawe tanduran iki wis nyebar neng donyo, Sing utomo neng negara
kang nduweni iklim tropis lan sub-tropis. Ngatasi tanduran iki banget angele sehingga terus-
terusan ndadeake masalah sing ana hubungane karo navigasi, kontrol banjir, agrikultur,
irigasi lan drainase, rega lemah, konservasisatwa liar, perikanan, sumber banyu, kesehatan
Karya Ilmiah | Briket Bioareng Enceng Gondok 2
lingkungan lan sanesipun sehingga pantes menawa tanduran iki dikei gelar " gulma (tanduran
pengganggu) paling elek neng donyo" lan " gulma sing biaya pengelolaane jutaan dollar".
Saka asil katrangan neng nduwur fakta - fakta sing ndasari panaliten, antaran liya:
1. Sumadya minyak bumi sing sansaya sitik meksa kabeh pihak kanggo nggoleki
trobosan anyar kanggo nganti bahan obong fosil ( BOF ).
2. Kabutuhan masyarakat marang bahan obong ing bentuk liya kanggo ngganti bahan
obong fosil ( BOF ).
3. Durung maksimale pemanfaatan SDA sing ono kanggo diolah dadi energi anyar sing
luwih efisien lan ramah lnangkungan.
4. Cara nganggo bahan obong fosil ( BOF ) sing terus-terusan menehi dampak elek neng
lingkungan.
Babagan kasebat neng nduwur, ndadeaken dasar ngapa panulis kapikut kanggo
mengungkap" manfaat tanduran enceng gondok ( eichhornia crassipes ) dumadi bahan obong
bioarang" .
1.2 Rumusan Masalah
Andasar saka data - data sing panulis jlenterekaken neng nduwur iso dirumusake dadi pirang-
pirang perkara, antara liya :
1. Enceng gondok saiki nung dianggep dadi tanduran pengganggu (gulma) neng wilayah
perairan, Apa iso dimanfaataken kanggo nggawe briket bioarang?
2. Apa bioarang enceng gondok iso ngganti kagunaan batubara dumadi bahan obong?
3. Apa kualitas briket bioarang enceng gondok iso dumadi sumber energi alternatif sing
terbarukan?
1.3 Ancas Panaliten
Neliti kandungan seko tanaman enceng gondok sing bisa kanggo nggawe briket
bioarang.
Nemuaken kaunggulan briket bioarang enceng gondok dibandnangke karo batubara.
Nemuaken fakta sing tumuju yen briket bioarang enceng gondok neng kebumen iso
dadi sumber energi alternatif sing berkelanjutan.
1.4 Kagunaan Panaliten
Menehi rujukan marang instansi kait kanggo nglakoaken panalitien luwih lanjut
marang potensi sing ana neng njero tanduran enceng gondok minangka bahan obong
alternatif sing terusan.
Menehi pratikel / saran marang pemerintah kanggo ndadeaken enceng gondok dadi
energi pengganti (bioarang sing ramah lingkungan).
Menahi informasi lan pratikel marang masyarakat, khususe masyarakat kebumen,
kanggo iso ngolah utawi nggawe dewek bahan obong sing ramah lingkungan seko
bahan-bahan neng sekitar.
Karya Ilmiah | Briket Bioareng Enceng Gondok 3
BAB 2
Dasar Teori
2.1 Tanduran Enceng Gondok
Enceng gondok (Eichhornia crassipes) yoiku tanduran banyu sing banget gampange
proses thukule. Tanduran iki uga gulma banyu sing kerep nggawe para petani ngeluh kerono
thukul neng sawah lan rebutan unsur hara utawa pakan karo tanduran budidaya (pari).
Nanging ana uga manfaate seko tanaman enceng gondok iki, kayata :
Dadi bahan dasar nggawe pupuk organik enceng gondok.
Dadi bahan nggawe kertas seni seko enceng gondok.
Dinggo kanggo nggawe biogas seko enceng gondok.
Dadi campuran kanggo pakan ternak.
Iso menrtralisir banyu seko logm-logam abot sing dikandut neng njero banyu.
Nyerep turahan residu pestisida.
Nyepetaken thukule oyot-oyot ing tanduran liya.
Dadi bahan baku kanggo nggawe kerajinan tangan (sandal, tas, pigura, lsp) sing
ndueni nilai ekonomi cekap prospektif.
2.2 Morfologi lan klasifikasi tanduran enceng
gondok
Enceng gondok (Eichhornia crassipes)
yoiku sawijining jenis tanduran banyu sing
kemambang. Enceng gondok pisanan ditemoaken
ora sengaja nang ilmuwan jenenge Carl Friedrich
Philipp Von Martius, deweke ahli botani saka
negara Jerman, ing tahun 1824 nalika lagi
nglakoake ekspedisi neng kali Amazon Brasil.
Enceng gondok nduweni kecepatan thukul sing
duwur sahingga tanduran iki sering banget
dianggep dadi tanduran gulma sing iso ngerusak
lingkungan perairan. Enceng gondok iso menyebar
liwat saluran banyu lan liyane.
Enceng gondok uripe kemambang neng
banyu lan kadang nduweni oyot ing njero lemah.
Duwure sekitar 0,4 - 0,8 meter. Ora nduweni
gagang. Godonge tunggal lan bentuke lonjong.
Pucuk lan bongkote lancip, bongkot gagang godong
melembung. Godonge lunyu lan warnane ijo.
Kembange melebu golongan kembang majemuk,
Karya Ilmiah | Briket Bioareng Enceng Gondok 4
bentuke wose, kelopak ndueni bentuk tabung. Wijine bentuke bunder lan wernane ireng.
Wohe kotak kamar telu lan warnane ijo. Oyote yaiku oyot serabut.
2.3 Komposisi Kimia Tanduran Enceng Gondok
Komposisi kimia enceng gondok gumantung ana ing kandungan unsur hara nggone
thukul, lan sifat daya serap tanduran kasebat. Enceng gondok nduweni sifat sing apik
antarane iso menyerap logam abot, senyawa sulfida, seliane kuwi mengandung protein luwih
seko 11,5 % lan ngandut selulosa sing luwih duwur seko nonselulosa koyo lignin awu, lemak
lan zat lain. Ing tabel neng ngisor iki, Anonymous (1952) ing panalitene marang enceng
gondok seko banjarmasin njlentrekake kandungan kimia gagang godong enceng gondok tua
sing seger lan garing.
Enceng Gondok Seger Enceng Gondok Garing
Senyawa Kimia Persentase (%) Senyawa Kimia Persentase (%)
Air 92.6 Selulosa 64.51
Abu 0.44 Pentosa 15.61
Serat kasar 2.09 Ligin 7.69
Karbohidrat 0.17 Silika 5.56
Lemak 0.35 Abu 12
Protein 0.16
Fospor sebagai
P2O5
0.52
Kalium sebagai
K2O
0.42
Klorida 0.26
Alkanoid 0.22
2.4 Prospek bioarang enceng gondok
Saksuwene iki, tanduran enceng gondok jarang banget dienggo. Akeh wong sing
nganggep yen tanduran enceng gondok kur dadi tanduran hama nang lahan pertainan
(persawahan), lan dadi sabab bumpete saluran irigasi kanggo ngalirake banyu. Lumrahe
tanduran enceng gondok iso ditemoni neng kali, sawah, rawa, kolam, lan daerah perairan
sanesipun.
Durung okeh masyarakat sing ngerti yen tanduran enceng gondok ndueni manfaat
sing cekap okeh. Salah sijine yoiku dadi bahan kanggo nggawe briket bioarang. Kabeh
bagean seko tanduran iki koyo oyot lan godong iso memanfaataken kanggo nggawe briket
bioarang sing bisa dadi energi pengganti areng.
Bayangke wae, yen kanggo sejenis tanduran bioenergi ( semisal enceng gondok ) iso
nyubtitusi 5 % wae seko kaperluan BBM, mongko isa ngirit sekitar 2 yuto kiloliter utawa
setara karo Rp 9 triliun. Aspek positif liyane yoiku iso mbuka lapangan kerja lan lapangan
usaha kanggo masyarakat ngembangake tanduran sing ndueni potensi dadi penggantine
BBM.
Karya Ilmiah | Briket Bioareng Enceng Gondok 5
2.5 Pangerten briket bioarang
Briket bioarang yoiku punthukan utawi batangan areng sing digawe saka bioarang
(bahan lemes). Bioarang sing sakbenere masuk bahan lemes sing diproses anggo cara
katemtu diolah dadi bahan areng atos karo bahan tentu. Kualitas seko bioarang ora kalah karo
batubara utawi bahan obong jenis liyane. (joseph lan hislop, 1981)
Hasil panaliten sing dilakoake marang hartoya, menyimpulake yen briket areng sing
ngasilaken pada karo briket areng gaweane Inggris lan ngebeki persyaratan nang Jepang
kerono ngasilaken kadar awu lan zat sing gampang menguap (volatile mailer) sing rendah
serta kadar karbon ikat (fixed carbon) lan nilai kalor sing duwur. Kualitas briket bioarang yo
ditentoake nang bahan dasare, sehningga mengaruhi nilai kalor, kadar banyu, kadar awu,
kadar bahan menguap, lan kadar karbon ikat ing briket kasebat (hartoyo, 1983).
2.6 Bahan perekat
Perekat yoiku suatu zat utawi bahan sing nduweni kemampuan kanggo ngiket rong
jenis barang anggo ikatan permukaan. Pirang-pirang istilah liya seko perekat sing memiliki
kekhususan antarane glue, mucilage, paste, lan cement. Glue yaiku perekat sing digawe seko
protein hewani, koyo kulit, aku, urat, orot, lan balung sing biasane dinggo nang industri
kayu. Mucilage yoiku perekat sing disiapaken seko pulut lan banyu lan biasane kanggo
perekat kertas. Paste yoiku perekat saka pati (starch) sing digawe anggo cara manasake
campuran pati lan banyu lan didadeake bentuk pasta. Cement yoiku istilah sing biasane
kanggo perekat sing bahan dasar karet lan cara atose liwat ilange pelarut (ruhendi, dkk, 2007.
bahan perekat dibedaake dadi 3 jenis yaiku:
1. Perekat anorganik
Mlebu ing jenis iki yoiku sodium silikat, magnesium, cement, lan sulphite. Kerugian
seko ngango bahan prerekat iki yoiku sifate sing okeh menimbulake awu sekam pas
waktu ngobong.
2. Perekat tanduran
Jumlah bahan perekat sing dibutuhaken kanggo jenis iki luwih sitik dibandnangke
karo bahan perekat hydrokarbon. Kerugian nyebabake areng cetak sing dikasilake
kirang tahan marang panggonan sing lembab.
3. Hydrocarbon lan abote molekul gede
Bahan pelekat jenis iki kerep dinggo dadi bahan perekat kanggo nggawe areng cetak
utawa batubara cetak.
Karya Ilmiah | Briket Bioareng Enceng Gondok 6
2.7 Proses utama (pengarangan)
Proses karbonisasi yaiku salahsijine proses bahan-bahan utawa tanduran enceng
gondok (garing) dipanasake nang njero nggon sing ora nggatuk langsung karo hawa pas
proses ngobong saengga mbentuk areng. Proses karbonisasi yaiku tahapan sing paling utama
pas nggawe briket bioarang. Umume proses iki dilakonkoake nang temperatur 500 - 800° c.
Kandungan zat sing gampang menguap ilang sehingga dadi bentuk struktur pori awal.
(widowati, 2003).
Proses karbonisasi uga salahsijine proses ngobong sing ora sempurna seko bahan-
bahan organik anggo jumlah oksigen sing sitik banget, saengga ngasilaken areng serta
nyebabake penguraian senyawa organik sing nyusun struktur bahan mbentuk uap banyu,
methanol, uap asem asetat lan hidrokarbon (hasani, 1996.
Nang proses pengarangan metode konveksi pirolisa perlu digatekaken kebul sing
dikasilake saka proses kasebat :
Yen kukus kandel lan putih, berarti bahan lagi digaringake. Disaranake supaya
digaringake disit tanduran sing arep dikarbonasi supoyo ora ngetokake kukus sing
okeh.
Yen kukus kandel lan kuning, berarti pengkarbonan lagi berlangsung. nang fase iki
apike tungku ditutup rapet, maksude supoyo oksigen sinng ana nang ruang
pengarangan menjadi endep/ sitik.
Yen kukus sansaya nipis lan warnane biru berarti pengarangan meh srampung, banjur
drum dibalik lan proses pembakaran dilanjutake. (hartoyo lan roliandi, 1978)
Kanggo memperjelas proses nggawe briket enceng gondok iso menggambarkan pada
skema berikut iki:
Tanduran
Eceng Gondok Di pepe
Karbonisasi (5 – 7 jam) 500 - 600˚C
Panggilingan
Disaring Pencampuran perekat kanji ( 8gr tapioka : 140 ml air )
Pencetakan lan press
Digaringaken Pengepakan
Uji coba
Karya Ilmiah | Briket Bioareng Enceng Gondok 7
BAB 3
Metodologi
3.1 Nggon lan wektu panalitien
Proses nggawe briket bioarang enceng gondok lan uji kualitas briket bioarang enceng
gondok dilaksanaake neng laboratorium pribadi (omah). Wektu panaliten dilaksanaake nang
bulan Februari 2012.
3.2 Bahan lan alat
Bahan
Bahan sing digunaake nang panalitien iki antara liya :
tanduran enceng gondok (eichhornia crassipes)
perekat
banyu
batubara
Alat
Alat sing dinggo ing panalitien iki diporo dadi loro :
1. Alat sing nggo nggawe briket bioarang enceng gondok
tungku obong
lumpang lan alu
embar lan baskom
gelas ukur
kayu kanggo ngudek
timbangan
cetakan briket (paralon)
oven
saringan
korek geni
lenga patra
lem (glepung kanji)
2. Alat sing dinggo uji kualitas briket bioarang enceng gondok
gelas ukur
korek geni
lenga patra
termometer
stopwatch
tabung reaksi
tungku
microwave
cangkir porselen
Karya Ilmiah | Briket Bioareng Enceng Gondok 8
3.3 Metode nggawe briket bioarang
Metode nggawe bioarang sing panulis laksanaaken yoiku anggo cara sederhana.
Ancase supoyo cara iki iso gampang ditiru marang masyarakat sing pengen nggawe briket
bioarang enceng gondok dewek.
Langkah utawa tahap nggawe briket bioarang enceng gondok yoiku :
1. Ngumpulake tanduran
Tanduran dikeumpulake seko wilayah sekitar (kali utawa sawah) sing okeh
tanduran enceng gondok.
2. Nggaringaken
Bahan kang uwis dioleh banjur dipepe neng ngisor srengenge nganti rada
garing (kadar banyune sekitar 15-20%), Ancase supoyo bahan gampang dibakar lan
ora ngasilaken akeh kukus.
3. Karbonasi (pengarengan)
Bahan teruse dilebokake nang njero tungku pengarengan sitik-sitik lan alon-
alon. Banjur bahan diobong anggo geni. Nalika bahan wis murub banjur ditutup
tungkune. Sakwise dadi areng, bahan ditokake seko tungku pengarengan.
4. Pengalusan utawi ndeplok lan penyaringan
Bioarang asil pengarengan mau dideplok nganti alus utawa dadi tepung areng.
Tepung areng sing uwis dideplok mau disaring kanggo ngasilaken ukuran material
sing pada gedene. Ing panaliten iki ukuran sing diidinaken yoiku = 40 mesh (satuan
saringan, 1 inch saringan isine 40 bolongan).
5. Nyampuri lem
Sedurunge siapaken disit campuran lem (tepung tapioka sing dicampuri banyu
anggo perbandingan 1:4, banjur dipanasaken). Adonan lem sing uwis dadi banjur
dicampuraken karo tepung areng asil saka penyaringan mau, sehingga dadi adona sing
kraket, adonan diudek tekan rata kabeh.
6. Nyetak lan press
Asil saka adonan mau medilebokaken nang njero ceta sing digawe seko pipa
paralon sing ukurane 3,5 inch/ luwih cilik banjur dipress. Proses press dilakoake
anggo cara temtu nang briket sehingga briket isa padet lan atos. Luwih apik yen
nggunaaken alat yaiku press hidrolik.
7. Ngaringaken
Briket mau banjur ditokaken seko cetakan lan garingaken anggo oven ing suhu
600°c ± 24 jam utawa dipepe nang ngisor srengenge ± 3 dina.
Karya Ilmiah | Briket Bioareng Enceng Gondok 9
3.4 Pengujian
Uji kualitas dilakonake anggo 2 jenis bahan yaiku, briket enceng gondok lan briket
batubara. uji kualitas sing dilakonake antara liyane : nguji kadar awu, suwe murub lan derajat
panas sing diasilaken.
1. Kadar awu sing diasilaken
Pengujian kadar awu dilakonake anggo cara nglebokaken sampel (cuilan
briket) meng njero cawan porselen, banjur cawan mau dileboake nang njero oven sing
suhune ± 1000°c suwene 30 menit, banjur ditokaken lan diademaken. Terus sampel
ditimbang 10 gram nang njero cawan porselen banjur catat abote. Terus cawan kang
isine campuran awu dilebokake nang njero tanur listrik (microwave) utawi tungku
pengabuan sing panase 6000°c suwene 30 menit. Terus timbang cawan lan isine
banjur catat abote.
Kanggo ngolehi kadar awu, mongko iso diitung nggunaaken rumus ing ngisor
iki:
Kadar awu (%) = (B/A) x 100%
Katrangan :
A = abot bahan sedurunge pengawuan (gr)
B = abot bahan sakwise proses pengawuan/ residu (gr)
2. Waktu briket labuh kobong
Pengujian suwe wektu briket labuh kobong diitung anggo cara nyumet bahan
sing arep diuji. Anggo cara menetesi lenga patra nang briket ecneng gondok lan briket
batubara, ancase kanggo mancing supoyo briket iso murub. Banjur briket-briket mau
dibakar nganti beriket dadi mawa. Pengujian iki dilakonake anggo cara netesi 3 ml
lenga patra nang saben briket. Catet wektu sing dinggo, seko ngurubna geni tekan
briket ngasilaken mawa.
3. Derajat panas sing diasilaken
Pengukuran derajat panas dilakonake anggo cara kualitatif yaiku ngukur
wektu lan derajat panas sing diasilaken. Anggo briket enceng gondok lan briket
batubara, cacahe siji-siji. Ing pengukuran iki ngukur waktu sing diperloake kanggo
manasake 30 ml banyu nang gelas kimia lan diukur panase seko wektu neng wektu.
Proses pemanasan dilakonake langsung neng nduwur geni /tungku sing wis diiseni
bahan sing arep diuji. Pengukuran derajat panas kasebat dilakoakei anggo cara
periodik.
Karya Ilmiah | Briket Bioareng Enceng Gondok 10
BAB 4
Asil Panaliten
4.1 Kadar awu sing diasilaken
Pengamatan marang kadar awu sing diasilaken dilakoake anggo cara mengukur abot
sedurung lan sakwise proses pengawunan. Iso dideleng yen bedane bahan baku briket
menehi pengaruh sing banget nyoto neng kadar awu sing diasilake. Asil pengujian kadar awu
iso dideleng ing ngisor iki :
Seko tabel nang nduwur iso dideleng yen briket enceng gondok duweni kadar awu
luwih setitik tinimbang karo briket batubara. Babagan iki njunjuake yen briket enceng
gondok nduweni kualitas obong lebih apik dibandingke karo briket batubara.
4.2 Wektu briket labuh kobong
Pengamatan marang wektu briket labuh kobong dilakoni karo menguji rong jenis
briket yaiku briket enceng gondok lan briket batubara. Pengujian dilakoake anggo cara netesi
3 ml lenga patra banjur diobong anggo korek geni. Itung suwe wektu sing dibutuhake sebuah
briket saka labuh diobong tekan briket ngasilake mawa geni lan mencatet wektune. Seko
pengamatan kasebat dioleh data ing ngisor iki:
Percobaan
Kadar awu sing diasilaken
Briket Enceng Gondok Briket Batubara
Sedurunge
(gr)
Seuwise
(gr)
Kadar Abu
(%)
Sedurunge
(gr)
Seuwise
(gr)
Kadar Abu
(%)
Uji 1 10 1.25 12.2 10 4.25 42.5
Uji 2 10 2.95 29.5 10 3.40 34.0
Uji 3 10 3.84 38.4 10 3.99 39.9
Kadar Awu Rata2 26.7 Kadar Awu Rata2 38.8
Percobaan
Wektu briket labuh kobong
Briket Enceng
Gondok Briket Batubara
Uji 1 4 menit 10 detik 3 menit 10 detik
Uji 2 4 menit 1 detik 3 menit 40 detik
Uji 3 4 menit 7 detik 4 menit 6 detik
Karya Ilmiah | Briket Bioareng Enceng Gondok 11
Saka kotak neng nduwur proses kobong briket enceng gondok luwih suwe
dibandnangke briket batubara sing krasa lebih cepet. Namun, akhire proses kobong ing briket
batubara lebih lebih boros lan nimbulake akeh polusi. Wektu briket labuh kobong dadi mawa
ing briket enceng gondok kebukti luwih suwe, kuwi mbok menawa proses njemure sing
kurang maksimal. Nanging tilas saka obongan briket enceng gondok geseng menjadi awu
kabeh.
4.3 Derajat panas sing diasilaken
Pengujian derajat panas dilakonake anggo cara ngitung wektu lan derajat panas ( 0c )
sing diasilake saka proses manasake 20 ml banyu nang tabung reaksi. Sansaya cepet wektu
sing mdiperloake kanggo manasake banyu dianggep yen murube geni nduweni derajat panas
sing luwih duwur. Kewalikane, yen wektu sing diperloake luwih suwe mongko derajat panas
luwih endek.
No Bahan Uji
Uji 1 Uji 2 Uji 3
Waktu Derajat
Panas Waktu
Derajat
Panas Waktu
Derajat
Panas
1 B. Eceng Gongok 5 menit 540 C 8 menit 63
0 C 12 menit 75
0 C
2 B. Batubara 5 menit 570 C 8 menit 60
0 C 12 menit 71
0 C
Sakwise pengujian rampung dilakoni, banjur gedene briket dideleng. Briket enceng
gondok isih turah 7/10 lan briket batubara isih turah 5/10. Saka data ing nduwur rata-rata
briket enceng gondok luwih pandas tinimbang briket batubara lan briket enceng gondok lebih
ngirit sanajan nduweni setitik kekirangan.
4.3 Keunggulan lan kakirangan
briket enceng gondok
Tingkat panas sing diasilake luwih
panas.
Lebih ngirit.
Wektu ngurubake suwe.
Kebul sing diasilake setitik.
Murub geni lebih suwe lan geni cilik,
berwarna merah. setitik tilar obongan.
Limbah luwih ramah lingkungan (
biodegradable ).
Gampang pecah
Ora beracun lan bebas seko logam
abot koyo merkuri, sulfur lan
senyawa aromatik
briket batubara
Tingkat panas sing diasilake luwih
cilik.
Setitik rada boros.
Wektu ngurubake luwih cepet.
Kebul sing diasilake yaiku kebul
ireng lan kraos pedih neng mata.
Murub geni cepet lan geni gede,
berwarna merah. okeh tilar obongan.
Limbah angel memanfaatkan.
Ora gampang pecah
Beracun lan mengandung logam abot
koyo senyawa aromatik lsp.
Karya Ilmiah | Briket Bioareng Enceng Gondok 12
BAB V
Panutup Dudutan
1. Kualitas sing diasilake briket enceng gondok luwih apik dibandnangke karo briket
batubara. Nanging pas proses ngurubake, wektu sing mdibutuhake lebih suwe yen
dibandnangke karo briket batubara. Seliane kuwi, briket enceng gondok yo ora
ngetokake kukus kandel ( polusi ) sing isa ngrusak lingkungan.
2. Briket enceng gondok lebih unggul saka briket batubara. Derajat panas sing diasilake
yo lebih gede, seliane kuwi briket batubara okeh ndadeake polusi. Briket enceng
gondok luwih ngirit, apamaneh limbahe ramah lnangkungan ( biodegradable ) lan
briket enceng gondok ora beracun kerono ora mengandung senyawa sing bebayani.
3. Prospek briket enceng gondok neng luwih njanjeni lan cekap potensial kanggo
didadeake bahan obong alternatif neng masa ngarep, supoyo mbesuk anak cucu kito
iso menikmati babagan sing pada. Prospek neng ngarep ditunjang karo saking
gampange perkembangbiakan tanduran enceng gondok neng wilayah perairan
indonesia.
Saran
1. Perlu dianaake panalitien luwih lanjut kanggo iso luwih mundaake kualitas saka
briket enceng gondok sdadi bahan obong alternatif pengantis bahan obong fosil.
2. Wigati ditrepake ngunaaken bahan obong nabati wiwit saiki sing lebih ramah
lingkungan kanggo nghindari efek pemanasan global ( global warmnang ) sing bisa
ngincim uripe menungsa neng bumi.
3. Pemerintah lan instansi kait, diarepake iso ngembangake bahan obong alternatif saka
tanduran enceng gondok ngelingi potensi sing diduweni cekap gede karo manfaatake
SDA sing ono.
Karya Ilmiah | Briket Bioareng Enceng Gondok 13
Kapustakan
Departemen Penerangan R.I. 2001. Organisasi Negara-Negara Peng-ekspor Minyak
“OPEC”. Jakarta : Departemen Penerangan R.I.
Abdullah, 1980. Energi dan Tingkat Kemajuan Teknologi. Penerbit : Sinar Harapan
Adan, I. U., 1998. Teknologi Tepat Guna : Membuat Briket Bioarang. Yogyakarta : Kanisus.
Andry, H. U., 2000. Aneka Tungku Sederhana Penebar Swadaya. Yogyakarta : Panca
Anonimous, 1989. Penelitian Pemanfaatan Sagu sebagai Bahan Perekat. Medan : Hasil
Penelitian Industri DEPERWUAG
Hartoyo, 1983. Pembuatan Arang dari Briket Secara Sederhana dari Serbuk Gergaji dan
Limbah Industri Pertanian. Bogor : Puslitbang Hasil Hutan.
Hendra dan Darmawan, 2000. Pengaruh Bahan Baku, Jenis Perekat, Tekanan Kempa
Terhadap Kualitas Briket Arang. Bogor : Pusat Penelitian dan Pengembangan Hasil
Hutan.
Hartoyo dan Nurhayati, 1976. Pengaruh Berat Jenis Kayu Daun Lebar Terhadap Sifat
Arang. Bogor : Lembaga Penelitian Hasil Hutan.
Hendra, D. AAK, 1999a. Teknologi Pembuatan Arang dan Tungku Yang Digunakan. Bogor :
Pusat Litbang Hasil Hutan dan Sosial Ekonomi Kehutanan. Departemen Kehutanan dan
Perkebunan.
Silalahi, 2000. Penelitian Pembuatan Briket Kayu Dari Serbuk Gergaji Kayu. Bogor : Hasil
Penelitian Industri DEPERINDAG.
Sudibyo, K., 1980. Konservasi Energi : Mencari Kemungkinan untuk Konservasi Energi
pada Industri Kecil Pedesaan. Jakarta : Hasil-hasil Lokakarya Konservasi Energi,
Departemen Pertambangan dan Energi Republik Indonesia.
Alamat Website :
http://ariffadholi.blogspot.com/2009/10/briket-eceng-gondok-sebagai-bahan.html
http://brades.multiply.com/journal/item/1/Pembuatan_Briket_Arang_Dari_Enceng_Gondok_
Eichornia_Crasipess_Solm_Dengan_Sagu_Sebagai_Pengikat_
http://prolingkungan.blogspot.com/2011/03/menyulap-tanaman-eceng-gondok-menjadi.html
http://pustekolah.org/data_content/attachment/8._Djeni_Hendra_.pdf
http://www.duniaotomotif.net/briket-eceng-gondok-sebagai-bahan-alternatif-pengganti-
minyak-tanah.html
top related